Total Tayangan Halaman

Sabtu, 05 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (071)

 

 

71.

Rangga lan Marga inget-ingetan karo sunaring mripat nuduhne yen ora mudheng karo karepe Lurah Grumbulan sing mbrebes mili, asok kaluputan sarta siaga nampa pidana ngono kuwi. Malah nek gelem ngakoni ngono nom-noman loro kuwi sing rumangsa luput, jalaran ninggalne gandhok panginepan ing omahe Ki Lurah tanpa pamitan merga nuruti panantange Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing wekasane nggeret jiwa ragane ing papane Ki Lasma kono kuwi. Nanging, Lurah Grumbulan babar pisan ora ngrembug perkara kuwi, malah kandha nek jarene wis tumindak degsura marang Rangga sing dikandhakne jare sesembahane. Ana apa maneh iki?.

 

"Sekedhap Ki Lurah" kandhane Marga sawise oleh sasmita saka Rangga supaya aweh wangsulan marang Lurah Grumbulan, mula Marga ya banjur takon "ndika ngendika menawi sampun tumindak lepat jalaran rumaos sampun wantun degsura dhateng sesembahan ndika niku cethane pripun?"

 

"Mugi Gusti kekalih ngagungna ing sih pangaksami dhateng kula" wangsulane Lurah Grumbulan panggah karo marikelu "saestu kula boten sumerep lan boten mangertos menawi ingkang kula suwuni pitulungan lan badhe kula ajak sowan ing ngarsanipun Ki Gedhe Pelanggolan menika putra dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram saha siswa kinasih saking Gusti Pangeran Benawa ing Pajang. Inggih awit degsura kula kala wau mugi Gusti kula kekalih kepareng paring pangaksami nanging yen ta awit kdegsuran kula menika kedah nampi pidana, kula kanthi rilaning manah badhe nampi pidananipun Gusti".

 

"Ha...ha....ha..." dumadakan Rangga ngguyu banter medhot ature Lurah Grumbulan banjur disusul guneman sing ngemu guyu "gek ndika niku wau angsal saking dobril saking pundi ta Ki Lurah? Wiwit sapisanan kepanggih nika kula kalih adhi kula rak sampun matur, bilih namung lare alit ingkang remen dolan radi tebih saking griya? Dados boten wonten sambung rapetipun kalih sinten tiyang sepuh kula kekalih. Sampun sak niki kula wangsuli, kula boten remen menawi ing mriki wonten ingkang ngundang nami kula lan adhi kula mawi sebatan Raden utawi sebutan sanesipun ingkang mambet sebatan kraton, cekap njangkar utawi ngger, adhi, anak lan sapiturutipun. Perkawis ndika ngajak kula kalih adhi kula manggihi Ki Gedhe Pelanggolan menika saestu tebih kalih ingkang winastan degsura, pramila kula kalih adhi kula inggih boten badhe gela, nanging menawi wonten ingkang nyebut kula mawi sebatan Raden, ing mriku kula badhe nesu saestu. Ngertos?".

 

"Inggih Gust..... eh Ngger..." Lurah Grumbulan semaur groyok.

 

"Samangke kula badhe matur dhateng Ki Gedhe lan Ki Lasma rumiyin, Ki Lurah lan Ki Bebau kula suwun mirengaken rumiyin" kandhane Rangga sabanjure.

 

"Inggih Ngger, mangga!" Lurah Kuwera semaur alon.

"Inggih, kados pundi Ngger? Menapa ingkang kedah kula lampahi murih kula kalih Paman Lasma enggal saged luwar saking panandhang ingkang sampun matahun-tahun menika?" Ki Gedhe Pelanggolan nyauti rembue Rangga.

 

"Aturna marang Ki Gedhe lan Ki Lasma Dhi" Rangga ngongkon Marga supaya ngandhakne sing dadi rancangane wingi.

 

"Nuwun sewu Ki Gedhe lan Ki Lasma, kados ingkang sampun kula kalih Kakang Rangga aturaken ing ngarsanipun Ki Gedhe miwah Ki Lasma ingkang ugi wosipun sami kalih ingkang sampun kula aturaken dhateng Ki Lurah Grumbulan" Marga nata lungguhe banjur wiwit guneman "bilih ingkang saged ngentas sadaya panandhang menika namung Gusti Allah, dene kuwajibaning titah menika namung mbudidaya. Sinten ingkang boten purun mbudidaya sami mawon kalih ndaga utawi boten purun nindakaken kuwajiban saking Gusti, dene woh asiling pambudidaya menika gumantung dhateng Maha Wicaksananipun Gusti, sampun ngantos klentu ing pamanggih menawi wohing asil menika gumantung ing pambudidaya, lan sampun ngantos klintu bilih pambudidaya menika saged ngentasi sadayaning karsa. Saged dipun tampi menggah ingkang dados atur kula menika Ki Gedhelan Ki Lasma?".

 

"Inggih saged Ngger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "namung titah ingkang kapir ingkang boten purun nindakaken pambudidaya, jer pambudidaya menika cetha dhawuhing Allah, boten purun nglampahi dhawuhing Allah ateges kapir dhateng Allah. Ugi titah kalebet kula laih Paman Lasma wajib nyumerepi bilih pambudidayaning titah menika tan kuwawa nglangkungi Kawicaksananing Allah, saha malih sedaya Kawicaksananing Allah ingkang tumanduk dhateng titah menika namung awit saking Sih-ing Allah ingkang tumurun murih kasaenaning titah. harak inggih makaten ta Ngger?".

 

"Estu leres ingkang ndika dhawuhaken menika Ki Gedhe" wangsulane Marga karo mesem sajak seneng "inggih boten maiben lha wong Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma niku sami-sami anggenipun sampun necep ngelmining kasampurnan ingkang mijil saking tuking Syekh Jumadilkubra nunten tedhak dhateng Kyai  Bantarjati lan Ki Markidin utawi Ki Simarekta".

 

Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sing oleh pangalembana saka Marga ngono kuwi mung ndhingkluk semu pekewuh. Beda karo Lurah Grumbulan lan Bebau Senggot apa dene Bebau Watutanggul, sing durung pati mudheng karo tembung-tembung sing diucapne Marga apa dene Ki Gedhe Pelanggolan. Wong telu kuwi pancen ya mung meneng, meneng merga durung mudheng.

 

"Nyuwun pangapunten Ngger, kula lan Ki Lasma nengga dhawuh saking angger salajengipun" Ki Gedhe Pelanggolan guneman maneh sawuse rada suwe kahanan sepi merga wong sing ana kono bareng meneng sawuse padha krungu apa sing diucapne dening Marga.

 

"Inggih Ki Gedhe, sami kaliyan Ki Gedhe, Ki Lasma miwah Ki Lurah Grumbulan, kula lan Kadang kula sepuh menika ugi nembe nindakaken dhawuhipun Gusti ingkang sinebat pambudidaya kala wau" kandhane Marga aweh wangsulan marang Ki Gedhe Pelanggolan "dene wujuding pambudidaya ingkang badhe kula lampahi sareng-sareng kaliyan Ki Gedhe Pelanggolan , Ki Lasma miwah Ki Lurah Grumbulan sawarganipun, menika kalebet pambudidaya ingkang radi awrat malah mbok bilih kemawon ugi mbetahaken pangorbanan bandha, bau, tumetesing riwe, rah malah mbok bilih ugi mbetahaken kurbaning jiwa lan raga. Menapa sakintenipun Ki Gedhe, Ki Lasma lan Ki Lurah boten kawratan menawi kula ajak sesarengan kalih sedherek kula sepuh nempuh pambudidaya menika?".

 

Rada sauntara sawuse Marga ngucapne tembung sing kaya mangkono kuwi Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma, Lurah Kuwera lan Bebau Senggot apa dene Bebau Watutanggul meneng ora enggal semaur. Malah wong-wong kuwi padha inget-ingetan karo kancane dhewe-dhewe. Sauntara Marga lan Rangga uga meneng ngenteni wangsulane wong-wong kuwi kabeh.

 

"Nuwun sewu Ngger, menapa Angger Marga lan Angger Rangga ngersakaken kula lan warga ing Pelanggolan utawi Grumbulan nindakaken Perang Sabil? lajeng mengsahipun sinten Ngger?" bareng wis rada suwe padha meneng Ki Pelanggolan banjur nyoba takon.

 

"Mila leres Ki Gedhe" wangsulane Marga "winastan perang sabil, utawi cara jawinipun perang sing ndalan, menika wujuding pambudidaya kangge nggayuh kanugrahaning Gusti dede kangge nuruti pangajaking hawa napsu, dene mengsahipun ingkang baku dede wujuding titah, namung wujuding sipat awon ingkang nalisir saking piwucaling Allah ingkang wujud angger-anggering kamanungsan. Namung kemawon mugi kauningan, sipat awon kala wau asring nemplek dhateng titahing Allah ingkang wujud manungsa, dados ing salebeting perang sabil menika kula lan andika sami namung nindakaken kuwajiban misahaken sipat awon saking panggenan ingkang boten pas, lha kangge nyekapi prakawis menika sok dipun betahaken pangurbanan ingkang ing ngajeng kula aturaken kala wau".

 

Lurah Grumbulan, Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul katon durung mudheng karo sing dadi wangsulane Marga, mula wong telu kuwi banjur tanpa kedhep padha ngulati Ki Gedhe Pelanggolan apa dene Ki Lasma genti-genti.

 

"Inggih Ngger, kula lan Paman Lasma namung jumurung ing karsanipun angger kekalih, kula kinten Lurah Pelanggolan miwah warganipun ugi boten badhe suwala nglampahi pambudidaya menika, sanaosa kedah ngurbanaken bandha, bau, tumetesing kringet lan rah ugi jiwa lan raga ing madyaning rananggana. Kula kalih Ki Lasma estu badhe ngetapaken sadaya siswa ing Paguron Jatigrowong utawi Paguron Pelanggolan kangge nyengkuyung lekas menika" Ki Gedhe Pelanggolan tumuli aweh wangsulan marang Marga "nanging lajeng sinten ingkang kacondhokan sipat awon ingkang angger dhawuhaken menika kala wau, Ngger?".

 

"Ki Gedhe mesthinipun sampun uninga, makaten ugi tumrap Ki Lurah miwah Ki Bebau ingkang wonten mriki menika" Marga wangsulan "sampun sawatawis dangu tiyang ingkang ngagem sebatan Panembahan Dewa Karkatha ing Tangen lan para pandherekipun, inggih jalaran kepengin nuruti pangajaking hawa napsunipun nedya badhe ngrangsang kawibawan ing Mataram. Namung kuciwanipun, margi ingkang dipun liwati margi ingkang cengkah kaliyan angger-anggering kamanungsan temah damel ksangsaranipun tiyang kathah ingkang boten sumerep ing prakawisipun. Makaten ugi ingkang sampun kedadosan ing Ki Gedhe Julunggeni ing Ngampon ingkang ngiler kepengin nglenggahi dhamparing keprabon Kadhipaten ing Madiun. Inggih awit saking sipat awon ingkang cumondhok ing Panembahan Dewa Karkatha miwah Ki Gedhe Julunggeni kasebat, warga ing Padhukuhan Pelanggolan sampun kasempyok temah nandhang kacingkrangan kados ingkang sampun lumampah menika. Gegayutan kaliyan menika, awakipun piyambak kedah mbudidaya murih sipat awon ingkang nemplek ing Tangen lan ing Ngampon menika saged kapisahaken, sokur menawi saged kapisah tanpa gegaman landhep, nanging menawi kedah mawi pangurbanan ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, inggih kedah dipun tampi kanthi rilaning manah".

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...