Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma, Lurah Grumbulan sarta Bebau Senggot loan Bebau Watutanggul padha ngguyu krungu gunemane Rangga sing keri dhewe iki. Ora ana sing ngira jebul wong sing wis wani madeg Paguron gedhe, kaya Panembahan Dewa Karkatha kuwi isih seneng ngapusi tur maneh olehe ngapusi gampang banget olehe ngonangi. Lha genah nek Rangga karo Marga kuwi menungsa lumrah, lha kok dikandhakne yen nom-noman loro kuwi bangsane Dewa, utusane Sang Hyang Kala Mercu Dewa sing dadi sesembahane. Nanging ya ora kena semono, wong sing diblithuk dening Panembahan Dewa Karkatha kuwi ya mung kanca-kancane dhewe banjur dening murid-muride genti dikabarne marang wong-wong sing dhasare luwih dhisik percaya marang Panembahan Dewa Karkatha, dadi ya ora kena dipaido nek wong-wong kuwi banjur manut karo kabeh sing dadi unine Panembahan sesepuhing Paguron Tangen kuwi. Ki Lurah Grumbulan uga kober kelingan, dheweke dhewe tau duwe panganggep sing jebul kliru, malah tekan saiki panganggep kuwi durung bisa ilang blas tanpa tilas, ya iku anggone duwe panganggep yen Ki Gedhe Pelanggolan kuwi manungsa setengah Dewa lan nalika kabar mau dikandhakne marang warga ing Pelanggolan utawa ing Grumbulan kabeh padha percaya. Karo ndhingkluk, Ki Lurah mesem, ngesemi olehe bodho lan bodhone kuwi wis ditularne marang warga desane sarta para sapukawate.
"Salajengipun Ki Gedhe" Rangga nutugne olehe guneman "kasurung anggenipun sampun ngapusi murid-muridipun, temah Panembahan Dewa Karkatha lajeng kaseret ing doranipun piyambak".
"Kaseret ing doranipun piyambak kados pundi Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan takon.
"Makaten Ki Gedhe" wangsulane Rangga karo mesem "suwaunipun kula kinten Panembahan Dewa Karkatha menika sakalangkung ngertos bilih ingkang nami Sang Hyang Kala Mercu saha ingkang dipun wastani sasmita-samitanipun menika namung mapan ing angen-angenipun Dewa Karkatha piyambak, nanging sareng saben dinten angen-angen kalawau dipun criyosaken dhateng para pandherekipun menawi saestu lan para pendherekipun sami pitados, dangu-dangu Panembahan Dewa Karkatha ugi lajeng kageret tumut pitados menawi Sang Hyang Kala Mercu saha sasmita-sasmitanipun estu-estu wonten".
"Aneh nanging nyata menika inggih Ngger?" Ki Pelanggolan takon karo mesem.
"Boten aneh Ki Gedhe, tiyang menawi kekathahen anggenipun ngumbar ujar dora, adhakanipun mila dados makaten kala wau" wangsulane Rangga "cobi ndika dangu Ki Lurah Kuwera menika, suwaunipun nalika sepisanan nampi wartos menawi Ki Gedhe Pelanggolan menika titah setengah Dewa, piyambakipun ugi taksih dereng patosa ngandel. Nanging dangu-dangu malah kapitadosanipun Ki Lurah ing babagan Ki Gedhe menika titah setengah Dewa menika, nglangkungi kapitadosanipun tiyang ingkang nyukani wartos. Kamangka Ki Lurah ugi dereng sukmerep bukti nyatanipun menawi Ki Gedhe menika setengah Dewa, nanging asring nglampahi cepak sajen ing senthong tengah kangge nyawisi menawi alusipun Ki Gedhe tindak dhateng griyanipun, lan enjingipun sajen kasebat ugi lajeng dipun tedha piyambak dening Ki Lurah saha semahipun, malah asring kemawon Ki Lurah utawi Nyi Lurah criyos menawi Jambe miwah sedhah tilas sajen menika raosipun sampun sepa jalaran sari-sarinipun sampun kaisep dening Ki Gedhe Pelanggolan. Inggih menapa boten Ki Lurah?".
"Inggih Ngger ingkang ndika dhawuhaken menika saestu boten lepat" wangsulane Ki Lurah karo ndhingkluk, sanadyan karo mesem nanging yektine eseme mung kanggo nutupi rasa wirange. Lurah Grumbulan kuwi sansaya gumun, ya gene Rangga bisa weruh kabeh sing wis ditindakne?. Dhasare Ki Lurah sing isih seneng karo kapitayan-kapitayan sing tanpa dhasar, ing atine malah banjur tuwuh pangira-ira yen temene bener sing dikandhakne Panembahan Dewa Karkatha yen Rangga lan Marga kuwi bangsane para Dewa, mung wae dudu Dewa gaweyane Panembahan Dewa Karkatha sing banjur didadekne sesembahane wong-wong ing Paguron Tangen. Nanging Dewa sing asli Dewa tenanan, muride Dewa sing bebisik Ki Tanparupa sing uga tau nemoni lan aweh pitutur marang dheweke.
"Inggih awit saking menika temah Panembahan Dewa Karkatha sakalangkung pitados bilih angen-angenipun ingkang badhe jumeneng nata nggentosi Panembahan Senapati ing Mataram mesthi badhe kelampahan" Rangga nutugne olehe guneman "malah ing pepanggihan kala wau wiwit dipun rembag anggenipun badhe nglurug dhateng Mataram lan sampun ngandel menawi Mataram badhe bedhah. Temah kober meh wonten salah tampi antawisipun Panembahan Dewa Karkatha kalih utusan saking Wana Patalan ingkang nyujanani Panembahan Dewa Karkatha badhe wani kalih Panembahan Nagajiwa sesembahanipun para titiyang ingkang ngaken Trah Majapahit, ingkang ugi badhe mbedhah Mataram sarta adeg Nagari enggal ing Patalan kanthi nami Nagari Majapahit. Nanging inggih awit saking lemesing ilatipun Dewa Karkatha, pasulayan kalih utusan saking Patalan menika saged dipun lerem".
"Dados malah Paguron Tangen sampun tata-tata badhe ngrangsang nagari Mataram Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan takon semu gumun "kinten-kinten menawi saestu nglurug dhateng Mataram, harak inggih kados sulung ingkang badhe mlebet dhateng latu ta Ngger?".
"Lha menika, nembe nedheng-nedhengipun ngrembag bab menika dumadakan tiyang ingkang nunggang kapal ingkang meh kemawon nerak Ki Lasma dumugi mriku lan atur palapuran" wangsulane Rangga sabanjure.
"Atur palapuran? bab menapa menika Ngger?" Ki Lasma genti sing takon, ing angen-angene Ki Lasma bali katon wewujudane wong sing mbandhangne jaran sing ditumpaki sing meh wae nabrak dheweke wingi.
"Tiyang kala wau naminipun Kasirata ingkang padamelanipun nindakaken lampah dagang ing Kutha Gedhe Mataram, nanging menika namung kangge nutupi jejibahanipun ingkang dipun prentahaken dening Panembahan Dewa Karkatha murih damel kisruh ing Mataram sarta minangka telik sandi kangge nyumerepi wewadining Mataram".
"Ngantos dumugi samanten nggih Ngger kajuliganipun Dewa Karkatha menika?" Ki Gedhe Pelanggolan takon, suwarane alon kaya mung kanggo awake dhewe wae.
"Inggih Ki Gedhe" Rangga nutugne crita "Kasirata ngabaraken dhateng Panembahan Dewa Karkatha bilih Gusti Pangeran Singasari sampun ngerigaken para Tumenggung kanthi mbeta prajurit Mataram kinten-kinten cacah sekawan atus badhe ngrabasa Paguron Tangen".
"Menika jumbuh kalih dhawuhipun Gusti Patih Mandaraka nalika kula kalih Paman Lasma sowan ngaturaken nawala saking Angger Rangga nalika samanten?" Ki Gedhe Pelanggolan manthuk-manthuk kelingan karo dhawuhe Patih Mandaraka nalika dheweke arep pamitan.
"Salajengipun Panembahan Dewa Karkatha inggih lajeng ngengken para gegedhug saha agul-aguling Paguron Tangen murih tata-tata kangge nempuh dugining mengsah saking Mataram menika" kandhane Rangga nutugne nggone aweh kabar "kajawi prentah supados ngempalaken para siswanipun ingkang sampun sumebar ing pundi-pundi ingkang cacahipun saged dumugi ewon, Panembahan Dewa Karkatha ugi ngersakaken migunakaken kekiyataning Dhusun ingkang sampun dipun anggep dados dhusun jajahanipun, kalebet Grumbulan Kilen lan Grumbulan Wetan. Kangge nambahi kekiyatanipun malih, Panembahan Dewa Karkatha ugi kengkenan supados kulawarga Paguron ing Pelanggolan utawi Paguron Jatigrowong ugi dipun prentah majeng ing palagan ngadhepi Wadyabala saking Mataram. Menika kabar ingkang saged kula aturaken dhateng Ki Gedhe, Ki Lasma lan Ki Lurah, mbok menawi kanthi kabar menika ndika sadaya sampun pirsa menggah tujuwanipun Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga ingkang benjing siang badhe manggihi Ki Lurah Kuwera".
Rangga meneng kabar sing dikandhakne wis dipungkasi. Kahanan dadi sepi nyenyet, Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma lan Ki Lurah Grumbulan durung ana sing miwiti guneman. Kabeh isih ngumbar gagasane dhewe-dhewe. Ki Lurah Grumbulan malah banjur bisik-bisik marang Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul, njaluk panemu ukara apa sing arep digunakne kanggo mangsuli Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sesuk awan.
"Nuwun sewu Ngger" dumadakan Ki Lasma wiwit guneman "dados Paguron Jatigrowong ingkang ugi dados tanggelan kula menika dipun anggep bawahanipun Dewa Karkatha makaten?".
"Niku panganggepipun titiyang Paguron Tangen Ki Lasma" sing aweh wangsulan genti Marga sawuse Rangga rada suwe ora enggal-enggal semaur "kantun Ki Gedhe lan Ki Lasma, kersa menapa boten dipun dadosaken bawahanipun Paguron Tangen?".
"Menawi kula boten purun tartamtu dados perang antawisipun Paguron Tangen ingkang gadhah kekiyatan ewon kalih Paguron Jatigrowong ingkang namung gadhah murid kirang saking kalih atus lare nem" wangsulane Ki Lasma.
"Sanaosa makaten kula pitados bilih Paguron Tangen boten gampil anggenipun saged mimpang mengsah lare-lare Jatigrowong, Ki Lasma" wangsulane Marga karo ngguyu "langkung-langkung menawi ingkang majeng siswa-siswa ingkang asalipun dede saking padhukuhan Grumbulan utawi Pelanggolan".
Ki Lasma manthuk-manthuk awit ngerti sing dikarepaken Marga, ya kuwi Marga ngelingake yen sing ngangsu kawruh kanuragan ing Jatigrowong kuwi dudu mung bangsane manungsa wae, nanging uga ora sethithik bangsa Jim sing uga maguru mrono.
"Nanging harak inggih langkung sae menawi migunakaken cara kados ingkang asring dipun cakaken Dewa Karkatha ta Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan genti sing takon, arep udhu panemu.
"Inggih Ki Gedhe, mila leres ingkang ndika dhawuhaken menika" wangsulane Marga karo ngguyu renyah "ngadhepi tiyang julig menika inggih kedah mawi cara ingkang julig, sanaosa upami tangkep jaja kantaran bau ugi dereng kantenan menawi boten badhe mimpang".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar