Total Tayangan Halaman

Selasa, 08 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (074)


74.

Sauntara Rangga lan Marga sing lagi rerembugan perkara piyte mengko nek nganti nom-noman loro kuwi kepethuk Pangeran Singasari, sing lagi dirasani wektu kuwi lagi rembugan bab kang wigati ing Kepatihan Mataram. Nalika iku pancen awit saka kersane Patih Mandaraka, Pangeran Singasari, Pangeran Demang Tanpa Nangkil lan para Tumenggung padha mlumpuk ing Dalem Kepatihan ngrembug bab palaporane para Prajurit Sandi sing ngayahi jejibahan ing brang wetann.

 

"Dadi ing Brang Wetan, ing wetan lan kulone Kali Sawur ana paguron loro sing ajak-ajak kawula Mataram supaya mbalela ing ratu, apa ya pancen mangkono Kanjeng Pangeran ?" Patih Mandaraka nggenahne apa sing wis diaturne Pangeran Singasari sing mbacutake kabar saka Prajurit Sandi.

 

"Leres Wa" wangsulane Pangeran Singasari "aturipun Prajurit Sandi ingkang kula tampi, Paguron kalih ingkang nami Paguron Tangen lan Paguron Ngampon menika boten kandheg ing ngajak para kawula Mataram murih wani ndaga dhawuhipun Kanjeng Panembahan Senapati, nanging ugi sampun nusun kekiyataning prajurit kangge ngraman dhateng Mataram.  Awit saking  menika, kula lajeng munjuk ing ngarsanipun Wa Mandaraka murih paring palilah dhateng ingkang kawogan ngedalaken prabeya sacekapipun kangge sangunipun Tumenggung Tirtakusuma miwah Tumenggung Dahanapati ingkang badhe bidhal mbrastha Paguron Kalih kasebat".

 

"Anakmas Pangeran arep masrahake kaparcayan kanggo ngadhepi lan mbrastha reretu sing ditindakne Paguron Tangen lan Paguron Ngampon kuwi marang Ki Tumenggung Tirtakusuma lan Ki Tumenggung Dahanapati?" Patih Mandaraka takon maneh.

 

"Inggih Wa" wangsulane Pangeran Singasari "kados ingkang sampun kacetha ing serat panyuwunan wragad perang ingkang kula tapakastani piyambak, Tumenggung Tirtakusuma lan wadya balanipun cacah setunggal atus ingkang badhe numpes Paguron Tangen lan Tumenggung Dahanapati sawadyabalanipun kanthi cacah prajurit ingkang sami, ingkang kajibah ngrabasa Paguron Ngampon".

 

Patih Mandaraka ora enggal aweh wangsulan marang Pangeran Singasari sing intine nyuwun supaya Patih Mandaraka enggal paring pasarujukan marang panyuwunan wragad perang kuwi. Ora merga Patih Mandaraka rumangsa eman yen bandhaning negara kalong kanggo ngragadi budhale prajurit Mataram sing ditindhihi Tumenggung loro piyandele Pangeran Singasari kuwi. Nanging Patih Mandaraka sing wis kliwat akeh ngerti pedhes asine kahanan Mataram kuwi, durung pati percaya karo apa sing dikandhakne Pangeran Singasari sing dhasare palaporane prajurit sandi lan banjur dijupuk dudutan dening Pangeran Singasari.

 

"Ngene ya Anakmas Pangeran Singasari" Patih Mandaraka banjur ngendika alon sajak ngati-ati "aku sarujuk banget karo lekase Anakmas daya-daya tumandang murih Paguron loro sing nedya gawe dredah ing Mataram enggal sirna, nanging apa ora luwih prayoga yen sepisan maneh Anakmas utusan Prajurit Telik Sandi kanggo ngukur sepira kekuwatane Paguron Tangen lan Ngampon kuwi? perlune aja nganti gaweyan iki ndadak mindhon gaweni amung jalaran kurang cethane warta kang katampa sing magepokan karo kekuwataning mungsuh sing arep disirnakne?".

 

Sanadyan olehe ngendika Patih Mandaraka wis dingati-ati murih ora nyenggol pangrasa, nanging bawane Pangeran Singasari sing nggadhuh penggalih getapan lan kagungan rasa percaya marang kekuwataning lahir lan batine  dhewe cukup gedhe, pangandikane Patih Mandaraka sing mangkono kuwi mau dianggep arep ngedceh-eceh wektu lan pikiran wae.

 

"Siwa Mandaraka mesthinipun langkung pana, ing babagan menika kula sampun pinitados dening Kanjeng Sinuhun Panembahan Senapati, jalaran kula sampun wongsal-wangsul caos bukti menggah ajeg leresipun petangan ingkang kula unjukaken. Lan ing prakawis mbalelanipun Paguron Tangen lan Ngampon menika, kekiyatanipun namung saben Paguron boten langkung saking kalih atus tiyang, kamangka kula ngertos bilih kekiyataning saben prajurit andhahanipun Tumenggung Tirtakusuma lan Tumenggung Dahanapati menika sampun kulina mimpang menawi dipun jilu utawi dipun jipat pisan. Nanging, menawi Wa Patih Mandaraka taksih sanggarunggi dhateng katiysanipun para Prajurit andhanipun Tumenggung kekalih kala wau, kula ugi sarujuk menawi cacahing prajurit dipun tambah  utawi dipun rangkepi malih, nanging menawi kedah utusan prajurit Sandi malih, kangge niti sepinten kekiyataning mengsah, menika kula kinten namung badhe ngedeh-eceh wekdal saha ngeceh-eceh nalar kemawon, Wa" Pangeran Singasari nelakake sing ana penggalihe marang Patih Mandaraka kanthi suwara sing banter lan cetha.

 

Patih Mandaraka ngincangake alise midhanget ature Pangeran Singasari sing intine ora bisa nampa rerigen lan pamrayoga sing dikandhakne.  Pangeran Demang Tanpa Nangkil lan para Tumenggung sing ana kono kabeh padha meneng. Satemene wong-wong kuwi luwih sarujuk karo pamrayogane Patih Mandaraka sing wiwit jaman Demak wis kulina dadi paramparane Senapati perang. Nanging wong-wong kuwi uga ngerti watak wantune Pangeran Singasari sing yen wis duwe kersa angel dipenggak utawa dienggokake, Pangeran Singasari sing kagungan kasekten sing durung ana tandhinge kuwi pancen luwih seneng percaya marang panemune dhewe tinimbang panemu saka wong liya. Lan sing sapa wani mbantah karo apa sing dadi panemune Pangeran agul-aguling Mataram kuwi, mangka bakal ndadekne serik ing penggalihe Pangeran Singasari. Mula tinimbang nuwuhake salah tampa, wong-wong kuwi milih padha meneng, ora wani melu-melu udhu panemu.

 

Kahanan dadi tintrim semu angker, Patih Mandaraka uga ora enggal guneman aweh kaputusan. Ya mbarengi kahanan sing tintrim kuwi, ing alaming lelemunan Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma wis mapan lungguh timpuh sedheku amarikelu ing ngarsane Patih Mandaraka. Iya gandheng wong loro kuwi isih ngecakne aji Mayasamun, liyane Patih Mandaraka ora ana sing padha weruh. Patih Mandaraka dhewe, nadyan wis weruh tekane wong loro kuwi, nanging milih kendel, jalaran ki Patih wis pirsa yen ing drijine Ki Gedhe Pelanggolan kanggonan kalpika ageme Raden Rangga, kang mangkono kuwi nuduhake yen tekane wong loro sing isih manggon ing alam palemunan kuwi merga diutus dening putrane Panembahan Senapati sing lagi nindakne laku lelana.

 

"Nyuwun pangapunten Gusti Patih, kapeksa sowan kula mawi cara ingkang boten jumbuh kalih tatakrama, labet saking wigatosing jejibahan ingkang kula emban" dumadakan Ki Gedhe Pelanggolan guneman nganggo suwara sing cetha temah bisa dirungokne dening kabeh sing ana papan kuwi.

 

Pangeran Singasari lan para Tumenggung sing ana kono padha kaget jalaran ana suwara sing tanpa rupa kandha nek arep marak Patih Mandaraka. Sing padha nggadhuh aji palemunan tumuli ngecakne ngelmune dhewe-dhewe, kepengin weruh sapa sing lagi guneman kuwi. Nanging ora ana siji-sijia sing kuwawa nembus aji Mayasamun sing dicakne dening Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma, dadi panggah wae, ora ana sing bisa sumurup sing lagi guneman nanging ora ngatonake ragane kuwi. Wong-wong sansaya eram awit sumurup yen sing teka kuwi duwe kasekten sing luwih dhuwur tatarane tinimbang wong sing ana kono.

 

"Pawadan sing ndika kandhakne kuwi aku wis bisa nampa Kisanak" Patih Mandaraka aweh wangsulan uga karo suwara sing cetha "diage padha ngatona, sarta ana kabar apa sing ana sambung rapete karo wayahku si Rangga?".

 

Wong-wong sing padha krungu karo sing dingendikakne Patih Mandaraka lagi padha ngerti yen Pepatih Mataram kuwi wis suwe pirsa yen ana wong sing lagi wae teka.

 

"Pangabekti kula mugi kunjuk ing sahandhaping pepada paduka Gusti Patih" karo ngantonake ragane sarana nrucat ngelmu Mayasamun, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma padha nyembah sampeyane Patih Mandaraka.

 

"Ya wis tak tampa Kisanak" wangsulane Patih Mandaraka karo mesem "yen nitik ganda sing tak rasakne, ndika sakloron iki isih mambu riwene Syekh Bantarjati ya Raden Sengkan. nDika kuwi sapa? Lan ya gene isih kepethuk karo wayahku Rangga? Malah sajake ndika sakloron arep aweh warta marang aku gegayutan karo lakune putuku Rangga?".

 

"Lepat nyuwun sih pangaksami Gusti" Ki Gedhe Pelanggolan banjur matur "mila estu, nadyan namung sakedhap Paman kula ingkang nami Dhadhap Sulasma menika nate suwita dhateng Syekh Bantarjati siswanipun Syekh Jumadilkubra, inggih menika nalika paman kula menika nembe nampi sesikuning Allah dados prayangan. Dene kula pun Jungkung, utawi Sima Loreng utawi Ki Gedhe Pelanggolan, mila maksih kapernah siswanipun Bapa Sima Rekta utawi Ki Markidin siswanipun Sawargi Raden Sengkan inggih Syekh Bantarjati utawi Kyai Bantarangin. Salajengipun, sowan kula ing ngarsa paduka Gusti Patih menika, inggih awit ngemban dhawuh saking Gusti kula Raden Rangga kinen ngaturaken nawala kunjuk ing ngarsa Paduka Gusti Patih Mandaraka".

 

Bubar matur mangkono iku, Ki Gedhe Pelanggolan tumuli ngetokne buntelan rontal saka njero klambine, banjur diaturne ing ngarsane Patih Mandaraka. Pangeran Singasari lan kabeh sing ana kono ora ana sing padha guneman, kabeh kasengsem ndulu lan ngrungokne rembugan atarane wong loro sing lagi teka kuwi karo Patih Mandaraka. Wong-wong kuwi sansaya gumun lan eram bareng Ki Gedhe Pelanggolan ngaturake layang sing jarene saka Rangga, putrane Panembahan Senapati sing wis rada suwe ora katon ing Kutha Gedhe Mataram.

 

 

ana candhake.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...