Total Tayangan Halaman

Jumat, 25 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (091)

91.

Puthut Jayantaka mapan lungguh neng kursi sing kulina dilungguhi  Ki Lurah ing Pendhapa sisih mburi jejer karo Puthut Jayandaga sing lungguh ing kursi kang rupa lan wangune padha. Sauntara para pendhereke dicawisi lungguhan sing ngapit-apit palungguhane Puthut loro sing dadi wakile Panembahan Dewa Karkatha kuwi. Neng ngarep kursi sing dilungguhi wong-wong Paguron Tangen, Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma, Lurah Kuwera lan para Bebau sarta para sapukawate desa Grumbulan padha lungguh timpuh neng klasa, amarikelu kaya satatane punggawa ngadhep narendra.

 

Sadurunge ana sing guneman, para sinoman padha repot dhewe-dhewe nyuguhne omben lan panganan minangka pasugatan marang para tamu sing ditampa kaya dene tamu agunge desa Grumbulan. Sing lungguh neng klasa uga padha oleh suguhan kaya lumrahe wong sing lagi nemoni tamune.

 

Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sarta para murid Paguron Tangen liyane, sing maune babar pisan ora ngira yen tekane kono jebul ditampa kanthi pakurmatan kang kaya mangkono kuwi, rumangsa kebombong atine. Mulat salira rumangsa, rumangsa bener-bener wis pantes disubya-subya kaya mangkono iku lan tuwuh jroning ati yen kabeh mau sasmita saka Sang Hyang Kala Mercu sesembahane, minangka pratandha yen ora suwe maneh bakal padha munggah drajate dadi nayakaning praja kang cinaket karo Ratune Tanah Jawa, ya iku Panembahan Dewa Karkatha.

 

"Mengko dhisik Ki Lurah" kandhane Puthut Jayantaka marang Lurah Kuwera, sawuse padha ngincipi pasugatan sing diladekne dening para sinoman "wingi kuwi Ki Pahang lan Ki Tambir sing tak utus nemoni ndika wis paring dhawuh apa, dene tekaku sakanca ndika pethukne kaya methuk tamu agung iki?".

 

"Lepat nyuwun sih pangapunten Bendara" wangsulane Ki Lurah Grumbulan alus "Anakmas Pahang menapa dene Anakmas Tambir kala wingi dhawuh dhateng kula, bilih Bendara Puthut Jayantaka lan Bendara Puthut Jayandaga dinten menika badhe tedhak dhateng pendhapa mriki. Inggih nyuwun pangapunten gandheng dhawuh ingkang kula tampi menika nembe kala wingi, kula inggih boten saged nyepak-nyepakaken kangge angurmati rawuhipun para Bendara kanthi sampurna, sagedipun inggih namung kados makaten menika, awit saking menika mugi para Bendara kepareng ngrentahaken kawlasan saha kersa paring pangaksami dhateng kula, dhateng Ki Gedhe Pelanggolan, miwah para Bebau sarta para kawula ing dhusun mriki, ingkang kirang saged ngecakaken rehing tata krama kanthi sae".

 

"Ha...ha ....ha......" Puthut Jayantaka gumuyu banjur wangsulan "aja banget nggonmu ngasorake dhiri Ki Lurah, panampa ndika marang tekaku lan para kanca kabeh, wis luwih saka tembung cukup. Aja kuwatir, kabecikan ndika lan para kawula ing Desa Grumbulan kene iki mengko mesthi dadi atur ing ngarsane Rama Panembahan Dewa Karkatha, murih ing tembe yen wis teka titi wancine ndika kabeh dimen kaparingan kanugrahan dening Rama Panembahan".

 

"Ngatiraken sewu genging panuwun Bendara" wangsulane Lurah Kuwera "saestu boten wonten saglugut pinara sewu ing salebeting manah kula, ngajeng-ajeng ganjaran saking Panembahan Dewa Karkatha, jer sadaya ingkang kula lampahi menika namung dhapur nindakaken darmaning gesang, anglampahi kuwajibaning kawula caos lelados dhateng Bendara".

 

"Iya, iya aku ya wis sumurup marang niyat ndika sing mijil saka prenthuling ati suci kuwi Ki Lurah" kandhane Puthut Jayantaka sabanjure "saiki dhawuhku marang ndika, aturna apa sing ditakokne dening Ki Pahang lan Ki Tambir wingi, mligine sing magepokan karo kekuwataning prajurit ing Grumbulan kene sarta kahanane Paguron cilik sing manggon ing sakulone desa iki kae!".

 

"Nyuwun pangapunten bendara" wangsulane Lurah Kuwera ngati-ati karo sethithik nglirik marang Ki Gedhe Pelanggolan minangka sasmita mengko yen ana tembung sing ora pas supaya dibenerake "sampun kula tliti kanthi titi, caching prajurit Dhusun Grumbulan menika sedaya taksih pitung dasa tiyang dipun suhi dening Ki Jagabaya Juwana. Dene kawontenanipun Paguron Jatigrowong, ing mriki pranyata ugi sampun wonten sesepuhipun ingkang nembe kemawon kundur saking anggenipun kesah, inggih menika Ki Gedhe Pelanggolan,  murih langkung cethanipun supados matur piyambak ing ngarsanipun Bendara".

 

"Nyuwun pangapunten Bendara" Ki Gedhe Pelanggolan genti guneman "kaparenga kula badhe matur ngengingi kawontenanipun Paguron alit ingkang kula suhi ing Jatigrowong".

 

"Iya, iya Ki Gedhe" wangsulane Puthut Jayantaka karo mesem "ora sah ndadak nganggo ewuh pakewuh, critakna kahanan sing sanayatane Paguron sing ndika suhi kuwi, awit nadyanta cilik Paguron ndika kuwi mesthi mulangake ngelmu ing reh kanuragan sanadyan ya mung sarwa prasaja".

 

"Kasinggihan Bendara" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sing satemene rumangsa runtik atine jalaran wis diremehne dening Puthut saka Paguron Tangen kuwi kanthi ngarani nek Paguron Jatigrowong kuwi mung mulangake ngelmu kanuragan sing sarwa prasaja, nanging runtiking atine Ki Gedhe Pelanggolan babar pisan ora dituduhne ing ngarepe Puthut sing rumangsa wis duwe kasekten wudu ing tandhing kuwi "cacah sirah siswa Pagurun Jatigrowong wonten setunggalatus sekawan dasa lare. Lan menawi sawanci-wanci kakersakaken tenaganipun kangge kabetahane Dhusun Grumbulan tansah sawega ing dhiri siyaga ing gati".

 

"Bagus Ki Gedhe" kandhane Puthut Jayantaka sabanjure "pancen tekaku ing kene iki mau ya merga ana sambung rapete karo lestarine Padhukuhan ing Grumbulan kene. Awit kurang-kurang bejane Padhukuhan Grumbulan kene bisa katut dadi Karangabang merga tumindake wadya bala saka Mataram".

 

"Wadyabala saking Mataram Bendara?" Ki Gedhe Pelanggolan api-api ora ngerti karo sing dikandhakne Puthut Jayantaka ngono kuwi mau "menapa lepatipun Dhusun Grumbulan mriki dhateng Mataram? jaman rumiyin mila leres menawi Grumbulan utawi Pelanggolan mriki menika mangayom dhateng Mataram, nanging sampun radi dangu lajeng Grumbulan dados rerehanipun Paguron Tangen".

 

"Sing ndika kandhakne kuwi mau bener Ki Gedhe" wangsulane Puthut Jayantaka "sing bener pancen Padhukuhan ing kiwa tengene papan kene iki pancen kebawah Paguron Tangen, nanging Mataram ora narimakake lan wektu iki wis mbudhalake prajurit kanggo ngrabasa lan ngrampog desa-desa sing wis ucul saka regemane Mataram kuwi, kalebu Padhukuhan ing Grumbulan kene".

 

"Menawi kados makaten ateges padhukuhan ing mriki menika salebeting bebaya Bendara?" Lurah Kuwera melu takon "lajeng lados pundi murih saenipun menika?".

 

"Saiki ndika padha ngrungokna dhawuhe Rama Panembahan Dewa Karkatha sing arep tak kandhakne marang ndika Ki Lurah lan ndika Ki Gedhe" Puthut Jayantaka aweh wangsulan karo aweh prentah marang Lurah Grumbulan lan Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Inggih Bendara, mangga enggal kababarna dhumateng kula sedaya" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Rama Panembahan Dewa Karkatha ora bakal rila manawa Mataram gawe cilakane para kawula ing Grumbulan kene, mula Rama Panembahan banjur kagungan eguh, murih aja nganti Prajurit Mataram kuwi klakon tekan papan kene, Rama Panembahan paring dhawuh marang ndika Ki Lurah lan nDika Ki Gedhe supaya padha nyawiji karo para siswa Paguron Tangen, nyegat lakune wadya bala saka Mataram sing saiki isih ana dalan. Iki kalodhangan sing becik tumrap ndika lan para prajurit ndika, jalaran kanthi nyawiji karo siswa-siswa Paguron Tangen, prajurit Kalurahan Grumbulan lan para siswane Ki Gedhe Pelanggolan bakal kinayoman awit kadibyane para siswa Paguron Tangen, lan wadya bala Mataram mesthi bakal entek tumpes tapis di sirnakne dening siswa-siswane Rama Panembahan Dewa Karkatha, malah mengko ora mung para siswa wae sing budhal nyegat lakune wadya bala Mataram, nanging Rama Panembahan malah wis kepareng jumeneng minangka Senapati Agung kanggo nyapu prajurit andhahane Sutawijaya, Tilas Lurah Pasar Pajang sing wis kegedhen sirah wani madeg dadi Panembahan ing Kutha Gedhe Mataram kuwi. Saiki aku minangka dhutane Rama Panembahan Dewa Karkatha arep takon wangsulana kanthi sabecik-becike, ndika Lurah Grumbulan lan nDika Ki Gedhe Pelanggolan, wani apa ora yen didhawuhi dening Rama Panembahan Dewa Karkatha maju perang bareng karo siswa-siswa ing Paguron Tangen iki?".

 

"Estunipun ing wiwitan kula rumaos tidha-tidha, wonten raos maras kaworan miris menawi ngajak siswa-siswa kula ngadhepi prajurit Mataram menika Bendara" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sareh "nanging dupi kula mireng dhawuhipun Bendara bilih mangke Panembahan Dewa Karkatha ingkang jumeneng minangka senapati agung, raos miris lan maras sarta tidha-tidha menika sadaya sirna saking salebeting manah, kendhih raos kendel awit ngandel dhateng kadibyaning Panembahan Dewa Karkatha. Inggih awit wontening raos kendel lan wani menika, menapa kula kaparengaken gadhah panyuwunan Bendara?".

 

"Ki Gedhe duwe panyuwunan apa? perkara wragating perang kanggo mbudhalake siswa-siswa ndika bakal ditanggung dening Paguron Tangen kabeh" wangsulane Puthut Jayantaka.

 

"Boten prakawis menika ingkang kula suwun Bendara" kandhane Ki Gedhe Pelanggolan "nanging murih mareming manah kula lan para siswa kula ing Jatigrowong kula nyuwun supados barisan siswa jatigrowong kapapanaken minangka cucuking jurit muroih langkung ketingal sepinten kasetyan kula dhateng Panembahan Dewa Karkatha lan sepinten raos tanggel jawab kula kangge karahayoning Dhusun Grumbulan mriki".

 

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...