21.
Mudhun
saka sembahyang Jumuah, sawise pamitan lan aweh pituduh-pituduh bab gaweyan
sawah lan omah marang Sampir lan Simpen, Sodik banjur budhal nusul Ibune
menyang Yogya. Mobile digelak kanthi laku sing ora kesusu, sengaja ora liwat
dalan tol kanthi pawadan murih rada ngirit, rada suwe sauntara ora apa-apa wong
ya ora lagi mburu gaweyan sing gage-gage wae. Ngarepne Maghrib jebul wis tekan
omahe mbakyune, kaya padatan sing digoleki dhisik dhewe ora ana liya kajaba
ibune sing wis rada sauntara dina ora kumpul saomah. Sodik pancen wis rada
nemen olehe kangen karo ibune.
"Lha
kowe mau saka omah jam pira ta Le?" pitakone Bu Kaji nalika Sodik nusul
nyang kamare perlu sungkem.
"Nggih
bakda sembahyang jumuah wau bidhal saking griya Bu" wangsulane Sodik karo
mapan lungguh njejeri ibune.
"Lha
urusan omah wis mbok pasrahne Simpen karo Sampir ta?" Bu Kaji mundhut
pirsa urusan omah.
"Sampun
Bu" Sodik wangsulan banjur ditutugne karo tembung pangalembana marang
kahanane ibune "Ibu teng mriki ketingal langkung seger lho Bu?, ketingale
kraos nggih Bu? layak nganti pirang-pirang dina ora kundur-kundur, beda banget
karo padatane ngana kae".
"Lha
olehe arep ndang bali ki ya piye? wong kowe saben dikongkon ndang mapag malah
pawadan ana gaweyan sing ora bisa ditinggal ngono kok? Mosok Ibumu arep mbok
kon ngebus dhewe?" Bu Kaji wangsulan karo suwara sing digawe rada anyel,
anyel sing ora nganti tekan jero ati.
Sodik
ora semaur, mung nggleges mbenerne apa sing didhawuhne ibune. Dumadakan Sodik
mesem rada amba, kelingan karo Waginem sing wis dadi salah sijine jalaran
dheweke ora enggal-enggal mara menyang Yogya. Batine Sodik, mendah senenge
saupama bisa ngajak Waginem banjur ditepungne Ibu karo mbakyune, karo kandha
nek atine wis wiwit ketuwuhan rasa asmara marang kenya sing sulistiyeng warna.
"Kegedhen
rumangsan tenan kok Dik, kowe kuwi" dumadakan ana suwara cumengkling sing
nyenggol temboking atine "apa rumangsamu Waginem kae gelem karo kowe apa
piye? karo maneh kowe ya durung ngerti, bocah kae ki wis duwe pacangan apa
durung ta?".
Krungu
suwara batine dhewe sing mangkono kuwi, Sodik ya banjur mesem maneh.
"Ya
atine muga-muga wae Waginem kae durung ana sing duwe lan gelem dadi
jodhoku" sepisan maneh batine aweh wangsulan marang batine dhewe.
"Kok
malah mesam-mesem dhewe, ana apa ta Le? Apa ibumu malih lucu ngono apa piye
rumangsamu?" Bu Kaji ngendikan karo ngingeti praupane Sodik.
"Boten
kok Bu" wangsulane Sodik dora sembada "Ibu saestu ketingal langkung
seger, Sodik remen Bu".
"Iya
ta?" Bu Kaji mesem "ya mesthi wae, wong neng kene Ibu mentas nemu
barang sing ndadekne Ibu seneng kok".
"Menapa
menika Bu?"
"Wis,
kowe ora perlu ngerti dhisik mundhak ora becik" Bu Kaji wangsulan karo
ngguya-ngguyu "kowe mau wis kepethuk mBakyumu apa durung? Kana ndang
nemoni mBakyumu dhisik, banjur gek ndang adus-adus kana, sedhela maneh
maghrib".
"Inggih
Bu" Sodik ngadeg banjur metu saka kamare Ibune, neng omah kono kuwi Sodik
ya didhakoni kamar dhewe, kaya dene Bu Kaji sing uga duwe kamar dhewe. Pancen
omahe Dokter Kahar kuwi jembar, jogane ana loro, ngisor karo dhuwur, Kamare
Sodik manggon neng jogan dhuwur.
Ora
kaya sing didhawuhne Ibune supaya nemoni mBakyune, nanging Sodik milih mlaku
munggah menyang kamare arep adus lan reresik awak luwih dhisik, mengko wae nek
wis seger lagi arep nemoni mBakyune. Karo adus Sodik duwe gagasan mengko arep
crita marang Ibu lan mBakyune sarta mase ipe nek pas dheweke bali saka dhek
emben kae, neng bus kepethuk karo Waginem kenya ayu sing sregep nyambut gawe,
pinter tur ya solihah. Nanging durung nganti rampung olehe nggagas, karepe sing
ngono kuwi tumuli dihugarake. Sodik ora sida olehe arep crita, merga Sodik
kuwatir nek ditakoni Ibune utawa mBakyune, apa Waginem kuwi wis mratelakne isi
atine yen gelem saupama dijak urip bebarengan karo Sodik, apa durung?. Mesthi
Sodik banjur ora bisa wangsulan, mula Sodik ya banjur mutusne olehe arep
nyritakne Waginem marang Ibu lan mBakyune sarta Mase Ipe mbesuk wae nek wis ana
wangsulan yen dheweke ora mung keplok nganggo tangan sing mung sesisih wae.
Wingi
Ririen liwat telpon kandha yen Ibune ngersakne Sodik leren neng Yogya telu
utawa patang dina, aja kesusu bali menyang Kedunggalar, lan Sodik iya wis
nyaguhi, dumadakan Sodik wis rumangsa getun olehe wis nyaguhi apa sing dadi
panjaluke mBakyune kuwi.
"Lha
nek aku kesuwen neng kene, rak ya kangelan olehku arep mangerteni critane
Waginem? sidane piye karo lamaran sing wis diaturne Pak Ketua Yayasan kae?
Olehe arep diwawancarani suk kapan? bisa ketampa apa ora?" batine Sodik
rame dhewe "Ning nek aku ora nuruti Ibu sing ngersakne tindak-tindak
banjur kepiye? Mosok aku arep suwala mung merga kepengin mangerteni lakon sing
arep diadhepi Waginem? Bener Waginem kuwi wis angel tak lalekne, nanging rak ya
durung dadi apa-apaku?".
Merga
karo nglamun olehe adus Sodik dadi rada suwe, nalika keprungu suwara adzan
maghrib saka Masjid sing ora adoh karo omahe mbakyune kuwi, Sodik lagi krasa
nek wis keseret ing lelamunan sing ora cetha jluntrunge. Gageyan Sodik
byar-byur nutugne olehe adus. Bubar adus, ganti sarung karo klambi koko,
gegancangan budhal menyang Masjid, nindakne kuwajibane wong urip sing ngrasuk
agama Islam, sembahyang jamaah maghrib neng masjid, banjur dijamak kanthi ijen
karo sembahyang isyak sing dikosor dadi rong rekangat. Bubar sembahyang ora
bisa enggal-enggal mbalik menyang omahe Ririen maneh, merga saking kerepe Sodik
sanja menyang omahe Mase ipe kuwi, ndadekne Sodik tepung karo meh kabeh jamaah
masjid kono. Sodik leren sedhela neng masjid, njagongi tepungane sing nakokne
kabar kuwarasane.
"Olehmu
teka mau jam pira ta Dik?" Ririen mapag adhine sing lagi bali saka masjid
nganggo pitakonan "ngerti-ngerti kok mobilmu wis neng garasi, tak goleki
neng dhuwur ora ketemu, jebul malah wis tekan masjid barang?".
"Jam
lima luwih sethithik Yu" wangsulane Sodik karo mesem "bar ketemu Ibu,
banjur adus terus Maghriban. Lha Yu Rien mau nyang ngendi kok pas aku arep adus
mau tak ingat-ingeti ya ora eneng?".
"Iya,
mau aku nyang warunge Mat Aji wong Medura sing bakul Gas LPG lor kono kuwi,
wong tak telepon bola-bali arep tak kon ngeteri Gas, telepone ora diangkat
terus aku mara rana. Mulih saka nggone Mat Taji kok mobilmu wis neng garasi,
tak goleki mendhuwur kok ora eneng, jebul wis neng masjid" wangsulane
Ririen sabanjure.
Ora
banjur mlebu omah, Sodik malah banjur mapan lungguh neng kursi teras. Ngetokne
Ha-pe ne, banjur wiwit maca pesen-pesen sing wiwit awan mau durung didelok.
Pesen-pesen lumantar aplikasi WhatsApp lan Telegram sing wis sapirang-pirang.
Sing akeh ya mung pesen sing ana grup-grup sing dieloni, ora ana pesen sipate
pribadi. Saka Grup RT, Grup Alumni Kampuse, Grup SMA lan liya-liyane sing
tumrape Sodik ora pati wigati.
"Nyuuuuut"
dumadakan Sodik kepengin kirim pesen WhatsApp menyang nomere Waginem, ora arep
kandha apa-apa, mung arep aweh kabar yen dheweke lagi neng Yogya nusul Ibune.
Ambak-ambak arep nulis pesen mung ngono kuwi, ewa semono Sodik kaya wong ora
pati mudheg, olehe nulis rumangsane angel banget, kangelan olehe arep nata
ukara. Nanging suwe-suwe ya bisa kanthi ukara prasaja :
"Assalamu'alaikum
mBak Waginem, kados pundi wartose sami sehat ta? Wekdal niki kula dhateng
Yogya, nusul Ibu".
Pas
pesene "terkirim" mbeneri Waginem pas online, lan banjur centhang
loro rupane biru. Sodik mesem, atine krasa seneng, WA ne wis diwaca dening
Waginem. Luwih seneng maneh bareng Sodik weruh, Waginem lagi nulis pesen, suwe
ora rampung-rampung. Sodik ngguyu alon, batine : "ketoke bocahe ya padha
karo aku, kangelan olehe arep nata ukara".
Hape
ditutup banjur diselehne neng dhuwur meja.
"Thuwit-thuwit"
ana pesen mlebu, hape bali dicandhak banjur diwaca :
"Waalaikumussalam,
alhamdulillah sae Mas. Mas Sodik wonten Yogya? kok sami Mas? kula nembe wonten
kos-kosanipun ponakan, nanging benjing enjing badhe wangsul Ngawi, jam kalih
siang dipun dhawuhi sowan dhateng SMA, panggilan wawancara. Nyuwun
pangestunipun inggih Mas?" pesen saka Waginem rada dawa.
Sapandurat
Sodik njegreg, sesuk awan Waginem wawancara, dheweke ora bisa melu nunggoni
aweh semangat.
"Hm........"
Sodik unjal ambegan landhung.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar