Metu saka panggonan
prakteke Dokter Sigit, wong telu ora bablas mulih menyang omah. Sudimin ngajak
anak bojone andhok neng warung sate nggone Kang Mungin. Sing dienggo pawadan jalaran
mau Dokter Sigit mung kandha nek larane Sudimin kuwi salah sijine merga
kekeselen lan kurang leren, tekanan darahe mudhun nek ha-be ne normal. Lan
kanthi golek sate wedhus ngono kuwi dikarepne bisa ngunggahne tensi.
“Kareben tensiku bisa
rada munggah Bu” kandhane Sudimin marang Wiwin “wong ngendikane Pak Dokter
Sigit mau jarene tensiku mblorot kari wolung puluh”.
“Inggih Mas” wangsulane
Wiwin “nanging sing langkung baku niku, Panjenengan kedah pinter ngatur wekdal,
sampun merga kasengsem kalih damelan lajeng supe leren, lali dhahar. Upami
sakdangune niki, dhahare panjenengan niku boten kathah klendrane, lajeng sare
kalih ngasone ajeg, kula kinten boten ngantos panjenengan gerah. Lan sing
langkung baken malih, panjenengan kedah nurut kalih tausiahe Ustadz Zamzuri sing kerep didhawuhne pendhak Ahad enjing ing
Pengaosane nika”.
“Sing endi kuwi?” Sudimin
takon.
“Anggene udut niku
dikendeli!” wangsulane Wiwin “udut niku manpangat kalih kapitunane kathah
kapitunane. Langkung-langkung kados Panjenengan niku, aba sampun nyedhot udut
kalih nyruput kopi, lajeng kesupen anggenipun badhe dhahar”.
“He he he……” Sudimin
ngguyu karo wangsulan “iya, nanging nek digagas, awake dhewe iki ya lucu”.
“Lucu dospundi Bapak?”
Yahya sing lagi nyetir melu nrambul takon.
“Lucune ki ngene lho” wangsulane
Sudimin “lha aku iki diparingi awak waras dening Gusti Allah kuwi pirang-pirang
puluh tahun, ora tau semanta apa-apa. Lha bareng lagi diparingi mumet sethithik
lan sedhela wae, kok banjur sambat ngaruara, ngresula, wong sa omah melu
bingung kabeh, jan ora sumbut karo nalika diparingi waras ngana kae. Lucu apa
ora coba?”.
Yahya karo Wiwin padha
ora ana sing semaur. Ibu karo anak kuwi wis padha apal karo modhele Sudimin
wong sing ora tau ngresula ngadhepi lelakon urip sing kaya apa wae. Selawase urip
bebarengan karo Sudimin, Wiwin durung tau nampa tembung sing kasar saka
sisihane kuwi. Durung tau Wiwin disrengeni merga dianggep tumindak luput marang
kakunge. Samono uga sing dirasakne Yahya, durung tau Yahya nampa duka saka wong
tuwane lanang, disrengeni utawa digetak, babar pisan durung tau kedaden. Upama Yahya
ndilalah tumindak sing kurang pas karo tatananing urip, kanthi sabar lan sareh
sarta tlaten Bapake kuwi aweh pitutur murih becike.
“Niki siyose mampir
nggene Kang Mungin napa nggene Bu Hajah Nani?” sawuse meneng rada sauntara
Yahya matur takon, wetenge uga wis krasa yen njaluk diiseni.
“Warunge Bu Hajah Nani
kuwi kesuwen olehe antri. Nggone Kang Mungin wae” wangsulane Sudimin ditutugne
karo kandhan-kandhan “sing nduwe warung sate kuwi jenenge Mungin, biyen bocah
Panti Asuhan Aisiyah, bareng wis lulus saka Pondhok banjur diparingi pawitan
dening Pak Satata Kepala SMP sing daleme Jejeran kae. Pawitan kuwi ora
diparingne loko-loko, nanging utang sing ora nganggo anakan, nyaure dicicil
saben sasi, karo diwelingi nek olehe bakulan ana bathine sing sebagian didhawuhi
supaya disumbangne neng Panti Asuhan sing biyen dadi panggonane kuwi. Nganti
saiki wis mlaku limang tahun luwih, olehe nyumbang Kang Mungin menyang Panti
Asuhan ora tau lowok tur grafike munggah terus lan saiki Warunge Kang Mungin mundhak
reja, mundhak laris, sing ngrewangi dodolanbya sansaya tambah, kabeh biyen
asale bocah Panti Asuhan, adhi-adhi angkatane Mungin”.
“Lha Panjenengan kok
nggih apal sanget Mas?” Wiwin nyelani takon “Warung Sate Kambing Kang Mungin
niku sak niki bikak cabang teng Karangmalang napa lho? Kinten-kinten nembe
sewulan niki”.
“Iya ta?” wangsulane
Sudimin “kenalku karo Mungin kuwi wis suwe banget, biyen bocahe rak oleh tugas
saka Panti, marani sumbangan saka para donatur sing ora kober transfer utawa rawuh
menyang Panti. Lha aku salah siji sing saben tanggal telu dipethuki Mungin,
kerep wae Mungin tak wenehi dhuwit tip karepku kareben di enggo tambah sangu,
nanging jebul dening Mungin dhuwit tip kuwi malah disumbangne menyang Panti
pisan, sing crita Pak Pardi bendhahara Panti. Ya lumrah wae merga bocah sing
temen tur sregep, olehe bukak usaha warung bisa berkembang, bisa bukak cabang
neng papan liya”.
“Leres Bapak” Yahya bali
melu guneman “salah setunggal Mahasiswa kula nggih wonten kok ingkang ndherek
Kang Mungin, larene nggih tekun dados anggene ndherek dados rewang teng warunge
Kang Mungin niku ketingale nggih kalih didamel sinau”.
“Ya sokur ta nek ngono”
wangsulane Sudimin “nek ana bocah nom sing ngono kuwi Bapak neng ati melu
bungah, adhakane bocah nom sing gelem ngono kuwi ing mbesuke bakal dadi wong
sing sukses migunani tumrap awake dhewe lan wong-wong kiwa tengene. Dadi masa
depane Indonesia iki ora pati mutawatiri”.
“Inggih Bapak” Yahya
mbenerne kandhane wong tuwane “lare niki teng kampus nggih gathekan, kenging
diwastani Mahasiswa ingkang pinter lan ugi kritis, boten kok kuliah namung
betahe mpun dugi kampus ngoten nika”.
“Pancen apa-apa kuwi kudu
bisa mlaku bareng” kandhane Sudimin maneh “ya kudu tlaten, sregep lan tekun.
Merga ya akeh bocahe jan-jane ngono ya pinter, nanging nek wegahan banjur kepencut marang barang-barang sing
nengsemake ati nanging ora ana gunane, dadine kapinterane ya terus mandheg.
Bareng wis kebacut dadine wong ya wong sing mung pinter maido, rumangsa wis
pinter dhewe nanging nek dipasrahi gaweyan ya akeh mlethone”.
“Lha rak tiyang kina-kina
sampun nate dhawuh ta Mas?” Wiwin melu urun rembug “lare sing temen niku dados
tiyang inggih dados tiyang ingkang migunani, awit sing sapa temen bakal tinemu
apa sing dadi panjangkane, dhasare temen tur inggih tekun, niku sing sae. Sing
gelem teteken tekun bakale tekan kang sinedya, niku unen-unene sing meh sedaya
tiyang apal nanging sok kathah ingkang namung mandheg dumugi lathi kemawon”.
Sudimin ora semaur, mung
neng atine ana rasa mongkog dene dening Gusti Allah kaparingan jodho, sisihan kajaba
duwe rupa sing nyenengake lamun disawang, omong-saomong mung nglereg marang
pitutur luhur sing aweh panuntun murih anjog ing kabecikane urip. Kathik ngonowa,
kabeh sing dikandhakne uga dibarengi klawan tumindaksing kena digawe tepa
palupi.
Sudimin banjur kelingan
lelakon uripe, sing saiki wis keneng diarani kepenak lan mapan. Kabeh mau bisa
ditemoni awit iya anggone nglakoni urip, wiwit cilik nganti saiki wis umur
sewidakan luwih, tansah gegondhelan pituture para pinter jaman kuna, senadyan
ta siji loro pitutur kuwi uga ana sing wis ora jumbuh karo kahanan sing sansaya
maju lan sarwa modern, nanging meksa isih akeh sing becik upama dilanggengake.
Luwih-luwih sawise Sudimin gelem melu nyinaoni piwulange Agama sing dirasuk,
jebul piwulange agama ngono ora winates mung ing tata cara manembah marang
Gusti, nanging luwih akeh sing mulangake carane urip sing becik. Jalaran urip
neng ngalam donya kuwi ora urip ijen, nanging uga ana barengane urip, iya sing
padha-padha rupa manungsa lan uga sing wujud titah liyane, titah sing bisa obah
lan sing ora bisa obah, kewan, tanem tuwuh, banyu, geni, gunung, sawah segara
lan liya-liyane. Yen kepengin bisa urip sing becik, menungsa kudu bisa nglakoni
urip murih beciking sasama, ora mung mburu butuhe dhewe.
Jaman cilikane biyen,
Sudimin ora duwe pangira yen bakal urip neng Kutha gedhe kaya saiki kuwi. Ora
ngimpi yen bisa lungguh lan jejagongan karo wong-wong sing duwe palungguhan
kang kinurmatan dening sesamaning titah. Jeneh Sudimin biyen dilahirne dening Sudinem
anake Midin Jenu sing dirabi dening Diman Bandhat. Simboke Sudimin gaweyane
sing ajeg ya mung buruh-buruh neng sawahe wong sugih, ya buruh tandur, ya buruh
matun, derep lan liya-liyane. Bapakne sing kajaba dadi buruh srabutan, ing kalaning
lodhang luru lulup waru banjur ditampar digawe bandhat banjur didol neng pasar,
mula bapakne Sudimin sing asline duwe jeneng Murdiman, banjur luwih akeh sing
ngundang dadi Diman Bandhat, tegese Murdiman sing kerep dodolan Bandhat.
Ana candhake.
Isih ana sing pirsa apa
kuwi : Lulup? Bandhat?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar