Total Tayangan Halaman

Minggu, 06 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (072)


 


72.

Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma lan Lurah Kuwera wis tanggap karo sing dikarepne Marga, ya iku wong-wong kuwi diajak nyawijekne kekuwatan kanggo ngluwari Desa grumbulan saka cengkeremane Paguron Tangen lan Paguron Ngampon sing wis suwe olehe aweh kuwajiban marang warga Desa supaya mbayar pajek sing cacahe ora sethithik. Tumrap Ki Lurah Grumbulan sing pangajak sing mangkono mau wis jumbuh karo angen-angene, Lurah Grumbulan percaya yen Ki Gedhe Pelanggolan aweh idin marang para siswane nyawiji karo kekuwatan prajurit Grumbulan, mangka ora bakal kabotan yen mung mungsuh karo para murid saka Paguron Tangen utawa Ngampon. Lha yen Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma gelem muduhun ing glangganging payudan sarta klawan dibantu Rangga lan Marga, mangka bakal bisa ngalahne para gegedhuge paguron loro kuwi.  Mula Ki Lurah Kuwera rumangsa seneng krungu apa sing dikandhakne Marga kuwi, ya kanthi dalan perang sabil mungsuh paguron sing gawe rekasaning kawula ing Grumbulan iki mangka mengko Desa Grumbulan bakal bisa luwar saka panandhang.

 

Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma, uga rumangsa cocok sarta mathuk karo sing dikandhakne Marga kuwi. Biyen Desa Pelanggolan utawa Desa Grumbulan kuwi dibabad dening Ki Pelanggolan lan Ki Lasma lan kanca-kancane jalaran duwe gegayuhan supaya bisa aweh kemakmurane para sing padha babad mudhune marang para anak putu, kanthi tumindake Paguron Tangen lan Paguron Ngampon sing wis gawe kasangsarane warga kaya saiki iki, mula wajib paguron loro kuwi diendheg, supaya ora mbacutake nggone ngrampog bandhane para warga kanthi dhasar pajek sing ora tinemu ing nalar kuwi.

 

"Mila leres ingkang dados dhawuh ndika menika Ngger" kandhane Ki Pelanggolan sabanjure "kula miwah Paman Lasma tuwin Ki Lurah Pelanggolan utawi Lurah Grumbulan, saestu badhe kanthi suka gembiraning manah menawi kadhawuhan nindakaken Perang Sabil menika. Samangke kaparenga kula nengga dhawuh saking angger kekalih, benjing menapa Perang Sabil menika badhe kaayatan?".

 

"Sabar Ki Gedhe" genti Rangga sing genti guneman "ing ngajeng sampun kaaturaken, perang kanthi ngunggar kasudiran adu tosing balung wuleting kulit ing palagan menika mapan ing pamilih kantun piyambak. Dados kula dalasan andika sami langkung rumiyin kedah nyobi suka pemut dhateng Paguron kalih kasebat, mliginipun Paguron Tangen langkung rumiyin".

 

"Suka pemut kados pundi Ngger?" genti Ki Lurah Kuwera sing takon ditutugne karo aweh panemu sing metu saka nalare dhewe "awit kula kinten Paguron kalih menika tartamtu boten badhe nggega menawi dipun sukani pitutur murih ngendheg anggenipun naris paos dhateng warga Grumbulan".

 

"Ki Lurah" Rangga semaur kanthi suwara sing rada sereng "dados ndika kagungan pamanggih boten sisah suka pemut dhateng Paguron Tangen? Menawi makaten kersa ndika, inggih mangga. Jalaran kanthi pamanggih ingkang makaten kalawau, sami kemawon ndika ngersakaken nyenyahak wewenanging Gusti ingkang tuhu wenang ngobahaken osiking manahipun para titah kalebet Panembahan Dewa Karkatha ing Tangen lan para Pandherekipun. Kaping kalih, anggen badhe dika ngayahi jejibahan perang menika mangke boten jalaran nindakaken dhawuh perang sabil, nanging perang ingkang namung mburu mimpang nuruti hardhaning hawa napsu. Manawi menika ingkang kakersakaken, kula trimah boten tumut-tumut kemawon Ki Lurah lan rembagan menika kapunggela dumugi mriki kemawon, kula kalih adhi kula badhe nglajengaken lampah".

 

Kaya disamber gelap luput rasaning atine Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma krungu wangsulane Rangga sing alon nanging keprungu rada sereng kuwi. Wong loro kuwi ngerti yen Lurah Kuwera wis tumindak degsura maneh, babar pisan ora ngrungokne apa sing wis dikandhakne Marga apa dene Rangga sing wis cetha. Malah Lurah Grumbulan kuwi nuduhne yen dheweke duwe panemu sing singlar saka bebener nerjang adeg-adege paugeran kamanungsan. Ketang ora kuwat ngempet rasa sing dumadakan ngrangsang pulung atine, Ki Gedhe Pelanggolan banjur nggereng kaya panggerenging macan lan kaya sing wis-wis, saben-saben Ki Pelanggolan nesu mangka bakal ilang sipat kamanungsane, banjur mak jleg salin wujud dadi macan gembong sing sak kebo benthung gedhene. Macan gembong kuwi ngisis siyunge arep nubruk Ki Lurah Kuwera sing dianggep wis tumindak luput jalaran kumawani mbantah apa sing dadi kandhane Rangga muride Ki Tanparupa.

 

Lurah Grumbulan lan Bebau Senggot apa dene Bebau Watutanggul ndhrodhog keweden weruh wujude Ki Gedhe Pelanggolan sing wis rupa macan gembong sing nggereng-nggereng nuduhne kanepsone. Saking mirise wong telu kuwi banjur nggeblag neng lemah, semaput ora eling apa-apa. Ki Lasma sing uga ngerti yen Ki Pelanggolan wis ilang sipat kamunungsane lan bakal tumindak kaya lumrahe macan yen lagi nesu, Ki Lasma wis ora bisa tumindak apa-apa, jalaran yen wis wujud macan mangkono kuwi Ki Pelanggolan ora bakal bisa diendheg apa sing dadi kekarepane. Ki Lasma dhewe uga ngrumangsani yen ing tata kanuragan, ngelmune Ki Pelanggolan adoh mapan ing sadhuwure ngelmune.

 

Rangga lan Marga sing mau lungguh rada adoh ing ngarepe Ki Gedhe Pelanggolan dadi rada nratab weruh kedadean sing nggisa nggegirisi kuwi. Nanging ya tumuli bisa nata atine lan nguwasani kahanan sing diadhepi. Kanthi cukat Marga nglolos cemethi sing disabukne neng bangkekane, tangane tengen wis kenceng nggpoceki gagange pecut wasiyat peparinge sawargi Pangeran Benawa kuwi. Sauntara Rangga tanpa ana sing weruh, dumadakan uga wis siaga karo teken bongkotan pring kuning sing sadriji jempolan gedhene.

 

Macan gembong malihane Ki Gedhe Pelanggolan nggero banjur mlumba mendhuwur arep nubruk Ki Lurah Kuwera sing isih gumlethak semaput. Nanging Marga ora kalah cukate, tanpa ngowahi carane lungguh uga wis ngobahne cemethine. mBarengi kurang sakecu cakar-cakare Macan gembong saka sirahe Lurah Grumbulan pucuk pecute Marga, mbledhos nuwuhake suwara kaya bledheg ing mangsa sanga oleh mangsan. Upat-upat pecute Marga wis tumiba ing awake Macan Gembong, ndadekne Macan gembong kontal mencelat. Awake Macan sing gedhene sakebo benthung kuwi natap gebyog gedhege gandhok temah jebol padha sakala, ragane Ki Pelanggolan sing wujud Macan gumebrug tiba ing jabane omah.

 

Ki Lasma sing weruh yen Ki Pelanggolan mencelat merga kena sabetan pecute Marga dadi kaget. Ngira yen Ki Pelanggolan wis tumekeng pati merga pokale Marga, sakala nesu ora sranta karo ngetog kekuwataning ngelmu prayangane banjur nubruk arep ngrangsang marang Marga sing isih lungguh ora owah saka papane. Nanging Rangga luwih prayitna, sadurunge tangane Ki Lasma sing wis dikebaki kekuwatan wutuh, kekuwatan saka alam prayangan kuwi tumiba ing ragane Marga, teken bongkotan pring kuning sing digegem pucuke luwih dhisik ngadhang ing ngarepe Ki Lasma. Sakala Ki Lasma uga mencelat nututi Ki Gedhe Pelanggolan, gumebrug tiba ing sisihe .

 

Ora karo kandha apa-apa, Rangga lan Marga banjur ngadeg, mlaku arep nyedhaki sing lagi wae padha tumiba merga ketiban upat-upat lan teken bongkotan pring kuning kuwi ing jabane omah. Dumadakan bumi dipidaki nom-noman loro kuwi horeg sansaya suwe sansaya gedhe, ana lindhu sing ora karuwan bantere, ndadekne omah sing mau dienggo lungguh jejagongan mawut ora karuwan. Sasirepe lindhu kahanan dadi malih, ora ana tilas-tilase reruntuhan omah, ora ana amben, ora ana klasa, ora ana pethi wadhah rontal. Sing ana mung lemah bera sing kethukulan suket lamur sing ketel. Ing dhuwure pasuketan, katon Lurah Kuwera lan Ki Bebau Senggot sarta Ki Bebau Watutanggul ngathang-athang kanthi sikil padha sila.

 

Ora adoh saka papane Lurah Grumbulan lan Bebaune loro kuwi, katon ana wong loro maneh sing lagi ngglethak karo mripat kriyip-kriyip kaya wong sing lagi tangi saka anggone turu. Ki Pelanggolan lan Ki Lasma. Bareng wis sauntara, wong loro kuwi banjur lungguh. Noleh ngiwa nengen, bareng panyawange weruh Rangga lan Marga sing isih ngadeg karo nggawa gegamane dhewe-dhewe, wong loro kuwi banjur alon-alonan padha nyedhak karo nuduhake sikep kurmat.

 

"Ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa penindhan dhuh sang siswanipun Ki Tanparupa, titahing Allah ingkang kuwawi ngambah jagad sanga" ature Ki pelanggolan sing banjur ndheprok ing ngarepe Rangga lan Marga,  Ki Lasma uga banjur nerokne melu lungguh ndheprok amarikelu "inggih awit kamurahan ndika kekalih, kula sampun nampi nugrahaning Allah temah sampun karuwat wangsul pulih dados manungsa limrah".

 

"Ki Gedhe lan Ki Lasma saestu sampun pulih kados jaman rumiyin saderengipun nampi walat?" Rangga takon karo mesem.

 

"Inggih Ngger, saestu kula sampun luwar saking panandhang menika" wangsulane Ki Gedhe pelanggolan.

 

"Makaten ugi kula Ngger" Ki Lasma uga aweh wangsulan "sadaya raos sipat-sipating siluman utawi prayangan sampun lepas saking jiwa lan raga kula, kula sampun pulih dados manungsa limrah malih".

 

"Sokur alhamdulillah" Marga genti guneman "menawi makaten mangga sareng-sareng sami ngunjukaken raos sukur lan panuwun dhumateng Allah, awit inggih namung Allah ingkang sampun paring kasarasan tuwin kawaluyan dhateng ndika kekalih Ki" .

 

 

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...