93.
Lakune barisan saka Mataram wis meh tekan papan sing arep dituju, kira-kira mung mbutuhne wektu kurang setengah ari wis tekan Tangen. Pangeran Singasari mrentahne marang para prajurit kabeh supaya leren, adeg pasanggrahan kanggo nata lakuning perang sing arep dileksanakne. Ora suwe pasanggrahan wis madeg kanthi komplit, nadyan mung wujude pasanggrahan sing rupa tendha-tendha minangka pepayone ewa samono katon ngregemeng kebak wibawa. Para Prajurit sing duwe jejibahan nyepakne uba rampe kanggo sangu perang wis padha tumandang, sing kebageyan ing pawon uga wis olah-olah gawe panganan kanggo mangane kanca-kancane kabeh. Semono uga sing kajibah nyepak-nyepakne gegaman uga wis kanthi becik nata gegaman sing dibutuhake rewang-rewange maju ing pakagan mengkone, sanadyan rata-rata akeh prajurit sing luwih seneng migunakne gegamane dhewe, gegaman gawan saka omah sing dudu gegaman cawisan saka kasatriyan. Ora ana prajurit sing katon nganggur kabeh direpotne nandangi gaweyane dhewe-dhewe jumbuh lan kuwajiban sing diemban dening senapataine.
Nalika semana Pangeran Singasari wiwit nglumpukne para Tumenggung sing tinanggenah ngesuhi bregadaning prajurit, arep diajak rembugan olehe arep ngecakne cara kanggo nelukne Panembahan Dewa Karkatha sing nyata-nyata wis wani mbondhan tanpa ratu, mirong kampuh jingga nantang pangwasane Panembahan Senapati ing Mataram.
"Tumenggung Dahanapati" Pangeran Singasari wiwit ngendika nimbali salah sijine Tumenggung sing dadi kaparcayane.
"Kawula nuwun inggih Kanjeng Pangeran" wangsulane Tumenggung Dahanapati karo nyembah. Sauntara Tumenggung liyane sing uga wis padha mlumpuk ngadhep Pangeran Singasari wiwit meneng ngrungokne apa sing arep dirembug ing tetemon wektu kuwi.
"Wis ana kabar saka bocah sandi apa durung?" Pangeran Singasari ndangu mundhut pirsa marang Tumenggung Dahanapati sing uga kajibah aweh prentah marang prajurit telik sandi Mataram.
"Dereng sedaya Lare sandi ingkang kula kintun caos palapuran Kanjeng" wangsulane Tumenggung Dahanapati "taksih wonten lare tiga ingkang dereng wangsul, mesthinipun inggih boten dangu malih tumunten wangsul njangkepi palapuranipun prajurit Bindar ingkang dumugi watawis sapanginang kapengker".
"Warta apa sing digawa dening prajurit Bindar?" Pangeran Singasari ndangu maneh.
"Bendar ngabaraken bilih ngantos piyambakipun mangkat wangsul ing pasanggrahan menika kala wau, gegolonganing titiyang ingkang agegaman jangkep taksih gumelur tumuju Paguron Tangen" wangsulane Tumenggung Dahanapati nekakne palapurane Prajurit Bendar "miturut katrangan gegolonganing tiyang ingkang agegaman jangkep menika para siswa-siswa saking Paguron Tangen ingkang sampun madeg piyambak-piyambak minangka Paguron Kanuragan enggal ingkang mangayom dhateng Paguron Tangen, ingkang sumebar ing padhusunan-padhusunan sakupengipun Paguron Tangen menika Kanjeng".
"Yen mangkono kekuwatane Paguron Tangen iki ora mung kaya sing dicritakne ing rontale Rangga kang diaturake Wa Patih Mandaraka kae? Tegese cacahing prajurite luwih akeh maneh? harak mangkono ta Ki Tumenggung?" Pangeran Singasari nocogne palapuran sing ditampa karo unine layang saka Rangga marang Patih Mandaraka.
"Ketingalipun mila makaten Gusti" wangsulane Tumenggung Dahanapati "miturut pangetangiun Bendar, dugi wekdal menika kekiyataning tiyang Paguron Tangen antawis sampun sangang atus tiyang, kantun samangke wonten wewahan malih menapa boten, mangke saged kauningan menawi lare sandi sampun wangsul sedaya".
"Mangkono kuwi mau kahanan sing ana ing Paguron Tangen, para kadangku Tumenggung kabeh" Pangeran Singasari genti ngendika marang Tumenggung liyane "dadi apa sing didhawuhne Siwa Mandaraka sing maune kober tak paido kae, jebul ana benere. Malah bisa uga cacahing prajurit sing dibudhalake iki isih kalah cacah karo prajurite Ki Gedhe Tangen sing saiki wani nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha kuwi, banjur kepriye wawasan ndika kabeh ing babagan iki?".
"Nyuwun pangapunten Kanjeng" Tumenggung Tirtakusuma sing wis dingerteni ing akeh nek dadi Tumenggung pethingane Pangeran Singasari munjuk atur.
"Iya kepiye Tumenggung Tirtakusuma?" Pangeran Singasari paring pitakonan marang Tumenggung Tirtakusuma.
"Menawi ngantos karoban mengsah, jalaran tiyangipun Paguron Tangen langkung kathah katimbang prajurit Mataram, menika saged dados ndrawasi saestu Kanjeng, menapa boten langkung prayogi pangrabasa dhateng Tangen menika dipun sumenekaken rumiyin? sauntawis menika kula badhe kengkenan prajurit sandi kula wangsul dhateng Kutha Gedhe, murih Adhimas Panji Jayatsena mbidhalaken bregadaning prajurit ingkang taksih kantun ing Mataram?" Tumenggung Tirtakusuma ngunjukne panemune.
"Panemu ndika sing mangkono kuwi mula tinemu ing nalar Ki Tumenggung" wangsulane Pangeran Singasari sing apal banget cacahing prajurite kabeh ora luwih saka limang atus prajurit katambah para senapati sing cacahe uga ora kliwat saka wong rong puluh, kamangka para senapati sing dumadi saka para Tumenggung lan para Panji Prajurit Mataram kuwi dijagakne kanggo ngadhepi perang tandhing karo para gegedhug utawa murid-murid pilihan sing ana Paguron Tangen.
"Nanging sadurunge ndika kongkona bocah sandi bali menyang Mataram, prayogane ngenteni kabar pungkasan saka bocah sandi sing durung bali luwih dhisik" Pangeran Singasari aweh wangsulan marang Tumenggung Tirtakusuma. Sauntara ing angen-angene kadang timure Panembahan Senapati sing jumeneng minangka Senapati Agung Mataram kuwi wiwit katon kaya ngapa repote prajurit Mataram sing mung cacah limang atus adhep-adhepan karo prajurit Paguron Tangen cacah sangangatus malah kepara isih bakal tambah luwih akeh maneh.
Angen-angene Pangeran Singasari kang mangkono kuwi uga padha karo angen-angene para Tumenggung sing katut melu dibudhalake menyang Tangen sing saiki mlumpuk ing Pasanggrahane Pangeran Singasari kuwi. Akeh sing banjur ing jero batine tuwuh panutuh marang Rangga sing olehe matur marang Patih Mandaraka lumantar layang rontal mung ngabarake yen cacahing kekuwatan Paguron Tangen ora kliwat saka patang atus wong. Wong-wong kuwi babar pisan ora kelingan yen sadurunge layange Rangga teka, Pangeran Singasari wis duwe rancangan yen mung arep mbudhalake Tumenggung Dahanapati lan Tumenggung Tirtakusuma lan sawatara prajurite kanggo ngrabasa Paguron sing dikabarake malela kuwi.
Nalika kahanan parepatan ing pasanggrahan kuwi dadi sepi jalaran kabeh durung ana sing nemokne wangsulan sing gumathok kanggo ngadhepi kekuwatane Paguron Tangen sing pranyata mleset karo pangira-ira kuwi, dumadakan prajurit telik sandi andhahane Tumenggung Dahanapati teka, banjur mapan lungguh ing sandhinge penggedhene.
"Warta apa sing bisa tak ngerteni heh bocah sandi?" sadurunge prajurit sandi kuwi aweh lapuran marang Tumenggung Dahanapati, pranyata Pangeran Singasari luwih dhisik mundhut pirsa.
"Nyuwun pangapunten Kanjeng" Prajurit Sandi sing jeneng Drana Kumbaya kuwi gageyan nginger lungguhe genti madhep Pangeran Singasari karo matur "kepareng munjuk ngengingi kekiyataning jurit Paguron Tangen".
"Iya gage kandhakna!" wangsulane Pangeran Singasari sajak wis ora sabar.
"Sedaya kekiyataning jurit Paguron Tangen watawis setunggal ewu kalih atus tiyang, kaperang dados kalih ingkang sekawan atus menika dumados saking para murid utawi cantrik ingkang taksih mapan ing Tangen dene ingkang wolung atus dumados saking para cantrik ingkang sampun yasa paguron piyambak-piyambak ingkang mbeta murid-muridipun, dados ingkang kantun menika watawis wonten sedasa paguron" wangsulane Drana ngandharake keuwatan sing kudu diadhepi Prajurit Mataram "lan miturut kabar tambahing kekiyatan Paguron Tangen ingkang dereng dumugi kantun prajurit saking padhusunan ingkang sampun dados telukanipun Paguron Tangen, nanging cacahipun boten kliwat saking kalih atus tiyang".
"Dadi wektu iki samono kuwi akehe kekuwatane Paguron Tangen?" tanpa krasa Pangeran Singasari takon jalaran ora ngira babar pisan yen kekuwatan sing kudu diadhepi adoh saka angen-angen sadrurunge "sewu rong atusan isih ana tambahan maneh kira-kira rong atusan?".
Krungu pitakone Pangeran Singasari sing kaya mung ditujokne marang awake dhewe kuwi, para Tumenggung dadi padha tolah-toleh inget-ingetan karo kancane dhewe-dhewe. Kabeh padha duwe gagasan yen ora nekakne prajurit tambahan saka Mataram, tan wurunga prajurit sing ana saiki bakal angel bisa unggul ing yuda awit karoban dening akehing munsuh sing kudu diadhepi. Mula kabeh mripat tumuli padha mandeng pernahe Tumenggung Tirtakusuma sing mau wis munjuk atur marang pangeran Singasari yen arep kongkonan prajurit sandi bali menyang Kutha Gedhe nemoni Panji Jayatsena njaluk tambahan prajurit kanggo nambahi kekuwatan sing saiki masanggrah ing papan kono kuwi.
Pangeran Singasari dhewe uga banjur mirsani marang Tumenggung Tirtakusuma, wangune arep paring dhawuh mangsuli unjuke Tumenggung pethingane sing mau wis diaturake. Nanging durung nganti kawetu pangandikane Pangeran Singasari marang Tumenggung Tirtakusuma, kedadak ing pasanggrahan kono ana angin sumribit, nggawa ganda aruming kembang melathi sing nganeh-anehi, kesusul ana suwara tanpa rupa, nanging keprungu cetha :
"Lepat nyuwun pangaksami Gusti Pangeran Singasari, mugi kaparengna kula sowan ngabyantara ing ngarsa paduka sanadyan kula botenh katimbalan".
Pangeran Singasari kejot penggalihe nemoni kahanan sing mangkono kuwi, suwara kuwi kaya tau dirungokne, nanging neng ngendi? Pangeran Singasari supe, Para Tumenggung lan prajurit sandi sing ana kono uga padha lali. Kuwi suwarane sapa?. Ya gene teka tanpa ana wewujudane? . Sing teka kahiring gandane Mlathi sing arum iki sapa? Lan duwe karep apa?. Kabeh padha nakoni atine dhewe-dhewe, nanging durung ana sing bisa oleh wangsulan sing maremake.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar