Total Tayangan Halaman

Rabu, 07 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (008)


 

8.

Sudimin sing uga lungguh neng cedhake Pak Suwaji mung ndhingkluk, batine rada nratab. Mau Gurune kuwi ngendika nek rawuhe ing omah kono ora ana sambung rapete karo olehe nunggak asok urunan sasen. Nek ngono ana perkara liya sing luwih wigati, Sudimin kelingan wingenane sadurunge wayahe mulih, dheweke mulih dhisik tanpa pamit. Merga arep nemoni Sunar pangone mbah Bayan Samin, neng panggonan ngarit. Dhek emben Sunar tau crita nek dheweke krungu jarene Pak Ngari wektu iki butuh pangon lan durung oleh. Nanging jebule digoleki neng panggonan ngarite, Sunar ora eneng, malah pas Sudimin mlaku mulih krungu Lik Kasmun karo Pakdhe Jiman rembugan bab olehe Pak Ngari mbutuhne bocah sing arep dikongkon ngopeni kebone sing cacahe papat kae.

 

Nggagas kuwi, Sudimin dadi rada wedi. Kuwatir yen Pak Suwaji arep mundhut pirsa anggone mbolos kuwi. Mendah mengko kaya apa nesu lan susahe Bapakne sing lagi lara kuwi nek ngerti dheweke mbolos olehe sekolah?.

 

“Sak jane wau kula rak sampun radi dangu ta Kang Diman?” sawuse rada sauntara padha meneng Pak Suwaji wiwit ngendika.

 

“Radi dangu pripun Pak Mantri?” Diman Bandhat takon merga durung mudheng sing dikersakne Pak Suwaji.

 

“Pas mandhap saking Magriban wau, kula bablas mriki, lajeng kula linggih teng emper mriku” Pak Suwaji nggenahne ngendikane.

 

“Lha nek ngoten rak nggih mpun dhek wau no Pak Mantri?” Diman Bandhat semaur semu gumun “lha kok boten lajeng mlebet?”.

 

“Saking emper wau kula mireng, Kang Diman nembe nuturi Sudimin” wangsulane Pak Suwaji maneh “mula kula entosi rumiyin, sareng sampun meh rampung anggen sampean ngandhani Sudimin kula nembe kula nuwun”.

 

“Dados Pak Mantri sampun midhanget sedaya sing kula kandhakne teng Sudimin niku wau?” Diman Bandhat sansaya gumun.

 

“Inggih kathah ingkang sampun kula pireng Kang” wangsulane Pak Suwaji karo mesem “mila ingkang sampean criyosne dhateng Sudimin kala wau sedaya leres. Menawi Sudimin kepengin ing benjingipun langkung sae gesangipun, kedah sekolah, boten kenging medal saderengipun tamat. Langkung-langkung Sudimin niki ing sekolahan ugi klebet lare ingkang nggadhahi kalantipan ingkang sae, malah kepara saged nglangkungi kalantipanipun kanca-kancane. Pramila inggih eman sanget menawi ngantos Sudimin medal anggenipun sekolah”.

 

“Nyuwun pangapunten Pak Mantri” dumadakan Sudinem sing maune mung meneng melu amul rembug .

 

“Inggih kadospundi mBakyu?” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Waunipun kula niki nggih reman-remena, nyekolahne anak niku” Sudinem atur wangsulan ngandhakne panemune “nanging nggih niku, sareng Pakne lare-lare niku asring sakit, kula dados tumut repot. Lha Sudimin piyambak nggih ngertos menawi tiyang sepahe sansaya repot kados ngeten niku, mila inggih lajeng gadhah kajeng badhe medal anggenipun sekolah, badhe pados berahan ngengen…….”.

 

“Ooo Dadi sing ngongkon supaya Sudimin buruh ngongon kuwi kowe ta mBokmu?” karo suwara rada sereng Diman Bandhat nigas wuwuse bojone, atine dadi panas maneh.

 

“Aku iki ora ngongkon Pakmu” wangsulane Sudinem ngendhani perkara, ora gelem nek dadi paran kanepsone sing lanang “Nanging anakmu dhewe sing taren, arep metu olehe sekolah lan arep nembung supaya awake dhewe metung rembug nang nggone Pak Ngari. Aku ya ora wani mutusi dhewe, mula bocahe ya banjur tak kon ngomong kowe iki mau. Lha kuwi Sudimin ya eneng, coba takonana bener apa ora sing tak omongne iki mau”.

 

“Gusti Allah, nyuwun ngapura…..” karo unjal ambegan Diman Bandhat nyebut asmane Gusti, banjur ditutugne guneman matur marang Pak Suwaji “nggih kados makaten menika lho Pak Mantri, kula niki kados jago sing ajeng kablak nanging boten gadhah suwiwi, kula gadhah pepenginan nyekolahne anak lanang, nanging gandheng kalihan kawontenan kulawarga kula ingkang makaten menika, kula lajeng puteg, boten saged mikir malih. Menawi kula ngekahi murih Sudimin niku sekolah, semah kula sambat kawratan kamangka kawontenan kula nggih kados makaten menika, duka saged mantun duka boten. Nanging menawi kula nyarujuki Sudimin berah ngongon, raosing manah kula ingkang boten saged nampi”.

 

“Inggih Kang Diman” Pak Suwaji paring wangsulan suwarane keprungu sabar lan sareh “mila sedaya menika kenging dipun wastani lampahan gesangipun Kang Diman saha mBakyu miwah para putra sedaya, lampahan utawi lakon menika adilipun inggih dipun lampahi”.

 

“Inggih Pak Mantri, menawi makaten kula nyuwun pangestu panjenengan. Sanaosa kados menapa kula boten badhe lila menawi anak kula jaler menika medhot anggenipun sekolah” Diman Bandhat mangsuli pangandikane Pak Suwaji, banjur ditutugne ngandhani anake lanang “lan kowe Min, saiki tak wangsuli apa sing mau mbok kandhakne, Pakmu ora ngidini kowe medhot olehmu sekolah lan ora arep ngidini kowe buruh ngongon neng nggone Pak Ngari utawa neng nggone sapa wae sadurunge kowe oleh ijazah. Ya pancen apa sing tak prentahne iki abot banget tumrap kowe, kowe bakal wirang isin ora karuwan merga olehmu sekolah ora lancar kaya kanca-kancamu, nanging kowe kudu ngerti nek kabeh mau minangka tapamu, minangka prihatinmu kanggo nggayuh supaya dadi wong pinter. Nek kowe wis pinter, kowe bakal weruh carane golek sandhang lan pangan”.

 

“Iya Pak, aku manut” karo manthuk Sudimin wangsulan.

 

“Niki ngaten kang Diman” Pak Suwaji ngendika maneh “kula nggih ngertos ingkang ndadosaken repotipun mBakyu, menawi Sudimin panggah sekolah, ateges anggenipun saged ngrencangi nyambut damel Sudimin, inggih menawi sampun wangsul saking sekolah, kamangka Sudimin inggih mbetahaken tedha. Inggih nuwun sewu, makani lare sekolah niku sami kemawon makani lare ingkang boten saged nyukani piwales, nambahi jatah tanpa angsal pituwas menapa-menapa. Inggih ta mBakyu?”.

 

“Inggih menika ingkang kula susahne Pak Mantri” alon-alon Sudinem wangsulan “jane ngoten nggih mpun saktrepe nek wong tuwek ngingoni anake, nanging saupami si anak saged mbantu pados rejeki rak inggih radi benten, pados rejeki kangge gesangipun piyambak ugi sampun sae. Menawi Sudimin menika berah ngongon, sanajan boten saged ngrencangi nyambut damel kula lan bapake, nanging rak tedhanipun Sudimin saben dinten sampun wonten ingkang nyekapi lan boten dados tanggelan kula malih?”.

 

“Sak niki kula gadhah pamanggih, pripun upami Sudimin menika Ngongon teng panggenan kula?” Pak Suwaji nanggapi wangsulane Sudinem “nanging benjing opahe boten Gudel utawi Cempe, nanging kapinteran. Sudimin menawi sampun wangsul saking sekolah, wangsulipun dhateng griya kula saprelu ngrencangi semah kula nandangi padamelan griya ingkang saged dipun lampahi Sudimin, mangke tedhanipun Sudimin dados tanggelan kula makaten ugi kabetahan kangge sekolah, inggih buku-buku lan praboting sinau sanesipun, ugi sandhangan kangge sekolah lan urunan sasen lan lintunipun dados tanggelan kula. Pripun manawi makaten ? Pripun Kang Diman?”.

 

“Manawi kados makaten ingkang dados kersanipun Pak Mantri” karo suwara sing serak, merga luh sing dleweran mili saka mripate, Diman Bandhat atur wangsulan “saestu kula ngaturaken genging panuwun, sedaya kamirahanipun Pak Mantri panggah badhe kula cathet salebeting manah, boten badhe kula supekaken ngantos dumugi ing akherat benjang”.

 

“Sampun sanget-sanget anggenipun nanggapi pikajeng kula niki Kang Diman, inggih sadaya tiyang menika wajib tulung tinulung ing kasaenan” Pak Suwaji paring wangsulan, banjur ditutugne takon menyang Sudinem “Menawi mBakyu kados pundi pamanggihipun kalihan pamanggih kula menika? Sepisan malih kula matur bilih kula boten saged nyukani opah wujud arta utawi barang ingkang pengaji dhateng Sudimin, nanging wujud kapinteran, menika menawi Sudimin purun nggega sedaya pitutur kula”.

 

“Kula ndherek lan matur nuwun sanget Pak Mantri” wangsulane Sudinem.

 

“Inggih Pak Mantri, samangke kula pasrah bongkokan pisan, bab anggenipun nggulawenthah anak kula Sudimin, badhe panjenengan dukani kados menapa kemawon, badhe panjenengan paring pidana kados menapa kemawon, kula badhe lila lahir trusing batin sauger kangge kasaenanipun anak kula” karo isih ngglethak Diman Bandhat guneman maneh, masrahne Sudimin marang pak Mantri Guru Suwaji, sing ditutugne karo kandha marang anake lanang “Kowe krungu dhewe ta Min? semono gedhene kamurahan sing diparingne Pak Mantri Guru marang kowe, kowe kudu ngerti ora saben wong kagungan penggalih kaya Pak Mantri iki, kajaba yen wis dipilih dening Gusti kanggo nekakne pitulungan marang kawulaNe kaya awake dhewe iki. Mula, kowe kudu tansah mbangun turut, mituhu apa sing dadi dhawuhe Pak Mantri Guru, aja maneh kok mung kesel, lara utawa liyane nadyanta nganti mati apa dhawuhe Pak Mantri wajib mbok tindakne kanthi legawaning ati, kuwi nek kowe ngakoni nek aku iki bapakmu. Ngerti?”.

 

“Iya Pak” Sudimin mung wangsulan cekak.

 

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...