Total Tayangan Halaman

Kamis, 24 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (090)


90.

Para siswa Paguron Tangen sing krungu wangsulane Puthut Jayantaka kuwi sakala padha tuwuh rasa mongkog ing atine. Mongkog amerga jebul sarat kanggo nggayuh palungguhan lan drajat sing becik kuwi ora kaya sing digambarake sadurunge. Maune akeh sing ngira yen kudu nganggo redana sing akeh kaya lumrahe sing wis kelakon neng ngendi-endi, murih bisa lungguh kudu bisa ngaturake suguh marang para kang lungguhe luwih dhuwur, nanging jebule sarat sing dikandhakne Puthut Jayantaka, wong sing wis dipercaya dening Panembahan Dewa Karkatha kuwi kena diarani mung mayar. Mung wujud kasetyan lan katemenan anggone ngabdi marang Panembahan Dewa Karkatha. Mula jroning atine wong-wong sing lungguh neng klasa kuwi banjur tuwuh tekad, bebasan putung kinarya bebalang, lebur kinarya sawur bakal ditekadi waton kuwi sing dikersakne Panembahan Dewa Karkatha, wewayanganing Jawata kang piniji bakal ngratoni Tanah Jawa.

 

Lagi wae padha meneng ngumbar gagasan dhewe-dhewe, dumadakan wong saomah kuwi dikagetne merga tekane Tambir karo Pahang sing sajak daya-daya kepengin enggal ngadhep Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga. Sanadyan ora padha ngalih sumingkir ngadoh, nanging wong sing padha lungguh kuwi nisih, aweh dalan lan panggonan marang Pahang lan Tambir sing uga banjur lungguh sila neng ngarepe Puthut loro sing nyekel kaparcayane Panembahan Dewa Karkatha kuwi.

 

"Piye asile olehmu wis budhal nindakne prentahku Pahang lan Tambir?" sadurunge wong loro sing lagi teka kuwi omong apa-apa, Puthut Jayantaka ndhisiki takon warta.

 

"Awit pikantuk berkah saha pangestunipun Ki Puthut lampah kula manggih rahayu lan wangsul kula ing mriki mbekta wartos ingkang boten patos ndadosaken kuciwa, Ki Puthut" Tambir guneman karo sikep sing kurmat.

 

"Sokur ta yen mangkono" wangsulane Puthut Jayantaka dibacutne nganggo pitakonan maneh "kowe wis ketemu karo sapa wae? Lan kepriye mungguh asile?".

 

"Inggih Ki Puthut, kula kekalih sampun panggih kalih Ki Lurah Kuwera ing Grumbulan Kilen lan Ki Lurah Widarba ing Grumbulan Wetan" wangsulane Tambir aweh katrangan "Lurah Widarba ngandharaken bilih kekiyataning prajurit ing Dhusunipun wonten watawis pitung dasa gangsal tiyang, dene Ki Lurah Kuwera ngandharaken bilih kekiyataning prajurit ingkang dados andhahanipun wonten antawis sewidak tiyang. Dene kawontenanipun Paguron Alit sacaketipun Grumbulan nika, miturut aturipun Ki Lurah Kuwera mila taksih wonten ingkang mapan ing mriku, namung kemawon suhing Paguron wekdal samangke nembe kesah duka dhateng pundi purugipun. Kula inggih lajeng prentah dhatengt Ki Lurah murih piyambakipun nliti kawontenan ing Paguron menika.Benjing kula kengken murih ngaturaken kanthi jangkep menggah kawontenaning prajuritipun saha kawontenaning paguron alit menika, dhateng Ki Puthut".

 

Puthut Jayantaka nampa lapurane Tambir lan Pahang kanthi senenging ati, mula banjur aweh prentah sesuk-esuk supaya padha melu ndherekne Puthut Jayantaka lan Puthut Kayandaga menyang Padhukuhan Grumbulan kulon apa dene Grumbulan Wetan. Kabeh sing padha lungguh neng klasa kuwi padha nyaguhi kanthi gembiraning ati. Kabeh kepengin nuduhake kasetyan lan katemenane olehe wis masrahake jiwa lan ragane marang Panembahan Dewa Karkatha, wewakile Sang Hyang Kala Mercu ing marcapada.

 

Sauntara kuwi, wektune isih durung pati awan nalika Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma budhal menyang Pendhapa Kalurahan Pelanggolan utawa Grumbulan Kulon. Nanging jebul kahanan ing omahe Lurah Kuwera wis katon rame, ing pawon akeh para wanita sing padha olah-olah lan nyepak-nyepakne panganan sing enak lan mirasa. Ki Lurah Kuwera wis aweh prentah supaya suguhan sing diwetokne kanggo nyugata dhayohe mengko aja nganti gawe kuciwa. Mula wiwit mau bengi para wanita sing omahe ora adoh karo omahe Ki Lurah sarta para sisihan lan anak-anak wedoke para Bebau wis padha teka ing omahe Ki Lurah, nandangi maneka warna gaweyan, olah-olah gawe panganan. Ki Lurah uga wis prentah marang rewange lanang sing jeneng Rebo, ngundhuh degan klapa ijo pirangt-pirang janjang, kabeh wis dipacaki lan dicawisake kanggo ngunjuke para tamu saka Paguron Tangen. Sauntara rewang liyane uga wis nandangi gaweyan liya, ngupakara wedhus loro sing disembeleh, sing arep diolah kanggo lawuh mengjko yen wancine nyuguh mangan.

 

"Mangga, mangga Ki Gedhe bablas pinarak dhateng Pendhapa kemawon" kandhane Ki Lurah nalika weruh yen Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma wis teka, sauntara para Bebau uga wis teka nanging isih padha durung munggah menyang ing Pendhapa.

 

"Sajake olehmu arep nampa dhayoh saka Paguron Tangen tenanan Ki Lurah?" pitakone Ki Gedhe karo mesem.

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Lurah Kuwera uga karo nimbangi mesem "murih boten damel kuciwaning Bendara Puthut Jayantaka miwah Bendara Puthut Jayandaga lan pandherekipun".

 

"Bener kuwi Ki Lurah" kandhane Ki Gedhe sabanjure "murih wimbuh ing wibawa lan nuduhake bektimu marang Paguron Tangen, emper ngarep Pendhapa lan Kerun sing ana regol kae, wenehana rerenggan nganggo Nur Kuning Kang sinangga guwa".

 

"Nur Kuning Kang Suinangga Guwa? Menapa niku Ki Gedhe?" Ki Lurah takon karo njengkerutne bathuke mratandhani durung mudheng karo sing didhawuhne Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Kuwi mung tembung cekakan wae Ki Lurah" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo ngguyu "tegese Nur Kuning kuwi Janur sing isih kuning, sinangga guwa tegese sing maune disangga glugu sing dawa, karepku rengganana emper karo kerun ndika nganggo januring klapa sing olehe njupuk janur milih janure wit klapa sing wis rada tuwa dudu janure klapa genjah sing cendhek-cendhek kuwi".

 

"Oooo, inggih-inggih Ki Gedhe" Ki Lurah Kuwera mlengeh amba, banjur tangane ngawe sawijining bebau sing ngadeg ora adoh ing papan kono.

 

"Tulung Ki Bau" kandhane Ki Lurah sawise sing diawe mara nyedhaki "ndika prentahne marang sinoman supaya golek janur klapa sing isih kuning, kanggo ngrenggani kerun gapuraning regol ngarep kae karo empering pendhapa iki murih katon luwih endah lan wibawa".

 

"Inggih Ki Lurah, sendika" wangsulane Bebau kuwi sing uga banjur budhal tumandang.

 

"Karo mengko ngene Ki Lurah" kandhane Ki Gedhe Pelanggolan maneh "becike awake dhewe aja ndhisiki lungguh neng pendhapa luwih dhisik sadurunge dhayohe teka".

 

"Lha lajeng kados pundi Ki Gedhe?" Lurah Kuwera takon maneh.

 

"Mengko aku, Paman Lasma, Ki Lurah lan para Bebau nyegat ing Regol ngarep kana" Ki Gedhe aweh pitutur "sawayah-wayah Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga teka, awake dhewe padha mbagekne karo sikep sembah kalbu ngajeni tamu, banjur Puthut Loro wewakile Panembahan Dewa Karkatha kuwi didherekne munggah Pendhapa kaaturan lenggah ing papan sing kulina ndika angge lungguh, lagi awake dhewe ngadhep lan cadhong dhawuh. Kanthi mangkono tak kira Utusane Panembahan Dewa Karkatha kuwi wis ora tidha-tidha maneh marang kasetyan ndika minangka lurah telukan. Wis nyandhak karo sing dadi karepku ta?".

 

"Inggih-inggih Ki Gedhe, kula ngertos" wangsulane Lurah Kuwera karo manthuk-manthuk. Jroning batin Lurah sing rambute durung akeh uwane kuwi ngalembana marang lantiping nalare Ki Gedhe Pelanggolan wong  tuwa sing nate dianggep manungsa setengah Dewa kuwi.

 

Ora ngenteni suwe-suwe, Ki Lurah banjur nyedhaki para bebaune, diwarahi kaya olehe marahi LKi Gedhe Pelanggolan marang dheweke. Para Bebau kabeh padha manthuk-manthuk lan rumangsa yen wis mathuk. Banjur padha mlaku mengarep nusul Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sing wis ndhisiki mapan lungguh ing lincak cedhak regol ngarep plataran kalurahan sing wis rinengga-rengga nganggo janur kuning, malah uga diwuwuhi karo gegodhongan lan kekembangan neka-neka ing kiwa tengene gapura, dadi nambahi sansaya asrine regol kuwi.

 

Durung wayah tengange Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sarta para pendhereke  wis padha teka, kabeh padha numpak jarane dhewe-dhewe. Durung nganti wong-wong kuwi padha mudhun saka jarane, merga padha kasengsem nyawang asrining regol sing rinengga-rengga kuwi, para nom-noman Desa Grumbulan wis padha nyedhaki arep nampani talining jaran saperlu dicancang ing panggonan sing wis dicawisake. Kang mangkono kuwi ndadekne Puthut Jayandaga lan Puthut Jayantaka sansaya seneng atine, rumangsa yen tekane diaji-aji dening Lurah Kuwera lan kabeh kawula ing Grumbulan Kulon kuwi.

 

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing Grumbulan mriki, Bendara" lagi wae Puthut Jayantaka olehe mlaku tekan ngarep regol wis dipapag karo sembah kalbu dening Ki Gedhe Pelanggolan sing banjur ngaturake pambagya kasugengan "ngaturaken kauningan, kula Jungkung, tiyanmg sepuh ingkang nenggani Paguron alit sakilening padhukuhan mrika nika".

 

"Ooo, iya- iya Ki Jungkung" wangsulane Puthut Jayantaka karo mesem seneng "aku banget nedha nrima marang ndika sing wis mapag tekaku ing Grumbulan kene".

 

"Inggih Bendara" kandhane Ki Gedhe Pelanggolan aweh wangsulan "mangga katuran pinarak minggah ing Pendhapa".

 

Mlaku oleh sajangkah Puthut Jayantaka wis dipapag maneh karo Lurah Kuwera sing uga ngucapne pambagya kaya sing dikandhakne Ki Gedhe Pelanggolan. Sauntara Ki Gedhe Pelanggolan wis genti mbagekne Puthut Jayandaga lan para pandhereke  sing uga banjur mlaku ngetutne  Puthut Jayantaka sing tumuju menyang pendhapa.

 

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...