Total Tayangan Halaman

Selasa, 25 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (059)


59.

Durung tutug Guru nyritakne Raden Angling lan Raden Kemuda sing pranyata Punggawa Kraton Pajang kuwi, sing dadi bebakalan rembugan wis rampung nggone reresik awak lan salin. Wong loro Kakang adhi kuwi banjur mlebu omah nusul olehku jejagongan karo Guru. Slagane Raden Angling lan Raden Kemudea banget beda karo pas lagi teka wingenane kae. Nek wingenane Raden Angling apa dene Raden Kemuda padha njangkar asmane Guru lan kober nguneni nganggo tembung kasar, dumadakan dina kuwi wong loro padha ngambung jengkune Guru sing lagi lenggah sila karo tangane ditangkepake sikep sembah.

 

"Kula ingkang sowan Kakang, pangabekti kula mugi katur" Raden Angling ndhisiki sungkem lan ngaturake bekti marang Guru, banjur diterokne Raden Kemuda kanthi sikep lan tembung kang padha.

 

"Iya Dhimas Menggung, pangabekti dhimas sarimbit wis tak tampa gawe senenging atiku" wangsulane Guru karo mesem semanak, banjur Guru genti paring dhawuh marang aku : "Ki Sima Abang, yen ndika durung tepung adhi Raden Tumenggung Angling apa dene Dhimas Tumenggung Kemuda, kekarone iki sapukawat Kasultanan Pajang, ewadene aku ora basa marang Panjenengane sakloron jalaran awune isih tuwa aku, kekarone iki putrane Bapa Pamanku dhewe, dadi isih klebu adhiku".

 

"Inggih Guru" aku wangsulan sanadyan mau wis diparingi ngerti dening Guru bab kuwi, banjur aku genti sing matur marang wong loro sing dhek mau tak luwari saka pakunjaranku "Bekti kula katur Gusti Menggung sekalihan".

 

"Maturnuwun Ki Sima Abang" sing wangsulan dhisik Raden Angling "gandheng ndika kuwi jebul siswane Kakang Kyai Bantarjati, padha karo pulunanku dhewe, dadi ndika yen ngundang aku apa dene Adhi Kemuda, aja nganggo sebutan Gusti Tumenggung, nanging luwih kepenak dirungokne yen ndika ngundang aku Paman wae".

 

"Inggih Paman, ngaturaken genging panuwun" wangsulanku.

 

Aku temen-temen ora bisa mikir anane owah-owahan sing ndadak iki mau. Raden Angling apa dene Raden Kemuda katon andhap asor sikep sing dituduhne ing ngarsane Guru Kyai Bantarjati lan gelem aweh wangsulan sing alus lan becik marang aku sing mung wujud kewan iki, malah kepara mbasakne aku marang dheweke lan adhine nganggo sebutan Paman sing ateges didhaku kaya dene kulawargane dhewe.

 

"Nuwun sewu Kakang Kyai" sawuse sauntara meneng Raden Angling banjur guneman, matur marang Guru Kyai Bantarjati "mbok menawi kemawon Kakang Bantarjati radi ngungun lan rumaos wonten ingkang aneh kalih sowan kula kekalih menika. Makaten ugi tumrap Ki Sima Abang ingkang sampun paring margi dhateng kula kekalih manggih pitedahing Gusti sarana angunjara kula kalih Adhi Kemuda ing salebeting luwangan katutup mawi kekajengan menika kala wau".

 

"Apa sing Dhimas ngendikakne pancen kepara nyata" Guru paring wangsulan "jalaran, jaman pepisahan watara rong tahun kepungkur, Dhimas Menggung sarimbit ninggal weling yen bakal bali mrene maneh saperlu nuduhne yen Adhi Menggung sakloron mesthi bisa nguntapne yitmaku menyang Yamani Loka. Nanging iki mau aku nampa ature Ki Sima Abang yen wis sawatara dina Dhimas sakloron padha nindakne tapa ngluweng lan meling marang Ki Sima Abang supaya nggone tapa Dhimas Sakloron supaya digugurake sawayah-wayah aku teka saka nggonku lelungan. Mula bares wae, lan sing gedhe pangapurane si Adhi sakloron yen aku gumun karo sikepe si Adhi marang aku apa dene marang Ki Sima Abang iki mau".

 

"He he he he" Raden Kemuda ngguyu lirih krungu ngendikane Guru ngono kuwi, banjur guneman "jebul ora mung wasis nampani ngelmu kanuragan wae Ki Sima Abang kuwi, klebu nampani sipat kawicaksanane Kakang Bantarjati uga baud. Aku mung bisa melu bungah lan marem dene duwe pulunan kaya Ki Sima Abang iki".

 

Raden kemuda jebul ora mangsuli pangandikane Guru malah aweh pangalembana marang aku, aku mung meneng karo ndhingkluk semu isin, dialem lan didhaku ponakan dening wong sing wingenane meh wae mateni aku.

 

"Ngendikane Dhimas Tumenggung Kemuda iki malah nambahi bingungku, Dhimas" bareng aku mung meneng Guru sing banjur ngendika "cethane wae piye? tulung jarwanana wong tuwa sing kangelan ngulir pikir iki he he he".

 

"Cariyosipun makaten Kakang" Raden Angling nata lungguhe banjur guneman.

 

"Iya piye Dhimas, cethakna!,  tak rungokne" ngendikane Guru paring wangsulan.

 

"Estunipun" Raden Angling miwiti crita "kados ingkang sampun dipun ngendikakaken dening Kakang  Kyai ing ngajeng, bilih anggen kula dumugi mriki menika, boten wonten tujuwan sanes kajawi badhe males wirang dhateng Kakang Kyai. Jalaran kula kalih Adhi Kemuda sampun kaweleg aji jaya kawijayan dening Kakang Raden Panji Narantaka, lan Kakang Panji Narantaka paring dhawuh menawi kula taksih kasoran mengsah Kakang Bantarjati, ateges pancen Kakang Bantarjati menika mila mapan ing margi ingkang leres. Nanging nalika kula lan Adhi Kemuda dumugi mriki, jebul Kakang Bantarjati boten wonten ing dalem".

 

"Iya bener Adhi Tumenggung" Guru nyelani critane Raden Angling "wingenane aku lagi nindakne kuwajibanku dakwah ing padesan ora adoh saka papan kene. Banjur Dhimas Tumenggung sakloron mesthine rak ya kepethuk karo Ki Sima Abang ta? Wong Ki Sima Abang tak pasrahi nunggoni pondhok paleremanku iki".

 

"Leres Kakang" Raden Angling semaur banjur nutugne critane "kula kekalih dipun panggihi Ki Sima Abang lan dados perang ingkang sakalangkung rame, antawisipun kula lan adhi Kemuda mengsah siswa ndika Kakang Kyai, inggih Ki Sima Abang menika".

 

"Dhimas sakloron tukaran karo Ki Sima Abang?" Guru Kyai Bantarjati mundhut pirsa, aku ngerti yen Guru mung nambong, api-api durung pirsa "banjur sing nandangi Ki Sima Abang, Dhimas Tuemnggung Kemuda apa Dhimas Tumenggung Angling?".

 

"He he he he ....... Ki Sima Abang kula krubut kalih Kakang Angling, Kakang Kyai" Raden Kemuda sing nyauri karo gumuyu "nanging kados timun mungsuh duren, sedaya pangabaran lan aji jaya kawijayan peparing saking Kakang Raden Panji Narantaka sampun kula suntak sedaya, ewa samanten sadaya gagar wigar tanpa karya, malah kula kalih Kakang Angling dipun damel katelasan tenaga dening pulunan kula menika. Sareng sampun boten kiyat ngglawat, kula kalih Kakang Angling lajeng kacemplungaken dhateng luwengan ingkang lebet, dipun tutup mawi kekajengan ingkang ageng-ageng. Suwaunipun kula gadhah panginten bilih Ki Sima Abang nedya damel pejah kula kalih Kakang Angling ing salebeting luwengan kala wau. Jebul mila nalar kula kemawon ingkang bodho balilu temah boten ngertos niyat saenipun Ki Sima Abang".

 

"Niyat becik sing kepiye Dhimas?" Guru mundhut pirsa. Aku dhewe ya ora ngerti karo sing dikandhakne dening Raden Kemuda kuwi, jalaran aku pancen ora duwe niyat becik, kajaba mung kepengin ngunjara Tumenggung Angling lan Tumenggung Kemuda ing luwangan kono.

 

"Ing dalu ingkang kaping tiga" Raden Angling sing genti crita "sukmanipun Rama Panembahan Suwelagiri ingkang sampun kapidana pejah dening Kakang Raden Panji Narantaka jalaran ngugemi anggenipun ngrasuk agaminipun Syekh Jumadil Kubra, dumadakan rawuh ing luwangan menika kala wau. Lajeng paring dhawuh dhateng kula kekalih, bilih siswa ndika Kakang Kyai menika boten gadhah niyat badhe mejahi kula kekalih, malah dening sukmanipun Rama Panembahan kula kadhawuhan nindakaken tapa ngluweng ing mriku, ngiras pantes nyenyuwun pitedah dhateng Ingkang Murbeng Gesang, kados pundi prayogining lampah".

 

"Sumurupa ya Dhimas" Guru paring dhawuh marang Raden Angling "gandheng Ramamu Paman Panembahan Suwelagiri kuwi gugur ing sajrone ngugemi agama suci, Sukmane Paman Panembahan sawuse kacidra dening Panji Narantaka banjur kapundhut dening Allah, saiki kendel lan sare ing Alam Barjah. Dene sing teka nemoni Dhimas sakloron kuwi mbok menawa wae Korine Paman Panembahan. Sabanjure banjur kepiye Dhimas?".

 

"Inggih Kakang" Raden Angling aweh wangsulan "dhawuh supados nindakaken tapa ngluweng menika lajeng kula lampahi kalih Adhi Kemuda. Ing dalu ingkang kaping sedasa, kula kadumugen satunggaling tiyang ingkang busananipun sarwa pethak, ngakenipun asma Ki Tanparupa. Ki Tanparupa menika estu pirsa sedaya lelampahan kula kekalih ingkang kula umpetaken temah boten wonten ingkang mangertos, nanging Ki Tanparupa saged pirsa sedaya sarta dipun tedahaken dhteng kula kekalih. Salajengipun Ki Tanparupa ugi paring dhawuh menawi kula kedah misah saking baris pendhemipun Kakang Raden Panji Narantaka, awit piyambakipun menika pranyata dede turasing Kanjeng Sinuwu Brawijaya ingkang samangke jumeneng dados Sunan Lawu, nanging maksih tedhakipun Prabu Girindrawardana. Menawi kula kepengin lestari gesang kanthi leres, dening Ki Tanparupa kadhawuhan sumuyud dhateng Gusti Pangeran Benawa miwah Putra Angkatipun Kanjeng Sultan, nenggih Raden Sutawijaya. Lan ingkang baken malih, dening ki Tanparupa kula kadhawuhan nindakaken lampah tobat lan ndherek sedaya pitedah saha piwucal andika Kakang Kyai Bantarjati".

 

Raden Angling banjur meneng, sajak ngenteni dhawuh saka Guru Kyai Bantarjati. Aku sing mung ngrungokne crita kuwi ya mung bisa meneng. Isih akeh sing ora tak ngerteni sing ana gandheng rapete karo isining crita sing dikandhakne Tumenggung Angling lan Tumenggung Kemuda kuwi.

 

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...