69.
Kados tiang sinamber gelap lepat tinubruk
ing mong tuna, temah dhelog-dhelog kados munyuk ketiban tulup Ki Pawit, wicantenipun
Ki Sarkara boten tumunten dipun wangsuli. Malah Ki Pawit lajeng tumoleh dhateng
para rowangipun, mbaka setunggal dipun tingali praupanipun, nanging boten
wonten setunggal-setunggala saking rewangipun Ki Pawit menika ingkang boten
gedheg-gedheg sarwi angangkat pundhakipun minangka sasmita bilih piyambakipun
ugi boten mangertos kalihan menapa ingkang dipun wicantenaken dening Ki Sarkara,
inggih lelurahipun ingkang nembe kemawon dipun tepangi.
“Kepiye Kakang Pawit lan kabeh sedulurku sing ana
kene?” sareng sampun dangu Ki Pawit sarowangipun panggah ketingal menawi bingung,
Ki Sarkara lajeng wicanten malih “Apa sing tak kandhakne sajroning prentah mau
durung cetha? Tak sawang ndika kabeh padha pating dlongop kaya wong sing ora
mudheng karo sing tak kandhakne”.
“Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Pawit lajeng atur wangsulan “mila
leres menawi kula sakanca kirang cetha merdeni dhawuh jengandika kala wau. Awit
jengandika paring dhawuh ingkang wosipun marentahaken bilih ing Padhukuhan
Kepuhagal ingkang nembe kababat menika boten wonten abdi lan boten wonten
Bendara. Kamangka awit sih kawelasanipun ingkang Ibu nenggih Nyai Ageng
Pandhanwangi, kula sakanca ingkang suwaunipun tiyang-tiyang ingkang sampun
boten gadhah pangayoman, jalaran pangayoman kula sakanca ing bumi kelahiran
kula ing laladan Wana Patalan sampun telas katumpes dening titiyang manca, lan
kula sakanca lajeng dados buron ngantos dumugi papan mriki awit boten purun
teluk dhateng tiyang manca ingkang numpes para pangayoman kula, kula sakanca
kaparingan bendara enggal, ingkang badhe anglurahi bumi ingkang dening Nyai
Ageng Pandhanwangi kadhawuhan mbabat menika, inggih putranipun Nyai Ageng
Pandhanwangi piyambak nenggih jengandika Ki Sarkara. Inggih sasampunipun kula
sakanca katampik nalika kula nyuwun pangayoman dhateng Padhukuhan Tambaksela. Sampun
kepara dangu kula sakanca ngentosi rawuh jengandika Ki Lurah, nanginmg
dumadakan sareng jengandika rawuh lan paring dhawuh ingkang kapisan sampun
ngendikaken bilih ing bumi babadan menika boten wonten malih inhgkang winastan
bendara lan boten wonten ingkang sinebat abdi. Menapa menika sasmita saking
jengandika Ki Sarkara bilih kula sakanca boten kaparengaken ndherek ngaup lan
mangayom dhumateng jengandika Ki Lurah? Menapa kula sakanca boten kaparengaken
nglajengaken mbabat wana, saha kedah kesah saking papan mriki?”.
“Aja kleru tampa Kakang Pawit” gage kemawon anggenipun
wangsulan Ki Sarkara, awit Ki Sarkara boten nyana saderengipun menawi tiyang-tiyang
menika boten mangertos kalihan ingkang dipun kajengaken “sedulurku kabeh iki
panggah kudu nindakane apa sing wis didhawuhne dening Nyai Pandhanwangi, ya iku
mbubak wana kinarya padhukuhan lan papan kanggo ulah tetanen kanggo papan
palereman lan papan pangupa boga sajrone nindakne kuwajibaning urip. Anane
Kakang Pawit lan para sedulurku kabeh katon padha pating domblong nggone nampa
prentahku mau jalaran mung kandheg ing tembung ing papan kene wiwit saiki
tumeka mbesuk sak jebating jagad, ora ana sing diarani abdi lan ora ana sing
diarani bendara. Tembung-tembung sabanjure wangune durung keprungu ing
angen-angen ndika kabeh. Temah ndika padha salah tampa lan duwe pangira kanag
kleru kaya sing ditakokne Kakang Pawit mau. Saiki ngene wae, dhawuh utawa
prentah sing tak kandhakne mau panggah ora bakal tak wurungake, mung anggone
nindakne wae sajake mbutuhne wektu sing rada suwe”.
“Inggih Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan.
“nDika mau uga ngandhakne yen kanggo papan paleremanku
lan anak bojoku wis ndika cawisi, apa Nyai Pandhanwangi sing dhawuhake marang
ndika kabeh?” Ki Sarkara lajeng pitaken malih dhateng Ki Pawit lan
tiyang-tiyang menika. Ki Sarkara ketingalipun radi supe kalihan dhawuhipun Nyai
Pandhanwangi ingkang nembe kemawon dipun tampi, inggih menika dhawuh murih
boten kekathahen pitakenan dhateng Pawit saha kanca-kancanipun.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan “keng
Ibu boten paring dhawuh murih kula sakanca yasa dalem kagem Ki Lurah, nanging kula
lan sedaya kanca-kanca ingkang rumaos nggadhahi kuwajiban nyawisaken dalem
Kalurahan, awit saking menika ambok bilih mangke wujud lan tataning dalem boten
nocogi penggalih jengandika, kula sakanca nyuwun pangaksami lan kula sakanca
sampun siyaga ing dhiri sawanci-wanci kadhawuhan yasa dalem Kalurahan ingkang
cundhuk kalihan ingkang jengandika kersakaken”.
“Iya, iya Kakang Pawit” Ki Sarkara wicanten malih,
kalih salebeting manah ngalembana dhateng Ki Pawit kalihan kanca-kancanipun
menika, lan Ki Sarkara ugi sansaya mangertos menawi tiyang-tiyang ingkang
wonten sangajengipun menika mila tiyang-tiyang ingkang mbetahaken pangayoman
saha pamong. Awit saking menika Ki Sarkara ugi lajeng kengetan kalihan
pitakenanipun Ki Prasanta menapa piyambakipun badhe purun nglampahi menawi
kabetahaken nglurahi titiyang ingkang badhe nggayuh gesang ingkang sae? Lan Ki
Sarkara ugi enget bilih piyambakipun ugi wicanten menawi sagah. Inggih awit
saking menika, Ki Sarkara lajeng mantebaken tekad bilih piyambakipun mila
kapiji dening Hyang Agung murih madeg dados lurah ing padhukuhan ingkang nembe
kawiwitan anggenipun mbabad menika “aku
nedha nrima banget marang ndika kabeh sing wis mikirake kabutuhane sedulure
kamangka sedulur mau durung tau diweruhi sadurunge. Lan saiki aku kepengin mlebu
menyang omah sing ndika gawekne kanggo Lurah padhukuhan iki, sing wektu iki aku
kang dipercaya dadi Lurah kuwi”.
“Menawi makaten suwawi kula dherekaken Ki Lurah”
wangsulanipun Ki Pawit ingkang lajeng asung sasmita dhateng rowangipun dipun
ajak sareng-sareng ndherekaken Ki Lurah Sarkara.
“Ayo mBokmu anake digandheng dijak mlebu omah anyar”
Ki Lurah Sarkara lajeng prentah dhateng semahipun.
“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara ingkang
estunipun samangke sampun wenang sinebat Nyai Lurah, ingkang lajeng ngajak
yoganipun “ayo nang, mlaku dhewe apa njaluk gendhong?”.
“Tak mlaku dhewe wae Biyung, arep nang ndi ta ?”
wangsulanipun Pradapa ingkang lajeng taken dhateng biyungipun.
“Arep menyang omah Ngger” ingkang wangsulan Ki Lurah
Sarkara “dening Wa Pawit kowe wis dicepaki panggonan kanggo dolanan neng omahe
Ki Lurah kae lho!”.
“Iya Bapa” wangsulanipun Pradapa “Wa Pawit kuwi sapa?
Lha mengko aku dolanan nang omahe Ki Lurah, ora didukani Bapa?”.
Ki Lurah boten tumunten suka wangsulan namung
lathinipun kemawon ingkang dipun esemaken. Nyai Lurah ugi tumut mesem. Ki Pawit
ingkang lajeng majeng, nyaketi Pradapa kalihan wicanten :
“Ingkang namine Wa Pawit niku kula Gus. Mangga Gus
Dapa dipun gendhong Wa Pawit mawon mirsani dalemipun ingkang enggal”.
“Mengko ora didukani Ki Lurah Wa?” Pradapa pitaken
dhateng Ki Pawit.
“Boten Gus, Ki Lurah niku sabar kok lan kasok tresna
dhateng Gus Dapa” boten mawi ngentosi wangsulan, Pradapa dipun junjung lajeng
dipun gendhong dening Ki Pawit, dipun jak mlampah mangaler. Ki Lurah lan Nyai
Lurah ugi lajeng nututi tindak njejeri Ki Pawit. Sawatawis tiyang-tiyang
ingkang wau dugi sareng Ki Pawit ugi lajeng ngetutaken.
Ki Lurah Sarkara sakalangkung gumunipun, jebul ing
laladan mriku sampun kenging dipun wastani padhukuhan. Awit sampun kathah
griya-griya ingkang sampun dipun panggeni kados dene griya-griya ing padhukuhan
ingkang sampun dangu wontenipun. Nalika ingkang wonten ing griya-griya menika
sumerep Ki Lurah ingkang kadherekaken dening Ki Pawit lan kanca-kancanipun,
sami medal saking griya nututi lajeng tumut ngetutaken saking wingking. Inggih
radin-radin mila para pawestri.
Pranyata sasampunipun dumugi papan ingkang dening Ki
Pawit sinebat Dalem Kalurahan. Ki Lurah rumaos eram. Awit griyanipun ageng tur
inggil winangun joglo jangkep sapendhapanipun inggih kados limrahipun dalem
kalurahan ingkang sampun asring dipun sumerepi dening ki Lurah. Pekarangan saha
plataranipun wiyar, kapageran tatanan sela ingkang limrah sinebat Prigi. Ing
Regolipun wonten wewangunan salimrahing regol kalurahan, ing mriku ketingal
wonten nem-neman kalih ingkang samekta ing dedamel, njagi korining regol
ingkang tutupan. Ki Pawit suka sasmita dhateng paraga kalih ingkang nembe
rondha menika, ingkang kasasmitan inggih lajeng daya-daya mbikak korining regol
lan lajeng atur kurmat dhateng Ki Lurah sagarwa putranipun ingkang nembe rawuh.
Sanaosa kanthi manah ingkang dereng rumaos mangertos
kawontenan ingkang salugunipun, nanging Ki Lurah Sarkara ketingal kanthi tatag
lan kados sampun kulina, bablas minggah dhateng pendhapa. Joganing pendhapa
awujud gladhag saking blabagan kajeng jati sepuh ingkang dipun serut alus,
ketingal endah jumbuh kalihan warnaning gedheganing pendhapa ingkang ugi
kadamel saking blabag kajeng jati.
“Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Ki lan Nyai Lurah”
dereng ngantos telas anggenipun Ki Lurah mirsani kaendahaning pendhapa, saking
griya wingking ketingal wonten pawestri kalih ingkang nyaket lajeng mundhuk-mundhuk
kalihan matur “kula ingkang abdi pun Diyem abdi dalem kalurahan ingkang tinanggenah
ngreksa isen-isening dalem kalurahan dene menika sedherek kula anem pun Dirah abdi
dalem kalurahan ingkang tinanggenah njagi lumampahing padamelan ing pawon dalem
kalurahan. Kula kekalih kaparingan wekdal dening Nyai Ageng sekawan dasa dinten
kaetang wiwit Nyai Lurah mlebet dalem kalurahan mriki, dene sasampunipun menika
kula kekalih kadhawuhan wangsul malih ngladosi Nyai Ageng ing dalemipun.
Samangke inggih awit ngemban dhawuh saking Nyai Ageng, kaparenga Nyai Lurah
kula dherekaken aniti priksa kawontenaning dalem Kalurahan menika”.
“Aku nedha nrima banget marang ndika Nyi Diyem apa
dene Nyi Dirah sing arep aweh tuntunan marang Nyai Lurah supaya ora kaget klawan
panguripan anyar ing Kepuhagal, mligine kanggo ngayahi kuwajiban ing dalem
kalurahan iki” Ki Lurah Sarkara paring wangsulan dhateng Nyi Diyem lan Nyi
Dirah ingkang pranyata abdinipun Nyai Pandhanwangi ingkang kadhawuhan asung
piwucal dhateng Nyai Sarkara murih saged dados Nyai Lurah ingkang boten
nguciwani “saiki kana mBokne, melua Nyi Diyem karo Nyi Dirah murih diwarahi
carane dadi Nyai Lurah sing becik”.
“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Lurah ingkang lajeng
wicanten dhateng Nyai Diyem lan Nyai Dirah “mangga Nyai”.
Sasampunipun Nyai Lurah kadherekaken Nyai Diyem lan
Nyai Dirah, Ki Lurah lajeng mapan lenggah ing kursi ingkang sampun cumawis ing
pendhapa mriku. Salebeting manahipun Ki Sarkara inggih Ki Lurah tansah pitaken,
ingkang dipun panggihi menika nyata menapa maya. Awit wiwit kepanggih saha
tepang kalihan mBah Tambak, Ki Sarkara ngraosaken gesang ing alam sanes, temah
nalaripun kraos boten patos saged kaginakaken kanthi limrah. Malah Ki Sarkara
sampun rumaos ajrih. Ajrih awit nggadhahi panginten bilih piyambakipun sampun
dumugining pejah ingkang boten kamangertosan temah boten saged pejah kanthi
patitis, boten saged wangsul dhateng asal kamulanipun nanging kesasar margi
anjog ing alaming para lelembat. Tuwuh ing angen-angening Ki Sarkara badhe
paring sumerep dhateng semahipun, nanging kuwatos menawi semahipun dados
bingung temah damel wewah bidhuhing manah, pramila Ki Sarkara lajeng api-api
boten nggagas lelampahan ingkang dipun panggihi menika.
“Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Sarkara dipun kagetaken
dening Ki Pawit ingkang dumadakan sampun linggih ing ngajenganipun sarwi
wicanten “sasampunipun jengandika Ki
Lurah kalampahan lenggah ing Dalem Kalurahan, kaparenga kula sakanca nyadhong
dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi”.
“Iya, iya Kakang Pawit” wangsulanipun Ki Lurah semu
gupuh labet saking sansaya bingunging manah “aja dadi atimu yen dina iki
kapeksa aku durung bisa ngajak rembugan ndika apa dene sedulurku kabeh sing ana
gegayutane karo pambabating alas ing Kepuhagal iki sarta nata lakuning parentah
ing Padhukuhan sing durung dadi klawan sampurna iki. Sanadyanta mangkono, tak
jaluk Kakang Pawit apa dene sedulurku kabeh aja salah pangira marang aku, awit
aku isih arep manages marang Gusti Sing Maha Agung luwih dhisik murih lakuning
awake dhewe sajroning ngayahi jejibahan sing didhawuhake dening Nyai Pandhanwangi
iki ora nguwohake barang sing nguciwani. Kanggo sauntara Kakang Pawit lan
kadang-kadangku kabeh becik nindakna kaya padatan sadurunge aku teka. Lan ing
pendhapa iki tak sawang ana Kenthongan Kayu Elo, mengko sawayah-wayah aku wis
nampa sasmitaning Hyang Agung, Kakang Pawit lan para kadangku kabeh bakal tak
celuk kanthi tengara kenthongan daramuluk”.
Mireng dhawuhipun Ki Lurah ingkang makaten menika kala
wau, Ki Pawit lajeng asung sasmita dhateng rowangipun sedaya kaajak wangsul ing
papanipun piyambak-piyambak. Lan kanthi kurmat Ki Pawit lajeng pamitan dhateng
Ki Lurah badhe nindakaken menapa ingkang sampun kadhawuhaken.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar