3.
Andhok
neng warung sate nggone Kang Mungin ora pati suwe, merga tenane ngono olehe
Sudimin ngajak kulawargane jajan neng kono kuwi kajaba butuh arep mangan uga
Sudimin kepengin pethuk karo Mungin. Mula karo mangan, ngrahabi sing disuguhne neng
ngarepe, Sudimin bola-bali tolah-toleh nggoleki sing duwe warung, nanging sing
digoleki ora ana katon, banjur takon marang salah siji saka rewange warung sing
kapinujon lagi ngladeni wong tuku ing sacedhake.
“Pak
Mungin boten wonten ta Mas?” ngono pitakone Sudimin marang karyawane warung
sate kuwi.
“Anu,
dereng rawuh Bapak” wangsulane karyawan kuwi sopan “kala wau meling menawi
anggenipun tindak wande mriki radi kasep, criyose badhe mampir dhateng Panti
rumiyin”.
“Panti?”
Sudimin miterang rembug “Panti Asuhan ta ?”.
“Inggih”
wangsulane karyawan mau “teng caket daleme Kang Mungin nika sak niki rak wonten
Panti Asuhan enggal, cabangipun Panti sing wonten kilen mriku niku”.
Sudimin
manthuk-manthuk, pancen wis rada sauntara kae Mungin kober aweh kabar nek ana
priyayi ing cedhak omahe sing makaf-ne pekarangan sak omahe kanggo Panti Asuhan.
Lan mesthi wae, kanthi anane panti asuhan sing anyar kuwi mengko kabutuhan
dhuwit kanggo ngragadi bocah-bocah sing dimong ing panti bakal tambah lan butuh
dipikirake murih bisa mlaku kanthi becik.
“Sampun
Bapak?” peladen kuwi takon apa sing ditakokne Sudimin wis rampung “menawi
sampun, kepareng badhe nglajengaken damelan”.
“Uwis,
uwis Mas, matur nuwun” Sudimin gage anggone aweh wangsulan. Jroning atine
thukul pangalembana marang peladen warung sing duwe tata krama jangkep kuwi.
Sudimin ngira, ngono kuwi mesthi merga saka piwulange Mungin marang para karyawane
supaya wong-wong sing teka ing warunge padha seneng atine. Salah siji saka cara
ngecakne ilmu pemasaran sing penting. Sudimin banjur nutugne anggone mangan.
“Nuwun
sewu, kok njanur gunung, kadhingaren” dumadakan ora weruh sangkan parane, sing
lagi wae dirasani wis linggih neng dhingklik ora adoh karo papane Sudimin
sakulawargane banjur aruh-aruh “niki wau saking dalem mawon menapa saking tindak
pundi Bapak?”.
Sudimin
sing ora ngira nek Mungin wis teka rada kaget, semono uga Wiwin apa dene Yahya
sing banjur padha ndengengek nyawang Mungin karo manthuk mesem, sing uga ditanggapi
karo sikep sing padha dening Mungin.
“Lagi
wae sampean mau tak takokne, Mas Mungin” Sudimin mangsuli pitakone Mungin “jare
isih mampir nyang Panti Asuhan sing anyar?”.
“Inggih
Bapak” Mungin mbenerne pitakone Sudimin “namung mampir sakedhap, ngaturne titipan
buku-buku kangge lare-lare Panti. Lha niki wau Bapak kok jangkep kalihan Ibu
lan Mas Yahya menapa?”.
“Iya,
iki mau jan-jane rak saka priksa neng nggone Dokter Sigit kana” wangsulane
Sudimin “lha ndelalah aku kelingan nek butuh kepethuk karo sampean, mula
mesisan tak jak mampir kene”.
“Saking
nggene Dokter Sigit?” Mungin rada mlengak “ingkang gerah sinten Bapak?”.
“He
he he ora ana sing lara kok” Sudimin wangsulan karo ngguyu.
“Lho
kok?”
“Ingkang
gerah nggih Bapake Yahya niku Mas Mungin” genti Wiwin sing nyaut rembug “ning
wong ya jenenge Pak Sudimin, dadi ya ngana kae”.
Mungin
mesem krungu rembuge Wiwin sing ngono kuwi, pancen prasasat kabeh wong sing tau
cedhak karo Sudimin padha ngerti pakulinane wong kuwi, selawase ora tau gelem
sambat lara lan ajeg mesthi moh nek dikongkon berobat menyang panggonane
dokter.
“Wong
ya pancen ora lara, mosok kon omong nek lara?” Sudimin sing aweh wangsulan “kaya
sing dikandhakne Dokter Sigit mau, sing baku aku iki mbutuhne leren sedhela,
mangan sing cukup. Merga tensiku lagi mudhun, lha mangan sate iki mengko
tekanan darahku rak banjur munggah maneh”.
“Inggih
Bapak” Mungin wangsulan “nanging Bapak inggih kedah kathah aso salira, dhahar
ingkang ajeg, sampun ngantos kados padatan inggih awit menggalihaken kabetahanipun
tiyang kathah, lajeng Bapak boten ngreken sayahing salira, saben dalu nglembur
meh dumugi enjing”.
“Lha
niku lho Mas” Wiwin guneman maneh “Mas Mungin mawon inggih pirsa, menawi panjenengan
niku asring supe kalihan kesarasanipun piyambak”.
