Total Tayangan Halaman

Jumat, 28 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (063)

 


63.

Sawuse ilang rasa kemeng ing gegerku, aku nerusne laku mangetan. Nanging aku bingung lali karo dalan sing mau tak liwati, wekasan aku mung mlayu mangetan ngono wae. Pancen aku milih dalan sing ora ngliwati padesan jalaran kuwatir yen ndadekne wedine wong-wong sing padha meruhi anggonku mlayu. Ora krasa lakuku jebul nurut pinggire bengawan sing uiga mili mangetan, siji-sijine bengawan gedhe ing laladan tanah jawa sisih tengah tembing wetan iki.

 

Nalika lakuku embuh tekan ngendi, aku ngrasakne nek kentekan tenaga. Jalaran kajaba kagawa rasa sedhih sing ngebaki rasane dhadhaku, pancen aku ya wis lali karo kuwajibanku aweh pangan marang ragaku sarta ora eling yen pikiran butuh leren sarana nindakne turu. Kamangka aku ya wis lali, olehku ora mangan lan ora turu kuwi wis pirang dina. Wekasane nadyan tekadku isih makantar-kantar nggoleki Ki Tanparupa sing miturut petunge nalarku papane wis ora adoh maneh, nanging sikilku wis ora kuwat dienggo mlaku.  Aku ambruk ing lemah, sabanjure aku wis ora eling apa-apa maneh.

 

Embuh sepira suwene anggonku ora eling, ngerti-ngerti aku krasa ana tangan alus sing ngelus-elus sirahku, karo kandha :

 

"Sanadyan bodho nanging sira duwe kasetyan sing gedhe, senadyan duwe kasetyan sing gedhe nanging sira kuwi bodho......... Markidin.... Markidin, tangia sing mbok goleki wis suwe ngenteni".

 

Gragap!. Aku kaget, mbukak mripatku kepengin ngerti sing nggugah nggonku ora eling. Nanging neng kono ora ana sapa-sapa, tak toleh ngiwa nengen, panggah ora ana  wong sing kemliwer. Aku kelingan semu kuwatir, nguwatirake karo Salirane Guru sing sadurunge aku rubuh isih tak selehne ana gegerku. Sepira mesgul rasaning atiku, Guru uga wis ora ana. Sapa sing wis wani ganggu gawe nyidra kunarpane guruku?. Sakala kekuwatanku pulih. Aku nggero karo nesu, aku arep nggoleki sapa sing wis nyolong kunarpane Guruku. Nanging menyang ngendi?.

 

Aku banjur duwe pangira yen sing nyidra kunarpane Guruku, mesthi ya wong sing mau ngelus-elus sirahku lan ngguggah anggonku turu, tegese wong kuwi mesthi isih ana sakiwa tengene papan iki, kira-kira wae wong iki mesthi wis ngecakne aji panglemunan ndadekne ora bisa disawang kanthi mripat wantahan. Aku banjur matak ajiku Panglemunan, awit kanthi mangkono aku bakal bisa ngaweruhi dununge wong sing nyidra kunarpane guruku. Nanging ing alam panglemunan panggah aku ora weruh sapa-sapa, anane mung sepi nyenyet. Aku rumangsa nek wis diremehne dening wong sing nyidra salirane Guruku. Nesuku wis ora kena diupamakne maneh.

 

"Markidin......" dumadakan keprungu ana suwara nyebut jenengku.  Gandheng suwara kuwi tanpa ana wujude, aku wegah aweh wangsulan. Aku wis ngira mesthi sing duwe suwara iki sing wis nyidra salirane Guruku.

 

"Markidin, ya gene sira milih ndhisikne panyana ala sing sira surung karo nafsu kanepson sing yegti mung bakal nuwuhake kapitunan tinimbang milih nggunakne weninging nalarmu murih sira nemu pepadhang?" suwara kang tanpa wujud kuwi muni maneh, ngelokne aku kanthi ukara sing memper ukarane wong aweh pitutur.

 

"He, kowe kuwi sapa? ayo nek nyata kowe wong perwira, ketokna ragamu. Aku ngerti yen kowe wong sing sekti pilih tandhing, nanging aja mbok kira Markidin miris ngadhepi wandamu" aku semaur karo nesu.

 

"Lho Markidin ya gene sira nesu karo aku?" suwara kuwi takon sajak ora kaget karo panantangku, malah banjur aweh pitutur luwih dawa maneh "gajege Kyai Bantarjati asring banget paring piwulang marang sira, supaya sira ora gampang nesu aja maneh marang wong sing ora tumindak luput marang sira, sanajan marang wong sing wis cetha gawe kapitunan marang sira wae, Gurumu Kyai Bantarjati paring weling yen tinimbang nesu luwih becik aweh pangapura. Apa sira lali Markidin? Apa pancen sira kepengin bali nganggo jeneng Sima Abang wae, merga wis lumrah yen sipating macan kuwi kaya sing sira cakne saiki iki".

 

Krungu tembunge suwara sing tanpa wujud ngono kuwi, sakala aku kelingan yen tekaku mrene mau saperlu nggoleki Ki Tanparupa. Saiki ana suwara sing kepenak dirungokne aweh pitutur, ngelingne pitutur sing kerep tak tampa saka Guruku Kyai Bantarjati. Sabodho-bodhone nalarku, aku banjur duwe dudutan yen sing duwe suwara kuwi mesthi Ki Tanparupa titahing Allah sing lagi tak goleki.

 

"Dhuh Sang Waliyullah, abdi paduka pun Markidin nyuwun genging pangaksami. Inggih labet saking cubluking manah kula, temah kula boten mangertos bilih kula sampun tampi kanugrahan saged kepanggih kaliyan paduka Ki Tanparupa" aku ndheprok nyuwun pangapura.

 

"Sokur ta yen sira wis ngerti yen sing ngajak rembugan sira iki dudu mungsuhmu, Markidin" dumadakan tanpa sangkan ing ngarepku wis ana pawongan sing ngagem busana sarwa putih. Pasuryane katon sumorot mencorong kebak perbawa.

 

"Pangabekti kula mugi kunjuk ing sahandhaping pepada paduka Dhuh Sang Waliyullah" aku daya-daya ngaturake pangabekti.

 

"Markidin, ya gene sira nyebut asmaku nganggo tembung Waliyullah? gajege Kyai Bantarjati wis paring piwulang marang sira, yen sing weruh Waliyullah kuwi mung Allah pribadi. Tegese, sing winastan Waliyullah ngono titah sing temen-temen bisa nindakne dhawuh-dhawuhing Allah kanthi bener jumbuh karo kang kaweca sajroning KitabE lan piwucaling Kanjeng Nabi. Titah ringkih kaya aku iki lagi ing tataran mbudidaya dadia titah sing mangkono kuwi, dadi mungguhku durung patut aku sinebut Waliyullah, jalaran sing uninga temen-temen bisa nindakne dhawuh kuwi mau mung Allah pribadi. Ngerti Markidin?" Ki Tanparupa rada sereng olehe paring pangandika marang aku.

 

"Inggih Ki Tanparupa, mugi ndika Ki Tanparupa ngagungna ing sih pangaksami jalaran balilu kula" aku nyuwun pangapura maneh.

 

"Iya Markidin sepira luputmu wis tak ngapura" Ki Tanparupa paring wangsulan "sumurupa Markidin, awit saka Maha Murahing Allah aku kaparingan weruh mungguh sing dadi sedyamu temah sira nganti teka ing papan iki, ya iku sira kepengin kepethuk karo aku. Nanging sawise ketemu, lan sadurunge sira ngandhakne sing dadi perlumu, luwih dhisik aku arep aweh weruh marang sira, yen sira wis tumindak siya marang sedulurku ya Gurumu ya iku Kyai Bantarjati".

 

Diarani yen aku wis tumindak siya marang Guru, aku dadi ora mudheng karo sing dingendikakne Ki Tanparupa . Jalaran aku ora rumangsa tumindak kaya sing didhawuhne Ki Tanparupa ngono kuwi mau. Gandheng aku ora wani semaur nganggo ukara, aku mung bisa nyawang marang pasuryane Ki Tanparupa, minangka pratandha yen aku durung bisa nampa apa sing dikersakne.

 

"Markidin, mesthine sira ngerti, yen meruhi ana manungsa sing wis kapundhut utawa kasarane mati, kuwi dadi wajibe sing urip aweh pangrukti marang kunarpane wong sing wis kapundhut kuwi ya kanthi sakuwasane. Ya iku disuceni, dibusanani, disembahyangi lan dipetak ing sajroning bumi, yen sira ora bisa nyuceni, mbusanani lan nyembahyangi awit saka wujudira sing isih kaya mangkono kuwi, mesthine sira panggah bisa nindakne kuwajiban sing keri dhewe ya iku ametak jasade Kyai Bantarjati ing jerone bumi. Ora malah mbok gawa mloya-mlayu kaya ngono kuwi" Ki Tanparupa nyethakne yen lekasku nggawa salirane Guru kanggo nyuwun tulung supaya diusadani murih bali sugeng maneh kuwi pranyata luput.

 

"Sumurupa Markidin" sadurunge aku semaur, Ki Tanparupa wis nyambung pangandikane maneh "pancen wis pinesthi sugenge Kyai Bantarjati ya mung tekan semono kuwi, dadi lekasira sing arep golek usada murih Gurumu bisa bali sugeng maneh, kuwi aran lekas sing luput lan yen ora enggal-enggal sira tobati, mangka sira mesthi bakal oleh pidana saka Allah jalaran lekasira kang mangkono iku mau cetha yen wis wani nantang marang  Maha Asihe Allah".

 

Aku njetung krungu pituture Ki Tanparupa sing mangkono kuwi mau. Dadi cetha yen pancen Gusti Allah wis ngersakne aku kudu pisah karo guruku kanggo selawas-lawase. Ora krasa aku banjur nangis merga sedhih, luh dleweran tanpa nyuwara.

 

"Markidin" Ki Tanparupa paring pangandika maneh "aku ngerti sepira sedhihing atinira awit tininggal dening Gurumu, nanging ora becik dadine yen sira nganti kedlarung-dlarung ing kasedhihanira. Sumurupa, nalika sira lagi ora eling merga kekeselen nggonmu mloya-mlayu mau, jisime Kyai Bantarjati wis tak rukti kanthi samestine. Saiki pasareyane ana ing sisih wetan kae, minangka tetenger ing pasareyane Gurumu tak tancepi balung pokange Kebo Alasan sing wis suwe mati ngurag ana kene, kae".

 

Ki Tanmparupa nudingi arah sisih wetan, saiki aku weruh yen ing kono jasade Guru disarekne, kanthi tinengeran balunge Kebo Alasan sing mati ngurag, ya iku balung pernah pokang.

 

 

ana candhake.

 

Catrhetan sethithik : mbok menawa pasareyane Kyai Bantarjati kuwi saiki sing kondhang karo sebutan Makame mBah Pokang, sing mapan ana salore Jalan Raya Ngawi - Solo, kira-kira Km. 17. Kira-kiraku Lho...... mbuh tenane. Sing cetha jarene kuwi makam keramat.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...