11.
Tanduran
pari apitan neng sawahe para kadang tani wis wiwit gumadhung. Udane wiwit rada
ngarang-arangi, ya ing wayah ngono kuwi adhakane jamur-jamur damen ing tumpukan
kawul wiwit padha thukul. Sudimin lagi ngerti nek olehe mbudidaya nandur Jamur
jaman semana kae wis wiwit panen. Ngertine sawise Sudimin mangan awan sabubare
sekolah, ing panggonan mangan sing kulina dicawisake dening Bu Suwaji, ana tambahan
lawuh wujud jamur damen sing digoreng. Karo mangan Sudimin wiwit eling karo
olehe nata damen sing dipaido dening Pak Dolal dhek emben. Nek olehe mbudidaya
biyen kae kasil, mesthine saiki uga wis wayahe thukul jamure. Mengko sore
sadurunge budhal menyang langgar utawa sesuk-esuk, arep nyoba diendhangi.
“Jamure
enak apa ora Min?” dumadakan Bu Suwaji miyos, nyedhaki Sudimin karo mundhut pirsa.
“Eca
sanget Bu” wangsulane Sudimin “langkung gurih tinimbang jamur merang”.
“Bener
kowe Min, pancen Jamur Damen sing thukul neng sawah ngono kuwi luwih gurih
tinimbang Jamur Merang gaweyan neng omah” Bu Suwaji ngendika maneh karo mundhut
pirsa “kowe ngerti jamur sing digoreng Ibu kuwi saka ngendi?”.
“Boten
Bu” Sudimin atur wangsulan cekak karo mripate nuduhne tandha pitakon marang sing
didhereki kuwi.
“Kuwi
asile olehmu mbudidaya dhek emben kae” Bu Suwaji nerangne asal-usule jamur sing
saiki dienggo lawuh Sudimin “mau Pakdhe Saidi ngeterne Jamur budidayamu kuwi,
akeh banget banjur dening Ibu dipara dadi telung pantha, sing sepantha dimasak
kuwi, dene sing rong pantha dening Ibu diparingne mBokdhe Saidi karo Simbokmu.
Dadi kabeh ben melu ngrasakne asil budidayamu”.
“Oo
inggih Ibu, matur nuwun sanget” Sudimin ngaturne panuwun, merga simboke uga
diparingi dening Bu Suwaji “Simbok mesthi remen sanget, tiyang Daliyem kalih
Wagirah nika nek kalih Jamur Damen remene boten kantenan”.
“Iya”
Bu Suwaji paring wangsulan maneh “mau Pakdhe Saidi ya kandha, jarene manen
jamur neng tumpukan damen kuwi rong dina sepisan, dadi wis gedhe-gedhe, nek
saben dina dijupuk ya keneng wae, nanging rak isih cilik-cilik dadine ya mung
sethithik, ora keneng didum”.
“Inggih
Ibu” Sudimin mung wangsulan cekak. Karo wangsulan ngono kuwi, Sudimin nggagas
kepengin ngerti kaya apa wujude tumpukan kawul sing wis nukulake jamur kuwi.
Merga wiwit bubar nata lan numpuk biyen, Sudimin ya arang ngendhangi “tegalane”
kuwi, iya jalaran saka ora kober, kalah karo gaweyan liyane.
“Ya
mengko menyanga sawah ta Min, ben ngerti saiki kaya apa wujude Kawul sing mbok
tumpuk biyen” kaya pirsa apa sing lagi digagas Sudimin, Bu Suwaji paring dhawuh
“jarene Pakdhe Saidi, sakploke nata lan numpuk damen dhek emben blas ora tau mbok
delok. Ibu ya pirsa kok, marahi neng omah ya ana wae sing kudu mbok tandangi.
Mulane mengko elangna sedhela”.
“Inggih
Ibu” wangsulane Sudimin “mangke sonten mawon kula tak dhateng sabin”.
Tenan.
Sorene gaweyan resik-resik lan ngisi kolah disengka, ditandangi rada awan. Bar
sembahyang ngasar Sudimin sida menyang sawah ngendhangi “tegalan” jamure. Jebul
Pakdhe Saidi ya wayah ana sawah, penggarape Pak Suwaji kuwi nuju lungguh neng cedhak
tumpukan kawule Sudimin, lagi udut, jagongan karo Lik Sakir sing uga lagi
lungguh neng galengan sinambi udut, rokok tingwe.
“Kowe
menang Min” lagi wae Sudimin teka, durung nganti melu lungguh, Lik Sakir wis
ndhisiki omong.
“Menang
apa Lik?” Sudimin rada gumun karo sing dikandhakne Lik Sakir .
“Menang
karo Pak Dalal” sing wangsulan malah Pakdhe Saidi “Jamure metu akeh banget, mau
malah dening Ibu mbokne cah-cah ya diparingi”.
“Oalah
kuwi ta?” Sudimin lagi mudheng, banjur wangsulan karo mesem seneng “iya mau
mBokku barang ya diparingi kok”.
“Iki
mau rak lagi wae tak omong karo Pakdhe Saidi ta Min?” Lik Sakir guneman maneh “nek
buku sing mbok waca kae bener. Ora kaya sing dikandhakne Pak Dalal biyen kae”.
“Mau
esuk, pas aku ngepeki Jamur mau, Pak Dalal ya pas endhang-endhang sawah”
kandhane Pakdhe Saidi maneh “wonge ethok-ethok ora ngingeti. Aku ya meneng wae,
ora aruh-aruh blas”.
“Upama
mbok aruh-aruhi, wonge mesthi mundhak kisinan” wangsulane Lik Sakir “merga
luwih rumangsa kalah pinter karo Sudimin, sing dianggep bocah isih cilik sing
ora ngerti apa-apa, kamangka Sudimin olehe ngerti carane gawe Jamur kuwi merga
seneng maca buku lan migatekne wulangan neng sekolahan wae”.
“Sing
menang kuwi dudu aku Lik Sakir” Sudimin genti guneman “nanging Pakdhe Saidi,
merga bar damen ditumpuk karo dibumboni rabuk TS lan Kawur kae, aku ya blas ora
tau endhang-endhang, upama ora diopeni Pakdhe Saidi kira-kira wae ya ora sida
metu jamure kaya saiki kuwi. Mulane Ibu mau banjur dhawuh marang aku supaya endhang-endhang
menyang sawah”.
“Bu
Mantri Guru mesthi rena penggalihe” Lik Sakir nyaut rembuge Sudimin “merga
pirsa nek bocah sing ndherek kuwi pinter kaya kowe kuwi, dhemen ngecakne
apa-apa sing diwulangake Pak Mantri Guru neng sekolahan. Aku ya arep tiru-tiru
kowe kok Min, suk emben tumpukan kawulku kae ya arep tak gawakne kawur karo
rabuk TS”.
“Mathuk
kuwi Lik” Sudimin wangsulan.
“Jane
saiki ya wis ana Jamure sing thukul” Lik sakir nutugne kandhane “nanging cilik-cilik
lan ora akeh kaya nggonmu iki. Tumpukan kawul neng sawahe Pak Dalal sing
gandheng karo galenganku kae ya thukul jamure, ning ya padha nggonku ora akeh
kaya nggonmu iki, gajege wingi esuk dijupuki Pakdhe Marimin arep diterne nggone
juragane”.
“Mengko
nek nggonmu ya ndadi, Pakdhe Marimin rak diprentah ngusungi Kawur nyang sawah,
wong damen sawahe Pak Dalal kuwi luwih akeh tinimbang kene utawa nggonmu”
Pakdhe Saidi amul rembug “wong sawahe Pak Dalal kuwi sebahu wutuh, nek sawahe Pak
Mantri iki rak mung setengah”.
“Iya
nggonku kae mung telung prapat” Lik Sakir aweh wangsulan “lan nek wis nggone
Pak Dalal Jamur Damene dadi akeh, mengko titenana wae, wonge neng ngendi-endi
rak terus rapat nek wis ngandhani aku karo kowe carane ben kawule metu jamure
sing akeh ngono kuwi mau. Kamangka wonge maune maido, entek-entekane malah banjur
tiru-tiru terus ndhaku”.
Pakdhe
Saidi ngguyu rada banter, Lik Sakir ya melu ngguyu banter.
“Oalaah,
sampean kuwi kok ya pinter temen ngentha-entha perkara sing durung mesthi
kelakone” Sudimin ora melu ngguyu nanging malah maido Lik Sakir “Wong Pak Dalal
ya durung karuwan nek arep tiru-tiru awake dhewe kok, luwih-luwih arep rapat
neng ngendi-endi nek wis muruki awake dhewe. Kuwi jenenge Suudzon, dhawuhe mBah
Kyai Wahid dosa gedhe lho Lik”.
Dielokne
ngono kuwi dening Sudimin, Lik Sakir ora nesu, nanging anggone ngguyu ya ora
ditutugne maneh, mung kari klecam-klecem mesem kaya weruh sesawangan sing lucu.
“Pancen
mbudidaya Jamur Damen cara prasaja ngene iki becik banget nek akeh sing
ngecakne” Sudimin banjur ngajak ngrembug perkara pambudidaya jamur damen “merga
kajaba rasane ya enak, keneng dienggo lawuh, miturut Buku Ilmu Hayat kae Jamur
Damen utawa jamur Merang kuwi nduweni Pitamin sing gedhe manpangate, padha karo
pitamine katul lan beras. Dadi ya karo idhep-idhep manpangatne damen panen
rendhengan, nek damen panen apitan rak kanggone wis genah?”.
“Iya”
Pakdhe Saidi sing mangsuli “nek panenan mangsa ketiga genah nek damene dialap
wong-wong sing duwe ingon-ingon kebo utawa sapi, ditumpuk dienggo pakan kewane
nek wayah larang suket. Nek turah utawa ora ana sing amek, damen bisa gampang
digaringne, dieyer neng kedhokan banjur diobong dienggo rabuk nandur Kedhele
utawa Palawija liyane”.
Rembugan
sore kuwi dadi gayeng banget, wosing rembug Lik Sakir arep melu-melu mbudidaya gawe
Jamur damen neng sawahe. Malah jare arep ngandhani wong-wong liyane sing padha
duwe sawah lan damene nek wayah panen rendhengan mung ditumpuk ora pati ana
paedahe kajaba dienggo susuh wang-wung .
Srengenge
ing sisih kulon sansaya mudhun, wektune wis nyedhaki wengi. Wong-wong banjur
padha ngadeg arep bali menyang omahe dhewe-dhewe. Sudimin uga banjur melu
mulih, sedhela maneh wis maghrib, wayahe sinau ngaji neng langgar, ngangsu
kawruh marang mBah Kyai Wahid.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar