62.
mBuh pirang Pal adohe nggonku mlaku ndherekne tindake Guru, saben teka wayahe sembahyang Guru kendel banjur nindakne sembahyang, aku sing durung kesampiran kuwajiban jalaran wewujudanku isih rupa macan, ajeg melu nerokne apa samobah mosike Guru. Dening Guru aku iya ora dipenging nerokne ngono kuwi. Yen wayah bengi, uga leren anggone mlaku. Mung kerep wae yen wayah awan aku ora dikeparengake ndherekne Guru sing mampir ing padesan, nemoni wong-wong sing racak-racak wis akeh sing ngrasuk agama Rasul, dadi mampire Guru mung paring tuntunan bab laku sarengat. Olehe aku ora dikeparengake ndherek kuwi, jalaran ya mung awit saka wujudku sing bisa gawe wedine wong akeh, jeneh wis kaprah yen manungsa kuwi padha wedi lan girap-girap yen kepethuk macan gembong, luwih-luwih sing gedhene sak kebo benthung kaya aku iki. Yen wayah mangkono kuwi, aku leren ing alas karo nggladhi apa-apa sing diwulangake dening Guru, iya sing rupa ngelmu kanuragan iya sing rupa ngelmu liyane. Ing wayah pacak surup Guru ajeg wis rawuh karo ngasta pangan kanggo aku. Ngono kuwi mlaku mbuh pirang wulan suwene. Banjur Guru paring dhawuh, yen arep nerusake anggone tindak, aku ya banjur ndherekne.
Nalika semana tindake Guru wis sansaya adoh mangetan, kali sawur wis kaliwatan lan saben-saben kaya padatan banjur leren ing tengahing alas, yen awan Guru nindakne jejibahane aku nunggu ing alas papan kanggo palerenane. Nganti ing sawijining sore, nalika Guru rawuh beda karo padatan, Guru pasuryane Guru katon pucet, tindake semu sempoyongan, aku gagep-gage mapagne karo ati kebak pitakonan. Sawuse tekan papan sing padatan kanggo lerem, Guru banjur lenggah sendhen ing wit sing gedhe, mlebu metune napase Guru keprungu yen ora kaya padatan.
"Markidin" Guru nimbali aku klawan suwara sing alon.
"Inggih Guru?" gagean aku atur wangsulan.
"Sajake wis rekan titiwancine, aku lan ndika kudu pepisahan ing dina iki" dhawuh pangandikane Guru sabanjure "aku wis antuk isyarah saka Allah yen aku wis wayahe bali menyang asal-usulku sakawit. Mula aku mung bisa aweh weling marang ndika Ki Markidin, saungkurku aja nganti ndika nglalekne apa sing wis tak wulangake marang ndika. Jalaran ya mung kuwi sranane ndika bisa nemokne apa sing sasuwene iki ndika upadi".
"Guru?" aku semaur semu kaget jalaran ora ngerti apa sing dikersakne Guru "Guru badhe kundur dhateng asal-usulipun Guru? menika ing pundi mapanipun? mbok inggiha wonten sih welasing Guru, kaparengna kula ndherek".
"Ki Markidin" Guru paring wangsulan suwarane sansaya alon "poma elinga, kaya sing wis kerep tak tuturake marang ndika, saben titah kuwi asal-usule muhung saka Allah, lan yen wis jatahe urip ing jagad padhang iki entek kudu bali marang Allah. Mula ing pungkasaning uripku iki aku njaluk pambiyantumu dongakna marang Allah, muga-muga aku bisa bali marang Allah lan ora kesasar lakuku".
Bubar ngendika mangkono iku, lamat-lamat aku krungu Guru Kyai Bantarjati ngucapake klimah sadat lan Guru banjur kendel ora ngendika maneh. Tak grayahi sampeane Guru krasa anyep, tak sawang socane Guru dieremake, kaya lagi sare. Nanging suwepsuwe aku lagi ngerti yen jebule Guru wis seda, ninggalne aku.
Aku ngerti yen saben wong sing tau urip mesthi bakal nemoni pati, kalebu aku lan Guru. Nanging aku durung bisa nampa yen Guru kudu seda saiki, jalaran aku isih mbutuhake Guru kanggo nuntun nggonku nindakne laku tumuju marang kasampurnaning ngelmuku. Tuwuh osik sajroning atiku, biyen aku tau krungu yen ana wong sing bisa nguripake wong sing wis mati sing durung pesthine. Lan aku duwe panemu yen satemene Guru iki durung wancine seda, mula aku kudu mbudidaya nggoleki wong sing bisa nguripne Guru saka anggone seda. Sing dhisik liwat ing angen-angenku ya iku titahe Allah sing jare uga sanakane Guru Kyai Bantarjati, ya iku Ki Tanparupa, wong sing antuk nugrahaning Allah temah bisa ngambah alam sanga. Aku uga kelingan yen Ki Tanparupa keri dhewe ngatonake wujude marang Raden Angling lan Raden Kemuda ing Luwengan sing cedhak karo panggonan paleremane Guru jaman semana. Ora sranta, aku kepengin menyang Luwengan sing tak gawe jaman semana, saperlu nindakne riyalat supaya bisa karawuhan Ki Tanparupa.
Salirane Guru banjur tak candhak, tak unggahne ing gegerku tak gawa mlayu tumuju Luwengan papan ketemune Raden Angling lan Raden Kemuda karo Ki Tanparupa. Murih ragane Guru ora tiba, buntutku sing dawa tak ubetne kanggo nggoceki salirane Guru. Kanggo ngringkes wektu, aku uga ngetrapake aji panglemunan murih luput saka panyawange wong-wong sing nuju simpangan laku karo aku. Nanging jebul aku ora kuwawa nggawa salirane Guru ing jagad panglemunan, dadi Guru panggah katon lan kena disawang, malah buntut sing tak enggo nggoceki salirane Guru uga bisa diingeti. Aku lagi krasa nalika playuku ngliwati padesan lan bola-bali simpangan karo wong padesa. Kabeh-kabeh padha alok yen ana wong turu sing ditaleni dhadhung, nanging bisa mabur ing ndhuwur lemah kanthi cepet. Dadi Guru sing seda lan tak tumpangake gigirku kuwi katon kaya lagi sare sauntara buntutku sing nggubed nggoceki dikira dhadhung. Karo mlaku aku nggagas, wong-wong kuwi sanadyan weruh buntutku nanging ora ngerti yen kuwi buntutku, nanging dikira dhadhung. Kanggo pangeling-eling, lelakon kuwi aku banjur mandheg kanthi tetep ngetrapne aji panglemunan, nyedhaki salah sijine wong. Wong sing tak cedhaki dadi girap-girap jalaran weruh wong ngglethak ora ngambah lemah kanthi talenan dhadhung. Aku banjur kandha marang wong mau mangkene :
"He manungsa, sumurupa sing liwat iki satemene Waliyullah sing lagi tapa nendra, gandheng sing ndika weruhi salirane Waliyullah iki lagi talenan dhadhung, seksenana mbok menawa ana rejaning jaman papan iki karana Dhadhung".
Mesthi wae wong mau dadi sansaya girap-girap, jalaran krungu suwara sing ora ana rupane. Lan sadurunge wong mau sansaya cetha nggone nyawang salirane Guru, aku wis nggeblas mlayu klawan aji sepi anginku.
Aku terus mlayu lan mlayu, karo nggegetne untu, jalaran arepa dikaya apa atiku banget nelangsa nemoni lelakon sing kaya mangkene iki. Saking kuwate nggonku nggegetne untu, prasasat kaya ngrampal-ngrampalna untu lan gusiku. Kanggo pangeling-eling yen ing kene untuku krasa kaya rampal-rampala, karo mlayu aku nyenyuwun marang Allah muga-muga mbesuk papan kene kuwi karana Rampal.
Wasana playuku tekan panggonan sing tak tuju ya iku luwengan sing biyen tak gawe lan tak gunakne kanggo ngunjara Raden Angling lan Raden Kemuda. Lon-lonan salirane guru tak udhukne saka gigirku. Aku banjur mlebu luwengan arep nindakne laku semedi kanthi panyuwunan muga-muga bisa karawuhan Ki Tanparupa. Nanging pranyata kang tak temoni sajroning nindakne laku semedi ing luweng kuwi, beda karo sing tak arep-arep. Sajronin g layap-liyep ing aluyut, aku dikagetake dening suwara sing tanpa wujud sing muni mangkene :
"He Macan Markidin, kowe kuwi dadi muride Kyai Ngalim kok bodhomu ora ilang-ilang. Gurumu kuwi wis seda, becike enggal dikubur ing bumi. Lha kok malah mbok gawa mloya-mlayu kaya mangkono?. Karo maneh nek kowe nggoleki Ki Tanparupa, mbok cegata nganti sewu tahun neng kene, ora bakal kowe bisa kapethuk panjenengane. Jalaran Ki Tanparupa saiki manggon ora adoh saka papan Gurumu seda".
Aku rumangsa serik krungu suwara sing tanpa ana wujude kuwi. Nanging aku ya percaya karo isining suwara, aku banjur munggah saka luwengan. Ragane Guru tak candhak tak unggahne nyang geger, aku banjur bali mlayu mangetan arep nggoleki Ki Tanparupa kaya unine suwara mau sing ngandhakne yen Ki Tanparupa saiki manggon ora adoh karo papan sing mau kanggo lerem Guru karo aku.
Playuku bali mangetan, Kali Sawur wis tak sabrangi lan wis adoh olehku mlayu ing sawetane Kali Sawur. Dumadakan gegerku sing prakosa, sing maune ora krasa apa-apa nadyan tak tumpangi salirane Guru, krasa kemeng sing ora bisa tak empet. Aku kapeksa mandheg sedhela, leren salirane Guru kapeksa tak udhukne, kanggo nglereni kemenge gigirku. Rada suwe anggonku leren ing kono, wekasan rasa kemeng kuwi banjur ilang. Ragane Guru bali tak unggahne ing geger maneh lan aku nerusne laku mangetan parane. Kanggo pangeling-eling, yen ing kono gegerku krasa kemeng, aku banjur nyenyuwun marang Gusti, muga-muga papan kono kuwi mbesuk karana Kemeng geger.
ana candhake.
Cathetan : mbok menawa sing diarani Dhadhung kuwi saiki padesan sacedhake Pondok Gontor Putri 1 kae, Rampal kuwi kira-kira sacedhake Mantingan kae, lha nek Kemeng geger kuwi desa lor bengawan sing saiki jenenge Mengger. Kuwi mung kira-kiraku wae lho!. mBuh tenane!.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar