95.
Pangeran Singasari gedheg-gedheg ketang olehe eram krungu tembung-tembung sing diucapne dening Ki Lasma sing kanthi titis bisa ngandhakne keuwatane Paguron Tangen apa dene Prajurit Mataram. Kang mangkono kuwi nyata yen Ki Lasma nyata dudu wong sing mung sabaene, kajaba mau wis nuduhake kaluwihane sing bisa manjing alam palemunan sing ora bisa diambah nganggo pandulune Pangeran Singasari lan para Tumenggung sing ana kono, saiki kawuwuhan Ki Lasma bisa nuduhake kekuwataning mungsuh kang sabenere, luwih tliti tinimbang prajurit sandi sing kajibah ngukur kekuwataning mungsuh, malah ora mung bisa nuduhake kekuwataning mungsuh wae, nanging klebu bisa ngetung kanthi jangkep ora ana kang kacicir sepira cacahe prajurit sing dibudhalake saka Mataram. Mula Pangeran Singasari sing padatan duwe sipat sarwa rumangsa luwih bener lan luwih tliti tinimbang wong liya, ora krasa wiwit duwe rasa kapencut marang Ki Lasma, sanajan mung wujude wong ndesa parandene duwe kaluwihan sing angel dijajagi mungguh sepira jerone ngelmu kang sinimpen ana kedhunge.
"Mengko dhisik Ki Lasma" Pangeran Singasari ngendika kanthi suwara sing sareh "ndika kanthi patitis bisa ngetung kekuwataning Paguron Tangen lan kekuwataning prajurit Mataram iki temen-temen wis gawe eram sajroning atiku. Nganggo cara apa dene ndika bisa milang cacahe prajurit kanthi cepet lan tliti mangkono mau?".
"Nyuwun pangapunten Gusti" wangsulane Ki Lasma prasaja "estunipun kula menika sampun radi dangu dados bangsa prayangan, nembe watawis kirang setunggal wulan menika pikantuk pitulungan karuwat dening siswanipun Ki Tanparupa temah saged wangsul dados manungsa malih. Anggen kula ngetang cacahipun titiyang Tangen menapa dene prajurit Mataram ingkang ndherekaken Gusti kula Kanjeng Pangeran Singasari menika inggih mawi caranipun bangsa prayangan daos ambok bilih radi benten kalih ingkang aring dipun ginakaken dening prajurit sandi. Makaten ugi kala wau Gusti, kula inggih ngertos menawi Gusti kula Pangeran Singasari lan para Gusti Tumenggung kala wau sampun ngulat-ulati kula mawi aji Palemunan, nanging gandheng kula boten mapan ing alam palemunan nanging mapan ing alam prayangan, inggih nyuwun pangapunten menawi Gusti Pangeran Singasari boten saged mirsani kula, awit ingkang dipun pirsani dede papan ingkang kula panggeni".
"Iya, iya" Pangeran Singasari sansaya kasengsem krungu wangsulane Ki Lasma sing prasaja kuwi, mula banjur nutugne olehe takon "Apa ndika mau uga wis krungu apa sing dadi rembug antarane aku karo para kadang Tumenggung mau Ki Lasma?".
"Lepat nyuwun pangapunten Gusti" wangsulane Ki Lasma "sanadyan estunipun kula boten niyat nedya nguping, nanging kula kapeksa mireng sedaya ingkang dipun ngendikakaken para Gusti Tumenggung kalih Gusti kula Pangeran Singasari kalawau. Inggih awit kula mireng ingkang dipun rembag, temah kula kumawantun munjuk atur kanthi milang saha nimbang kekiyataning Paguron Tangen saha kekiyataning prajurit Mataram, murih saged kinarya tetimbangan dening Gusti kula Pangeran Singasari, siyos utusan dhateng Kutha Gedhe mundhut tambahan prajurit dhateng Raden Panji Jayatsena menapa boten".
"Matur nuwun Ki Lasma" Pangeran Singasari mesem, atur ndika kuwi mau mesthi bakal tak dadekne tetimbangan sadurunge aku mutusake perkara iki".
"Menawi atur kula boten pas, saestu kula nyuwun pangaksami Gusti" wangsulane Ki Lasma kurmat.
"Ora ana sing luput saka atur ndika kuwi mau Ki Lasma" Pangeran Singasari mangsuli, banjur ditutugne genti ngendika marang para Tumenggung sing lagi padha eram marang Ki Lasma "para Kadang Tumenggung kabeh, aku percaya karo sing dikandhakne Ki Lasma iki mau mligine ing bab cacahing prajurit saka Paguron Tangen. Mula bener apa sing dikandhakne dening prajurit sandi, kekuwatane Paguron Tangen watara sewu rong atus prajurit, nanging miturut panyawange Ki Lasma cacah semono mau sing wis prigel nyekel gegaman kira-kira mung wong wolung atus, sauntara kekuwatane awake dhewe katambah prajurit grumbulan lan siswa-siswane Ki Gedhe Pelanggolan gunggung kepruk ana sangangatus pitung puluh loro, kabeh wis padha prigel ulah gegaman. Saiki piye panemu ndika kabeh apa sida kongkonan menyang Kutha Gedhe apa ora?".
"Nyuwun pangapunten Gusti" Tumenggung Tirtakusuma sing mau ngaturake pamrayoga supaya nambahi kekuwataning prajurit, sing dhisik dhewe wangsulan "menawi ningali cacah saha kawontenan ingkang makaten kala wau kula kinten mila sampun radi timbang, dados borong dhumateng Gusti Pangeran Singasari siyos nimbali Adhi Panji Jayatsena menapa boten?".
"Wangsulan ndika sing kaya mangkono kuwi malah ndadekne aku mikir wae Tumenggung Tirtakusuma" sanajan karo srengen olehe aweh wangsulan, nanging suwarane Pangeran Singasari ora keprungu sereng kaya wong sing lagi aweh srengen "upama Dhimas Pangeran Demang Tanpa Nangkil ana kene ngono, kira-kira aku ora bingung mikir, dheweke mesthi wis bisa aweh wangsulan lan putusan sing pas magepokan karo prakara iki, nanging Dhimas Demang Tanpa Nangkil kira-kira tekane kene lagi mengko utawa sesuk, apa prayogane ngenteni tekane Dhimas Demang Tanpa Nangkil luwih dhisik?".
"Nyuwun pangapunten Gusti" Tumenggung Yudapati sing wiwit mau mung meneng karo ngrungokne, dumadakan genti guneman.
"Iya ana panemu piye Ki Tumenggung Yudapati?" Pangeran Singasari takon.
"Boten ateges nyingkur dhateng Gusti Demang Tanpa Nangkil" Tumenggung Yudapati nutugne guneman "kula kinten boten wonten awonipun menawi Gusti Pangeran mundhut pamanggih saking Ki Lasma, dene ingkang dados wewaton atur kula menika, ngemuti bilih nuwun sewu, Ki Lasma menika sakalangkung pana ing babagan ingkang boten kasat mripat, kajawi saking menika kala wau Ki Lasma sampun ngandharaken bilih siswa saking paguron Jatigrowong menika ingkang kalebet bangsa siluman utawi bangsa prayangan wonten setunggal atus seket kepara langkung, mangka miturut pamanggih kula bangsa siluman utawi bangsa prayangan kala wau nggadhahi kalangkungan katimbang manungsa limrah".
"Aturmu bisa tak tampa Ki Tunmenggung Yudapati" Pangeran Singasari aweh wangsulan karo ulat sing bingar, banjur genti ngendika marang Ki Lasma "ndika wis krungu panemune Tumenggung Yudapati sing ngandhakne yen bangsa siluman utawa bangsa prayangan kuwi duwe kaluwihan tinimbang manungsa lumrah, lan panemu kang mangkono kuwi padha karo sing dadi pangiraku. Saiki aku njaluk marang ndika Ki Lasma coba ndika genahne bener utawa orane panemune Ki Tumenggung Yudapati iki mau? Lan ngiras pantes aku njaluk panemu ndika, aku prelu utusan bali menyang Kutha Gedhe apa ora?".
"Makaten inggih Gusti" Ki Lasma matur kanthi sareh "estunipun boten leres menawi bangsa prayangan menika langkung trampil tinimbang manungsa limrah, ketitik para prayangan ingkang kepengin saged pulih dados manungsa malih menika sami masrahaken anak putunipun murih sinau dhateng manungsa inggih menika Ki Gedhe Pelanggolan, sanajan suwaunipun Ki Gedhe menika ugi nate dados titah setengah jim. Namung kemawon mugi kauningan, bangsa prayangan utawi setengah prayangan menika menawi udur lan kerengan kalih tiyang limrah, menawi kepepet saged ngambah ing alamipun ingkang boten saged dipun dulu dening tiyang limrah, kajawi titiyang ingkang sampun saged ngambah alaming prayangan, kamangka bangsa prayangan kala wau kanthi gampil saged nyumerepi sedaya solah bawaning mengsahipun, pramila kula pitados menawi namung dipun jilu utawi jipat dening siswanipun Ki Gedhe Tangen utawi Panembahan Dewa Karkatha, para siswanipun Ki Gedhe Pelanggolan ingkang bangsa prayangan boten badhe kawon. Kajawi saking menika, estunipun kekiyataning prajurit Mataram kajawi ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, taksih wonten malih kekiyatan ingkang sesingidan nanging boten badhe negakaken para siswanipun Ki Gedhe Pelanggolan menapa dene prajurit saking Grumbulan, malah ingkang kula aturaken ingkang kantun piyambak menika ugi sampun ngendika menawi badhe ngayomi prajurit Grumbulan lan siswa saking Jatigrowong murih boten wonten setunggal-setunggala ingkang gugur dados tawuring perang. Dados inggih kantun sumangga Gusti Pangeran Singasari kados pundi murih prayogining lampah".
"Mengko dhisik Ki Lasma" Pangeran Singasari njengkerutne bathuke sajak durung bisa nampa apa sing dadi ature Ki Lasma "ndika ngandhakne nek ana kekuwatan sing sesingidan lan malah wis kandha yen arep ngayomi kabeh prajurit Grumbulan lan siswa Jatigrowong, kuwi sapa?".
"Lepat nyuwun pangapunten Gusti" Ki Lasma wangsulan alon "kula boten dipun keparengaken criyos utawi matur dhateng sok sintena kemawon, sinten asmanipun kekiyatan ingkang sesingidan menika, namung kemawon kula wantun matur ing ngarsanipun Gusti Pangeran Singasari mawi pralambang, inggih menika kekiyatan kala wau siswanipun Ki Tanparupa".
"Ki Tanparupa? Sapa kuwi? Aku kaya wis nate krungu jeneng kuwi, nanging aku durung ngerti sapa satemene Ki Tanparupa kuwi?" Pangeran Singasari takon maneh.
"Nyuwun pangapunten Gusti" wangsulane Ki Lasma "ingkang kula ngertosi, Ki Tanparupa menika titahing Allah ingkang sampun nampi nugraha saged ngambah alam sanga, wonten ingkang mastani panjenenganipun menika mitranipun Sang Hyang Taya nenggih utusanipun Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa ing tanah jawi, wonten malih ingkang mastani sedherekipun Sang Hyang Ijo utawi kanjeng Bagindha Kilir, nanging kula ugi boten saged ngaturaken leres menapa botenipun, awit wewarah ingkang kula tampi saking guru kula duking uni, Ki Tanparupa menika namung titah limrah nanging kagadhuhan ngelmi saged ngambah jagad cacah sanga kala wau".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar