61.
Raden Angling lan Raden Kemuda manthuk-manthuk tandha yen wis bisa nampa marang apa sing dingendikakne dening Bapa Guru Kyai Bantarangin. Beda karo aku sing satemene isih kepengin ngerti luwih akeh maneh marang sapa sejatine Ki Tanparupa kuwi, nanging gandheng aku ngerti nek Bapa Guru isih arep paring dhawuh luwih akeh maneh marang Tumenggung loro kuwi, mula aku ya durung wani matur. Pikirku mengko utawa sesuk wae yen ngepasi Bapa Guru longgar aku arep nyuwun pirsa sing luwih akeh maneh.
"Inggih Kakang" Raden Angling banjur matur marang Bapa Guru "angkah kula kalih Adhi Kemuda inggih badhe nindakaken dhawuh pitedahipun Ki Tanparupa kala wau, jumbuh kaliyan menika mugi Kakang Kyai kepareng paring pitedah menapa ingkang kedah kula lampahi murih saged nindakaken dhawuhipun Ki Tanparupa kala wau?".
"Yen kuwi sing Adhi Tumenggung kersakne" Bapa Guru paring wangsulan "sing sepisan Adhi Tumenggung kudu ndandani lekas sing wis mlenceng saka tujuwan sakawit, cethane biyen sadurunge Dhimas Menggung tepung karo Raden Panji Narantaka, lekase Adhi Menggung ngabdi marang Kanjeng Sultan kuwi rak merga kepengin udhu bau lan panemu murih panguripane kawula ing Tanah Jawa dadi luwih becik?. Nanging bareng Adhi Tumenggung tepung karo Raden Panji Narantaka banjur owah lan kagungan gegayuhan arep ndherek lekase Raden Panji Narantaka sing arep ngedegne Majapahit anyar? Mula lekase Adhi Tumenggung kudu mbalik marang lekas sekawit, aja kegiwang karo pangiming-iminge Raden Panji Narantaka sing mung bisa kaleksanan ing sajroning angen-angen wae".
"Inggih Kakang" Raden Angling atur wangsulan "mila leres dhawuh ndika Kakang Kyai, kula kalih Adhi Kemuda estu badhe misah kaliyan Kakang Raden Panji Narantaka lan boten badhe gadhah pangangen-angen madegipun nagari enggal ing Tanah Jawi ingkang winastan Majapahit Enggal, jalaran kula sampun kaparingan sumerep dening Ki Tanparupa bilih menawi kula kekalih nggega lan nuruti lekasipun Kakang Panji Narantaka badhe lebur tanpa dadi, nanging menawi kula purun setya tuhu dhateng Kanjeng Sultan sarana sumuyud ndhateng Gusti Pangeran Benawa miwah Raden Sutawijaya, mangka kula kekalih badhe manggih kamulyaning gesang".
"Tak kira wis cetha apa sing dadi dhawuhe Ki Tanparupa marang Adhi sakloron" Guru Kyai Bantarjati ngendika maneh "mula rerigenku marang Adhi sakarone, Adhi Menggung tak aturi matur lan nyuwun dhawuh marang Kanjeng Sultan Pajang murih anggone Adhi Tumenggung sakloron luwih tumemen nggone ngabdi marang praja sarta marang Kanjeng Sultan, Adhi sakloron nyuwuna palilah murih dikeparengake ndherek sabiyantu marang Raden Sutawijaya sing wektu iki lagi ngayahi jejibahan mbabad Alas Mentaok. Yen panyuwune Adhi Tumenggung dikeparengake dening Kajeng Sinuhun, mbok menawa ing kono margane Adhi Tumenggung bisa nemu nugrahaning Allah".
"He he he......" Raden Kemuda ngguyu rada banter "matur nuwun Kakang, samangke kula sampun emut bilih Ki Tanparupa dhawuh bilih kamulyan kula kekalih kawiwitan saking wana Mentaok".
"Sokur ta Dhimas Tumenggung yen iku wis dadi wecane Ki Tanparupa, mula rerigenkiu marang Adhi sakloron sabanjure tak kira Adhi Tumenggung sakloron luwih prayoga yen enggal kundur menyang Pajang lan munjuk atur marang Kanjeng Sultan Adiwijaya" Bapa Guru Bantarjati mungkasi nggone paring rerigen marang Raden Angling lan Raden Kemuda.
Dina iku uga Raden Angling lan Raden Kemuda banjur pamit arep kundur menyan Pajang nindakne apa sing didhawuhne dening Bapa Guru Kyai Bantarjati. Sing kari ana kono mung aku karo Bapa Guru Kyai Bantarjati. Lan aku wiwit kaparingan tuntunananing urip sing jumbuh karo piwulange agama Islam dening Bapa Guru Kyai Bantarjati. Ora winates ing babagan ngelmu sarengat utawa tatacara manembah sing wis ginarisake wae, kaya dene tata carane sembahyang, tata carane pasa, tata carane jakat lan sapiturute, nanging uga tata carane urip bebrayan sing kudu ditindakne dening wong sing wis nggilut agama Islam. Dhawuhe Rama Kyai Bantarjati, agama Islam mulangake lan majibake para mukmin supaya nggedhekne rasa dhemen tetulung marang sapepadhane kang lagi nandhang kasangsayaning urip. Para Muslim, ya iku wong sing ngrasuk agama Islam, diwajibake bisa nyebar karahayon marang titah sajagad tanpa nyawang wujude titah. Lan isih akeh maneh piwulang sing tak tampa saka Bapa Guru Kyai Bantarjati.
Kira-kira oleh setahun aku manggon ing pondhoke Guru Kyai Bantarjati, Bapa Guru paring dhawuh marang aku yen Panjenengane kadhawuhan dening Syekh Jumadilkubra lumantar Ki Tanparupa ing pasupenane. Dene wosing dhawuh ya iku Bapa Guru Kyai Bantarjati kadhawuhan nutugne laku dakwah mangetan parane.
"Ki Sima Abang" mangkono dhawuhe Guru marang aku gegayutan karo sasmita sing ditampa ing pasupenane "lumantar Ki Tanparupa dening Guru Syekh Jumadilkubra aku kadhawuhan napak tilas tindake Guru, ya iku aku kadhawuhan lelana laku dakwah mangetan, ndika tak wenangake milih, pilih ndherek aku utawa pilih keri ana kene, utawa pilih misah golek dalan dhewe?".
"Guru" aku matur "weca ingkang kula tampi duk rikala kula maneges ing Gunung Wilis rumiyin, sagedipun kula nggayuh kasampurnaning ngelmi, kula kedah puruita dhumateng ndika Guru. Kamangka kula rumaos dereng paya-paya saged manggih kasampurnaning ngelmi kula, malah dugi titi wanci menika kula inggih dereng saged luwar saking panandhang wujud kewan menika, inggih awit saking menika kepareng boten kepareng, kula badhe ndherek lan boten saged pisah kaliyan Guru".
"Ki Sima Abang" Guru paring dhawuh maneh "aku rak wis bola-bali kandha ta? sing diarani kasampurnaning ngelmu iku, iya ngelmu apa wae klebu ngelmu kanuragan lan ngelmu liyane kuwi kena diarani yen ora ana. Jalaran kasampurnan kuwi mung kagungane Allah, dene yen titah kepengin luwih caket klawan sing diarani kasampurnaning ngelmu iku mung siji sing dadi carane, ya iku titah sing kagadhuhan ngelmu murih bisa mujudake yen sarana ngelmune titah kasebut kudu bisa sansaya luwih caket klawan Allah utawa pareg marang piwulange agama. Dadi aku mung bisa aweh pitutur marang ndika sing wis dadi murid lan sekabatku, aja kendhat nggon ndika mbudidaya cedhak marang Allah, becik iku nalikane ndika cecaketan karo aku utawa ora. Dadi ndika aja gumantung marang aku nanging gumantunga marang Maha Murahe Allah".
"Inggih Guru" aku atur wangsulan "dhawuhipun Guru estu badhe tansah kula estokaken, kula boten badhe kendel mbudidaya murih tansah pareg dhateng piwucaling agami ingkang kula rasuk menika. Nanging kula ugi dereng kepengin pepisahan kaliyan Guru, awit saking menika kula badhe ndherek Guru tindak dhateng pundi kemawon, kula ugi sampun mupus sarta nampi sedaya kodrat ingkang tumanduk ing badan kula, sanaosa mbok bilih ngantos kukuding gesang kula boten saged wangsul dados manungsa, kula inggih boten badhe ngresula".
"Sokur ta yen mangkono Ki Sima Abang" Guru paring dhawuh "kanthi pangucap ndika sing mangkono kuwi nuduhake yen ndika tuhu-tuhu murid sing bekti marang Guru pangucap ndika sing keri dhewe kuwi nuduhake yen ndika kukuhi lan ndika gondheli nganti puputing yuswa, nyata ndika kuwi klebu titah sing mareg marang agama, utawa mareg marang Dien. Mula kanggo pangeling-eling ngiras pantes ndedonga marang Allah murih ndika teguh ing kamusliman, wiwit dina iki ndika tak wenehi tetenger MARKIDIN sing tegese Mareg marang Agama. Sumurupa Markidin, ora ateges ndhisiki kersaning Allah mbok menawa wae mbesuk sing bisa dadi lantaran ndika pulih bali dadi manungsa kuwi ora ana liya kajaba murid ndika dhewe, mung emane murid ndika kuwi bakal genti sing dadi wujud macan kaya ndika iki, nanging ora suwe, mbesuk yen murid ndika wis kepethuk karo muride Ki Tanparupa sing wujude satriya admajaning nata sing nindakne laku lelana ing kono mbarengi murid ndika bisa pulih bali dadi manungsa".
Isih akeh maneh pitutur sing tak tampa saka Guru Kyai Bantarjati lan wiwit kuwi sebutan Sima Abang wis ilang lan jenengku wis ganti dadi Markidin. Dadi aku iki macan sing duwe jeneng Markidin utawa Macan Markidin.
Dina candhake laku lelana dakwahe Guru kawiwitan, ya iku kanthi tindak mangetan parane. Kaya sing wis dikeparengake dening Guru, aku ora pisah tansah tut wuri ndherekne tindake Guru.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar