70.
Ki Lurah lajeng mlebet dhateng griya ingkang sampun
dados gadhahanipun piyambak menika. Jebul kawontenaning griya sampun jangkep,
papan-papan ingkang dipun betahaken dening Ki Lurah sampun wonten sedaya, kados
upaminipun papan kangge lerem, papan kangge sarwa-raras (santai), papan kangge
manekung minangka sanggar pamujan ugi sampun wonten. Kangge ngirangi raos
ingkang boten sekecaning manah, labet dereng mangertos kalihan lelampahan
ingkang dipun panggihi menika, Ki Sarkara lajeng sesuci kasambet manjing
sanggar pamujan badhe nyuwun pitedah dhateng Gusti Ingkang Maha Pana.
Saderengipun, Ki Lurah langkung rumiyin manggihi Nyai Lurah ingkang nembe
lenggah jejagongan kalihan Nyi Dirah saha Nyi Diyem ing longkangan kering,
sawatawis Pradapa nembe ketungkul anggenipun dolanan ing sacaketipun.
“mBokmu, aku arep golek padhanging nalar ing jero
sanggar pamujan dhisik” wicantenipun Ki Lurah dhateng semahipun “aja ana sing
padha ngganggu” .
“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Lurah cekak kemawon.
“Anakmu Pradapa aja oleh dolan adoh-adoh dhisik, awit
awake dhewe rak durung apal karo papan kene iki?”.
“Inggih Pakmu, mangke Thole kula kandhanane”.
Sadumuginipun Ki Lurah ing salebeting sanggar pamujan,
dumadakan kraos kadya sinendhal manahipun. Wonten raos lingsem ingkang
sakalangkung ageng, lingsem dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Ki Lurah ngrumaosi bilih saestu sampun dangu
anggenipun nyingkur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Inggih wiwit
piyambakipun nilaraken nagari Pajang, ingkang wonten salebeting manahipun
namung wujud raos ajrih menawi gesangipun sansaya ngrekaos, inggih labet sadaya
bandhanipun ingkang sadangunipun menika kaanggep praboting gesang ingkang paling
baken sampun boten dipun gadhahi malih. Manahipun ugi tansah kacondhokan raos sakit
awit bandha donyanipun sampun dipun rebat kanthi peksa dening titiyang ingkang
duraka. Kamangka piyambakipun ngrumaosi menawi bandha donya menika anggenipun
pados rumiyinipun ugi kanthi liwat margi ingkang boten cengkah kalihan
piwucaling agami, liripun kanthi boten damel kapitunaning sanes, ewa semanten
dumadakan ucul saking regemanipun awit tumindakipun tiyang ingkang culika. Mila
saestu, saben dinten sadangunipun kesah saking nagari Pajang, boten nate
kendhat anggenipun manembah dhateng Gusti nut lan tuntunaning agami ingkang
dipun rasuk, inggih menika kanthi nglampahi panembah gangsal wekdal ing saben
dintenipun. Nanging salebeting nglampahi lampah panembah menika, ingkang dipun unjukaken
Ki Lurah dhateng Gusti Ingkang dipun sembah, boten wonten malih kajawi
kasangsaraning gesangipun sakulawarga. Netraning manahipun kados-kados sampun
kadamel wuta awit kasangsayan ingkang nembe dipun sandhang, satemah boten saged
ningali bilih estunipun sih katresnaning Gusti boten nate kendhat anggenipun
kumucur dhateng piyambakipun lan manawi katandhing kalihan kasangsayan ingkang
nembe dipun sandhang, kasangsayan menika estunipun namung kados dene tiyang ingkang
kapencokan mrutu ingkang lajeng dipun cakot, ketang anggenipun kesangeten anggenipun
ngraosaken gateling salira awit kacokot ing mrutu temah nutupi raos eca lan
sekeca ingkang wonten ing perangan sanesipun saking saliranipun.
Inggih awit kemutan ingkang makaten kala wau, satemah
Ki Lurah boten kiyat ngampah raos keduwungipun, awit sampun rumaos tebih
anggenipun namung nurut margi ingkang katedahaken dening hawa lan napsunipun.
Pranyata sadangunipun menika Ki Lurah boten tuhu-tuhu anggenipun angestu
dhateng Gustinipun, panembahipun dhateng Gusti namung kangge nuruti pakenipun
hawa napsu ingkang tansah boten narimahaken dhumawahing kodratipun Gusti
ingkang boten jumbuh kalihan pikajengipun. Tanpa kraos Ki Lurah ngguguk anggenipun muwun,
anggetuni sadaya lepatipun. Inggih kalepatan lan dosa ingkang namung saged
dipun tingali mawi sucining manah kemawon, kalepatan lan dosa ingkang boten
wonten ingkang nyumerepi kajawi namung netraning manah ingkang suci. Lan ing
salebeting raos keduwung menika Ki Lurah nggadhahi tekad kepengin wangsul dados
kawulaning Gusti, dede kawulaning hawa napsu kados ingkang sampun kalampahan
sadangunipun gesang ing pangumbaran menika.
Inggih awit saking raos kepengin wangsul dados
kawulaning Gusti menika ndadosaken Ki Lurah emut bilih piyambakipun dinten
menika nembe ngayahi sesanggeman kados ingkang sampun kaaturaken dhateng mBah Tambak,
Ki Jurudah, Ki Prasanta miwah Nyai Pandhanwangi, inggih menika mbubak wana ing
sakiwa tengenipun wit Kepuh inggih wit ingkang agal piyambak katimbang wit-wit
sanesipun ing wana menika. Lan sepisan malih Ki Lurah kepengin mangertos ing
titi kalenggahan menika piyambakipun menika nembe gesang ing alam maya, menapa ing
alam nyata ? Menapa malah sampun pejah kalap dados brekasakan ing alaming para
lelembat?. Lan kangge mangertosi menika, Ki Lurah badhe
ngempalaken titiyang ingkang sampun ngrumiyini mbabat wana lan miwiti yasa
padhukuhan sarta ndamelaken griya jangkep saisinipun kangge piyambakipun,
ingkang criyosipun awit nuhoni dhawuhipun Nyai Pandhanwangi. Tiyangt-tiyang
kasebat badhe dipun ajak makarya sesarengan nglajengaken anggenipun badhe yasa
padhukuhan kanthi cara limrah kados ingkang dipun cakaken dening tiyang ingkang
gesang ing alam nyata, kanthi makaten pitakening manahipun Ki Lurah badhe
tumuli pikantuk wangsulan. Dene sasampunipun mangertosi samangke piyambakipun
mapan ing alam menapa, mangke badhe dipun gagas malih.
Ki Lurah tumunten amungkasi anggenipun nindakaken
lampah panembah ing sanggar pamujan, daya-daya badhe dhateng pendhapa, badhe
nabuh Kenthongan kajeng Lo ingkang gumantung ing blandar emper, suka tengara
bilih piyambakipun ngersakaken Ki Pawit sakancanipun murih mlempak ing Pendhapa
Kalurahan.
“Aja kesusu ngundang Pawit sakancane, Ki Lurah” sepinten
kageting manahipun Ki Lurah nalika tanganipun sampun nyepeng tabuh kenthongan
lan badhe dipun tabuhaken, dumadakan saking prenah wingkingipun kepireng
suwanten pamenging, tanpa sranta Ki Lurah lajeng noleh dhateng wingking,
kepengin mangertos sinten ingkang menging piyambakipun menika.
“Sadurunge ndika andum gawe, luwih dhisik aku kepengin
rembugan” jebul ingkang menging kala wau Nyai Pandhanwangi, ingkang lajeng
wicanten kalihan boten nilar esemipun ingkang sepet madu.
“O, Nyai Pandhanwangi ta?” Ki Lurah atur wangsulan mawi
basa ingkang nelakaken radi kageting manahipun “nyuwun pangapunten dene kula
boten sumerep menawi jengandika jebul sampun lenggah ing pendhapa mriki”.
“Semono uga aku uga nyuwun pangapura Ki Lurah”
wangsulanipun Nyai Pandhanwangi “merga yen tak sawang saka padhanging pasuryan
ndika, aku mung duwe pangira yen ndika arep ngunekne tengara dara muluk kanggo
nyeluk Pawit sakancane supaya mlumpuk ing pendhapa kene. Apa pancen bener
mangkono? Apa ndika kagungan kersa liya kanthi ngasta tabuh kenthongan kayu elo
kuwi?”.
“Leres Nyai” Ki Lurah atur wangsulan “mila leres bilih
kula badhe nglempakaken sadaya kadang lan sedherek ingkang sampun ngrumiyini miwiti
mbabat wana lan yasa padhukuhan menika. Inggih gandheng awit kawicaksanan
jengandika Nyai, temah tiyang-tiyang menika sampun andhaku bilih kula menika lurahipun,
mangka angkah kula tiyang-tiyang menika badhe kula ajak rerembagan murih
sansaya rancag anggen kula ngayahi jejibahan mbubak wana menika”.
“Prayogane pancen mangkono Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi
wicanten malih kalihan mesem “nanging dadi kurang prayoga yen ndika tindakne
dina iki. Jalaran lagi wae Pawit sakancane nindakne dhawuh ndika ya kuwi
nutugne olehe nyambut gawe kaya padatane, yen dumadakan ndika timbali supaya
mlumpuk, kuwi bisa katon yen ndika kurang wicaksana. Aku ngerti yen satemene
ndika lagi nyingidne rasa kepengin weruh, sing tansah ngranuhi sajroning ati
ndika. Mula aku kepengin ngajak ndika rembugan murih apa sing ndadekne kisruh
ing angen-angen ndika bisa ilang utawa saora-orane ya ben rada suda. Piye Ki
Lurah?”.
“Sepisan malih kula nyuwun pangapunten Nyai” Ki Lurah
rumaos kejodheran jebul Nyai Pandhanwangi ketingalipun pirsa bilih piyambakipun
nembe bingung anggenipun gesang menika ing alam menapa “lakar kula nembe kados
ingkang jengandika dhawuhaken menika. Awit saking menika kula sakalangkung
remen lan ngaturaken genging panuwun menawi jengandika kepareng majaraken manah
kula ingkang nembe ngadhepi pepeteng menika”.
“Iya Ki Lurah” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi
salajengipun “Satemene mungguhku, tumrap Ki Lurah yen wewadi iki tak kandhakne saiki,
kuwi luwih akeh tunane katimbang bathine. Jalaran, pisan oraa tak kandhakne
suwe-suwe Ki Lurah uga bakal weruh satemene Ki Lurah iki mapan ana alam sing
ngendi, kaping pindho yen tak kandhakne saiki bisa nuwuhake sing maune bisa
malih dadi ora bisa, sing maune katon dadi ora katon lan sapiturute. Nanging yen
ora tumuli tak kandhakne, Ki Lurah ya mung bakal ngene iki wae kahanane, tansah
bingung lan merga kepengin weruh satemene iki manggon neng alam apa?. Mula sadurunge,
sepisan maneh aku prelu wangsulan saka ndika, Ki Lurah milih sabar sawatara
wektu sing suwe-suwe ya bakal ngerti dhewe, apa milih ngerti saiki ndika kuwi
manggon ing alam sing endi, nanging kang iki kena diarani ana kapitunane?”.
Ki Lurah boten tumunten atur wangsulan, menapa ingkang
dipun dhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi menika dipun timbang-timbang
sakedhap. Wekasan Ki Lurah milih kepengin mangertosi wangsulan pitakening
manahipun sak niki ugi. Awit Ki Lurah rumaos boten badhe kraos jenjem manahipun
lan boten badhe saged tumandang nyambut damel kanthi tentrem manawi tansah binujung
dening pitakenan ingkang saged damel tratapaning manahipun.
“Nyuwun pangapunten Nyai” wekasanipun Ki Lurah atur
wangsulan “manawi kaparengaken milih kula milih saged tumuli mangertos, titi
kalenggahan menika kula gesang ing jagad maya, menapa ing jagad pasupenan,
menapa ing jagad nyata? Menapa estunipun kula sampun kasantunan sipat, liripun
saking sipating titah ingkang winastan manungsa santun dados titah ingkang
asipat brakasakan ingkang manggen inga laming para lelembat?. Kula ugi sampun
mireng bilih menawi kula milih ingkang menika, jengandika kala wau dhawuh
langkung kathah tunanipun tinimbang bathinipun, mugi kauningan Nyai tumrap kula
ing babagan menika boten badhe metang tuna menapa dene bathi, awit manawita kawastanan
tuna, nyatanipun kula sampun makaping-kaping nampi bebathen ingkang ganjaran
saha kasaenan ingkang sampun kula tampi lumantar jengandika Nyai Pandhanwangi,
Ki Jurudah , Ki Prasanta menapa dene mBah Tambak sadangunipun menika yekti boten saged kula
wilang kathahipun”.
“Yen mangkono ndika piyarsakne kanthi trawaca apa sing
bakal tak kandhakne iki mengko Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi tumunten paring
wangsulan “lan muga-muga ing mengko sawuse ndika mangerteni wangsulane pitakon
saka ati ndika, ndika ora keduwung ya gene ndadak kepengin ngerti saiki”.
“Inggih Nyai suwawi tumuli kadhawuhna, badhe kula
mirengaken kanthi saestu” atur wangsulanipun Ki Lurah Sarkara tatag “lan kula
prasetya boten badhe anggetuni menapa ingkang kedah dumados awit saking
wantering pepenginan kula mangertosi kula samangke manggen ing alam pundi
menika”.
“Iya Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi tumunten paring
dhawuh “mesthine saka critane mBah Tambak ndika wis sumurup yen satemene mBah
Tambak utawa Raden Bagus Suwanda, Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta kae,
biyen-biyene ya manungsa lumrah. Nanging kegawa saka anggone padha milih
lakuning urip sing rada beda karo manungsa liyane, mula dening Gusti wong-wong
kae tumuli kaparingan yuswa sing luwih dawa, kena diarani tikel matikel karo umure
manungsa lumrah, mung wae gandheng winatese umur tumraping ragane manungsa,
wong-wong kae dening Gusti banjur kaparingan urip sing mapane beda karo
manungsa lumrah, temah ragane bisa ngalih menyang alam maya wekasan dadi lan
awete. Akeh wong lumrah sing ngerteni yen ana manungsa sing malih uripe dadi
kaya dene mBah Tambak apa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta ngana kae, lan wong
sing mangerteni kuwi duwe pangira yen manungsa sing wis ngalih menyang alam
maya kuwi banjur dadi dhemit, kuwi pangira sing luput. Benere wong kaya mBah
Tambak kae ya panggah drajate manungsa nanging kaparingan papan dening Gusti ing
alam maya. Sawise ndika wis ngaweruhi bab mBah Tambak lan panguripane, saiki
ndika uga kudu ngerti sapa sejatine aku lan ana sambunge apa yen digandhengake
karo ndika Ki Lurah Sarkara”.
Mireng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang pungkasan
menika, Ki Lurah rumaos kaget kaworan ngungun. Ing manahipun tuwuh pitakenan
enggal, jalaran jebul antawisipun Nyai Pandhanwangi kalihan piyambakipun menika
taksih wonten sambung rapetipun.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar