68.
Ki Gedhe Pelanggolan sing isih wujud macan lan Ki Lasma padha ndheprok karo ngraup sukune Ki Tanparupa. Sawuse mangsuli tembung salam sing diucapake Ki Tanparupa, Kekarone padha atur bekti kaya lumrahe wong sing kepethuk karo wong sing pantes dibekteni. Kahanan ing jerone Jati Growong sing maune peteng dhet-dhet tanpa ana cahya babar pisan, saiki dadi padhang njingglang ngungkuli padhange wayah rahina. Katon Ki Tanparupa lenggah sila, karo nyawang marang Ki Gedhe Pelanggolan klawan sunaring soca kang kebak rasa welas asih.
"mBok menawa ndika sakoron padha ora ngira yen wengi iki aku bakal teka ing papan kene" Ki tanparupa wiwit ngendika "sanadyan satemene wis rada sauntara anggon ndika padha ngenteni tekane muridku sing arep ngliwati papan kene".
"Mila leres ingkang ndika dhawuhaken menika Ki" wangsulane Ki Pelanggolan alon "jalaran weca ingkang kula tampi saking Ki Markidin, ingkang badhe ngliwati papan mriki menika siswa ndika cacah kalih, dados inggih nyuwun pangapunten menawi kula kalih Paman Lasma mboten wantun ngangen-angen badhe karawuhan ndika Ki Tanparupa".
"Iya - iya aku wis ngerti apa sing ndika kersakne Ki Pelanggolan apa dene Ki Lasma, jalaran pancen sing bisa dadi saranane ndika bali marang kahanan sakawit kuwi mung muridku sing aran Rangga lan Marga" Ki Tanparupa paring dhawuh maneh "lan ndika tak wenehi weruh, sajroning wektu sepasar, Rangga lan Marga sing nggelak prau gethek tumpakane bakal teka ing bengawan ora adoh saka kene kuwi. Mula ndika sakloron tak aturi padha tata-tata kanggo mapag tekane putra raja Mataram sing lagi nindakne laku pangumbaran kuwi".
"Menapa ingkang kedah kula tindakaken Ki?" Ki Lasma genti sing nyuwun pirsa.
"Ora adoh saka papan kene aku wis yasa omah cilik kang dumadi saka maya, pakonku marang Ki Lasma tungganana tekane Rangga lan Marga ing omah maya kuwi, yen wis teka kekarone ladenana kaya lumrahe dhayoh adoh sing mampir ing omahmu. Lan marang nDika Ki Pelanggolan, yen Rangga lan Marga wis dumunung ana omah maya sing ditunggu Ki Lasma kuwi, ndika enggal-enggal nemono bocah sakarone, kandhakna apa sing dadi pepenginan ndika apa dene Ki Lasma. Yen wis titiwancine, tak tuntune bocah loro kuwi supaya manjing ing alam maya lan mampir ing omah sing ditunggu dening Ki Lasma kuwi. Sabanjure aku wis ora melu cawe-cawe maneh ing babagan iki, jalaran aku kudu nindakne kuwajiban liyane" Ki Tanparupa mungkasi dhawuhe lan durung nganti Ki Pelanggolan lan Ki Lasma atur wangsulan Ki Tanparupa wis ilang saka pandulu. Kahanan bali peteng dhet-dhet kaya maune.
"Makaten menika kala wau Ngger menggah lelampahan kula kalih Ki Lasma sadaya sampun kula aturaken nadyan samendhang datan wonten ingkang karempit, samangke pejah saha gesang kula kekalih kula pasrahaken dhateng Angger Rangga miwah Angger Marga, kados pundi murih kula kekalih enggal saged luwar saking panandhang menika" Ki Gedhe Pelanggolan mungkasi critane.
Rangga lan Marga padha pandeng-pandengan, sanadyan wis makaping-kaping sasuwene nindakne laku lelana ing brang wetan nom-noman loro kuwi kerep kesandhung lelakon isining jagad sing aneh-aneh, nanging krungu critane Ki Pelanggolan banjur digandhengne karo critane Ki Lurah Grumbulan Kulon ya Ki Kuwera disambung karo lelakon anggone wis kepethuk wong-wong Paguron Tangen, ndadekne Rangga lan Marga dadi rada suwe olehe bisa aweh wangsulan marang panjaluke Ki Pelanggolan apa dene Ki Lasma kuwi.
"Inggih Ki Gedhe lan Ki Lasma" wasana Rangga banjur aweh wangsulan sawuse sauntara meneng "menawi lekasipun Ki Gedhe miwah Ki Lasma ingkang makaten kala wau awit nuhoni rerigen saking Bapa Ki Tanparupa, kula estu pitados bilih pitedahipun Bapa Tanparupa menika leres. Nanging gandheng Bapa Tanparupa dereng paring dhawuh dhateng kula menapa ingkang kedah kula lampahi, kula nyuwun wekdal kangge pados wangsulan menapa ingkang kedah kula tuwin adhi kula lan Ki Gedhe Pelanggolan saha Ki Lasma lampahi murih sedya ndika kekalih menika saged kasembadan".
"Inggih Ngger, kula kekalih namung ndherek menapa ingkang dados dhawuhipun Angger Rangga lan Marga" wangsulane Ki Pelanggolan alon, sanadyan ing ati semu rada cuwa dene durung oleh wangsulan kapan dheweke bisa luwar lan pulih dadi manungsa maneh.
"Dados dinten niki, prayogi Ki Gedhe kundur rumiyin dhateng Jatigrowong" kandhane Rangga sabanjure "benjing kenging siang kenging dalu, Ki Gedhe kula aturi rawuh malih dhateng mriki, mugi-mugi kula lan adhi kula sampun pikantuk pitedah margi pundi ingkang kedah karempuh murih Ki Gedhe lan Ki Lasma saged pulih kados wau-waunipun".
"Inggih Ngger" Ki Pelanggolan wangsulan banjur pamitan "menawi makaten, kaparengna kula wangsul dhateng Jatigrowong malih benjing utawi benjingipun kula badhe sowan malih, nuhoni dhawuh ndika Angger Rangga".
Ki Pelanggolan banjur mlaku metu ninggalne gandhok papan kanggo lerene Rangga lan Marga kuwi ditutne dening Ki Lasma.
"Gegayutan karo lelakon sing diadhepi iki miturut panemumu piye Dhi?" sawise ki Pelanggolan lan Ki Lasma padha lunga, Rangga njaluk panemu marang Marga.
"Iki lelakon sing ngodhengake pikir tenan Kakang" wangsulane Marga "mung wae, aku duwe panemu mbuh kepiye asile, aku kepengin nyoba cara sing sakira ana guna lan paedahe tumrap desa Grumbulan, sokur yen cara iki ndelalah uga bisa dadi sarana Ki Gedhe lan Ki Lasma oleh pitulungane Allah, dene yen durung ya awake dhewe maneges marang Allah luwih dhisik cara apa sing kudu ditindakne murih Ki Gedhe lan Ki Lasma bisa pulih".
"Iya Dhi aku mathuk karo panemumu kuwi, nanging cak-cakane kepiye?" Rangga bali takon maneh.
"Ngene kakang" wangsulane Marga "yen nitik saka crita sing tau ditampa saka Ki Lurah Kuwera apa dene Ki Gedhe Pelanggolan, cetha yen warga ing Grumbulan utawa ing Pelanggolan kuwi wis jinajah dening Paguron Tangen lan Paguron Ngampon kanthi degsiya. Dadi ora ana alane yen awake dhewe aweh pambiyantu marang Ki Kuwera, ngluwari Desa Grumbulan utawa Pelanggolan saka cengkeremane Paguron loro kuwi, lha minangka kekuwatan awake dhewe bisa ngajak Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sarta para siswane kanggo ngadhepi paguron loro kuwi mau. Piye Kakang?".
"Iya Dhi sajake sing dadi panemune si Adhi iki mathuk banget, luwih-luwih kaya sing dicritakne Ki Lurah Kuwera lan dikandhakne Puthut Jayantaka lan Puthuit Jayandaga wingi, cetha banget yen Paguron Tangen sing dipandhegani Gurube sing nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha kuwi nek arep njongkeng kawibawane Rama Panembahan ing Mataram. Mula prayoga banget yen Paguron Tangen sing luwih dhisik di telukne. Sokur yen Dewa Karkatha lan kabeh andahane gelem mertobat lan murungne impene nguwasani Tanah Jawa, dene ora gelem tobat ya pancen kudu disirnakne murih ora gawe bubrahing tatanan ing Mataram" kandhane Rangga nggenepi panemune Marga.
"Dadi ngene Kakang" Marga wangsulan karo mesem lega "sesuk yen Ki Gedhe Pelanggolan teka kene, prayogane diajak nemoni Ki Lurah Grumbulan kanggo nindakne apa sing Kakang Rangga dhawuhake iku mau".
"Iya Dhi, prayogane pancen mangkono"
Sauntara kuwi, Ki Kuwera lan Bebau Watutanggul sarta Bebau Senggot wis tekan ing Jatigrowong. Gandheng tekane wis nyedhaki surupe surya, Ki Lurah lan bebau loro kuwi banjur karep olehe arep ngadhep Ki Gedhe Pelanggolan kapeksa disumenekake. Wong telu kuwi banjur mlipir menyang pondhoke para siswa Jatigrowong sing mapane kaeletan kali cilik karo Jatigrowong papan paleremane Ki Gedhe Pelanggolan Ki Lasma sarta kaling-kalingan gegrumbulan sing kandel lan peteng.
"Bapa rawuh mriki kalih Paman Senggot tuwin Paman Watutanggul, wonten wigatos menapa bapa?" lagi wae Ki Kuwera teka ngarep lawang salah sijine pandhok wis dipapag dening Sabekti, anake lanang sing uga meguru ing pagurone Ki Pelanggolan, nanggo pitakonan "badhe nimbali kula menapa wonten kersa sanes?".
"Iya ngger" wangsulane Ki Lurah karo ati sing seneng weruh anak lanange sing saiki katon yen luwih kiyeng awake, mratandhani wekel ing reh pasinaone "kajaba Bapa kepengin ngendhangi awakmu ing pondhok kene, Bapa uga duwe lekas arep sowan Ki Gedhe, nanging gandheng wektune wis nyedhaki suruping surya , nggonku duwe niyat sowan Ki Gedhe tak sumenekne dhisik, merga kowe ya ngerti dhewe yen Ki Gedhe wiwit jaman biyen ora marengake sok sapa wae midak bumi sakupengane Jatigrowong kae".
"Inggih Bapa" wangsulane Sabekti karo mesem seneng "pancen prayoginipun Bapa kalih Paman Senggot tuwin Paman Watutanggul, dalu niki sare ing pondhok. Benjing enjing kemawon anggenipun sowan ing ngarsanipun Ki Gedhe".
wekasane wengi kuwi Ki Lurah lan Bebau loro kancane kuwi, padha nginep ing pondhok. Ngiras pantes nambani rasa kangene bapa marang anake lanang.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar