Total Tayangan Halaman

Selasa, 06 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (005)

 

5.

Merga bocahe pinter lan tumemen, binarengan karo nugrahaning Gusti marang dheweke, sawise lulus Wiwin malah direkrut almamatere, dikongkon melu mulang ana kampuse kono. Malah ora gantalan tahun saka anggone dikukuhne minangka tenaga dosen, Wiwin oleh dhawuh nampa prentah supaya luwih matengke ngelmu lan kaweruhe sarana sinau neng Leiden, ing Negara Walanda, jalaran jaman kuwi S2 Basa lan Sastra Jawa sing klebu mumpuni ya mung ing Universitas Leiden. Dadi gedhe cilike bocah sing jeneng Wiwin Winarah, sing saiki dadi sisihane Sudimin kuwi wiwit cilik wis diingu wong tuwa sing cukup sandhang turah pangan, ora kurang enthong ora kurang irus, ora tau nandhang kacingkrangan ing babagan kabutuhane urip.

 

Beda karo lelakone wong lanang sing saiki dadi sisihane Wiwin. Sudimin lahir neng ndesa sing adoh saka kutha, nek bengi dipadhangi damar ublik, merga jaman semana PLN durung tekan padesan anggone aweh layanan marang masyarakat. Dhasar sing dadi lantaran lahire neng donya Sudimin biyen wong sing akeh kurange ing samubarang reh. Wong tuwane lanang sing jeneng asline Murdiman, lan merga duwe samben gawean dadi tukang gawe lan dodolan bandhat banjur katelah Diman Bandhat lan ana uga sing ngarani Diman Lulup, merga kanggo gawe bandhat Murdiman kudu kerep golek bakalan bandhat sarana mbeseti kulit pang waru didadekne lulup. Diman Bandhat tau sekolah neng pamulangan Sekolah Rakyat saiki karan Sekolah Dasar, nganti tekan kelas telu, banjur metu ora nutugne olehe sekolah merga kesusu buruh angon kebo, dadi pangone mBah Kaji Sarkam, sing miturut petungane wong tuwane kanggo golek sangu urip di masa depan. Dadi pangone mBah Kaji Sarkam, Murdiman bisa ambal kaping pindho. Sing saambalan, merga umure Murdiman wektu wiwit ngongon durung ganep rolas tahun, olehe ngongon suwene patang tahun, banjur oleh opah Gudel siji. Banjur nutugne ngongon maneh ambal sing kapindho, wektune dadi suda, kari telung tahun, oleh opah Gudel siji maneh. Bubar kuwi Murdiman wis diakoni nek wis diwasa lan bisa nyambut gawe dadi kuli sing opahe dinan, utawa rendhengan.  Opah olehe Buruh Angon kuwi, sing dhisik dening wong tuwane banjur didol dienggo imbuh ngragadi uripe wong saomah, merga adhi-adhine Murdiman ya isih akeh lan isih cilik-cilik kabeh. Gudel opah sing kaping pindho, wiwitane diniyati arep digawe bibitan ngingu kebo dhewe, nanging durung nganti dadi kebo wis kadol, merga dienggo sangu rabi, Murdiman omah-omah karo Sudinem sing wekasane dadi simboke Sudimin.

 

“Sakjane biyen ki aku ya tau kepengin urip sing rada cukup, opah pangon kepindho saka nggone mBah Kaji Sarkam kae wis tak niyati arep tak ingu, tak enggo bibitan kareben aku bisa duwe kebo, banjur digolekne pasangan karo kebone sapa kono, dienggo kerja mluku nggaru nggone wong-wong, asile bisa lumayan. Nanging arep piye maneh?  Wong aku luwih wedi nek nganti simbokmu kedhisikan ditembung wong liya, wekasane Gudel opah pangon kuwi ora sida tak ingu kanggo bibitan, tak edol kanggo sangu rabi” tembung mangkono kuwi isih kerep dirungu dening Sudimin nganti Sudimin kelas lima SD.

 

Ora pati akeh bedane, lakon uripe Sudinem, simboke Sudimin. Sudinem dilahirne lan diemong deni wong tuwane, minangka anak nomer papat saka sedulur cacah pitu. Wong tuwane Sudinem kuwi sanadyan wiwit bayi ya urip neng ndesa, nanging ora pati baud olah tetanen lan ora pati bisa nglakoni urip dadi buruh tani. Dhasare pancen sanadyan mung sailat paribasane, ya ora tau duwe sawah utawa tegalan. Ya wong tuwane Sudinem sing lanang ya wong tuwane Sudinem sing wedok. Kabeh padha olehe ora duwe garapan sawah.

 

Jaman biyen wong tani ing padesan nek ngopeni panenan parine beda adoh karo jaman saiki. Nek saiki keneng diarani wong tani ora pati akeh kangelane nggone ngopeni panenan parine. Akeh pari sing sawise panen ora tau mampir omah, bar olehe nderepi sing wis wujud gabah banjur diparani bakul dituku kabeh banjur diunggahne truck, digawa lunga mbuh parane. Sing duwe sawah nampa dhuwit. Mula nek biyen ana unen-unen panenane oleh sepuluh ton utawa limang ton resik, kuwi ngemu teges sepuluh ton utawa limang ton kuwi sing digawa mulih wis dipotong bawonan. Nanging unen-unen ngono kuwi saiki wis beda tegese, oleh limang ton resik kuwi ngemu teges, resik utawa wis entek tanpa nisa, resik sing neng sawah ya resik sing neng omah, kabeh wis dilempit dadi dhuwit. Lha jaman biyen wong tani adol asiling panen kuwi mung wewaton kabutuhan sedina-dina, upamane arep kanggo blanja sing arep diolah digawe lawuh mangan saben dinane, utawa kanggo tetukon barang-barang sing diprelokne banget. Dadi olehe adol ya sethithik-seththik. Tumrap sing tenagane rada ana, olehe adol panenan ditutu murih dadi beras dhisik, dadi sing didol wis wujud beras. Lha nek sing ora pati duwe tenaga longgar, olehe adol ya wujud pari, nanging ya ora akeh cukup sagedheng utawa rong gedheng, nek ditimbang paling akeh ya sedhacin, kuwi wae dhuwite dijereng-jereng kanggo wektu sing suwe.

 

Lha simboke Sudinem sing jeneng Mak Cikrak kuwi pagaweyane nukoni beras sing didol wong tani sethithik ngono kuwi. Digawa mulih banjur tekan omah disosoh maneh murih luwih putih, dijupuk katule lan berase didol marang para priyayi sing kulina adang beras sing sosohan putih. Mesthi wae Mak Cikrak ya njupuk bebathen sing pantes.

 

“Biyen jaman durung ana selep (mesin penggiling padi) driji jempolane mBokmu sing iringan iki kandel-kandel, merga saben dina ngudang alu kayu Gulun, ngrewangi simbahmu sing gaweyane bakulan beras, nosoh beras neng lumpang. Bareng wis usum selep ya dadi luwih gampang, ora sah ndadak nosoh, cukup napeni mbuwangi endheg-endheg brambut, karo inter nisihne menir sing katut, wis cukup. Lagi bareng aku dirabi Pakmu, banjur salin gaweyan merga banjur genti melu-melu buruh tandur, matun lan ngasag nyang sawah” tembung ngono kuwi nganti Sudimin rada gedhe iya isih kerep dikandhakne wong tuwane wadon.

 

Lha wong tuwane Sudinem sing lanang, sing asline duwe jeneng Karta Midin, malih karan Midin Jenu. Merga gaweyane saben dina golek iwak neng kali-kali sing adoh karo padesan, nggunakne oyod jenu sing dithuthuki kanggo gawe mendeme iwak sing digoleki.  Gaweyan ngono kuwi ya ora ijen, nanging ngajak kanca loro utawa telu, lha Karta Midin sing madeg dadi borege. Oleh-olehane nggone golek iwak ya didum rata sakancane, banjur didol menyang pasar.

 

Merga padha olehe saka bibit ngono kuwi, wis lumrah wae, yen bareng omah-omah antarane Murdiman utawa Diman Bandhat karo Sudinem, ndadekne kahanan kulawargane wong loro sing jejodhowan kuwi ya mung trima pas-pasan wae, malah kepara akeh cingkrange tinimbang turahe.

 

Saka olehe jejodhowan Diman Bandhat karo Sudinem, banjur kaparingan anak cacah telu. Sudimin mbarepe, metu lanang, banjur wadon dijenengne Daliyem lan sing pungkasan utawa ragil ya wedok maneh diwenehi tenger utawa jeneng Wagirah merga ngepasi olehe lahir dina Rebo Wage. Dadi anak mbarep kathik metu lanang ijen, miturut panemune wong-wong sakiwa tengene kono nduweni tanggung jawab sing abot nanging adhakane dicedhakne karo katarimaning urip, kuwi nek anggone jejer dadi sedulur lanang kaprenah tuwa ditampa kanthi kebak rasa tanggung jawab. Mula wiwit cilik murih uripe Sudimin bisa caket karo kamulyan merga katarima uripe dening Sing Gawe Lakon, dening Sudinem apa dene Dimam Bandhat, anake lanang kuwi tansah dilelinthing murih tansah migatekne kanthi rasa tresna marang sedulur-sedulure. Diman Bandhat dhewe sanadyan sekolahe mung tekan kelas telu, nanging dheweke ngerti yen sansaya menungsa kuwi tambah dhuwur sekolahe, mangka bakal sansaya weruh marang tanggung jawabe. Mula tekading atine Murdiman, anake lanang sing mung siji kuwi ora arep dikongkon napaki tilas lakune, nanging arep disekolahne nganti sadhuwur-dhuwure, saora-orane kudu duwe ijazah SD.

 

“Perkara kowe arep ngrewangi wong tuwamu golek sandhang pangan, kuwi pancen kuwajibane anak marang bapa biyunge Min. Nanging kowe aja nganti tiru-tiru aku, metu saka anggone sekolah mung arep dadi buruh angon. Kowe ora oleh mrothol olehmu sekolah, kudu nganti lulus sokur-sokur yen bisa nerusne menyang Sekolah Lanjutan, kareben kowe bisa kukuh nggonmu kapasrahan kuwajiban maleni adhimu loro kuwi” ngono kandhane Diman Bandhat sing uga ora mung pisan utawa ping pindho dikandakne marang anake lanang ya Sudimin kuwi.

 

 

Ana candhake

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...