1.
Wis dadi watak, dadi nek
dikandhani ya angel, sanajan olehe wangsulan ya muni “iya” nanging panggah wae
ora ditindakne. Wis telung dina sirahe krasa lara, kerep kliyengan, neng awak
lemes, Nanging ya ora digatekne, pas mbeneri sambat nek sirahe kliyengan
dikandhani dening sisihane supaya priksa nyang nggone dokter, nanging ya ora
ditindakne, kalah karo gaweyan sing wis disaguhi dadi tanggung jawabe. Mung bola-bali
nggon githoke diblonyohi lenga kayu putih, merga pangirane ya mung masuk angin.
Wingi pas tekan omah, mulih saka anggone mulang neng Kampus, bubar njagangne sepedha
motore, ora bablas mlebu omah nanging ndadak leren dhisik neng garasi, merga
panyawange krasa peteng dhet-dhet, meh wae Sudimin tiba. Tujune wektu kuwi
ngepasi Warji, sopire, ana garasi sing banjur nulungi merga weruh nek Sudimin
arep tiba. Sudimin sing mung meneng wae kuwi banjur dituntun alon-alon mlebu
omah.
“Lho kenging napa Mas?” Wiwin
sing weruh nek kakunge mlaku mlebu omah kanthi dituntun sopire, kaget, ora
sranta banjur takon.
Sudimin ora semaur,
wetenge krasa muneg-muneg, kaya arep muntah, mripate diremne. Praupane katon
pucet kaya enjet.
“Anu niki wau Bapak
ketingale badhe dhawah Bu, lajeng kula tampani lan kula dherekne mlebet” bareng
sing ditakoni ora semaur, Warji matur marang bendarane wadon, ngandhakne
kahanane Sudimin.
“Tulung sampean dherekne
nyang kamar pisan Pak Warji” wangsulane Wiwin sing banjur mrentah Warji supaya
nggawa Sudimin mlebu kamare.
“Nggih” Warji banjur nuntun
jurgane mlebu kamar, Wiwin ngetutne neng mburine.
“Ketingale Bapak nembe
masuk angin Bu” kandhane Warji sawise Sudimin dipapakne neng amben paturone “nek
boten nggih kesayahen”.
“Iya, bener kuwi Pak”
wangsulane Wiwin karo lingih neng sisihe Sudimin sing ngglethak karo ngeremne
mripate “wong bar kundur saka Medan kae ora leren sesuke banjur nyang Semarang,
bar saka Semarang esuke bablas menyang Makassar wingi sore lagi tekan omah. Gek
Bapake Yahya kuwi nek ora dielingne kerep wae olehe dhahar klendran”.
“Inggih Bu” Warji
pamitan arep nutugne gaweyane sing ditinggal, ngelapi mobile neng garasi “kula
tak teng garasi malih”.
“Iya matur nuwun lho Pak
Warji” wangsulane Wiwin sing banjur nata kemul kanggo ngemuli kakunge.
“Ibune……..” alon-alon lambene
Sudimin obah.
“Inggih Mas?” gage wae
Wiwin semaur karo ngingeti kakunge.
“Tulung aku gawekna Teh panas,
ketoke aku masuk angin iki” kandhane Sudimin njaluk digawekne wedang “sirahku
kliyengan, wetengku pating kruwel”.
“Inggih” wangsulane
Wiwin karo ngadeg banjur mlaku menyang Pawon arep nindakne sing dadi prentahe
kakunge.
Sudimin bali ngeremne
mripat maneh, sirah sisih mburi krasa sansaya lara, wetenge sansaya
kruwel-kruwel lan panyawange dadi sansaya ora cetha. Awak sakujur rasane dadi
tanpa daya.
“Mangga diunjuk rumiyin
Mas” ora nganti suwe Wiwin wis bali mlebu kamar maneh karo nggawa wedang teh neng
cangkir muk gedhe, sauntara tangane kiwa nggawa lepek sing banjur dienggo ngeler
wedange Sudimin.
“Selehna kono dhisik,
aku rung pati bisa melek iki” wangsulane Sudimin panggah karo merem rapet.
Wiwin tanggap, nyandhak
sendhok dienggo nyendhok wedang sing mau digawa banjur dicedhakne lambene
kakunge.
“Nggih sampun dingge
melek rumiyin, mangga diunjuk alon-alon, kula sendhokne” kandhane Wiwin karo
nyedhakne sendhoke menyang lambene kakunge. Sudimin mbukak lambene, wedang sing
didulangne Wiwin diombe. Oleh limang sendhokan, Sudimin kandha nek wis cukup.
“Panjenengan niku campur-campur
Mas” Wiwin guneman karo nyelehne sendhok neng lepek “nggih masuk angin, nggih
kesayahen, malah kinten-kinten pas tindak dhateng Medan, Semarang kalih Makasar
wingi niku panjenengan supe boten dhahar……..”.
“Iya” Sudimin wangsulan
cekak, mbenerne apa sing dikandhakne sisihane, mripate bali diremne.
“Mula kagungan raga niku
mbok dijagi piyambak” setengah srengen Wiwin guneman maneh “ragane awake
piyambak niki mpun boten nom malih, sampun dipadhakne kalih jaman siyen, jeneh
panjenengan niku nggih mpun meh sewidak langkunglan kula nggih mpun seket
gangsal, dados napa-napa niku kudu dingati-ati dhewe. Nggih empun mangke kula
dherekne priksa teng nggene Dokter Sigit, kula tak salin dhisik”.
“Lha sliramu apa lara ?”
karo isih merem Sudimin takon “kok ngajak neng nggone dokter Sigit ki?”.
“Mriksakne kalih
ngobatne panjenengan niku lho” karo rada anyel Wiwin wangsulan “wong genah nek sing
lara ki panjenengan ngoten kok? Malah nakoni bojone”.
“Alaaah, wegah” Sudimin
wangsulan sajake bar ngombe wedang panas limang sendhok mau larane wis rada
suda “wong mung masuk angin ngene wae kok ndadak arep menehi dhuwit dokter
barang, mengko dienggo turu sedhela rak ya mari dhewe, wong kesel kuwi tambane
dienggo leren, ora kok sithik-sithik nyang dokter njaluk suntik terus ngombe pil
utawa obat. Ngono kuwi ora becik, medic kuwi tegese upas utawa racun, nek
kakehan obat medic padha wae karo numpuk racun neng awak”.
“Mas Panjenengan niku
nek dipernahne garwane mbok sing nurut” Wiwin sing wis apal karo tekune kakunge
semaur alon “sing ngerti tenan bab kuwarasan lan carane nambani sesakit niku
nggih dokter, merga pancen sekolahe dokter riyin niku nggih ing babagan niku,
nek kepengin waras takone nggih teng dokter, sampun dikira-kira piyambak. Sami
mawon nek betah ngertos babagan Ngelmu
Komunikasi niku nek nyuwun pirsa sing leres nggih dhateng tiyang sing kaluwihane
ing babagan niku, kados panjenengan upamane………”.
“Lha nek kepengin luwih
ngerti bab Babad utawa Geguritan takone menyang Doktoranda Wiwin Winarah, ngono
ta?” Sudimin sing wis bisa melek kuwi nyauti kandhane sisihane karo mesem, praupane
isih katon abang dluwang.
“Gene ya wis pirsa ngoten
kok?” Wiwin wangsulan karo rada njedhirne lambene, rada anyel “sampun kula tak
salin riyin, gek ndang bidhal teng nggene dokter Sigit, Pak Warji kula kandhanane
riyin”.
“Iya, ora sah kesusu mengko
bar-bar surup wae ben disopiri Yahya” Sudimin ngandhani sisihane “bocahe iki
mau neng ngendi ta?”.
“Mas ngersakne didherekne
Yahya?” Wiwin mandheg ora sida metu nggoleki Warji, sopire.
“Ya karo sliramu barang
ta Bune” wangsulane Sudimin “dadi sok-sok ki wong saomah metu bareng barang ngono
lho?”.
“Nggih sampun menawi
makaten” Wiwin bali linggih neng sisihe kakunge “sakedhap malih Yahya rak nggih
wangsul, padatan menawi dinten jumuah ngeten niki jam sekawan sampun dugi,
kajawi menawi teng kampuse wonten damelan sing kedah ditandangi piyambake”.
Sudimin ora wangsulan
maneh, alon-alon banjur tangi, mapan lungguh, semendhe neng tembok kamare. Rasa
lara ing sarandhuning awake krasa wis kurang. Wedange diranggeh banjur disruput
dhewe.
Pancen kulawargane Sudimin
kuwi kena diarani kulawarga Dosen. Sudimin klebu dhosen Senior neng kampuse,
nek dietung-etung wiwit ketampa mulang dadi Dhosen neng kono nganti dina iki,
ora kurang saka patang puluh tahunan, klebu olehe disekolahne menyang negara
manca kanggo ngrampungne S2 lan S3
ne. Wiwin Winarah, sisihane sing umure
kacek limang tahun luwih nom, uga dadi Dosen Sastra lan Basa Jawa Senior neng
Kampus sing beda karo papan nyambut gawene Sudimin lan kober diragati negara
ngangsu kawruh neng negara Walanda kanggo nempuh S2 ne. Yahya, Anake lanang,
sing jeneng jangkepe Muhammad Yahya Sudimin, sawise bali olehe ngangsu kaweruh
neng Madinah negara Ngarab, uga banjur mulang dadi Dosen Bahasa Arab neng salah
sijining Universitas ing kuthane.
Wong saomah duwe mobil
loro, ngereh Sopir siji. Nanging Sudimin sing duwe watak rada beda karo wong
liyane, sasuwene duwe mobil durung tau numpaki mobile menyang papane nyambut
gawe. Dipilih nunggang Sepedha motore sing wis rada tuwek tahune. Sing mangkono
kuwi mau uga banjur nular menyang sisihane sing mulang neng kampus sing beda,
Wiwin uga meh saben dina pilih numpak Pit Motor jinis Matic. Tujune Warji
tanggane sing didadekne sopire, wonge ora lumuh, dadi luwih akeh nandangi gaweyan
liya neng omah kuwi, karo sok-sok lan oleh palilah juragane Mobile disopiri
ngladeni nek ana wong mbutuhake sewan mobil. Merga saka temen lan pintere
nggone mapanake dhiri minangka abdi, kulawarga Sudimin kuwi wis nganggep nek
Warji, sopire kuwi kulawarga dhewe. Dening Sudimin Warji saanak bojone
dikongkon manggon neng omah cilik sing mapan tunggal sapekarangan karo omah
sing dipanggoni Sudimin lan anak bojone.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar