9.
Ora
gantalan dina, Sudimin sida ndherek ing daleme Pak Suwaji, Kepala Sekolah. Kepala
Sekolah kuwi nek neng padesan wektu kuwi, lumrah diarani Mantri Guru. Satemene
Pak Suwaji paring kalonggaran marang Sudimin, ya iku yen wengi dikeparengake
mulih turu neng omahe wong tuwane, nanging awit rerigen saka Bapakne, Sudimin
milih nek wengi ya ndherek turu ana daleme Pak Suwaji, pamrihe supaya ora ana bocah
sabarakane Sudimin sing ngajak dolan ing wayah bengi, nonton wayang upamane. Kajaba
saka iku sinaune Sudimin iya bisa luwih tumata, jalaran rumangsa tansah
dipirsani dening Pak Suwaji.
Kaya
welinge Bapakne, Sudimin tuwajuh tenan nggone ndherek Pak Suwaji, nek tangi
saka turu isih peteng, banjur nyaponi latar lan reresik pekarangan. Bubar kuwi
banjur ngangsu golek banyu menyang sumur kanggo ngisi genthong pawon lan ngisi
kulah. Yen wis banjur budhal sekolah, mesthi wae dening Bu Suwaji iya didhawuhi
sarapan dhisik. Yen wis bali saka sekolah sawise mangan, Sudimin uga ora banjur
dolan utawa leren, nanging gole-golek, gaweyan apa sing sajake bisa ditandangi,
ora ndadak ngenteni didhawuhi. Wayah sore, meh padha karo nek wayah esuk, wiwit
ngasar dhuwur Sudimin wis ngisi kulah, banjur nyapu lan resik-resik omah lan
pekarangan. Kabeh gaweyan ditandangi karo ati sing seneng, awit Sudimin wis
nganggep yen kuwi mula pancen gaweyane dhewe, ora butuh apa-apa luwih-luwih
pangalembana.
Merga
saka lakune Sudimin sing mangkono kuwi mau, mula ya ora aran aneh nek kulawargane
sing didhereki sansaya seneng lan asih marang dheweke. Dhasare neng omah kono
kuwi, Pak Suwaji lan Bu Suwaji wis ora ana putrane sing ana omah. Kabeh wis
sekolah lan manggon ana kutha, mula Sudimin banjur dianggep kaya putrane dhewe.
“Min
wiwit mengko sore kowe ndhereka sinau ngaji ana langgare mBah Kyai Wahid” sawijining
awan nalika Sudimin lagi rampung olehe mangan, Pak Suwaji paring dhawuh “wingi
sore Pak Waji wis matur marang mBah Kyai Wahid nek kowe tak dhawuhi ndherek
sinau ngaji ana langgar”.
Sudimin
ora enggal wangsulan, pikirane banjur kelingan yen satemene wis rada suwe
dheweke duwe pepenginan bisa melu ngaji kaya bocah-bocah sabarakane, nanging
pepenginan kuwi diwurungake. Kajaba merga durung wani matur taren marang Pak
Suwaji, Sudimin uga tau krungu, Pakdhe Dasil sing omahe kacek rong surup saka
daleme Pak Suwaji nyrengeni Triana anake merga Triana senengane menyang Langgar,
lan kang mangkono kuwi mau dening pakdhe Dasil dianggep wis ngganggu nggone
sinau. Uteke Triana ora sedheng diiseni wulangan saka sekolahan sing wis akeh
banjur ditambahi maneh wulangan ana langgar, mula salah siji kudu kudu ana sing
ditinggal. Lan Pakdhe Dasil milih supaya sing ditinggal Triana anggone sinau
ngaji ana Langgar. Lha saiki, kok malah
Pak Suwaji paring dhawuh supaya dheweke mengko sore wiwit ndherek sinau ngaji? Apa
ora aran kleru?.
“Diajak
guneman kok malah meneng kaya wong keweden ngono ta Min?” Pak Suwaji ngendika
maneh, nakoni Sudimin sing nglamun.
“Aanu,
inggih Bapak” wangsulane Sudimin blekak-blekuk.
“Inggih
piye? Kowe apa ora seneng nek kajaba mbesuke ngerti tulis aksara latin uga bisa
maca lan nulis aksara Arab? Aksara sing kanggo nulis Kitab Suci Al-Qur’an kae?”
Pak Suwaji bali ndangu marang Sudimin.
“Nyuwun
pangapunten Bapak” wangsulane Sudimin saiki wis wiwit lancar “estunipun kula
inggih kepengin saged ngaji, nanging kula nate mireng saking Pakdhe Dasil
ingkang ngandhani Triana, ngaji dhateng Langgar niku saged murugaken anggenipun
sinau ing sekolahan kendho, jalaran utekipun kekebaken ngelmi lajeng boten amot”.
“Kuwi
panemune Pakdhe Dasil, sing tenane ya mung waton ngira-ira wae” Pak Suwaji
paring wangsulan karo mesem “nyatane kabeh anak-anakku, ya mas-masmu, Mas
Respati karo Mas Prayitna, biyen sekolahe ya ora keganggu kamangka ngajine neng
langgar ya ora tau lowok, malah masmu loro kuwi sawise sekolah neng kutha,
sekolahe uga ngrangkep neng pondhok lan mas-masmu loro kuwi kabeh ya pinter ora
kalah karo sing ora ngaji, malah Masmu Respati saiki wis sekolah dokter neng
Yogya”.
“Inggih
Bapak, mangke sonten kula wiwit ndherek ngaos dhateng Langgar” Sudimin atur
wangsulan.
“Karo
maneh Min” Pak Suwaji ngendika maneh “menungsa kuwi tenane ngono ora ana sing
bisa apa-apa kajaba yen ditulung dening Gusti Allah. Lha wis aran lumrah nek
menungsa kuwi kudune ya matur nuwun marang Gusti Allah sing paring maewu-ewu
pitulungan marang dheweke. Urip dadi manungsa kuwi aja banjur kaya kewan sing
bodho sing ora weruh rasa tarima kasih marang Gusti Allah. Lha salah sijine
wujud rasa matur nuwun kuwi ya gelema manungsa kuwi ngibadah nut lan
piwulanging agama sing dirasuk. Lha awake dhewe iki wong Islam, ya gelema
sembahyang lan ngibadah miturut piwulange agama Islam. Lha sasuwene iki, tak
waspadakne dening wong tuwamu kowe durung tau dikandhani babagan iki, malah ketoke
wong tuwamu kae ya durung padha bisa sembahyang. Mula kowe didhawuhi Pak Waji ndherek
sinau ngaji neng Langgar kuwi uga supaya kowe bisa sinau ngaji lan sinau
sembahyang”.
“Inggih
Bapak”
Tenan,
sorene Sudimin sadurunge Maghrib uga wis budhal menyang Langgar, wiwit sinau
sembahyang lan ngaji. Lan dina-dina
terus mlaku, pranyata Sudimin kuwi bocah sing lantip tenan. Kanthi gampang apa
sing diwulangake Kyai Wahid bisa diwadhahi dadi ngelmu dening Sudimin. Durung
nganti setahun, Sudimin wis kena diarani pinter ngaji lan maca Al-Qur’an kanthi
becik. Apalane ya wis akeh, carae ngibadah uga wis akeh sing diweruhi, upamane
kepriye carane sesuci, kepriye carane ngadeg sembahyang lan liya-liyane,
Sudimin wis bisa nindakne kanthi bener. Mesthi wae merga kelantipane, Sudimin
uga banget diasihi lan ditresnani dening mBah Kyai Wahid.
Kyai
Wahid kuwi, sawijining Kyai Padesan, priyayine prasaja, luwih gedhe olehe
ngrumangsani yen mung wong ndesa sing jarene kaweruhe isih jero tapak meri. Olehe
adeg Langgar lan mulang ngaji marang bocah-bocah sakiwa tengene kono kuwi,
merga neng kono durung ana wong sing pinter lan tlaten mulang muruk babagan
agama kanthi lelahanan alias ora ana sing aweh blanja, malah kepara biyen kerep
kudu tombok kangge tuku lenga, kuwi sadurunge Pak Mantri Guru kepareng nanggung
tukone lenga kanggo damar langgar. Mula karo sapepadhaning wong, isine mung
tansah ngajeni. Landhesane Kyai Wahid mung merga nadyan ta mung saklungsu
watone bisa melu udhu.
Kanggo
nyukupi kabutuhaning urip, Kyai Wahid pancen ya duwe sawah sing ora patia jembar,
watara ya mung setengah bahu. Lan asile sawah sing mung samono kuwi, kegawa
saka narimane Kyai Wahid sakulawargane, bisa nyukupi kanggo sanguine urip.
Sanadyan kala-kala uga disambi nindakne gaweyan liya sing ana asile lan ora
gawe kapitunane wong liya. Kaya gaweyan wektu kuwi, ya iku nindakne pambudidaya
gawe jamur merang, ana pekarangane omah. Asile ora sepiroa, mung cukup digawe
lawuh saben dinane lan diweneh-wenehne tangga teparo sing kepengin weruh rasane
utawa dicaosne priyayi sing pantes dicaosi minangka tandha pangaji-aji.
“Min
mengko nek awakmu arep bali, mBah Wahid njaluk tulung, Min” ngendikane Kyai Wahid
ngepasi Sudimin rampung wudlu arep sembahyang Ngisak.
“Inggih
sendika, Kyai badhe paring dhawuh menapa?” atur wangsulane Sudimin sawega ing
gati.
“Neng
dhampar sing mau dienggo ngaji bocah-bocah kae, ana wungkusan godhong jati”
Kyai Wahid paring wangsulan “kae isine jamur merang, mengko nek awakmu bali,
cangkingen banjur aturna marang Ibumu. Matura nek kuwi sing nyaosi mBah Wahid
ngono, kareben Pak Waji ndherek ngrasakne jamur merang gaweyane mBah Wahid”.
“Inggih
Kyai” wangsulane Sudimin sing banjur mlaku liwat bancik watu, munggah menyang langgar.
Kyai Wahid uga banjur wudlu lan nututi munggah menyang Langgar, arep ngimami
santri-santrine nindakne sembahyang ngisak.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar