Total Tayangan Halaman

Jumat, 28 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (064)

 


64.

Kanthi lon-lonan aku nyaketi pasareyan ya kuburane Guru Kyai Bantarjati, banjur ndheprok karo ndedonga marang Allah supaya Guru bisa lepasa parane temah katampa sowane ing alam kaswargan kang langgeng.  Sawise rampung aku ndedongan marang Allah, aku banjur duwe niyat arep ngreksa lan ngupakara pasareyane Guru, kaya jaman Guru isih sugeng, aku sing kadhawuhan ngreksa lan ngupakara dalem paleremane, saiki sawuse guru sumare ing pakuburan mangka tak kira aku ora kleru yen genti rumeksa lan ngupakara pasareyane Guru iki. Nanging luwih prayogane tak kira ora ana alane yen aku nyuwun idi pangestu marang Ki Tanparupa sing uga durung jengkar ninggalne papan kono kuwi.

 

"Markidin" dumadakan Ki Tanparupa nimbali aku karo nyedhak  lan mundhut pirsa, sing sajake Ki Tanparupa wis uninga karo sing ana jerone atiku "apa sira duwe niyat arep manggon ing sacakete pasareyane Gurumu Kyai Bantarjati iki?".

 

"Mila leres ingkang ndika dhawuhaken menika Ki" wangsulanku blaka apa anane "nanging kula inggih nyuwun pitedah murih saenipun lampah saking sedya kula menika".

 

"Yen sira kepengin ngreksa pasareyane Kyai Bantarjati kuwi uga ora ana alane" dhawuhe Ki Tanparupa sabanjure "waton anggonmu ngreksa ora kacampuran kapitayan manembah marang pasareyan. Jalaran pasareyan kuwi mung papan kanggo nyeleh ragane Gurumu lan ragane Gurumu kuwi ya wis ora duwe daya lan kekuwatan apa-apa. Dadi luput gedhe yen sira nganti gedhene duwe panyuwun marang pasareyan cilike ngalab barokahe Kuburan. Dene nggonku mrayogakne sira mapan ing kene lan ngreksa pasareyan kuwi tujuwanku mung siji ya iku murih sira tansah eling karo apa sing tau diwulangake dening Kyai Bantarjati duk nalika sugenge marang sira. Ngiras pantes kanggo papan pangrantu tumrapmu".

 

"Papan pangrantu kados pundi Ki?" aku nyuwun pirsa.

 

"mBesuk ruwatmu kuwi lantaran muridmu sing bakal nggoleki sira. Lha kanggo ngrantu tekane muridmu, sira bisa mapan ing sacakete pasareyan iki, watara satus jangkah mangulon saka papan kene ana wit Jati growong sing kena sira anggo palereman. Mapana ana kono nganti sira ditekani muridmu sing bakal nutugne panandhangmu, muridmu bakal salin wujud dadi kaya wujudmu sing saiki lan sira bakal bali wujud manungsa maneh. Lan luware muridmu sawuse dadi macan gembong kuwi ngenteni tekane muridku cacah loro sing bakal liwat papan kene" Ki Tanparupa banjur paring dhawuh maneh.

 

"Inggih Ki, dhawuh ndika Ki Tanparupa badhe kula lampahi" wangsulanku.

 

"Sadurunge aku nutugne laku, kanggo sangumu aku bakal paring aji marang sira sing sinebut Aji Mayasamun, dene gunane aji iki, lamun sira watak sira bakal nampa kanugrahan bisa ngambah pira-pira saka peranganing alam sipatullah, kaya dene alam pangimpen, alaming para jim, alaming para brekasakan, alaming prayangan lan isih akeh maneh. Aji iki uga bisa sira gunakne kanggo singidan murih sira ora keganggu dening manungsa sing saba ing papan kene lan manungsa sing bebadra ing sacedhake papan kene ora keganggu awit sumurup wewujudanmu kaya sing saiki iki".

 

"Ngaturaken genging panuwun Ki Tanparupa" aku rumangsa nampa kanugrajan sing gedhe banget lumantar saka peparinge Ki Tanparupa sing jarene wujud aji Mayasamun.

 

Ki Tanparupa banjur dhawuh marang aku supaya meneng karo nata ambegan lan nyawijekne rasa lan cipta kanggo nampa aji Mayasamun. Bebasan ora nganti sapanginang suwene, aji maya samun wis manjing marang jiwa lan ragaku.

 

"Markidin, tak kira wis cukup anggonku leren ing papan kene, saiki aku arep nerusne laku maneh. mBesuk yen keris sing biyen mancep ana ragamu nalika sira arep maguru marang Kyai Bantarjati biyen dumadakan ceblok ing ngarepmu, kuwi sing dadi pratandha lamun murid sing lagi ngupadi sira wis wayahe ketemu karo sira. Sira kena ngatonake wewujudanmu marang wong-wong sing mapan lan bebadra gawe padhukuhan ora adoh saka papan kene iki. Lan mbesuk yen sira wis pulih bali wujud manungsa maneh, sira lumawata menyang puncake Gunung Lawu, mbok menawa ing kana sira bakal kepethuk Guru sing bisa nuntun sira murih manggih kasampurnaning urip" bubar maringne aji Mayasamun marang aku Ki Tanparupa isih paring paweling marang aku sing unine mangkono kuwi. Bubar iku tanpa tak ngerteni parane Ki Tanparupa wis ilang saka panduluku.

 

"Mangkono kuwi critane lelakon sing tak alami sawise aku ninggalne Parangabang nganti tekan dina iki" Ki Sima Abang sing saiki wis ganti asma dadi ki Markidin mungkasi critane.

 

"Dados anggen kula saged wangsul dados manungsa malih menawi sampun kepanggih siswanipun Ki Tanparupa menika Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan matur nyuwun pirsa marang Gurune sing saiki wis ganti jeneng dadi ki Markidin kuwi.

 

"Bener Ki Pelanggolan" wangsulane Markidin "samono uga bisane Adhi Lasma ucul saka jireting alam Prayangan lan pulih dadi manungsa lumrah".

 

"Salajengipun menapa ingkang kedah kula kalih Ki Pelanggolan lampahi Kakang?" Ki Lasma genti sing takon "menapa kalih ngrantos rawuhing siswanipun Ki Tanparupa kula kalih Ki Gedhe Pelanggolan kedah umpetan ing Jatrigrowong mriki?".

 

"Ora Adhi Lasma" wangsulane Ki Markidin "malah aja nganti para warga padhukuhan ing Pelanggolan padha ngerti anane kedadeyan iki, nanging ya aja nganti para warga banjur kleru pangira yen Ki Lasma karo Ki Pelanggolan ilang bebarengan karo ilange Macan Gembong sing kerep ngaton saba ing padhukuhan".

 

"Lajeng prayoginipunkados pundi Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan nyuwun pirsa marang Markidin.

 

"Sapungkurku, wong yen ing wektu rahina sliramu ora wujud Macan wae" Markidin banjur ngandhani muride "sliramu lan Adhi Lasma baliya sedhela ing padhukuhan, para bebau lan para sapukawating padhukuhan kandhanana. Sepisan pasrahna panguwasa Padhukuhan Pelanggolan marang para Bebau kuwi, kaping pindho kandhaa yen sliramu karo Ki Lasma saiki adeg padhepokan lan paguron ing Jatigrowong kene, kaping telu yen mbutuhne rerigen kang magepokan karo katentremane padhukuhan sapa sing mengko piniji nggenteni sliramu dadi Lurah ing Pelanggolan lilanana nemoni sliramu lan Ki Lasma ing Jatigrowong, sing keri dhewe iki mesthine mung yen wanci awan wae".

 

"Inggih Guru, sedaya dhawuhipun Guru ketingalipun saged kula lampahi namung setunggal ingkang ndadosaken kula dereng mudheng" Ki Gedhe pelanggolan aweh wangsulan marang gurune.

 

"Sing endi kuwi Jungkung?" Markidin takon.

 

"Ingkang kula kedah adeg Paguron menika lho Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan nggenahne karepe "ing mriki dereng kathah tiyangipun sarta radin-radin kenging winastan sampun setengah umur, dene ingkang nem-nem saged kawilang mawi driji, menapa anggen kula ngedegaken paguron menika mangke wonten ingkang ndugeni saperlu meguru dhateng kula miwah dhateng Paman Lasma?".

 

Krungu tembunge Ki Gedhe Pelanggolan sing keri dhewe kuwi, Ki Markidin gumuyu lirih.

 

"Sumurupa ngger Sima Loreng" bareng karo rampung olehe ngguyu Ki Markidin banjur guneman "mbesuk paguronmu iki bakal duwe siswa sing akeh, cacahe atusan. Jalaran mengko sing teka ing papan kene saperlu arep ngudi ngelmu kanuragan lan kasantikan marang sliramu lan Adhi Lasma kuwi ora winates saka bangsane manungsa wae, nanging uga saka anak-anake para jim sing wis kuwawa ngambah alam sing katon gumelar iki. Malah kira-kira cacahe bangsa Jim sing bakal dadi siswamu kuwi bakal luwih akeh tinimbang sing wujud manungsa. Nanging sliramu aja kuwatir, mengko sadurunge aku nerusne laku munggah menyang pucuking Gunung Lawu, sliramu bakal tak paringi perangane ngelmu Aji Mayasamun, murih sliramu bisa srawung karo titahing Gusti sing saka alam liya".

 

"Manawi makaten estu kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan Guru" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "sadaya dhawuhipun Guru badhe kula tindakaken sakiyating jiwa raga kula".

 

Ki Markidin banjur nurunake perangane Aji Mayasamun marang Ki Pelanggolan lan Ki Lasma. Sawuse wong loro kuwi bisa nguwasani ngelmu anyar kuwi kanthi becik, Markidin banjur pamit lan budhal lunga menyang pucuking Gunung Lawu kaya sing didhawuhne Ki Tanparupa marang dheweke.

 

Sapungkure Ki Markidin, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma banjur tata-tata arep nindakne kabeh welinge Ki Markidin. Diwiwiti arep bali tilik padhukuhan nemoni para Bebau lan Para Sapukawating Padhukuhan. Mesthi wae Ki Pelanggolan lan Ki Lasma milih wektu sing prayoga, aja nganti ana sing ngerti yen Ki Pelanggolan yen ng wayah bengi saiki wis ora wujud manungsa maneh, nanging wujud Macan gembong sing gedhene ngluwihi gedhene Kebo benthung. Mula kudu dipilih tekane Ki Pelanggolan karo Ki Lasma mengko kudu yen srengenge wis njudhul ing langit imbang wetan, lan kudu ninggalne padhukuhan sadurunge srengenge ambles ing imbang kulon.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...