65.
Tekane Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma bali neng pedhukuhan ndadekne senenge para warga padhukuhan kabeh, mligine para bebau lan para sapukawate padhukuhan. Jalaran sabudhale Ki Gedhe sing pamit arep menyang Jatigrowong banjur nganti pirang-pirang dina ora bali, wis ndadekne bingung lan sedhih sing campur dadi siji tumrap wong-wong kuwi. Malah saking bingung lan sedhihe kerep wae antarane para bebau lan para sapukawat dadi meh kerengan. Jalaran ana sing takon apa kira-kira Ki Gedhe lan Ki Lasma wis ilang mlebu wetenge macan gembong sing mbaureksa Jatigrowong apa piye? yen ora mengkono mesthine Ki Gedhe lan Ki Lasma rak ya wis kundur maneh menyang padhukuhane. Pitakon kang mangkono kuwi, ndadekne seriking atine wong liyane, banjur nganggep yen pitakon kaya mangkono kuwi padha wae karo ngalup murih Ki Gedhe lan Ki Lasma dadi mangsane Macan gembong sing saiki wis ora ana ngaton maneh kuwi. Banjur saka pitakonan lan panganggep sing kebangeten kuwi nuwuhake padu rame, sing tenane ora bisa madhangake kahanan malah kepara nambahi kisruhing padhukuhan.
Mula bareng saka Kalurahan keprungu suwara Kenthongan sing ditabuh nganggo irama Daramuluk, ya iku tengara yen Ki Gedhe Pelanggolan ngersakne para Bebau lan para Sapukawat padha teka ing pendhapa kalurahan, ora mung Bebau lan Sapukawat wae sing padha kaget kaworan seneng banjur ora sranta padha mlayu mara menyang Kalurahan, nanging uga para warga liyane padha melu mara.
"Para sedulur kabeh" Ki Pelanggolan miwiti guneman sawuse para Bebau lan para sapukawating padhukuhan lan para warga padha mlumpuk, mapan lungguh ing pendhapa siaga nampani warta "awit saka pamuji ndika kabeh, aku wis tekan Jatigrowong lan wis kepethuk karo Macan Gembong sing dhek wingenane kae kluyuran ing padhukuhane dhewe".
Krungu kandhane Ki Gedhe Pelanggolan mangkono kuwi, para Bebau lan Sapukawat sarta para warga Padhukuhan, padha nyedhot ambegan lega. Kanthi olehe Ki Gedhe lan Ki Lasma wis kasil ketemu karo Macan Gembong sing sajak nyalawadi kuwi, ateges wis bisa ditemokne cara sing becik kanggo nyikepi Macan Gembong kuwi.
"Lha salajengipun kados pundi Ki Gedhe?" Bebau Gulon sing dhek wingenane kae ngusulake lan ngajak para warga caos dhahar marang Macan gembong sing dianggep sesinglone Dewa saka Kahyangan kuwi banjur takon.
"Jebul Macan Gembong kae dudu wujud sesinglone Dewa kaya sing dikira kae, nanging ya mung Macan lumrah sing wis oleh kanugrahaning Allah, temah duwe kaluwihan tinimbang macan-macan liyane" Ki Pelanggolan aweh katrangan sing wujude dora sembada murih ora gawe bingunge para Bebau, para Sapukawat lan para Warganing Padhukuhan "ya awit wis oleh kanugrahaning Allah kuwi Macan Gembong kae banjur weruh yen ing tembe mbesuke Padhukuhane dhewe iki bakal dadi Padhukuhan sing gedhe lan reja. Mung emane, kanggo tumeka maujuding Padhukuhan Pelanggolan sing gedhe, makmur lan reja kuwi, kudu ngliwati pacoban sing gedhe. Yen nganti awake dhewe kabeh ora kuwat nampani gedhening coba, mangka padhukuhane dhewe iki ya ora bakal klakon dadi padhukuhan sing gedhe makmur lan reja kaya sing tak omongne neng ngarep mau".
"Pacoban ingkang badhe dugi menika wujudipun menapa Ki Gedhe?" Bebau Garem, bebau sing tuwa dhewe takon marang Ki Gedhe Pelanggolan.
"Lha kuwi sing aku durung ngerti" wangsulane Ki Pelanggolan ngati-ati "nanging Macan Gembong kae wis aweh weruh marang aku cara-carane mbudidaya murih ing tembene samangsa-mangsa pacoban kuwi nekani padhukuhane dhewe iki bisa ngadhepi kanthi becik temah bisa lulus lan bisa ndadekne pacoban kuwi marga kanggo nggayuh kabecikane padhukuhan iki".
"Sokur menawi makaten ki Gedhe" Bebau Gulon nanggapi wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "saestu kula lan para kadang Bebau miwah para Sapukawating Padhukuhan badhe kanthi sukaning manah badhe nindakaken cara-cara murih saged lulus aking pacoban menika".
"Leres Ki Gedhe..... Leres Ki Gedhe....." wong-wong sapendhapa padha saur manuk mbenerake apa sing dikandhakne Bebau ing Gulon.
"Iya pancen ya kudu mangkono" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem lega "yen para Bebau lan para Sapukawat lan warga Pelanggolan wiwit saiki ora nyawiji dadi siji saguh nindakne cara kanggo ngadhepi pacoban sing bakal teka kuwi, ya ora bakal klakon padhukuhane dhewe dadi padhukuhan sing reja lan makmur".
"Inggih Ki Gedhe" Bebau Garem matur maneh "samangke keparenga Ki Gedhe paring dhawuh, menapa ingkang kedah katindakaken para Bebau, para Sapukawat miwh para warga padhukuhan menika?".
"Iya" Ki Gedhe Pelanggolan banjur wiwit arep aweh prentah "saiki ndika kabeh padha ngrungokna apa sing bakal tak kandhakne".
Kahanan ing pendhapa dadi sepi nyenyet, ora ana sing guneman siji-sijia. Kabeh padha meneng ngrungokne apa sing arep dikandhakne dening Ki Gedhe Pelanggolan.
"Kang kapisan" sawuse kahanan sepi sauntara Ki Gedhe Pelanggolan banjur wiwit guneman "salah siji saka Bebau utawa Sapukawating Padhukuhan kudu ana sing gelem nyulihi kalungguhan lan kuwajibanku, nglurahi padhukuhan sing jeneng Pelanggolan kene iki, jalaran aku karo Paman Lasma kudu ninggalne padhukuhan kene".
"Kok ngaten Ki Gedhe?" Bebau Gulon nyelani takon "Ki Gedhe lan Ki Lasma badhe jengkar saking mriki lajeng badhe tindak pundi malih?".
"Mengko dhisik ta Ki Bau" Ki Gedhe Pelanggolan aweh wangsulan, karo rada nyendhu pitakone Bebau Gulon sing ngono kuwi "tembungku iki durung rampung, ndika aja kesusu nyelani dhisik".
"Inggih nyuwun pangapunten Ki Gedhe" Bebau Gulon wangsulan karo ndhingkluk atine semu rada kisinan.
"Lungaku karo Paman Lasma kuwi ya salah siji wujud pambudidaya murih awake dhewe bisa lulus ngadhepi pacoban sing bakal teka iku" Ki Gedhe nutugne anggone arep aweh prentah "dadi aja padha duwe panganggep yen aku karo Ki Lasma iki arep tinggal glanggang colong playu".
"Inggih Ki Gedhe" Bebau Gulon wangsulan "kula pitados ing bab menika".
"Iya" Ki Gedhe Pelanggolan nutugne olehe guneman "Lungaku karo Ki Lasma ora adoh saka kene, ya kuwi aku karo Paman Lasma arep mapan ing Jatigrowong, ya iku tilas palerenane Macan Gembong sing saiki wis lunga adoh saka papan kene. Neng kana aku karo Paman Lasma bakal nindakne laku tapa kaya sing diwelingne dening Macan gembong sadurunge lunga wingenane. Aku karo Ki Lasma uga adeg Paguron Ngelmu Kanuragan lan ngelmu liyane ing Jatigrowong kana. Mula tak jaluk ndika kabeh padha nyengkuyung adege Paguron kuwi, para nom-noman ing padhukuhan kene sing kepengin ing tembe bisa dadi betenging padhukuhan padha ndika kandhani supaya padha ngangsu kawruh ing paguron Jatigrowong".
"Inggih Ki Gedhe dhawuhipun Ki Gedhe badhe kula estokaken" Bebau Garem wangsulan marang Ki Gedhe pelanggolan, ditutugne nari para sing padha ana kono kabeh "rak ya ngono ta Ca?"
"Nggiiiiiiiiih" kaya bata rubuh saka linggan, wong sapendhapa semaur bareng.
"Sabanjure " Ki Pelanggolan nutugne kandha "saiki sapa mitirut panemu ndika kabeh sing cocog madeg dadi Lurah, nyulihi aku, mangarsani padhukuhan ?"
Kahanan bali sepi, ora ana sing padha wangsulan, nganti rada suwe kabeh padha meneng. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngerti sapa sing kudu didumuk supaya dadi sesulihe Ki Gedhe Pelanggolan.
"Nuwun sewu Ki Gedhe" Ki Lasma sing wiwit mau mung meneng karo lungguh tumungkul ing sisihe Ki Gedhe Pelanggolan dumadakan guneman rada banter temah wong sapendhapa padha melu krungu.
"Iya piye Paman?" Ki Gedhe Pelanggolan genti takon.
"Sangertiku, Ki Gedhe iki wis asring paring piwulang marang para Bebau lan para Sapukawating Padhukuhan ing reh lakuning parentah, dadi kena diarani ing kene Ki Gedhe wis kagungan murid. Kepiye upama Ki Gedhe miji salah sijining muride Ki Gedhe supaya nglurahi padhukuhan kene ngono wae? Jalaran tak sawang para sedulur sing padha teka iki padha kewuhan olehe arep ndumuk sapa sing kudu didegne dadi Lurah sajengkare Ki Gedhe saka kene" Ki Lasma aweh pamrayoga, banjur nyawang sing padha ana ing pendhapa karo takon "Upama ngono kepiye dulur-dulur?".
"Inggih, mathuk sanget niku Ki....." wong sapendhapa padha pating cruwet saur manuk aweh wangsulan sing isine sarujuk karo sing dikandhakne Ki Lasma.
"Bener ngono para sedulur?" Ki Gedhe sepisan maneh nari para Bebau lan para Sapukawating Padhukuhan.
"Inggih Ki Gedhe" wong sapendhapa wangsulan bareng.
"Yen pancen mangkono, padha ndika rungokne wiwit dina iki sing dadi pangarsaning Padhukuhane dhewe iki, yaiku ........ Sandak . Dadi wiwit dina iki Sandak kudu padha disengkuyung anggone nindakne kuwajibane minangka Lurah ing Pelanggolan kene".
Wong sapendhapa padha keplok campur surak rame nyaguhi apa sing dadi putusane Ki Gedhe Pelanggolan.
"Nyuwun pangapunten Ki Gedhe........" bareng olehe padha surak lan keplok suwuk, Sandak, nom-noman sing piniji dadi Lurah kuwi mlaju ndhodhok nyedhaki Ki Gedhe Pelanggolan.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar