4.
Sudimin
lan Wiwin sajake padha krasa karo sing lagi diangen-angen dening anake lanang.
Ana sethithik rasa samar ing atine Wiwin, samar nek nganti Yahya salah tampa
marang apa sing lagi wae dikandhakne lan sing dikandhakne kakunge mau. Salah
tampa sing nuwuhake panganggep yen nyambut gawe dadi abdi, kalebu dadi abdi
negara kuwi mung pantes dilakoni dening wong sing jiwane jiwa abdi, jiwa kuli, jiwa
wong bayaran, dudu wong sing nduweni jiwa mandhiri. Kanthi mangkono yen nitik
karo sipate Yahya sing wis-wis, ora mokal yen banjur tuwuh gagasan neng atine
kepengin risign saka gaweyane merga kepengin dadi wong sing duwe kuwanen
mandhiri.
“Nanging
jenenge wong nyambut gawe kuwi kabeh ya ana ala lan becike” kanggo ngawekani murih
Yahya ora kebanjur kaya sing diangen-angen, Wiwin banjur guneman maneh “arepa
mung dadi abdi nanging nek dilakoni kanthi lelandhesan ngabdi marang semesta
lan ora mung merga kepengin oleh asil ajeg gedhene mbesuke oleh dhuwit pension,
kuwi dadi lan apike. Luwih apik tinimbang sanadyan katone mandhiri nanging
satemene mung ngabdi marang kasenengan pribadine dhewe”.
“Mula
bener banget apa sing asring didhawuhne Ustadz Zamzuri kae” karo mesem Sudimin
numpangi rembuge sisihane.
“Ingkang
pundi menika Bapak?” Yahya genti sing matur marang Bapake.
“Ya
bab dhawuhe Kanjeng Nabi yen Innama a’malu binyati, kae neh” wangsulane Sudimin
“sabarang reh kuwi gumantung ana niyate, nek niyate mung merga nindakne
wajibing kawula marang Gustine, mangka nyambut gawe apa wae bakal nguwohne
kabecikan sing ora ana pedhote. Kosok baline nek olehe nyambut gawe kuwi merga
mung nuruti karepe ati sing kabujuk dening pepenginan mburu kasenenganing urip
neng donya, arepa nyambut gawe sing kaya apa wae entuk-entukane ya mung tansah
ngangah-angah, nggrangsang sing ora ana enteke, wekasane ya ora oleh rasa
tentrem utawa bahagia babar pisan”.
“Inggih
Bapak” Yahya semaur sing mung waton semaur mbenerne apa sing dikandhakne
bakake.
“Karo
maneh, wiwit jaman biyen nganti tekan jaman saiki iki, akeh wong sing duwe
panganggep kurang pas sajrone ancas utawa tujuwane wong nyambut gawe” Sudimin
nutugne olehe ngandhani anake lanang.
“Kirang
pas pripun Mas?” Wiwin genti sing takon.
“Mosok
sliramu lali ta Bune?” Sudimin mbalik takon “gajege lagi dhek Ahad lho Ustadz
Nur Hamid olehe paring tausiyah ing bab iki, ngimbuhi apa sing dicethakne
dening Ustadz Zamzuri. Kae lho akeh wong sing duwe panganggep nek nyambut gawe
kuwi mung kanggo mburu rejeki, merga panganggepe antarane rejeki karo wong
nyambut gawe kuwi ora bisa dipisahne, nek kepengin oleh rejeki akeh luwih-luwih
yen kepengin sugih bandha donya, olehe nyambut gawe ya kudu luwih sregep, luwih
pinter olehe metung mlebu metune dhuwit aja nganti luwih akeh sing metu
tinimbang sing mlebu……..”.
“Lha
lerese rak nggih makaten ta Bapak?” Yahya bali nrambul gunem, nigas rembuge
bapake “mila rak nggih woten bebasan cara Arab ingkang nyebataken nyambut gawea
sira kaya-kaya arep urip selawase ngoten nika? Lan rak inggih wonten dhawuh agami
menawi boros menika sami mawon memitran kalihan setan?”.
“Kuwi
mula ya bener miturut petungane nalar” Sudimin aweh wangsulan “tur kuwi ya
durung rampung. Dhawuhe Ustadz Nur Hamid dhek Ahad kae, Imam Ibnu Atha’illah
nate paring dhawuh ngene : wong urip neng donya kuwi kasampiran kuwajiban
ngibadah marang Gustine, merga jejere manungsa kuwi kawula. Dening Gusti,
manungsa kaparingan kuwajiban sing kapisan ngibadah kaya dene salat, pasa lan
sapiturute, Kang kaping pindho manungsa kaparingan kuwajiban nyambut gawe utawa
mbudidaya kanggo kabutuhaning uripe. Nanging ya kuwi, manungsa kudu eling lan
percaya yen ngibadah kuwi kuwajiban lha bab asiling ngibadah sing wujud
ganjaran kuwi mung merga Maha Asihe Gusti marang kawulaNe. Samono uga babagan
nyambut gawe, manungsa kudu nindakne nyambut gawe kanthi sakuwat-kuwate,
ngedohi tumindak boros, ngeceh-eceh bandha kanggo barang sing tanpa ana gunane,
kuwi kabeh kuwajiban sing kudu ditindakne minangka kawulane Gusti, dene bab
asil olehe nyambut gawe kuwi gumantung marang peparinge Gusti. Mula ora aran
aneh lan ora tembung mokal yen ana wong sing olehe nyambut gawe direwangi teken
janggut asuku jaja paribasane, olehe ngirit nganti bebasan nggegem banyu wae
ora kecer, nanging kanyatane uripe panggah ora sugih. Kajaba kuwi ana maneh sing
duwe panganggep wong sing bisa sugih kuwi merga luwih pinter lan luwih akeh akale,
mula bareng kelakon sugih banjur rumangsa pinter dhewe, kamangka kanyatane Profesor-profesor
Ekonomi kae akeh sing kasugihane kalah adoh karo wong sing ora duwe title apa-apa
lan ora ana sing ngarani nek wong pinter ing babagan Ilmu Ekonomi. Yaa pa ora ?”.
“Inggih
Bapak” wangsulane Yahya karo sajroning atine mbenerake apa sing dikandhakne
Bapake kuwi “boten sah tebih-tebih Pak Ngadi Urug nika nggih boten saged nulis,
tanda tangan mawon namung garis kalih, nanging nika nggih gadhah karyawan Insinyur
kalih Sarjana Ekonomi napa”.
Ora
krasa lakune mobil wis tekan omah, wektune jebul ya wis rada wengi. Wis jam
wolu luwih. Bubar padha nindakne kuwajiban sembahyang Isyak, banjur padha mlebu
ing panggonane dhewe-dhewe. Ora kelalen Wiwin menehne oleh-oleh, sate rong
buntel marang Mbok Mi karo mBak Sri, rewange sing lagi padha katrem nonton TV
sinambi ngaso sawise sedina utuh nandangi gaweyan omah, resik-resik, masak lan
sapiturute.
“Sampun
kesupen obate diunjuk rumiyin Mas” kandhane Wiwin bareng mlebu kamar lan weruh
kakunge wis mapan ngglethak neng amben.
“Uwis
kok, lha kuwi buntele isih durung kober tak buwang neng kranjang, isih
gumlethak neng meja kuwi” wangsulane Sudimin karo janggute diobahne kanggo nudingi
meja cilik sing ana sandhinge amben.
“Nggih
sampun” Wiwin guneman karo njupuki buntel pil sing isih ana meja, dilebokne
kranjang sampah sing ana pojokan kamare “nggih sampun, Mas enggal sare rumiyin
kula tak ngancani mBok Mi kalih mBak Sri ningali Tivi sakedhap”.
Tanpa
ngenteni wangsulan Wiwin banjur metu, kakunge ditinggal dhewe neng jero kamar,
pamrihe supaya enggal bisa leren. Sing dipamiti ya ora butuh mangsuli, malah
pikirane banjur nglambrang menyang ngendi-endi.
Nglambranging
angen-angene Sudimin, nyata rumangsa begja uripe. Omah sing saiki didhaku dadi
duweke kuwi, satemene omah warisan saka wong tuwa angkate sing tumuli dadi
maratuwane. Maratuwane Sudimin, ya wong tuwane Wiwin Winarah, sing loro-lorone
wis jinempana ing angin, biyen pancen dudu wong asli Indonesia. Ibune Wiwin
sing asmane Albertina, kuwi asli saka Jerman tekane neng Indonesia
bareng-bareng karo sisihane sing asli saka Turki sing asmane Bahadir. Tekane
neng Indonesia kajaba kepengin nyinaoni adat lan tradisi sarta Kesenian Tradisional
Jawa, uga disambi karo dodolan perhiasan sing nuduhne ciri khas negara Turki
lan Negara Jerman. Jebul suwe-suwe sansaya krasan mapan neng Indonesia, mligine
neng Kutha Ngayogyakarta. Wekasan kekarone banjur nyuwun marang Pemerintah
pindhah kewarganegaraan, dadi wong Indonesia. Jaman semana, akeh wong sing ora
ngerti yen “Landa” loro lanang wedok kuwi wasis guneman nganggo basa Jawa. Lan
uga akeh sing ora ngira yen kekarone jebul ngrasuk agama Islam kaya agama sing
akeh dirasuk dening wong Ngayogyakarta jaman kuwi. Nanging bareng wis klakon
dadi WNI tangga teparone lagi padha ngerti lan akeh sing padha gumun, jalaran
kalah pinter nggunakne trap-trapaning basa jawa lan kalah sregep anggone padha
nindakne ngibadah neng masjid sacedhake kono.
Pasangan
Bahadir karo Albertina kuwi dening Gusti Allah kaparingan momongan siji, sing
diwenehi tenger nganggo jeneng jawa “Wiwin Winarah”. Anak blasteran Turki –
Jerman kuwi gedhene dadi wanita sing nyata katon sulistiyeng warna, kulite
putih nanging rambute ireng, pawakane sembada gedhe dhuwur nanging panggah
merak ati. Wiwit cilik Wiwin diopeni nganggo carane wong Jawa ngopeni anak,
manut karo kawruh sing tau disinau dening wong tuwane lan sithik akeh uga
diwulang basa lan adat asli saka wong tuwane. Mula ora nggumunake yen Wiwin
gedhene dadi wong sing pinter basa Jawa lan ngerteni Basa Jerman sarta basa-basa
manca liyane. Wiwin disekolahne neng sekolahan kaya lumrahe bocah kono sekolah,
wiwit SD tekan SMA ya neng Sekolahan Negeri. Bareng wis lulus SMA banjur nutugne
menyang IKIP Negeri Yogyakarta, sing saiki dadi UNY kae, njupuk Jurusan Bahasa
dan Satra Jawa .
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar