60.
Guru Kyai Bantarjati sajak kasengsem midhanget ature Raden Angling, mustakane manthuk-manthuk lan pasuryane katon sumunar padhang. Sawuse kendel rada suwe lagi, Guru ngendika alon semune mundhut pirsa marang Raden Angling :
"Mau Dhimas Menggung ngendikakne yen Paman Panembahan Suwelagiri disedani dening Raden Panji Narantaka? kuwi kelakone kapan Dhimas? lan ya gene Dhimas narimakne wong tuwane disedani? sarta kepiye wartane Bapa Ajar Guritwesi sawuse aku lunga lan durung kober endhang mulih ing padhepokane?"
"Tadhah duka Kakang" wangsulane Raden Angling karo tumungkul sajak sedhih, ing sisihe Raden Kemuda uga nuduhne sikep sing padha "estunipun let tigang wulan saking anggenipun Kakang Raden Sengkan jengkar ndherekaken Syekh Jumadilkubra, Siwa Ajar Guritwesi ugi lajeng tindak mangetan nginggahi Redi Lawu, ngendikanipun badhe nusul Kanjeng Sinuwun ingkang sampun jumeneng Sunan Lawu. Boten dangu saking anggenipun jengkar Siwa Ajar, Kakang Raden Panji Narantaka rawuh ing Padhepokanipun Rama Panembahan, rawuhipun Kakang Raden Panji Narantaka sinartan Gurunipun, inggih Bapa Ajar Wisanaga. Sareng Kakang Raden Panji Narantaka pirsa bilih Siwa Ajar saha Rama Panembahan sampun ndherek nggilut agaminipun Syekh Jumadilkubra, Kakang Raden Panji Narantaka tuwin Bapa Ajar Wisanaga sakalangkung ing dukanipun. Lajeng Bapa Ajar dhawuh murih Rama Panembahan wangsul dhateng agaminipun ingkang rumiyin, jalaran dhawuhipun Rama Ajar Wisanaga rentahing Majapahit menika awit saking pokalipun para tiyang ingkang ngrasuk agami saking tanah manca menika. Sarta malih, anggenipun Kakang Raden Panji nata kekiyatan amangsulaken kaluhuran Majapahit mangke sasampunipun Sultan Pajang surut, boten badhe saged gangsar menawi taksih wonten titiyang ingkang nggega dhateng pangajakipun tiyang-tiyang ingkang mastani piyambakipun menika Wali".
"Banjur Paman Panembahan ngukuhi ora kersa nuruti dhawuhe Ajar Wisanaga? Lan Dhimas sakloron kepriye?" Bapa Guru Kyai Bantarangin nyelani rembug.
"Inggih Kakang" sing mangsuli genti Raden Kemuda "nalika samanten kula kalih Kakang Angling langkung pitados dhateng Kakang Raden Panji Narantaka ingkang miturut wecanipun Bapa Wisanaga sasurutipun Kanjeng Sultan, badhe jumeneng Nata ing Majapahit ingkang enggal lan Kakang Angling badhe kawisuda minangka Ratu Anggabaya dene kula badhe pinitados minangka wrangka nata, dados kula inggih babar pisan boten nggega menapa ingkang dipun ngendikaken Rama Panembahan. Salajengipun, kados ingkang ndika Kakang Kyai ngendikaken Rama Panembahan Suwelagiri puguh boten kersa nuruti dhawuhipun Bapa Ajar Wisanaga malah ngendika menawi pangandikanipun Bapa Ajar Wisanaga menika ujar ngayawara. Wasana Kakang Raden Panji Narantaka boten saged ngampet anggenipun duka, Rama Panembahan linarihan tumbak Kyai Luring, temah dados lan sedanipun".
"Sabanjure kepriye Dhimas?" Bapa Guru Kyai Bantarjati mundhut pirsa malih.
"Salajengipun Bapa Ajar Wisanaga lajeng andum damel" Raden Kemuda nutugne crita "kula kalih Kakang Angling kadhawuhan pados warta dhateng pundi jengkaripun Kakang Sengkan ingkang ndherekaken Syekh Jumadilkubra, menawi kepanggih kadhawuhan paring pemut supados wangsul dhateng kapitayan lawas dene menawi boten purun kula kadhawuhan nyirnakaken ndika Kakang Kyai Bantarjati, temah kula kalih Kakang Angling saged pepanggihan kalih ndika Kakang antawis kalih tahun kapengker menika. Bapa Ajar Wisanaga lajeng ngendika menawi badhe nututi jengkaripun Siwa Ajar dhateng Redi Lawu, dene Kakang Raden Panji Narantaka kadhawuhan ngkajengaken anggenipun nungsun kekiyatan ing Wana Patalan, saha boten kaparengaken tindak nilar wana Patalan menawi boten wonten prakawis ingkang langkung wigatos, jalaran inggih ing wana Patalan menika ing tembenipun badhe kawangun Kuthaning Raja Majapahit ingkang enggal".
Krungu critane Raden Angling lan Raden Kemuda, aku dadi ngerti ya gene wong loro kuwi wingenane wani njangkar lan nguneni kanthi basa sing ora pakra marang Bapa Guru Kyai Bantarjati. Nanging sawuse tak cemplungne ing luwengan lan tak tutup nganggo kekayon sing gedhe-gedhe, banjur katekan sing miturut Bapa Guru mbok menawa Korin saka Panembahan Suwelagiri ya wong tuwane Raden Angling lan Raden Kemuda dhewe, banjur nindakne laku tapa ngluweng pisan lan karawuhan Ki Tanparupa sing wis kuwawa malik ati lan pikirane wong loro kuwi temah malih kaya saiki iki. Banjur Ki Tanparupa kuwi sapa? Aku kepengin nyuwun pirsa marang panjenengane Guru Kyai Bantarjati, nanging mengko nek wis kahanan rada sepi.
"Iya-iya Dhimas Menggung, kabeh apa sing dadi pangandikane Dhimas sakloron wis tak ngerteni" Guru paring dhawuh maneh "gandheng saiki Adhimas wis percaya karo sing dikandhakne Ki Tanparupa, banjur kersane Dhimas menggung sakloron banjur kepiye?".
"Inggih Kakang" Raden Angling banjur semaur "saderengipun kula mangsuli atur dhateng ndika kakang Kyai Bantarjati, saestu kula kepengin mangertos sinten sejatosipun Ki Tanparupa menika? awit bares kures kula kalih Adhi Kemuda nembe kesupen kaliyan salah satunggaling dhawuhipun Ki Tanparupa dhateng kula kekalih magepokan kaliyan ingkang badhe kadhawuhaken Kakang Kyai bantarjati dhteng kula mangke, sasampunipun kula ngambali atur dhateng ndika Kakang Kyai".
"Ooo kuwi ta Dhimas?" Bapa Guru Kyai Bantarjati paring wangsulan karo mesem "yen kuwi, aku kudu aweh wangsulan marang dhimas Tumenggung cacah loro. Sing sepisan magepokan karo sapa satemene Ki Tanparupa kuwi? Kaping pindho perkara apa sing dingendikakne Ki Tanparupa sing saiki Dhimas menggung lagi supe".
"Inggih Kakang kadospundi?" Raden Angling matur maneh.
Aku dadi seneng krungu yen Raden Angling nyuwun pirsa Ki Tanparupa kuwi sapa? jalaran aku uga kepengin ngerti dene ana wong sing duwe kasekten malik atine Tumenggung loro kuwi.
"Aku pancen nate kepethuk kawulane Allah sing ngagem asma Ki Tanparupa kaya sing Dhimas kandhakne kuwi, Panjenengane Ki Tanparupa kuwi kepara asring paring pitutur sarta pitulungan marang aku. Nalika aku nyuwun pirsa marang Guruku ya Syekh Jumadilkubra, aku dingendikani yen Ki Tanparupa kuwi titahing Allah jinising manungsa sing awit saka cakete karo Allah nuli kaparingan kanugrahan bisa ngambah jagad sanga kanthi mardika" Guru wiwit paring katrangan bab Ki Tanparupa, aku melu ngrungokne kanthi tenanan.
"Jagad Sanga Kakang?" Raden Kemuda nyela rembug "nembe sepisan menika kula mireng ingkang winastan jagad sanga, menika menapa Kakang?"
"Miturut dhawuhing Guruku" Guru paring wangsulan "jagad sing digelar dening Allah kuwi upama digambarake kaya dene lembaran, dumadi saka pirang-pirang lembar saben jinising kawula ngenggoni jagade dhewe-dhewe. Kawula kang antuk nugrahaning Gusti sok bisa ngambah jagad utawa alam sing dudu jagade dhewe wae, nanging uga bisa ngambah jagade kawula jinis liyane. Kaya upamane kawulane Allah sing wujud manungsa, sing lumrah manungsa ya mung bisa weruh lan ngambah jagade dhewe sing kasat mripat pinangku ing pratiwi kaluhuran ing akasa iki. Nanging ana kalane manungsa kang wus antuk nugrahaning Allah, iya jalaran saka pambudidayaning manungsa dhewe kang dikeparengake dening Allah, temah ana manungsa sing bisa ngawruhi jagading kawulane Allah liyane, upamane jagade para Jin, jagade para Prayangan. Kosok baline uga ora sethithik bangsa Jin sing amarga antuk nugrahaning Allah temah bisa ngambah jagade manungsa. Lha pirang lembar cacahing jagad kuwi aku durung ngerti. Yen Guru ngendikakne Ki Tanparupa kuwi jinising manungsa sing antuk kanugrahan temah bisa ngambah jagad sanga kanthi merdika, kira-kira wae caching jagad kuwi luwih saka sanga".
"Nyuwun pangapunten Guru" ora krasa aku kumawani matur nyelani dhawuhe Guru.
"Iya ana apa Ki Sima Abang?" Guru ora duka malah aku didangu ana apa.
"Ing kapitayan kula ingkang lami, Guru kula ugi nate sakedhik cariyos bilih wonten titahing Gusti ingkang memper kaliyan Ki Tanparupa menika, dene asmanipun Sang Hyang Wilis utawa Bathara Ijo, menapa Ki tanparupa menika sami kaliyan Sang Hyang Wilis utawi Bathara Ijo menika Guru?" aku matur nyuwun pirsa, critane Guru tak cocogne karo crita sing tak tampa saka guruku sing biyen.
"Bab kuwi Ki Sima Abang" Guru paring wangsulan karo mesem "uga tau tak suwunake pirsa marang Syekh Jumadilkubra, Panjenengane Guru paring dhawuh yen ora pirsa, jalaran uga ana ing kapitayan liya yen biyen nganti saiki isih ana kawulane Allah sing memper karo Sang Hyang Wilis utawa Bathara Ijo kuwi, yaiku kang asma Bagindha Kilir utawa Bagindha Kidir, nanging Guru uga paring dhawuh yen sapa sing diarani Ki Tanparupa utawa Sang Hyang Wilis utawa Bagindha Kilir kuwi wong siji apa seje-seje, Guru uga durung pana".
"Makaten inggih Kakang?" Raden Kemuda matur marang Guru.
"Iya Dhimas, dadi sanadyan wangsulan sing tak wenehake marang Adhi Tumenggung sakloron iki mbok menawa durung bisa gawe mareming penggalih, tak jaluk Adhi Tumenggung sakloron bisa nampa kanthi legawa" wangsulane Guru sabanjure "saiki ndungkap wangsulan sing angka loro, bakal tak critakne sawise Adhi Tumenggung sepisan maneh mrasajakne apa sing dadi kersane sawuse ketemu karo Ki Tanparupa kuwi. Ya kanthi anyemak apa sing bakal dadi wangsulanku mengko, adhimas Tumenggung sarimbit bakal bali eling marang sing lagi disupekne".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar