89.
Olehe tumindak mangkono mau jalaran Ki Lurah kelingan karo sasmita sing ditampa lumantar impen nalika dheweke wis rumangsa kabotan ngrasakne panandhange warga Desa Grumbulan merga diperes dening Paguron Tangen lan Paguron Ngampon sarana kudu aweh pajek sing cacahe ora sethithik. Ora pajek tahunan utawa sasen nanging pajek pasaran malah sok-sok ya pajek dinan barang. Lan sasmita sing ditampa ing impen kuwi ngabarake yen sing bisa ngluwari warga Grumbulan utawa Pelanggolan kuwi ora liya siswane Ki Tanparupa sing lagi nindakne laku pangumbaran. Mula bareng Rangga ngandhakne yen ora arep nyelaki kasaguhane, Ki Lurah Kuwera apa dene Bebau loro sing diajak menyang Jatigrowong kuwi, rumangsa kebombong atine lan banget ing senenge.
Rangga tanggap, alon-alonan pundhake Ki Lurah diangkat lungguhe dijejegne, karo dikandhani :
"Sampun-sampun Ki Lurah, sampun kesangeten murugaken kirang sae dadose. Kula namung matur bilih kula badhe mbudidaya murih para kulawarga ing Pelanggolan lan Jatigrowong mriki saged rahayu ing payudan sedaya, nanging mugi kaengetana bilih ingkang saged paring karahayon tuwin kaunggulan ing madyaning paparangan menika dede kula lan dede titah, sadya ing astanipun Allah ingkang Maha Agung ingkang ngabulaken panuwunanipun titah saha nyengkuyung pambudidayaning kawulanipun. Menawi namung wewaton gelaring wujud ingkang saged katingalan ing mripat, sok menapa ingkang katingal menika benten kalih ingkang kaleksanan".
"Inggih Ngger, kula pitados kalih dhawuh ndika lan saestu kula badhe mbudidaya murih saged nglampahi sadaya eguh pratikel tuwin rerigen saking ndika Angger Rangga miwah Angger Marga" wangsulane Lurah Grumbulan kanthi suwara sing cetha nuduhne yen apa sing diucapake tulus tekan jero atine.
"tekad ndika sing mangkono kuwi aran wis bener Ki Lurah" Ki Gedhe Pelanggolan numpangi rembug "gandheng saiki srengenge wis rada adoh anggone ngglewang mangulon, becike ndika enggal bali menyang padhukuhan tata-tata kanggo mapag tekane tamu saka Paguron Tangen. Sesuk sadurunge wektu wisan gawe aku karo Paman Lasma tak budidaya murih wis tekan ing Pendhapa Kalurahan kanggo nindakne rancangan sing wis tumata mau".
"Inggih Ki Gedhe, saestu kula namung saged ngaturaken panuwun dhumateng Ki Gedhe saha Ki Lasma ingkang boten nate negakaken Padhukuhan Pelanggolan saha kawulanipun" wangsulane Ki Lurah Kuwera sing banjur pamitan arep bali.
Saungkure Lurah Kuwera sarta Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul, Rangga lan Marga nutugne olehe rerembugan karo Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma. Ki Gedhe Pelanggolan wis bisa nampa yen sadurunge kedadeyan perang antarane Prajurit Mataram mungsuh Paguron Tangen, Rangga lan Marga ora arep ngatonake wujude ing Pelanggolan utawa ing papan liyane sing bisa diweruhi dening wong Paguron Tangen. Kanag mangkono kuwi merga murih para murid Paguron Tangen ora ngerti yen Rangga lan Marga kuwi mung manungsa lumrah, sauntara sasuwene iki wongt-wong ing Tangen wis kadhung percaya karo tembung ngayawarane Panembahan Dewa Karkatha sing ngabarake manawa nom-noman loro kuwi Dewa utusane Sang Hyang Kala Mercu.
"Dados mangke kula kalih Adhi kula Marga inggih namung badhe tetileman ing Jatigrowong mriki Ki Gedhe" kandhane Marga sabanjure "boten langkung kula inggih nyuwun pangapunten menawi sampun nambahi repotipun Ki Gedhe saha Ki Lasma".
"Kula ingkang kedah ngaturaken panuwun Angger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sareh "saestu nadyan namung ngimpi kula boten badhe wantun ngajeng-ajeng papan ingkang wujud guwa ing ngandhaping wit jati ingkang dados susuh kula menika badhe kapanggenan lerem Putranipun sesembahan kula Gusti Panembahan Senapati ing Mataram sarta siswanipun Ki Tanparupa tutahing Gusti ingkang nggadhuh kanugrahan saged ngambah alam cacah sanga".
"Ki Gedhe saha Ki Lasma kedah emut piwucalipun Ki Markidin duk ing uni" Rangga aweh wangsulan karo mesem.
"Ing babagan menapa Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan takon.
"Ing ngarsaning Allah, drajating titah menika sami, sami-sami kawulanipun Allah" wangsulane Rangga isih karo mesem "namung ageng aliting kasetyan dhateng piwucaling Allah ingkang saged mbenten-bentenaken andhap luhuring drajatipun titah. Lan mugi kaemutana ageng aliting kasetyan menika mapanipun wonten salebeting jaja, boten wonten ingkang saged ngawuningani kajawi namung Allah piyambak".
"Inggih Ngger, mila leres dhawuhipun Angger menika, Guru nate paring dhawuh bab menika murih kula sampun remen ngremehaken liyan ingkang tata gelar lan miturut panyawanging mripat namung tiyang ingkang adrajat sudra sempali" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan mbenerake sing dikandhakne Rangga "awit estunipun kathah tiyang adrajat sudra nanging estunipun nggadhuh kamulyan ing ngarsanipun Gusti lan ugi boten sakedhik para bendara ingkang estunipun kagungan drajat ingkang asor miturut pamirasning Gusti".
"Leres Ki Gedhe" Rangga nyauti rembug maneh "inggih awit saking menika estu prayogi sanget menawi awakipun piyambak menika boten gampil kepencut temah kablithuk ing tata gelar utawi ingkang kasat mripat, lelampahanipun Ki Gedhe nate kepanggih tiyang ingkang ngaken ngrasuk agami Rasul inggih menika sedherek timuripun Ki Lasma piyambak, Ki Dhadhapsuwaru ingkang pranyata lir tekek tunggal sagowok kalih Resi gadhungan ingkang nami Resi Wresaya. Kekalihipun sami-sami akekudhung lan atopeng agami kangge nindakaken bab-bab ingkang cengkah kalih piwucaling Allah utawi Dzat Kan Tan Kena Kinaya Apa".
Sansaya suwe olehe jejagongan wong papat kuwi sansaya gayeng, sing dirembug akeh sing magepokan karo satuhuning urip, kakikating kawula lan Gusti.
Sauntara iku, ing omah pondhokan sing dienggo papan palerenane para Cantrik Paguron Tangen sing kajibah njaluk pajek marang para warga ing Padhukuhan Pelanggolan, sing mapan ing cedhak sawijining Kucur rada adoh ing wetane Kali Sawur, ing kono uga lagi ana wong-wong sing lagi jagongan ngrembug pagaweyan sing arep ditandangi. Ing tengah jogan sing digelari klasa mendhong, karo ngadhep panganan lan omben sing sarwa mirasa, Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga lagi jagongan karo cantrik-cantrik sing tatarane isih durung pati dhuwur ing Paguron Tangen. Mula nalika lungguh awor neng klasa karo Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga, wong-wong kuwi sikepe banget kurmate, kaya sikepe Lurah Prajurit sing lagi jagongan karo nDara Tumenggung.
"Sing lungguh neng klasa iki kabeh pranyata klebu siswane Rama Panembahan Dewa Karkatha sing klebu peng-pengan lho" kandhane Puthut Jayantaka marang wong-wong sing padha saklasa olehe lungguh.
"Peng-pengan kados pundi Ki Puthut?" Brunjung sing lungguhe cedhak dhewe karo Puthut loro kuwi takon "lha tiyang kanyatanipun inggih nembe saged sakedhik ngecakaken piwucaling Sang Aji Panembahan makaten kok, cetha menawi benten tebih menawi kalih ndika kekalih Ki Puthut Jayantaka lan Ki Puthut Jayandaga ingkang tuhu sampun kenging winastan siswa Paguron Tangen ingkang Anjayeng Bawana".
"Nek perkara bab ulah kanuragan mbok menawa sing mbok kandhakne kuwi wis bener Ki Brunjung" wangsulane Puthut Jayantaka karo mesem "nanging nek nitik lelakoning urip sing tau ditemoni, ndika lan wong-wong iki wis klebu wong sing piniji".
"Piniji kados pundi Ki Puthut?" Brunjung mbalik takon maneh.
"Ngertiya ya?" Puthut Jayantaka wangsulan isih karo esem sing ngrengga lathine "ora angger wong lho bisa ketemu karo Dewa ing alam kang kasat mata ngene iki. Dewa kersa nemoni titah marcapada ing alam padhang ngene iki, mesthi milih titah sing duwe kaluwihan tinimbang titah liyane, mbuh kaluwihan kuwi ing babagan apa. Lha saiki ing antarane siswane Guru Rama Panembahan Dewa Karkatha ing Tangen iki, sapa sing wis tau kepethuk karo Dewa? Kajaba awake dhewe sing lungguh neng klasa iki. Iya apa ora?".
"Dados nem-neman kalih sing ngaken nami Rangga kalih Marga, ingkang criyos menawi lare saking Dhusun Jurug caket Pajang, nika estu Dewa makaten ta Ki Puthut?" Puguh wong sing dhisik dhewe karo Panggah kepethuk Rangga lan Marga nalika nom-noman loro kuwi rampung olehe mbakar gembili ing gisiking bengawan, takon.
"Iya bener" wangsulane Puthut Jayantaka karo ngguyu "kuwi Rama Panembahan Dewa Karkatha dhewe sing paring dhawuh marang aku. Dadi mokal yen ngayawara, malah Rama Panembahan uga dhawuh sing sapa wonge wis tau kepethuk Dewa loro sing dadi utusane Sang Hyang Kala Mercu kae. mbuh apa sing dadi lantarane sawuse Kraton Mataram bedhah lan Sutawijaya saandhahane kabeh bisa disrnakne, bakal bisa oleh palungguhan sing kinurmat , kinacek tinimbang sapepadhane".
"Klebet kula menapa Ki Puthut?" Panggah genti sing takon.
"Bener" wangsulane Puthut Jayantaka "nanging mesthi wae ya kudu bisa nggenepi saratmasrute".
"Lha menika ingkang radi awrat Ki Puthut" Panggah wangsulan karo nglendhehne suwarane "tiyang alit kados kula utawi Kakang Puguh menika menapa inggih saged nyekapi sarat-masrut ingkang dipun betahaken?".
"Bisa wae, lan mesthi bisa" wangsulane Puthut Jayantaka "merga sarat-masrute kuwi ora rupa brana picis, nanging mung wujud kasetyan lan katemenan anggone ngabdi marang Rama Panembahan Dewa Karkatha kang wis kapiji dening Sang Hyang Kala Mercu supaya jumeneng nggenteni palungguhane Sutawijaya sing mung tilas lurah pasar Pajang nanging wis wani madeg dadi Panembahan ing Mataram kae".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar