Ki Gedhe Pelanggolan mesem krungu wangsulane Marga sing mangkono kuwi mau. Ki Lasma sing durung nyandhak karo sing dikersakne Ki Gedhe mung meneng karo nyawang Ki Gedhe ngenteni tembung-tembung sabanjure. Sauntara kuwi, Ki Lurah Kuwera sing uga durung nemu tembung sing arep dienggo aweh wangsulan menawa sesuk Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga teka, uga melu ngenteni ngiras nyemak apa sing arep dikandhakne Ki Pelanggolan sing ngandhakne yen ngadhepi wong julig kuwi ora kena bares apa anane, nanging ya kudu nimbangi kajuligane.
"Menawi ngantos panyuwunanipun Paguron Tangen menika kula tampik sak niki, ateges badhe tuwuh perang lan menika kathah tunanipun katimbang bathinipun" kandhane Ki Gedhe Pelanggolan sabanjure "nanging menawi kula turuti, ateges kula sampun wani kalih Mataram. Pramila saking menika kula nggadhahi cara, ingkang badhe kula aturaken dhateng Angger Rangga lan Angger Marga, mbok bilih mangke wonten kirangipun kula suwun Angger kekalih keparenga paring rerigen murih saenipun".
"Inggih kados pundi Ki Gedhe?" Rangga wangsulan karo takon.
"Makaten" Ki Gedhe Pelanggolan ngandhakne cara sing arep ditempuh "panedhine Paguron Tangen benjing menika badhe kula sagahi, nanging mawi sarat inggih menika anggen kula mbidhalaken para siswa saking Paguron Jatigrowong mangke menawi kula sampun ngertos wadya bala saking Mataram sampun meh dumugi ing Tangen saha barisanipun para siswa Jatigrowong kedah mapan ing ngajeng piyambak".
"Menika mengku kersa menapa Ki Gedhe?" Rangga bali takon.
"Inggih Ngger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem "dumadakan tuwuh raos kepengin ing manah kula, nyobi sepinten kadigdayanipun tiyang ingkang ngaken gadhah nami Panembahan Dewa Karkatha menika. Sanaosa makaten, kula inggih boten badhe negakaken siswa-siswa kula dipun dadosakane pangewan-ewan dening titiyang Paguron Tangen. Kula pitados mangke menawi kula lan para siswa Jatigrowong malik tingal lajeng kapirsanan dening para Senapati Mataram, mesthi para senapati menika boten badhe negakaken siswa-siswa Jatigrowong piyambakan ngadhepi tiyang-tiyang Paguron Tangen".
"Kula kinten menika cara ingkang sae Ki Gedhe" Rangga wangsulan karo mesem amba, nom-noman muride Ki Tanparupa kuwi wis nggraita yen Ki Gedhe Pelanggolan katone wis kangen karo gegojegan nggunakne ngelmu kanuragan "nanging murih rancaging sedya, langkung prayogi menawi saderengipun perang kawiwitan, Ki Lasma mawi cara prayangan langkung rumiyin ngabari Senapati Agung Mataram bilih Ki Gedhe Pelanggolan ngecakaken cara menika, dados mangke kajawi boten nuwuhaken salah tampa ugi langkung cepet anggenipun para Senapati Mataram anggenipun nata prajuritipun murih sabiyantu dhateng para siswa Jatigrowong".
"Inggih Ngger" sing mangsuli genti Ki Lasma "rerigenipun Angger Rangga ingkang makaten kala wau badhe kula tindakaken kanthi sak sae-saenipun".
"Saiki kepriye mungguh sing arep ndika kandhakne marang Utusan saka Paguron Tangen sesuk kuwi Ki Lurah?" Ki Pelanggolan genti nakoni Lurah Kuwera "sanadyan aku ngerti nek ndika lan prajurit-prajurit ndika ora jirih ing getih wedi ing pati, nanging tak jaluk kudu bisa luwih wicaksana sajrone ngadhepi babagan iki".
"Inggih Ki Gedhe" Ki Lurah Grumbulan wangsulan "estunipun kula kalih Ki Bebau Senggot lan Ki Bebau Watutanggul niki wau inggih sampun reraosan nata tembung kangge suka wangsulan dhateng Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga benjing menika. Nanging, ketang saking cupeting pangertosan kula, kula dereng saged manggih cara kangge ngadhepi prakawis ingkang badhe dumugi niki Ki Gedhe. Nembe sareng Ki Gedhe ngendikakaken cara kala wau, kula lajeng manggih pamanggih, nanging kedah kula aturaken Ki Gedhe saha Angger Rangga miwah Angger Marga langkung rumiyin, murih boten tumpang suh".
"Sing ndika temokne kuwi panemu sing kepiye Ki Lurah?" Ki Gedhe Pelanggolan takon.
"Angkah kula badhe mapanaken prajurit Padhukuhan manunggal kalih barisan siswa Jatigrowong kemawon, kados pundi menawi makaten Ki Gedhe lan Angger Rangga miwah Angger Marga?" Ki Lurah Kuwera nelakake panemune sarta njaluk timbangan marang Ki Gedhe lan Rangga sarta Marga.
"Lha nek cara kuwi ndika kandhakne marang Puthut Jayantaka lan Jayandaga, harak padha wae ndika aweh weruh marang wong loro kuwi yen awake dhewe wis ngerteni karepe Puthut Loro kuwi teka papan kene?" Ki Gedhe Pelanggolan olehe wangsulan malah kaya-kaya ngentahi panemune Lurah Kuwera "kanthi mangkono ora mokal yen Puthut loro kuwi banjur tuwuh rasa sujanane marang awake dhewe. Yen wis ngono tan wurunga bakal njugarake tatanan rancangan sing wis tak aturne marang Angger Rangga mau. Piye?".
Oleh wangsulan sing mbalik dadi pitakonan ngono kuwi, Ki Lurah Kuwera ora bisa guneman apa-apa, merga jebul panemune kuwi ora bisa ditampa dening Ki Gedhe Pelanggolan malah kepara diluputake. Bebau loro sing mau krungu panemune Ki Lurah Kuwera sing wiwitane wong loro kuwi banget nyarujuki dadi ambyar, pitakone Ki Gedhe Pelanggolan wis klakon ndadekne panemune Lurah Grumbulan kuwi katon yen babar pisan ora bener.
"Inggih Ki Gedhe" wekasane Lurah Kuwera banjur guneman "sareng kula gagas, dhawuhipun Ki Gedhe menika sakalangkung leres. Mila kula lajeng bingung malih, menapa ingkang kedah kula lampahi? kaparenga Ki Gedhe paring pepajar dhateng kula murih lampah kula sakanca mangke boten damel kapitunaning Dhusun Grumbulan miwah Paguron Jatigrowong?".
"Ngaten mawon Ki Lurah saha Ki Gedhe" Marga sing thukul rasa welase marang Lurah Grumbulan sing katon yen lagi putek nalare kuwi melu guneman "rancanganipun Ki Lurah menika kala wau prayogi dipun lajengaken kemawon, dene murih tiyang-tiyang Paguron Tangen boten sujana, benjing saderengipun Puthut kekalih utusanipun Panembahan Dewa Karkatha menika dumugi ing Pendhapa Kalurahan, kaparenga Ki Gedhe ngrumiyini rawuh ing mrika. Benjing Ki Lurah criyos kemawon dhateng Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga bilih Ki Lurah sampun ngrawuhaken Ki Gedhe Pelanggolan, jalaran Pendhapa Kalurahan karawuhan Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga. Salajengipun sadayanipun kula pitadosaken dhateng Ki Gedhe kados pundi anggtenipun nata rembag ing prakawis menika. Menawi makaten kados pundi?".
"Kula kinten makaten inggih langkung prayogi Ngger" Ki Gedhe pelanggolan nyarujuki apa sing dadi eguh pratikele Marga, banjur tembunge marang Ki Lurah Grumbulan "aku nayogyani banger karo dhawuhe Angger Marga iki mau Ki Lurah, banjur ndika kepriye?".
"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Lurah Kuwera karo suwara sing cetha, pikiran sing mau puteg wis oleh pepadhang saka tembung sing dikandhakne Marga "kula sakalangkung sarujuk kalih dhawuhipun Angger Marga lan salajengipun kula badhe ndherek menapa dhawuhipun Ki Gedhe, ing pepanggihan benjing kula namung badhe ngegongi menapa ingkang Ki Gedhe dhawuhaken dhateng Puthut Jayantaka saha Puthut Jayandaga".
Ki Gedhe Pelanggolan bisa nampa apa sing dadi kandhane Lurah Grumbulan ngono kuwi mau, nanging dumadakan ing angen-angene Ki Gedhe tuwuh pitakonan sing kudu dikandhakne marang Rangga lan Marga.
"Nanging nuwun sewu Ngger" Ki Gedhe Pelanggolan bali nyawang Rangga lan Marga karo guneman.
"Nanging kados pundi Ki Gedhe?" gage wae Marga sing takon.
"Ing paprangan mangke menapa Angger Rangga tuwin Angger Marga badhe negakaken kula lan Ki Lurah sarta para prajurit Pelanggolan Ngger?" kanthi suwara sing keprungu ngati-ati Ki Gedhe Pelanggolan takon. Lurah Grumbulan sing uga melu krungu lagi kelingan bab kuwi, mula uga banjur melu nyawang Rangga lan Marga kanthi sorot mripat kebak tandha pitakon.
"Sampun nguwatosaken bab menika Ki Gedhe" Marga wangsulan karo gumuyu renyah "kula kalih Kadang kula sepuh Kakang Rangga boten badhe nyelaki kasagahan dhateng Ki Lurah lan warga Pelanggolan, inggih menika badhe atur pambiyantu murih Padhukuhan Pelanggolan utawi Dhusun ing Grumbulan Kilen saged lepas saking panyengkeremaning Paguron Tangen menapa dene Paguron Ngampon".
"Inggih Ngger, nyuwun pangapunten awit lancanging tembung kula ing ngarsanipun Angger kekalih" Ki Pelanggolan gurawalan olehe asok kaluputan " boten saktrepipun kula kumawantun matur bab kala wau dhateng siswanipun Ki Tanparupa".
"Boten dados menapa Ki Gedhe lakar menika kala wau Ki Gedhe pundhutaken pirsa labet saking raos sih tresnanipun Ki Gedhe dhateng Padhukuhan Pelanggolan menika, dados inggih sampun trep" wangsulane Marga karo ngguyu.
"Kula wewahi kasagahan kula Ki Gedhe kalih ndika Ki Lurah" genti Rangga sing guneman "menawi paprangan saestu sampun lumampah, kula kalih Adhi kula badhe mlebet ing glangganging payudan, mesthi kemawon ngangge cara kula kekalih, kula badhe mbudidaya murih siswa-siswa Paguron Jatigrowong sarta prajurit padhukuhan Pelanggolan boten wonten ingkang gugur dados kurbaning perang".
Krungu tembunge Rangga sing keri dhewe kuwi, ora sranta Lurah Kuwera karo Bebau ing Senggot lan Bebau Watutanggul padha maju banjur sujud ing ngarepe Rangga lan Marga nelakake rasa panuwune marang nom-noman loro muride Ki Tanparupa kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar