7.
Diman
Bandhat kepengin tangi, kepengin olehe guneman bisa luwih gampang, nanging
awake jebul durung kuwat. Mula ya sawuse mbudidaya tangi meksa ora bisa, ya
banjur bali ngglethak karo ngempet rasa larane awake. Nanging rasa lara kuwi
dadi ora pati krasa, merga pikirane ora tumuju marang lara sing njaluk dirasakne
kuwi, nanging tumuju marang anake lanang sing lagi wae kandha yen duwe karep
arep metu saka anggone sekolah. Pikirane Diman Bandhat ya tekan ngendi, ngendi takon-takon
sajroning ati, ngliling wong-wong sakiwa tengene nganggo pangeling-elinge, sing
wis didakwa ngobong blarak. Mbebujuki supaya anake kayungyun marang urip sing
oleh pengasilan. Mau Sudimin wis nyebut jeneng loro, ya iku jeneng Kasmun sing
omahe ana sisih wetan let telung surup karo omahe, siji maneh jeneng Jiman buruh
srabutan sing tau dadi kanca rewange Midin Jenu, Maratuwane, nalika durung ana
larangan golek iwak neng kali migunakne jenu. Salah siji saka wong loro kuwi
pantes disujanani dening Diman Bandhat, dinakwa wis ngiming-imingi anake karo
kepenake urip mengko nek wis oleh opah saka anggone dadi pangon.
“Lha
kowe dikandhani apa karo Pakdhe Jiman karo Lik Kasmun?” Diman Bandhat banjur
nakoni anake lanang.
“Aku
ora dikandhani apa-apa Pak” wangsulane Sudimin “wong aku ya ngepasi liwat ana
sandhinge wong loro kuwi sing jagongan neng lincak ngarep warunge mBah Kemis.
Aku mung krungu wae apa sing lagi dirembug wong loro kuwi”.
Atine
Diman Bandhat sing mau arep nesu marang Jiman utawa Kasmun ora sida, wong loro
kuwi jebul ora tumindak kaya apa sing dinyana. Lha nek dudu wong loro kuwi,
banjur sapa sing wis ngojok-ojoki Sudimin supaya metu saka sekolahe lan ngongon
neng nggone wong sing duwe kebo akeh?.
“Oh,
iya Pak” Sudimin mbaleni kandhane “mau Pakdhe Jiman nakokne Bapak sing jare ora
ketok metu, banjur tak warah neng Bapak lagi gregesen ngono”.
“Mung
kuwi? Ora kandha liyane?” Diman Bandhat takon.
“Ora.
Lik Kasmun sing genti omong, nanging ora karo aku. Ajak-ajak Pakdhe Jiman ngendhangi
Bapak mrene, mbuh suk kapan aku ya ora pati cetha wong aku wis adoh, karo maneh
angen-angenku malah nggagas Pak Ngari sing jarene mbutuhne Pangon kuwi” wangsulane
Sudimin blaka apa anane.
“Ngene
lho Min” sawuse unjal ambegan rada dawa Diman Bandhat banjur guneman alon.
Sudinem, sisihane, apa dene Sudimin meneng siyaga ngrungokne “pancen nyekolahne
anak kuwi ora barang sing gampang lan entheng, merga kajaba kowe kelangan wektu
kanggo ngrewangi nyambut gawe aku karo mbokmu, aku ya isih kudu mikir nukokne
buku lan praboting sekolahmu sarta mbayari urunan sasen. Beda nek duwe anak
banjur dikongkon ngongon, kuwi asile loro, sing siji aku wis ora kudu mikir
panganmu, merga kowe wis diingoni bendaramu, perkara salinmu saben riyaya uga
mesthi ditukokne kathok karo klambi bendaramu, thik ngonowa mengko nek wis
rampung olehmu ngongon, Gudel opahmu kuwi bisa didol kanggo nambeli kabutuhane
kulawargane dhewe. Nanging aku, Pakmu, milih nyekolahne kowe, mbesuk ben ngerti
aksara ora buta hurup. Merga aku iki wis weruh kanthi panyawang sing luwih
awas, wis nglakoni urip sing wis suwe, wong sing uripe sarwa kecingkrangan kaya
kulawargane dhewe iki biyen merga aku karo mbokmu kuwi wong bodho, ora bisa
nyambut gawe apa-apa kajaba mung dadi kuli, dodolan bau lan tenaga. Beda karo
sing ngerti tulis lan etung, kaya Ismun Cethok sing omahe pinggir Ban kae, kae
uripe katon kepenak anake ora tau keluwen wong sedina paling ora bisa mangan
kaping pindho, Ismun kae nadyan ta ya mung dadi buruh nanging rak buruh dadi
Tukang Batu, kae biyen lulusan SKN banjur dibenum dadi tenaga Tukang Batu neng
Jawatan Pengairan, dadi uripe kepenak, kajaba oleh blanja ajeg saka negara
merga dadi Tukange Pengairan uga bisa nyambi nukang batu neng panggonan liya.
Banjur kae, Ganjar Blantik kae, Ganjar kae sekolahe ya lulus saka SR mula ya
ngerti lan pinter carane srawung, baud neng bab petungan rega, mula ya olehe
mblantik sansaya ndrebala. Lha nek Pakmu karo kuli-kuli sabangsane iki,
ngertine ya mung nampa prentah saka wong sing duwe sawah, opahe ya mung nek pas
bisa mregawe lan nyambut gawe sedina ya entek sedina, malah sok kurang barang.
Mula aku kepengin kowe bisa sekolah, ben ora ngrekasa uripmu kaya aku. Merga
kowe kuwi tinitah dadi anak lanang sing mbarep, kowe duwe kuwajiban maleni
adhi-adhimu nek Pakmu wis ora eneng utawa wis mati. Nek uripmu mbesuk kaya
uripe Pakmu ngene iki, nglengkara kowe bisa dadi wali sing becik……”.
“Kula
nuwuuuuun……….” Akeh-akeh nggone guneman Diman Bandhat nanging durung rampung
wis kapunggel suwarane wong alok kula nuwun.
“Mangga………”
sing aweh wangsulan Sudinem karo ngadeg, nyedhaki lawang.
Wong
saomah rada pangling karo sing duwe suwara alok kula nuwun kuwi mau, suwarane
empuk tur kepenak nek dirungokne, kaya suwarane priyayi sing kulina ngendikan
alus ngana kae.
“Mangga,
mangga Pak Mantri” jebul tenan, sawise lawang dislarakne, Sudinem dadi rada
kaget. Sing teka merdhayoh menyang omahe kuwi jebul Pak Suwaji, Mantri Guru ing
sekolahane Sudimin, anake.
“Nyuwun
pangapunten, sampun damel kejoting penggalih” Pak Suwaji aweh wangsulan karo
mlangkah mlebu omah.
“Boten
dados menapa Pak Mantri, mangga katuran pinarak, nika pake lare-lare nembe
gering” Sudinem banjur prentah marang Sudimin “Min dhngklik dawa neng pawon kae
jupuken mrene, ben diagem lenggah Pak Mantri!. Mosok Pak Mantri arep mbok aturi
lenggah neng klasa?”.
Ora
semaur Sudimin ngadeg banjur mlaku menyang pawon nindakne prentahe simboke.
“Sampun,
ora sah Min, Pak Waji nek neng dalem ya kulina lungguh neng klasa kok” Pak
Mantri Guru sing asmane Pak Suwaji kuwi menging Sudimin, karo bablas mlaku
nyedhaki Diman Bandhat sing arep tangi nanging awake durung kuwat.
“Mangga
Pak Mantri….” Karo mesem sing dipeksa, Diman Bandhat mbagekne dhayohe “nyuwun
pangapunten, dereng saged linggih”.
“Sampun
Kang, sampun, kagem sarean mawon” Pak Suwaji mapan lenggah karo astane nyalami
sing duwe omah. Sudinem sing mau mbukakne lawang, nyedhak karo nggawa ublik
siji maneh, disumet banjur diselehne neng ajug-ajug sing manggon ing sisihe
sing lanang kareben bisa nambahi padhange papan kuwi. Bubar nyelehne ublike,
Sudinem ya banjur nyalami dhayohe. Lan mapan lungguh neng sisihe sikile Diman
Bandhat.
Sudimin
teka karo nggotong dhingklik banjur diseleh neng cedhake klasa.
“Mangga
Pak Waji katuran lenggah ing dhingklik” kandhane Sudimin kurmat banget marang
gurune kuwi.
“Uwis,
Pak Waji lenggah neng klasa wae” wangsulane Pak Waji karo mesem “kowe ya
linggiha, cedhak karo Pak Waji kene”.
Sudimin
ya manut, banjur mapan sila rada cedhak karo Gurune kuwi.
“Kula
nyuwun pangapunten ingkang sakathah-kathahipun Pak Mantri” sadurunge dhayohe
ngandhakne apa sing dadi sedyane, Diman Bandhat wis ngrumangsani nek rawuhe Pak
Mantri Guru iki mesthi ana sambung rapete karo kuwajibane anake lanang asok
urunan sasen sing wis akeh banget nunggake “Sudimin boten lepat, nanging mila
kula ingkang dereng nyukani yatra kangge urunan sasenipun. Murugaken kajawi
mila dereng wonten, kula inggih nembe kaganjar sakit kados makaten, inggih
kapeksa kula semados malih, benjing menawi sakit kula sampun mantun, badhe kula
padosaken”.
“Boten
lepat Kang Diman” karo mesem sareh Pak Suwaji paring wangsulan “dugi kula ing
dalem sampean niki wau boten prakawis menika. Nanging namung dhapur nuweni
sampean ingkang kabaripun nembe gerah lan pranyata Kang Diman nembe gerah saestu.
Bab urunanipun Sudimin sampun dipun penggalih rumiyin, Kang”.
“Inggih
matur nuwun sanget Pak Mantri” Diman Bandhat semaur alon. Ing atine sansaya kurmat marang
Pak Mantri Guru sing sabar lan ora gumedhe dumeh kasinungan drajat sing dhuwur.
Pancen wiwit jaman Diman Bandhat isih bocah biyen, kerep krungu nek kulawargane
Pak Mantri Guru iki kondhang priyayi sing semanak, sumrambah, pinter srawung
ora tau nuduhne sipat adigang adigung adiguna, Bapake Pak Suwaji biyen uga
jumeneng dadi Mantri Guru, asmane ndara Mantri Mas Harja Supana, putrane kabeh
dadi priyayi luhur sumebar neng ngendi-endi, lan sing waruju ya sing asma
Suwaji sing saiki dadi Mantri Guru ing sekolahane Sudimin iki.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar