Total Tayangan Halaman

Jumat, 25 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (092)

 

92.

Puthut Jayantaka kaget krungu panjaluke Ki Gedhe Pelanggolan kang mangkono iku mau. Ana rasa gumun sing tuwuh ana atine, ya gene ana wong kok kena diarani Kebo nantang pasangan, utawa wong legan golek momongan, mengku karep apa wong tuwa sing dadi pangarepe Paguron cilik kanthi panjaluk kaya ngpono kuwi?.  Apa jalaran wis rumangsa dhuwur ngelmu kanuragane banjur arep dipamerne neng ngarepe Ki Gedhe Tangen sing saiki wis nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha murih ing mengkone bisa cedhak karo Panjenengane?. Nek kuwi sing dikarepne Ki Gedhe Pelanggolan, cetha nek kena diparibasakake niru lekase Cecak sing arep nguntal cagak, mokal kasembadane malah cepak ing kacilakane, jalaran Puthut Jayantaka wis duwe pangira yen kadigdayan lan akehe ngelmu kanuragan sing diduweni Ki Gedhe Pelanggolan kuwi isih kena dijajagi nganggo driji panudinge. Wiwitane Puthut Jayantaka duwe rasa pangeman marang Ki Gedhe Pelanggolan sing dianggep ora bisa noleh githoke dhewe kuwi, tan wurunga yen nganti diidini olehe kepengin maju ing barisan ngarep dhewe dadi cucuking jurit Paguron Tangen, genah yen ora nganti sapanginang Ki Gedhe Pelanggolan sasiswane kabeh mesthi wis mblasah kaya babadan pacing, mati dening gegamane prajurit Mataram. Nanging, bareng Puthut Jayantaka rumangsa sengit nek ana wong sing seneng mamerne kadigdayan ing ngarepe, rasa pangeman kuwi tumuli ilang, malah banjur kepengin aweh pidana marang wong sing seneng ngono kuwi mau. Mula Puthut Jayantaka banjur duwe panemu luwih becik apa sing dadi panjaluke Ki Gedhe Pelanggolan kuwi becik dituruti wae, jalaran kajaba kanggo sarana aweh pidana uga saupama klakon Paguron Jatigrowong kuwi tumpes tapis entek tanpa nisa  babar pisan ora gawe kapitunane Paguron Tangen.

 

"Nyuwun pangapunten Bendara" durung nganti Puthut Jayantaka aweh wangsulan karo panjaluke Ki Gedhe Pelanggolan dumadakan Ki Lurah Grumbulan nyelani guneman.

 

"Iya ana apa Ki Lurah?" Puthut Jayantaka takon.

 

"Sasampunipun kula mireng aturipun Ki Gedhe ing Jatigrowong makaten menika kala wau, kraos kegugah raos kula, raos miris lan ajrih sakala sumingkir tebih, kagantos raos wani ing kewuh siyaga ngadhepi bebaya" wangsulane Lurah Kuwera karo tembung sing keprungu cetha.

 

"Sing dikersakne Ki Lurah piye?" Puthut Jayantaka sing isih durung pati mudheng karo tembunge Lurah Grumbulan takaon maneh.

 

"Kula ugi nyuwun murih dipun keparengaken ngajak prajurit Dhusun Grumbulan nyawiji dados satunggal ing pabarisanipun Ki Gedhe Pelanggolan lan para siswa Jatigrowong, minangka pucuking tumbak kangge ngadhepi prajurit Mataram ingkang badhe ngrabasa padhukuhan kula menika".wangulane Lurah Grumbulan kanthi suwara sing nuduhake yen kateguhaning tekade.

 

Puthut Jayantaka dadi sansaya gumun nemoni wong-wong sing kaya-kaya ora duwe rasa giris ngadhepi wadya bala sagelar sepapan saka Mataram kuwi.  Apa merga wong-wong kuwi ora duwe kawruh lan ora tau krungu kabar yen prajurit kuwi prajurit sing peng-pengan kondhang kasektene lan wis kulina gawe pepati sing tanpa wilangan ngrabasa marang golonganing wong sing ora gelem teluk marang Sutawijaya? mangkono pitakon sajroning atine Puthut Jayantaka, apa ana sabab liyane?.

 

"Mengko dhisik Ki Lurah lan Ki Gedhe" wusana Puthut Jayantaka wangsuloan kanthi aweh katrangan "ing perang mengko sing diadhepi dudu barisane brandhal, kecu utawa maling sing seneng ngganggu katentremaning desa, nanging sing diadhepi kuwi para prajurit sing wis wareg ing gladhen ulah kanuragane. Mula sanadyan aku percaya yen ndikaq kabeh uga duwe ngelmu kanuragan nanging sing arep ndika adhepi kuwi prajurit sing wis kulina ander pati ing tengahing paprangan".

 

"Kula ngertos Bendara" Ki Gedhe Pelanggolan gage olehe guneman "mila estu yen prajurit Mataram menika dede namung bobot loro saudhon telu saurupan, nanging kula langkung pitados sawab saha guna pangaribawanipun Panembahan Dewa Karkatha menika langkung ageng katimbang kalih kadibyanipun prajurit Mataram. Kanthi sangu manunggaling tekad ing manah kula sakanca dhateng lekasipun Sang Aji Panembahan Dewa Karkatha, kula pitados tartamtu badhe pikantuk pangayoman saking guna pangaribawanipun Sang Aji Panembahan ing Tangen, sanaosa makaten kula sakanca inggih boten badhe selak menawi kedah gugur dados sawur tawuring perang., jalaran boten wonten kautaming pejah ingkang nglangkungi kautamenipun tiyang ingkang pejah ing palagan anglabuhi buminipun saha anglampahi kekudanganing sesembahanipun".

 

"Semono sing dadi tekad ndika Ki Gedhe" Puthut Jayantaka wangsulan sareh.

 

"Samanten ugi kula sakanca,  Bendara" genti Lurah Grumbulan sing uga nelakne tekade "kula pitados ing paprangan mangke namung wonten kalih pilihan ingkang kedah dipun pilih, menawi mimpang kula sakanca tartamtu badhe mukti, ndherek nempil kamuktenipun Panembahan Dewa Karkatha dene menawi boten mimpang, inggih pejah kanthi satriya, ingkang ing benjangipun badhe dipun emut-emut bilih pejah kula sakanca boten pejah kanthi dhadha ingkang mingkus dados kekeseding mengsah nanging pejah gagah minangka satriya ingkang nglabuhi tanah wutahing rah".

 

Ki Lurah meneng sedhela banjur noleh memburi karo kandha marang para bebau lan sapukawating desa sarta para warga sing piniji melu teka ing pendhapa kuwi :

 

"Harak ya mangkono kuwi ta Lur sing padha ndika karepne?"

 

"Inggiiiiiiiih Ki Lurah, lereeeees!!!" wangsulane para Bebau lan Sapukawating Desa sarta kabeh sing ana pendhapa kuwi bebarengan, suwarane banter gumuruh kaya bata kang rubuh saka linggane.

 

Puthut Jayantaka wis ora mikir maneh apa sing bakal kelakon marang wong-wong sing wis nelakake kasetyane marang Paguron Tangen kuwi, embuh dadi glepung embuh dadi remukan balung, Puthut Jayantaka wis wegah metung. Sing cetha dheweke ora aweh prentah supaya wong-wong kuwi maju ing barisan ngarep dhewe, nanging wong-wong kuwi dhewe sing ngarepake.

 

"Yen pancen mangkonoi sing dadi tekad lan panjaluk ndika kabeh" wusanane Puthut Jayantaka aweh wangsulan "panyuwun ndika bakal tak aturake marang Rama Panembahan Dewa Karkatha, muga-muga apa sing padha ndika kersakne bisa kasembadan. Lan ndika kabeh ora ana sing  gugur dadi sawur tawuring paprangan nanging bakal mukti wibawa ing sangisoring pangayomaning Rama Panembahan Dewa Karkatha".

 

Oleh wangsulan saka Puthut Jayantaka sing mangkono kuwi, ora mung Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah sing banjur genti mangsuli, nanging wong sapendhapa padha surak gumuruh nelakne rasa panuwune marang Puthut Jayantaka sakancane sing tekane ing kono jejer minangka utusane Panembahan Dewa Karkatha. Ambal-amba;lan asmane Panembahan Dewa Karkatha diucapake dening wong-wong ing pendhapa kuwi kaya pangucape para kawula ing padesan, sing ngunjukne pambagya rahayu sinartan pamuji lan panuwunan, nalika weruh ratu gustine sing kabeneran ameng-ameng leledhang ing desane. Puthut Jayantaka, Puthut Jayandaga lan para murid saka Paguron Tangen katon padha marem atine.

 

"Saiki mangkene Ki Lurah, Ki Gedhe lan kabeh sedulurku ing Grumbulan kene" kandhane Puthut Jayantaka sawuse kahanan bali anteng "wiwit dina iki ndika kabeh kari padha siyaga lan sawega, sawayah-wayah ana timbalan budhal saka Paguron Tangen, ndika kabeh tumuli padha budhal, yen durung ana timbalan budhal, ora ana alane yen ndika kabeh padha mantebake anggone padha gladhen ing reh kanuragan".

 

"Inggih boten langkung ngestoaken dhawuh, Bendara" wangsulane Ki Lurah Grumbulan.

 

Nalika srengenge wis rada adoh anggone ngglewang mangulon, tetemon ing pendhapa Kalurahan kuwi dipungkasi klawan pista andrawina, mangan bareng bareng klawan kebak rasa suka. Bareng wis rampung olehe padha mangan lan ngombe, Puthut Jayantaka sakancane banjur padha pamitan arep nerusne laku menyang Desa Grumbulan Wetan, arep nemoni Ki Lurah Widarba lan para sapukawate. Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lurah Kuwera, Ki Lasma lan para Bebau sarta para sapukawate desa padha nguntapne lungane dhayoh-dhayohe nganti tekan regol ngarep.

 

"Sajake kabeh lumaku kaya sing wis dirangcang Ki Lurah" kandhane Ki Gedhe pelanggolan marang Lurah Kuwera sawuse Puthut Jayantaka sakancane adoh ninggalne pendhapa kalurahan katitik suwara tracaking jarane wis ora keprungu maneh.

 

"Katingalipun makaten Ki Gedhe" wangsulane Ki Lurah karo mesem, dibacutake karo nyadhong rerigen "salajengipun, menapa ingkang kedah kula lampahi?".

 

"Sauntara ya kaya ngene iki dhisik, lire kabeh wae aja ana sing ngrembug apa sing wis dadi rancangan sing ndika ngerteni. Malah kepara supaya padha diramekne ngrembug anggone wongt-wong Grumbulan sing arep maju ing paprangan mungsuh wadya bala Mataram. Lagi mengko sawayah-wayah ana timbalan saka Paguron Tangen sing aweh prentah awake dhewe kudu budhal, lagi aku bakal ngandhakne apa sing kudu tak kandhakne murih becike Padhukuhan Pelanggolan lan para wargane kabeh".

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Ki Lurah Kuwera karo manthuk-manthuk.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...