“Iya”
Sudimin mung semaur cekak karo mesam-mesem, kanggo ngendheg rembug sing miturut
panemune ora ana gunane kuwi.
Ora
let suwe olehe padha mangan wis padha rampung Sudimin banjur kandha marang
Mungin nek butuh arep asok urunan kanggo kabutuhane Panti Asuhan sing kulina
dijupuk Mungin.
“Lha
kok kathah sanget Bapak?” Mungin takon sawuse nampani dhuwit sing diulungne Sudimin
lan dietung cacahe.
“Iya.
Gepitan eketan kuwi cacahe kaya padatan sing tak longne saka Gaji sing tak
tampa saben sasine” wangsulane Sudimin nyethakne bab dhuwit sing diulungne “lha
sing gepitan atusan kuwi, merga aku oleh rejeki liya saka anggonku seminar neng
Medan, Semarang karo keri dhewe neng Makasar. Jatah kanggo Ibune Yahya ya wis tak sisihne
dhewe, sing iku jatahe bocah-bocah Panti”.
Mungin
banjur nggawekne Kuitansi sing nyebutne yen dheweke wis nampa titipan saka
Sudimin supaya dipasrahne menyang Bendhara Panti Asuhan. Sanadyan mung wujud
dluwang sasuwek, nanging kuwi prelu kanggo njagani menawa ana sing lali.
“Matur
nuwun Bapak” kandhane Mungin karo nglebokne dhuwit mau menyang tas cilik sing
tansah dislempangne ana pundhake “mugi Gusti tansah paring berkah dhumateng
Bapak lan Ibu tuwin kulawaga sadaya lan mug-mugi pisumbangipun Bapak saged migunani
tumrap sedaya adhik-adhik lare Panti”.
“Aamiin”
wangsulane Sudimin “aku ya matur nuwun banget marang Mas Mungin sing wis kersa
tak titipi, ora liwat ya lemah teles wae ya?”.
Sudimin
banjur pamitan, wengi kuwi sing mbayari mangane Wiwin. Neng dalan padha nutugne
olehe ngrembug bab usahane Mungin sing sansaya suwe katon sansaya ngrembaka.
Luwih-luwih Yahya sajak kasengsem lan kepilut karo usaha sing dilakoni Mungin.
Merga nek dietung-etung kanthi tenanan ngono, pengasilane Mungin kuwi bisa uga
luwih akeh tinimbang pengasilane Pegawe Negeri Golongan Telu A.
“Kajawi
menika Mas Mungin ugi saged mbikak lapangan kerja lho Buk?” kandhane Yahya karo
panggah maspadakne dalan sing ana ngarepe “ingkang wonten mriki mawon niku wau
boten kirang saking lare gangsal, dereng ingkang wonten cabang Karangmalang
napa”.
“Iya
Nang” wangsulane Wiwin karo mesem “pancen samubarang gawe kuwi nek ditandangi
kanthi tenanan, gemi nastiti lan ngati-ati, sinartan rasa tanggung jawab sing
gedhe, tundhone ya kaya sing ditemu dening Mas Mungin kuwi mau. Pancen ing
jaman saiki isih luwih akeh nom-noman sing uripe kepengin dadi reh-rehaning
liyan tinimbang nyambut gawe sing ngabdi marang awake dhewe. Akeh wong pinter
sing sepi kuwanen, temah pasrah mung kepengin dadi telukan, mung sabab wedi
marang ayang-ayangane mungsuh sing ora katon”.
“Ibumu
wiwit ngandhakne paugeraning urip wewaton disiplin Ilmune Le?!?” Sudimin amul
rembug karo mesem “pancen nek miturut Layang Wulangreh ing jaman Sinuhun
Pakubuwana papat ngasta Layang kuwi, akeh para sinoman sing pengin dadi priyayi
utawa dadi abdi dalem. Saben selapan dina kuwajian seba lan uga ana kuwajiban
cundhuk kemit lan kuwajiban-kuwajiban liyane, kamangka kekucah utawa asil sing
ditampa minangka abdi dalem kuwi satemene uga ora mingsra kerep wae ora cukup
kanggo nutup kabutuhaning urip, nanging panggah akeh sing kepengin dadi abdi
dalem, mung jalaran sing dadi abdi dalem kuwi kinurmatan minangka kawula sing
kulina saba ing platarane ratu, kulina nganggo beskap komplit sakerise pisan.
Mula ana unen-unen akeh wong sing beteke kepengin bisa nganggo keris, banjur
nglilakne tegal utawa sawahe diiris. Padha karo lelakon ing jaman saiki iki”.
Yahya
mung meneng wae krungu apa sing dikandhakne Bapak lan Ibune. Apa sing dadi
kandhane wong tuwane kuwi cetha yen ngritisi kahanan, mligine ngritisi pola
pikire generasi muda, klebu para sarjanane pisan, sing akeh-akehe nek wis
rampung anggone sekolah banjur kepengin nyambut gawe dadi….. abdi. Klebu
dheweke, sing sawise lulus saka Universitas King Abdul Aziz neng Madinah,
banjur dijaluk dening kampus sing saiki dadi papane nyambut gawe supaya dadi
dosen neng kono. Lan nalika samana ya Bapake ya Ibune, padha dene olehe paring
panyengkuyung, nalika dheweke matur taren nek arep mulang dadi PNS ing kampuse
nalika nempuh S1 biyen.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar