10.
Sanajan mung sak jamur merang,
gandheng sing ngolah kuwi Bu Suwaji sing wis kondhang pinter olah-olah, jeneh
biyen lulusan SKP jurusan tata boga, ya dadi lawuh sing banget enak lan gurih. Pak
Suwaji ngrasakne eca banget anggone dhahar, luwih-luwih Sudimin sing ngertine
panganan enak kuwi ya sawuse ndherek Pak Suwaji, olehe mangan karo lawuh Jamur
Merang sing dioseng katon telap-telep ngentekne sega saking segere.
Karo mangan Sudimin
banjur kelingan, saka rumangsane sasuwene iki saka akehing jinis jamur sing dipangan
ora mendemi, sing paling enak kuwi jamur merang utawa jamur damen. Jaman
sadurunge ndherek Pak Suwaji, Sudimin kerep mangan jamur damen, olehe oleh
simboke nek dhong buruh nyang sawah. Sudimin dhewe uga kerep sengaja golek Jamur
Damen neng tumpukan kawul utawa damen sing wis lawas. Jamur damen sing thukul
neng tumpukan kawul kuwi adate luwih gedhe-gedhe tinimbang jamur merang asil
pambudidayane wong lan akeh sing kandha yen rasane uga luwih enak.
Gagasane Sudimin sansaya
adoh, banjur kepengin niru lekase mBah Kyai Wahid sing mbudidaya gawe jamur
merang, mung bedane sing diangen-angen Sudimin ora arep gawe jamur merang sing
mbutuhne papan lan tenaga sarta katlatenan mirunggan. Nanging Sudimin kepengin gawe
jamur damen sing carane prasaja banget uga ora mbutuhne panggonan apa dene
tenaga mirunggan. Biyen jaman isih kumpul dadi siji karo wong tuwane, Sudimin
tau duwe gagasan mangkono kuwi, nanging wurung kaleksanan, jalarane mung
sepele, ya kuwi wong tuwane ora duwe sawah dadi ya ora tau duwe damen sing ora
kanggo banjur ditumpuk dadi kawul diumbar garing banjur bosok dadi lemah kaya
nggone wong-wong sing duwe sawah kae. Nek saiki gagasan kuwi ketoke bisa
kaleksanan, jalaran Pak Suwaji uga kagungan sawah sanajan ora pati jembar lan
digarap dening Pakdhe Saidi. Sudimin uga ngerti nek Pakdhe Saidi uga kerep
numpuki damen dadi kawul neng pojokan sawah garapane, kuwi sing rencanane
Sudimin arep dibudidayakne murih bisa thukul jamure luwih akeh, merga nek mung
njagakne kanthi cara alami, kerep wae tumpukan kawul kuwi ora thukul jamure
utawa upama thukul ya ora akeh.
“Kowe arep ngenekne uji
coba gawe jamur damen kanthi cara sing prasaja nganggo kawul neng sawah sing
ditumpuk Pakdhe Saidi kae?” Pak Suwaji paring wangsulan kanthi mbalekne nganggo
pitakonan, nalika Sudimin matur, taren nek arep nyoba “nandur” jamur damen.
“Angkah kula makaten Bapak”
atur wangsulane Sudimin “menika menawi Bapak marengaken”.
“Iya Bapak ya mathuk
karo gagasanmu kuwi” Pak Suwaji ngendika karo mesem, penggalihe rumangsa
karenan dene Sudimin wis mletik nalare “nek ngono kanggo nyepakne barang sing
mbok butuhne, mengko tukuwa Kawur sak kanthong wae nang nggone Pak Marsana,
rabuk TSP ne nyuwuna Pakdhe Saidi, matura nek sing dhawuh Bapak, ngono. Dhuwit
ngge tuku kawur nyuwuna Ibumu”.
“Inggih Bapak”
wangsulane Sudimin seneng, merga gagasane ditampa lan disengkuyung dening Pak
Suwaji.
“Karo nek nata kawule
aja mepet-mepet Galeng wates karo sawahe kidule” Pak Suwaji paring dhawuh maneh
“tinimbang mengkone ndadekne Pakdhe Saidi ora kepenak karo sing duwe sawah
kidule dhewe kae. Wong Pak Dalal kuwi sok-sok nek ngendikan ya ngana kae, kowe
ngerti ta karo sing dingendikakne Bapak iki?”.
“Inggih Bapak kula ngertos”
wangsulane Sudimin. Panen Sudimin ya ngerti tenan nek sawah tunggal galeng karo
sawahe Pak Suwaji kae sawahe Pak Dalal sing digarap Pakdhe Marimin. Pak Dalal
kuwi duwe watak sing rada beda karo wong liyane, sok nduweni watak srei lan
dahwen pati open, mung perkara sepele wae kerep dadi geger karo tanggane,
luwih-luwih nek tanggane kuwi oleh kabegjan sing ora diduweni dening Pak Dalal.
Nek guneman seneng nylekit lan gawe laraning atine sing dijak omong. Mulane
Sudimin ya mbenerake apa sing didhawuhne Pak Suwaji, priyayi sing kondhang
dhemen ngalah marang sapepadhane lan tumindake tansah dingati-ati murih ora gawe
kapitunaning liyan.
Dina Ahad esuk, wayahe
Sudimin prei sekolahe, kanthi direwangi lan dipernah-pernahne dening Pakdhe
Saidi, tumpukan damen sing wis ngawul ing poncotan sawah ngisor dhewe kuwi sida
disulap dening dening Sudimin dadi calon tegal jamur. Wong sing duwe sawah kiwa
tengene, sing kabeneran liwat ing dalan cedhak sawah garapane Pakdhe Saidi kuwi
padha mandheg lan ndelok apa sing ditandangi Sudimin sing dibiyantu Pakdhe Saidi
kuwi.
“Bener kuwi Min”
kandhane Lik Sakir sing sawahe keletan sawahe Pak Dalal, sawuse ngerti apa karepe
Sudimin “tumpukan kawul nggonku kae ya kerep metu jamure, kamangka ya mung sok
kecipratan rabuk nek wayahe aku ngrabuk ngana kae, dadi tumpukan kawul iki mbesuk
tak kira jamure bakal thukul luwih akeh lan luwih awet, wong wis mbok kangeli
karo mbok ragadi nganggo rabuk Te Es malah mbok wenehi Kawur barang”.
“Ya muga-muga ngono Lik
Sakir” wangsulane Sudimin “wong olehku ngene iki ya mung idhep-idhep mbuktekne
apa unine buku Ilmu Hayat kae kok, mula dening Bapak ya disengkuyung, ngendikane
Bapak iki pelajaran praktek Ilmu Hayat”.
“Iya, Pak Mantri Guru
mesthine luwih pirsa babagan ngono kuwi” kandhane Lik Sakir maneh “lha nek aku
iki ya kaya Pakmu kae, sekolah ora tutug dadi ya ora pati mudheg karo unine
buku, Ngertine mung nganggo ngelmu titen”.
“Lha wong unine buku wae
kok digatek nemen-nemen” ora ana sing migatekne jebul Pak Dalal sing ngadeg ana
galengan sawahe dhewe nrambul gunem melu omong, semune maido karo apa sing lagi
dirembug antarane Lik Sakir karo Sudimin.
Sudimin nglirik Pakdhe
Saidi karo mesem, Lik Sakir sing weruh ya melu mesem. Wong telu ora ana sing
semaur nanggapi pangucape Pak Dalal sing maido Sudimin sing jare kenemenen
anggone percaya karo unine buku kuwi mau.
“Tumpukan damen neng
sawahku kuwi, selawase ora tau kecipratan rabuk blas. Nanging nyatane saben
wayah rada ana terangan ngana kae, ya ajeg metu jamure” ora ana sing mangsuli,
nanging Pak Dalal panggah nutugne olehe guneman “Jamur Damen kuwi thukule ya
merga karo sing nukulne dikon thukul neng panggonan sing wis dipilih, ora merga
saka rabuk utawa kawur kaya unine buku sing diwaca Sudimin kuwi mau”.
“Inggih Pak Dalal”
rumangsa dipaido ora kena diempet Sudimin wangsulan “niki namung dhapur njajal
utawi nyobi, leres napa boten unine wulangan teng buku Ilmu Hayat nika kok.
mBenjing nek saged thukul jamure nggih alhamdulillah, dene boten inggih boten
napa-napa”.
“Iya apik kuwi”
wangsulane Pak Dalal karo mesem kecut “nanging nek aku ya wegah, tenaga kok
diceh-ceh kanggo jajal-jajal unine buku. Nanging aku ya ora ngluputne kowe lho
Min?!? Kowe ora prelu gela karo rembugku iki!”.
“Boten Pak Dalal”
wangsulane Sudimin karo ngguyu “upami dipaido utawi dilepatne kula nggih boten
ajeng nesu kok? Menggah kula sing kula tandangi niki empun leres lan ugi sampun
dianggep boten lepat kalih Bapak, dados upami benjing niku, tumpukan kawul niki
boten medal jamure kula nggih boten ajeng getun, idhep-idhep kula dadosne
pengalamaning urip”.
Diwangsuli kaya ngono
kuwi, Pak Dalal isih guneman akeh-akeh maneh. Nanging dening Sudimin ya ora
diwangsuli, merga kajaba Sudimin wis ora pati cetha nggone nampa rembuge Pak Dalal,
kegawa saka anggone wis ketungkul nandangi gaweyane, Sudimin uga ngerti nek ora
ana gunane ngladeni omongane Pak Dalal, wong sing mung ndelok, lumrah wae
pinter keplok nanging ora tombok. Semono
uga karo Pakdhe Saidi, wiwit mau wis ora krungu kandhane Pak Dalal, merga Pakdhe
Saidi wiwit krungu rembuge Pak Dalal sing sepisanan mau, wis ora seneng
rasaning atine. Mula tinimbang nggatekne omongane wong sing mung gelem maido,
Pakdhe Saidi milih meneng karo tumandang gawe, dadi ora pati krungu karo
tembung sing diucapne wong sing duwe sawah kidul garapane kuwi. Lik Sakir sing
ngerti slagane Sudimin karo Pakdhe Saidi mung mesam-mesem dhewe, malah banjur
melu tumandang ngrewangi wong loro sing lagi ketungkul nyambut gawe kuwi.
Ana candhake
matur sembah nuwun sampun peparing waosan jamur damen , kawula tansah nengga sak lajengipun , nuwun
BalasHapusSAMI2, MUGI2 SAGED NGLAJENGAKEN.
BalasHapus