Total Tayangan Halaman

Selasa, 06 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (006)


 

6.

Merga wiwit cilik Sudimin tansah diweleg “doctrine” dening Diman Bandhat yen sing bakal bisa urip kepenak kuwi wong sing pinter, mangka Sudimin saben dina ya tansah ngangen-angen supaya bisa dadi wong sing pinter. Kareben uripe bisa kepenak, bisa mangan sedina kaping telu sega beras lawuhe tempe goreng, bisa nganggo klambi utawa sruwal sing ora tambalan. Nalika tangane wis gaduk kuping, bola-bali dituduhne marang wong tuwane yen dheweke wis wayahe disekolahne. Mula pas tahun ajaran anyar, nalika dening Diman Bandhat, Sudimin diterne menyang Sekolahan cedhak Lumbung Baledesa, sing kondhang nganggo sebutan Sekolahan Pasopati, lakune Sudimin sumrinthil rindhik asu digitik.

 

Wiwit sekolah neng Pasopati, Sudimin sing bocah ndesa kuwi wiwit duwe kanca “bocah kutha” sing omahe cedhak pasar. Lan Sudimin sing duwe penganggep yen bocah kutha kuwi luwih akeh kaweruhe tinimbang bocah ndesa, banjur seneng niru solah bawane bocah-bocah kutha, ya carane dolanan ya carane srawung. Mung siji sing ora ditiru dening Sudimin cara uripe bocah kutha ya iku sing kondhang nakal lan seneng tukaran. Kerep wae sawuse mulih sekolah Sudimin dijak dolan lan dolanan kanca-kancane sing bocah kutha lan uga kerep wae Sudimin genti ngajak dolan lan dolanan bocah-bocah kutha kuwi menyang ndesa. Merga Sudimin ya wani nuduhne nek bocah ndesa kuwi uga nduweni kaluwihan tinimbang bocah kutha, kaya upamane nglangi neng kali lan golek welut neng sawah. Mula sanadyan bocah ndesa, nanging Sudimin ora diremehne dening kanca-kancane, jalaran ora sethithik kancane sing padha njaluk diwuruki carane nglangi nek wayah adus neng kali.  Kanca-kancane Sudimin akeh sing padha eram lan njaluk diwarahi nalika Sudimin nuduhne kawegingane slulup, gogo urang utawa nglangi nyengkrek lumawan banyu sing mili santer ing mangsa banjir.

 

mBaka sethithik rasa minder ing atine Sudimin wiwit suda. Luwih-luwih sawise Guru lan kanca-kancane padha ngakoni yen ing sekolahan Sudimin klebu bocah sing pinter, ora kalah karo kanca-kancane sing bocah kutha, malah kepara manggon ing sadhuwure, ing babagan carane nampa piwulang saka gurune. Ya ing wulangan Berhitung, Bahasa Indonesia, Civick, Ilmu Bumi, Ilmu Alam, Ilmu Hayat lan liya-liyane.  Mula nek ing jaman kuwi akeh bocah-bocah sing duwe panganggep nek selolah kuwi ora kepenak, banjur seneng mbolos, nanging nek mungguhe Sudimin sekolah kuwi “gaweyan” sing nyenengake. Sing sok-sok krasa ana ora senenge sekolah kuwi ya nalika Sudimin kerep ditimbali supaya ngadhep Pak Guru neng Kantor merga durung bisa nglunasi dhuwit urunan sasen sing wis nunggak nganti telu utawa patang sasi.

 

“Kowe ora prelu susah Min” ngendikane Pak Suwaji nalika Sudimin ketok ndhingkluk sajak arep nangis merga pas wayahe sekolahan ngaso ditimbali ngadhep lan didangu dhuwit urunan sing wis nunggak telung sasi “nek pancen karo Bapakmu durung diparingi ya ora apa-apa, merga sok ana bocah kaya kowe kuwi, durung mbayar urunan, jebul dhuwit olehe maringi wong tuwane sing kanggo urunan kuwi entek kanggo jajan lan tuku dolanan”.

 

“Nanging kula saestu kok Pak Waji” Sudimin matur alon karo panggah ndhingkluk “kalih Bapak dereng disukani, jane kula nggih isin, nanging Bapak mila dereng angsal arta kangge urunan kula niku”.

 

“Ya wis, kowe ora prelu isin” wangsulane Pak Waji sabar “Pak Waji ora duka lan ora nangih, mung mundhut pirsa wae. Nek pancen Bapakmu durung oleh dhuwit kanggo urunanmu ya mbesuk wae nek wis oleh, gek ndang dilunasi utawa dicicil. Sing baku kowe kudu sansaya sregep olehmu sinau lan nek Pak Waji pas nerangne ngana kae sing luwih migatekne, nek kurang cetha kowe kudu wani matur takon. Wis kana, nek arep dolanan karo kancamu ya dolanan kana, nanging ora pareng nakal lho ya?”.

 

“Inggih Pak Waji, matur nuwun” ature Sudimin sing banjur mundur alon-alon.

 

Nalika kuwi Sudimin wis kelas papat, dadi ya wis rada gedhe, wis bisa ngrasakne angele wong tuwane golek dhuwit kanggo urip lan kanggo ngragati olehe sekolah.  Sudimin uga bisa ngrasakne nek Guru-gurune padha asih marang dheweke, kanthi tlaten gurune nggolekne silihan buku wacan sing tau dienggo dening murid- murid sing wis munggah kelas. Kurikulum jaman semana ora bola-bali ganti, dadi buku pelajaran pancen bisa diwarisne.

 

Sudimin ya wiwit ngerti nek tenane ngono, Bapakne wiwit lara-laranen dadi ya kerep ora bisa nyambut gawe dadi buruh dinan. Nanging jenenge Diman Bandhat pancen ya wong lanang sing ora tepung karo jenenge urip pasrah marang kahanan. Ngerti nek wong lara kaya dheweke ora payu kerja, dheweke ya ora gelem leren anggone golek lulup digawe bandhat. Ewa samono panggah wae, asil anggone dodolan bandhat tetep ora bisa nutupi butuhe urip. Kanggo kabutuhan saben dina kari njagakne polahe simboke Sudimin, Sudinem. Nek anane buruh tandur Sudinem ya melu tandur, nek wayahe watunan, Sudinem melu buruh matun. Kerep wae, jatah kiriman panganan sing ditampa nalika kerja, dening Sudinem ora dipangan, nanging digawa mulih diwenehne anak-anake. Dheweke dhewe milih ora mangan, sing satemene uga ngrasakne luwe. Kajaba melu buruh-buruh nyang sawah, Sudinem uga kerep ramban semanggi sing thukul neng sawah-sawah, dijupuki lan di dol marang sing mbutuhne semanggine kanggo jangan bening lan jangan seger-segeran. Nanging bola-bali, arep polahe anteng kitiran, nanging kegawa saka nasib sing durung kabeneran, mbaka sethithik utange kulawargane Diman Bandhat marang tangga teparo sansaya mundhak akeh, Utang sing digunakne kanggo ndawakne umur, merga kanggo mangan sing ora bisa wareg.

 

“Ketoke kowe arep omong ta Le?”  kandhane Diman Bandhat nakoni anake lanang, nalika Sudimin lungguh suwe neng sisihe bapake sing lagi ngglethak mergs mbarengi larane weteng kumat “eneng apa? Omong wae, mbok menawa coba tak rungokne”.

 

Sudimin ora enggal aweh wangsulan marang Bapake. Ilate isih angel dienggo nata ukara sing arep dikandhakne. Pancen nalika kuwi Sudimin wis ngerti banget kahanan panguripane kulawargane. Sudimin, duwe niyat arep metu anggone sekolah, murih bisa ngrewangi wong tuwane, murih bisa nyuda rekasane bapak lan simboke. Wingenane Sudimin wis omong bab kuwi marang Sudinem, wong tuwane wedok. Simboke bisa nampa lan nyarujuki apa sing dadi karepe Sudimin, nanging Sudinem panggah ora bisa aweh wangsulan minangka putusan. Mula Sudinem banjur ngandhani Sudimin supaya kandha marang bapake. mBoke Sudimin ya kandha nek ora wani ngandhakne niyate Sudimin ngono kuwi marang Bapake Sudimin, jalaran Bapake Sudimin kuwi nek wis kadhung duwe kekarepan angel dieluk, mbuh dadine bakal ditekad lan sing wani memalangi mesthi bakal diamuk saora-orane bakal digrambyang nganggo srengen.

 

“Ya omong wae ta Le” sawuse Sudimin ora enggal wangsulan, Sudinem melu guneman ngongkon anake lanang supaya ngandhakne sing dadi karepe “mumpung Pakmu rada longgar larane”.

 

“He eh” Sudimin wangsulan alon, banjur ditutugne guneman marang Bapake “tak pikir-pikir kok sansaya suwe, aku sansaya kepengin metu wae olehku sekolah ta Pak?”.

 

“He? Apa?” Diman Bandhat semaur banter, atine kaget krungu kandhane anake lanang sing didama-dama bisoa dadi wong pinter kuwi “Kowe kepengin metu saka sekolahmu? Nek kowe ora gelem sekolah banjur kowe arep ngapa?”.

 

“Iya Pak, aku kepengin Ngongon wae” wangsulane Sudimin karo semu wedi “wingenane aku krungu Lik Kasmun omong-omongan karo Pakdhe Jiman jarene Pak Ngari mbutuhne pangon, nek olehe pangon saumuranku jarene wonge wani aweh aji telung tahun setengah, banjur mengko nek nambah disuda setengah tahun maneh……”.

 

Karo ngglethak merga awake isih krasa lemes, Diman Bandhat ngrungokne kandhane Sudimin sing nyethakne pawadan anggone nembung arep metu saka sekolahe. Diman Bandhat ngrumangsani nek minangka bapak dheweke ora sembada nggone ngragati anak. Wis pirang-pirang sasi kuwajiban asok urunan wae dheweke durung bisa nglunasi, mbok menawa ya merga kuwi sing ndadekne Sudimin isin lan ora krasan maneh dadi bocah sekolah. Nanging iki mau, Sudimin ora ngrembug bab urunan sing nunggak, ora kandha nek isin karo kanca lan gurune merga pethok urunane isih kothong. Malah Sudimin ngandhakne yen ana wong sing mbutuhne tenaga pangon, jangkep sak regane pisan. Diman bandhat malih nggagas, lan tuwuh pitakonan ing atine, sajake wis ana wong sing obong-obong klaras garing, mbujuki anake lanang supaya metu saka anggone sekolah, sapa wong kuwi?.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...