70.
Ki Lurah Grumbulan ndengengek, banjur nyawang marang pernahe Ki Lasma sing lungguh anteng ing sisihe Ki Gedhe Pelanggolan. Lurah Grumbulan kuwi mbatin, yen Ki Pelanggolan lan Ki Lasma mesthi wis tepung becik karo Rangga lan Marga, malah kira-kira uga wis raket karo Ki Tanparupa. Paraga setengah dewa loro kuwi mesthi wis ngerti menyang ngendi parane Rangga lan Marga sing ilang musna tanpa tilas pas perang mungsuh agul-agule Paguron Tangen neng gisik bengawan wingi kae.
"Nyuwun pangapunten Ki Lasma" Ki Lurah Kuwera anjur kandha marang Ki Lasma "mugi wonten welasing penggalih dhateng kula ingkang sampun tumindak degsura dhateng Gusti Raden Rangga niki, kula nyuwun tulung dhumateng ndika Ki Lasma mugi katedahna marginipun murih kula saged ngabyantara ing ngarsanipun Raden Rangga miwah Raden Marga".
"Yen iku sing dadi kersa ndika Ki Lurah" wangsulane Ki Lasma alon "aku arep mbudidaya murih ndika bisa sowan ngadhep ing ngarsane Angger Rangga, nanging kabeh mau mung bisa kasembadan yen Angger Rangga lan Angger Marga ngeparengake. Nek Angger Rangga lan Angger Marga ora ngeparengake, aku ya ora bisa meksa".
"Inggih Ki Lasma, kula namung ndherek menapa ingkang dados dhawuh ndika miwah dhawuhipun Ki Gedhe" Ki Lurah Grumbulan semaur karo ndhingkluk.
"Saiki apa wis dikeparengake Ngger?" dumadakan Ki Lasma takon marang Ki Gedhe.
"Iya becike mangkono Paman" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "lan aturna pisan sing dadi lekase Ki Lurah Kuwera kuwi mau marang siswane Ki Tanparupa kae".
"Iya Ngger, saiki aku tak budhal apa sing dadi putusane Angger Rangga lan Marga bakal tak aturake sawuse aku oleh dhawuh saka kana" Ki Lasma banjur ngadeg, mlaku ninggalne Ki Gedhe Pelanggolan sing ish lenggah diadhep Ki Lurah Kuwewera lan Bebau Senggot lan Watutanggul.
Sauntara iku, ing paleremane Rangga lan Marga bali ketungkul njingglengi rontal-rontal sing ana jero pethi sing wingi kober diwaca sabageyan. Sansaya suwe nom-noman loro kuwi sansaya kepencut karo pitutur-pituture Ki Tanparupa sing ditulis ing lembaran godhong siwalan kuwi. Isine pranyata maneka warna, ora mung jurus-jurus ngelmu kanuran lan ngelmu kasarasan wae, nanging uga ngelmu kawruh agama lan kabatinan. Wiwit ngelmu sarengat kang ngrembug rerukuning agama Islam, ngelmu hakikat sing tundhone ngarah marang kapitayaning urip, nganti ngelmu makripat sing mulangake carane murih bisa mangerteni sangkan paraning titah. Kabeh katulis ing lontar-lontar kuwi kanthi cetha lan trawaca. Ya awit saka njingglengi piwulang kuwi, ndadekne Raden Rangga lan Marga sansaya rumangsa lembut yen katandhing karo jagad kang cinipta dadi dening Allah. Kekarone uga sansaya rumangsa matur nuwun marang Panembahan Senapati sing ndhawuhake nom-noman sakloron kuwi ninggalne Kutha Gedhe Mataram ngumbara ing Brang Wetan. Awit kanthi mangkono, wis ndadekne nom-noman loro kuwi sumurup yen satemene Kraton Mataram, panguwasa lan kawibawan lahir sing maune katon mencorong mbalerengi, jebul babar pisan kena diarani ora mbejaji yen katandhing karo kamulyan kang satemene ya iku sing wujud Rilaning Gusti marang kawulane. Kekarone uga banjur sumurup lamun drajat sing dhuwur dhewe tumrap titah kuwi ora ana liya kajaba drajate kawula sing setya marang Gustine lan sasar-sasaring titah kuwi yaiku kawula sing ora ngrumangsani yen dheweke kuwi kawulane Gusti sing nitahake, temah dhemen nggunakne sampiran panguwasa titipaning Gusti kanggo nguja hawa nepsune. Rangga lan Marga uga banjur sumurup yen sing diarani suwarga ing jaman kalanggengan kuwi dudu papan sing kebak buronane hawa nafsu Amarah, Aluamah, Supiyah apa dene Mutmainah. Nanging kamulyane swarga kuwi yegti tan kena ginambarake nganggo nalar wantah. Sanadyan ing piwulang suci uga disebutake sethithik gambaraning suwarga, nanging manungsa kudu pinter nggone maca sethithik gegambaran kuwi, awit yen kongsi kleru anggone maca, bisa ndadekne dhemen ngremehake kamulyaning alam kaswargan sing mung diajeni karo buroning hawa nafsu patang parkara.
"Thok...thok.....thok!!!" dumadakan lawange gandhok dithothok saka njero omah.
"Mangga mlebet kemawon Ki Lasma" Rangga sing ngerti yen sing nothok lawang kuwi Ki Lasma, gage wangsulan ngongkon Ki Lasma mlebu.
Ki Lasma mlebu karo nyangga dhulang kayu kanggo wadhah uwi sing lagi wae mentas saka dandang karo Teko sing isi wedang jahe panas.
"Kangge ampet-ampet rumiyin Ngger...." kandhane Ki Lasma karo nata cangkir bathok lan lepek cilik isi gula klapa kanggo lalapan wedang jahe sing isih kumebul ing teko.
"Matur nuwun sanget lho Ki Lasma" kandhane Marga karo ngiling wedang jahe ing cangkire "mangga ndika lenggah mriki, sareng-sareng ngrahabi sarapane".
"Inggih Ngger" wangsulane Ki Lasma alus "kula wau sampun ngrumiyini ngombe lan nedha wi dhateng pawon. Anu, kalih badhe matur sakedhik.....".
"Badhe paring dhawuh menapa Ki?" Rangga genti sing mangsuli, rontal-rontal sing mau diwaca wis bali dilebokne neng jero pethi maneh "mangga dingenmdikakne kemawon, sampun mawi ewuh pakewuh".
"Inggih Ngger" Ki Lasma guneman maneh "Ki Gedhe nyuwun pirsa, sampun kaparengaken marak menapa dereng?".
"Oh, inggih-inggih Ki Lasma" wangsulane Rangga karo mesem "kula sampun angsal dudutan, dinten menika Ki Gedhe lan Ki Lasma sampun saged ngrembag babagan kala wingi ingkang taksih dipun sumenekaken".
"Kalih niki wau, wonten titipan rembag kangge ndika Ngger" Ki Lasma guneman maneh.
"Titipan rembag? saking sinten Ki? menapa ingkang dados suraosipun?" Rangga takon.
"Inggih Ngger, saking Lurah Kuwera kalih Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul" wangsulane Ki Lasma "tiyang tetiga kasebat sampun ngrumaosi ing dosa lan lepatipun dhateng Angger kekalih, menawi kaparengaken tiyang tiga kala wau badhe marak ing ngarsanipun Angger kekalih sareng kalih kula lan Ki Gedhe".
Rangga lan Marga rada kaget, jalaran ora ngerti sing dikarepake karo olehe Lurah Grumbulan wis ngrumangsani luput, luput ing babagan apa?. Nanging Rangga lan Marga ora kepengin ndedawa rembug, mula Rangga ya banjur wangsulan :
"Inggih Ki, menawi Ki Lurah saha Ki Bebau ngersakaken kepanggih kalih kula kekalih sareng kalih ndika lan Ki Gedhe, menika langkung prayogi".
Sawise ngaturake panuwun, Ki Lasma pamitan banjur mlaku metu ninggalne Rangga lan Marga sing banjur padha nrahabi suguhane Ki Lasma. Wi Bangkulit dang-dangan, ngombene wedang jahe sing dilalapi karo gula klapa. Nom-noman loro kuwi bisa ngrasakne nikmate urip, sanadyan mung wujud sarapan wi bangkulit karo ngombe wedang jahe sing cangkire bathok, nanging rasane krasa luwih nikmat tinimbang panganan sing tau dirasakne nalika isih manggon neng kutha. Pancen kanikmatan kuwi manggone ora mapan apa sing dipangan, nanging manggone ana rasa sing diduweni sing mangan. Luwih-luwih yen gelem ngecakne piwulang, makanana raga murih ora ditinggal sukma, aja makani hawa nafsu aluamah sing nek kebacut olehe nguja bisa gawe bubrah.
Nalika nengah-nengahi nom-noman loro kuwi ngrasakne kamulyaning urip, Ki Gedhe Pelanggolan mlebu ing jero gandhok, ditutne Ki Lasma, Lurah Kuwera , Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul.
"Kula sowan malih Ngger" kandhane Ki Pelanggolan karo mapan lungguh neng jogan sing dilemeki klasa.
"Inggih Ki Gedhe, mangga sarapan rumiyin, uwi kalih wedang jahe yasane Ki Lasma menika estu kraos eca" wangsulane Rangga karo mudhun saka amben mapan lungguh neng klasa karo ngangkat dhulang sing ana teko lan layah isi uwi. Marga nusul karo nggawa cangkir bathok sing durung kanggo diselehne cedhak teko.
"Inggih Ngger, sampun-sampun, kula wau saderenge mlebet sampun disuguhi Ki Lasma wonten pengkeran" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sing jroning atine sansaya eram ndulu slagane Rangga sing ora mantra-mantra nek kuwi putrane Panembahan Senapati .
"Kula ngaturaken pangabekti Gusti" Lurah Kuwera maju karo ngesot nyembah sujud ing sikile Rangga.
"nDika niku kenging napa Ki Lurah?" Rangga takon semu kaget "sampun kula aturi ta? menawi nimbali kula niku cekap Ngger napa njangkar nggih saged, kok niki malah nyebut Gusti barang? sampun ngowah-owahi adat ngoten niku!, boten sae".
Muni ngono kuwi Rangga karo nyurung pundhae Lurah Kuwera munggah, ndadekne sing diurung gelem ora gelem banjur katut bali lungguh lumrah.
"Kula nyadhong duka Gusti" nadyan wis bali lungguh Lurah Kuwera tetep nyebut Gusti marang Rangga "awit baliluning manah kula temah kula sampun kumawantun tumindak degsura ing ngarsa paduka sesembahan kula".
Karo muni ngono kuwi, katon yen Lurah Grumbulan kuwi olehe omong karo nangis, luhe dleweran nelesi pipine. Rangga karo Marga dadi gumun karo lekase Lurah Grumbulan sing olehe tepung lagi wingenane kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar