67.
Ngaweruhi kahanan padhukuhan sing sansaya reja lan panguripane warga padhukuhan sing sansya makmur sarta ngaweruhi kahanane Paguron sing siswa-siswane sansaya ngrembaka kuwi, ndadekne Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma duwe rasa marem. Nanging ing sela-selane rasa marem kuwi uga ana rasa susah, Ki Pelanggolan nyusahne kahanane sing panggah olehe bisa nemoni siswa-siswane sarta wong-wong ing Padhukuhan mung yen ing wanci awan. Sauntara Ki Lasma uga ngrasakne olehe kudu nandhang lara ing ragane jalaran saking kerepe kudu manggon ing alam sing yegtine dudu alaming bangsa prayangan. Kamangka Ki Pelanggolan apa dene Ki Lasma ya ngrumangsani nek olehe urip neng donya kuwi kena diarani wis ngliwati wates, lire kanca-kanca barakane wis padha suwe olehe ningal donya, mati. Malah anak putune mitra karuhe sing biyen bareng-bareng mbabad alas yasa padhukuhan iki ya wis padha suwe olehe ora ana. Ewa samono durung ana tandha-tandha sing ditampa, wong loro kuwi bakal oleh pitulungan. Ki Gedhe Pelanggolan bisa bali dadi wujud manungsa lan Ki Lasma bisa lepas saka kungkungane alam prayangan. Nanging susah lan sedhihe wong loro sing umure wis kliwat adoh tinimbang wong-wong liyane kuwi babar pisan ora dikatonake marang wong liyane. Mung yen ing kalane wong loro kuwi lungguh bareng ing wayah bengi, kekarone sok padha jejagongan ngrembug nasib sing padha disandhang.
"Paman Lasma, awake dhewe iki wis suwe banget nglakoni panandhang sing saiki, apa ndika uga ngrasakne bab iki?" Ki Pelanggolan takon marang Ki Lasma sing lungguh ing sandhinge. Nalika kuwi wayahe wis nyedhaki parak esuk, lire wektu tengah wengi wis diliwati. Lan wis dadi padatan wiwit Paguron kuwi madeg, wong loro kuwi saben nyedhaki wayah surup srengenge mesthi wis umpetan ing papane dhewe, ya iku ing jerone wit Jati sing Growong, sing peteng dhedhet tanpa damar babar pisan, para cantrik lan sapa wae wis diwanti-wanti ora kena nyedhaki papan kuwi.
"Sanajan ora tak aturake, mesthine Ki Gedhe ya wis ngrasakne dhewe" wangsulane Ki Lasma nelangsa "nglakoni urip sing ora lumrah ngene iki sansaya suwe dadi sansaya mundhak rekasa rasane, luwih-luwih yen ngerteni sanak kadang sing umur-umurane pantaran karo awake dhewe wis entek kabeh, malah anak-anake lan uga putu-putune uga wis padha entek, rasa nelangsa kuwi sansaya angranuhi sajroning ati".
"Lha iya?" Ki Pelanggolan nanggapi wangsulane Ki Lasma karo mesem sing dipeksa "apa kira-kira awake dhewe iki wis pinesthi urip terus matine bareng karo tangkebe bumi lan langit kanthi kahanan sing kaya mangke iki ya Paman?".
"Aku ora bisa matur Ki Gedhe" wangsulane Ki Lasma "jalaran sepisan sing diarani pepesthen kuwi mung Allah pribadi sing Maha Nguningani, kaping pindho minangka pandherek e Ki Gedhe, aku isih percaya karo sing dadi wecane Kakang Markidin nalilka semana, ya iku awake dhewe bakal oleh pitulungan saka Allah yen wis ana siswane Ki Tanparupa sing liwat papan kene. Dadi aku babar pisan ora kelangan pangarep-arep bakal bisa bali dadi manungsa lumrah maneh".
"Bener Paman" Ki Pelanggolan mbenerne kandhane Ki Lasma "aku uga isih eling dhawuhe Bapa Guru Markidin, yen siswane Ki Tanparupa cacah loro kuwi sing siji satemene isih putra pambayune Raja Ing Tanah Jawa kene lan sing siji isih siswane putra Sultan sing tan kersa jumeneng nata. Weca liyane nyebutake, kajaba bakal paring pitulungan ngruwat aku lan ndika, siswane Ki Tanparupa kuwi uga bakal paring pitulungan marang anak putune wong-wong sing yasa Padhukuhan Pelanggolan, jalaran anak putune wong sing yasa padhukuhan kuwi oleh walat saka Allah kang diwiwiti saka ati srei, bumi tinggalane leluhure digawe rebutan temah nekakne bilahi gedhe wekasan Padhukuhan sing wis pecah dadi loro kuwi kabeh dikuwasani dening wong manca sing neneka, lan wong manca sing neneka kuwi temene isih ana gandheng rapete karo Resi Wresaya sing biyen tau arep tak guroni, nanging banjur wurung jalaran aku kepethuk Juragan Widaru siswane Ki Cupuwatu".
"Bener, bener kuwi ngger" Ki Lasma semaur kanthi mripat sing sumunar nuduhne yen sansaya mundhak pangarep-arepe "aku dadi kelingan jaman kawitan aku tepung karo Ki Sima Loreng sing lagi nggoleki Gurune".
"Iya Paman, sabanjure kepiye?" Ki Pelanggolan banjur takon marang Ki Lasma .
"Kanthi nyemak lakuning kahanan ing Pelanggolan, sajake pitulungane Allah marang awake dhewe iki wis sansaya cedhak Ngger" wangsulane Ki Lasma manteb "ketitik saka anane perang antarane Lurah Kuwera karo Lurah Widarba sing ndadekne Pelanggolan pecah dadi loro, malah jeneng Padhukuhan Pelanggolan uga melu ilang diganti nganggo sebutan lawas ya iku Desa Grumbulan, aku dhewe ya ora eling sapa sing ngelih jeneng Pelanggolan dadi Grumbulan kuwi biyen. Kahanan Pelanggolan utawa Desa Grumbulan saiki wis dadi loro, ya iku Grumbulan wetan lan Grumbulan kulon.......".
"Bener Paman" Ki Gedhe Pelanggolan nyaut critane Ki Lasma "sing ngelih jeneng Padhukuhan Pelanggolan dadi Desa Grumbulan kuwi miturut critane Ki Kuwera sing watara sewulan kepungkur nemoni aku ing Jatigrowong kene, jarene awit prentahe Ki Julunggeni. Kang mangkono kuwi jalaran jarene wong-wonge Ki Julunggeni yen Jeneng pelanggolan kuwi tetep dienggo jenenge Padhukuhan utawa Desa, mangka bakal ana mungsuh sing ngrebut panguwasane Lurah Kuwera lan Lurah Widarba, Pelanggolan bakal madeg maneh nanging sing nguwasani wong sing ora ana sambung rapete karo Cikal Bakal sing mbakali Desa kono. Gandheng Kuwera apa dene Widarba kuwatir kelangan palungguhan, wekasan manut Pelanggolan dibalekne nganggo jeneng lawas ya iku Grumbulan".
"Bener kuwi Ngger" Ki Lasma aweh wangsulan "aku dadi kelingan bab kuwi, malah yen ora kleru Ki Gedhe akeh-akeh ndukani marang Kuwera nalika Kuwera nyuwun pambiyantu kanggo nundhung wong-wong Paguron Ngampon sing tekane ing desa kono merga didadekne sraya dening Widarba kanggo ngadhepi Kuwera lan wong-wong Paguron Tangen sing tekane kono merga disraya dening Kuwera kanggo ngadhepi Widarba. Sing wekasane malah Kuwera lan Widarba dadi telukane Paguron loro kuwi".
"Iya Paman" Ki Gedhe Pelanggolan banjur nggenahne critane "sanajanta nalika kuwi aku rada nemen olehku aweh srengen marang Kuwera, nanging aku uga isih duwe rasa asih marang dheweke, jalaran arepa dikaya ngapa dheweke isih nindakne piwelingku marang leluhure ya iku Ki Sandak Purwa Taruna, ya iku yen ana apa-apa isih kelingan karo aku. Beda karo Si Widarba sing babar pisan ora kelingan marang sing yasa padhukuhan iki biyen. Lan marang Kuwera nalika kuwi tak kandhakne aku arep mahas ing asepi nyuwun pituduh marang Allah mbuh sepira suwene lan aku meling supaya ora ana wong Pelanggolan utawa Grumbulan sing nyoba nyedhaki papan kene sadurunge aku aweh tandha yen anggonku semedi wis rampung".
mBarengi wong loro kuwi padha jagongan, dumadakan ing papan kono ana sumiliring angin sing nggawa perbawa. Ana ganda arum kaya gandane kembang melathi, kamangka ing cedhake papan kono ora ana tanduran melathi. Sansaya suwe ganda arum kuwi sansaya krasa, Ki Pelanggolan banjur namakne aji Mayasamun peparinge Ki Markidin sing bisa ngaweruhi alam gaib lan Ki Lasma nuli nggunakne kekuwatane minangka prayangan. Kekarone mbudidaya ngawruhi apa sejatine sing nekani papan kuwi kanthi pralambang nyebar gandane melathi.
Nanging kekarone ora ana sing bisa ngaweruhi apa-apa. Sing ana amung sepi lan samun, Ora ana apa-apa sing teka. Ki Gedhe lan Ki Lasma nggragap, ana rasa kuwatir kaworan samar awit wong loro kuwi padha ngerti yen ana titahing Allah sing nduweni kaluwihan sing ora baen-baen, ketitik ora bisa didulu klawan aji Maya Samun apa dene ora kena disawang dening mripat prayangan. Wong loro kuwi banjur eling welinge Ki Markidin, yen ana apa-apa sing angel dingerteni becik dipasrahne marang Sing Maha Ngudaeneni, ya iku Allah Kang Maha Wikan.
Ki Gedhe lan Ki Lasma tumuli ndandani carane lungguh, kekarone banjur ngeningke ciptane nyawijekne rasane. Ngilangi kabeh isen-isening nalar lan ati, banjur nenuwun marang Allah masrahake pati urip sing satemene mung gadhuhan saka Allah.
Ora suwe ing petenging wengi kuwi dumadakan Ki Gedhe lan Ki Lasma weruh ana cahya putih sing mbalerengi, sansaya suwe cahya sing mbalerengi kuwi sansaya cetha disawang nganggo mripat lumrah, jebul wujude paraga sing busanane sarwa putih. Jumeneng wibawa ing ngarepe Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma.
"Assalamu'alaikum, aja kaget Ki Gedhe lan Ki Lasma, aku Ki Tanparupa sing teka" paraga sing lagi wae teka kuwi jebul Ki Tanparupa. Ora sranta, Ki Gedhe lan Ki Lasma banjur ndheprok ngraup sukune tuitahe Allah sing wis pirang-pirang puluh tahun dienteni tekane kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar