71.
Sansaya tebih plajenging nalaripun
Ki Lurah. Manawi antawisipun Nyai Pandhanwangi ingkang sampun paring wartos
dhateng tiyang-tiyang bilih piyambakipun menika taksih putranipun, estu-estu
wonten sambung rapetipun, ateges Nyai Pandhanwangi menika boten benten kalihan
mBah Tambak utawi Ki Jurudah lan Ki Prasanta ingkang suwaunipun mila titah
ingkang wujud manungsa limrah lajeng awit saking kageret dening lelampahaning
gesang lajeng dados titah ingkang asipat prayangan. Nanging kala wau Ki Lurah
sampun mireng bilih Nyai Pandhanwangi menika benten kalihan jinisipun mBah
Tambak utawi Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Menawi makaten…. Menapa malah
piyambakipun ingkang estunipun sanes titah ingkang abangsa manungsa?. Saged ugi
rumiyin simbahipun menika bangsanipun lelembat panunggalaning Jim lan Prayangan,
lajeng kageret dening kawontenaning lelampahan gesang lajeng dados manungsa. Nanging
menapa wonten cariyosipun titah bangsa lelembat ingkang radin-radin kagadhuhan
kadigdayan, kalangkungan tuwin umur ingkang langkung kathah tinimbang menungsa,
purun gesang dados manungsa ingkang sarwa ringkih lan nggadhahi umur ingkang
cekak menika?. Ki Lurah sansaya judheg anggenipun nggagas. Awit sadaya
gagasanipun tansah notog ing temboking pitaken ingkang boten kasumerepen
wangsulanipun. Nanging Ki Lurah lajeng kengetan dhateng menapa ingkang sampun
dipun panggihaken salebeting nindakaken lampah panembah ing Sanggar Pamujan
saderengipun kepanggih kalihan Nyai Pandhanwangi kala wau. Pramila Ki Lurah
inggih lajeng saged ngendheg lampahing kajudheganipun ingkang manawi dipun
umbar saged mblabar dugi pundi-pundi ingkang tundhonipun saged adamel
kapitunanipun piyambak.
“nDika dhewe tak jaluk mengko aja
nganti kanemenen anggone kaget, sawuse
ndika weruh sapa sejatine aku” sasampunipun kendel sakedhap Nyai Pandhanwangi
lajeng ngendika malih “awit kanthi ngaweruhi lelakonku ndika bakal sumurup sapa
sejatine ndika iki lan ya gene aku banget duwe kawigaten marang lelakon kang
ndika alami”.
“Inggih Nyai” ing salebeting raos
judheg Ki Lurah atur wangsulan “estunipun, sasampunipun kula mandhap saking
Sanggar Pamujan ingkang lajeng mriki niki wau, kula sampun nyelehaken
sejatosing Sarkara wonten papan ingkang bakoh ingkang boten badhe kula elih-elih
malih. Dados ambok bilih mangke kula sampun sumerep sinten estunipun Sarkara
menika, kula boten badhe kaget babar pisan. Jalaran sejatining Sarkara sampun
kula seleh ing papan ingkang kala wau kula aturaken”.
“Sejatining Sarkara wis ndika papanake
ing panggonan sing bakoh Ki Lurah ? Papan apa kuwi?” Nyai Pandhanwangi ketingal
dereng uning kalihan menapa ingkang dipun aturaken dening Ki Lurah.
“Nuwun Inggih Nyai” Ki Lurah lajeng
atur wangsulan nedya nyethakaken ingkang dados aturipun “duk rikala kula
manjing Sanggar Pamujan saderengipun kula mandhap lan nedya nabuh kenthongan
nanging boten siyos awit kepanggih jengandika Nyai menika, dumadakan dening Gusti Ingkang Maha Mirah netraning
manah kula dipun bikak, temah mawi netraning manah kula saged nyumerepi bilih sedaya
ingkang salamining menika kula wastani wonten kalebet jagad saisinipun menika,
jebul namung semu, ingkang estunipun namung suwung, kopong sarta samun, ingkang
estunipun boten wonten. Lan ingkang estunipun wonten boten kenging dipun
tingali dening ingkang wontenipun namung semu menika. Cethanipun makaten : Sejatosipun
ingkang wonten menika namung Gusti ingkang boten saged dipun tingali, dene
ingkang katingalan lajeng kaanggep wonten menika estunipun boten wonten,
jalaran wontenipun inggih awit dipun wontenaken dening Gusti. Dados estunipun
ingkang wonten menika namung kalih, ingkang sepisan inggih menika Gusti dene
salintunipun Gusti menika Kawula. Lan wontenipun Kawula menika inggih awit
katitahaken dening Gusti. Kalebet titah ingkang nami Sarkara menika, menika
inggih namung sadrajating titah utawi kawula ingkang wontenipun inggih awit
katitahaken dening Gusti sawanci-wanci Gusti angukud lan mangsulaken Sarkara
dados boten wonten malih, Sarkara boten badhe saged andaga lan saupami badhe
katitahaken dados menapa kapapanaken ing pundi kemawon kaparingan pagesangan
ingkang kados pundi kemawon, menika sedaya namung Gusti ingkang wenang amurba.
Lan gandheng kula menika titahing Gusti, kula kedah ngrumaosi namung kenging
sumarah dhateng purbaning Gusti lan
wewenang kula ugi winates namung kenging tumindak kalihan wewenang ingkang
dipun paringaken dening Gusti, boten kenging nyahak ingkang sanes wewenangipun.
Inggih kanthi mapanaken Sarkara minangka kawulaning Gusti menika ingkang rumaos
kula kraos ayem saha tentrem, inggih awit saking menika badhea kados pundi
kawontenanipun kula badhe tansah anjagi murih Sarkara boten ngalih saking papan
minangka kawula menika”.
“Iya, iya Ki Lurah” Nyai
Pandhanwangi gentos ngendika sasampunipun Ki Lurah kendel anggenipun wicanten “tumrap
Nyai Pandhanwangi apa kang ndika kandhakne kuwi kabeh Nyi Pandhanwangi wis bisa
nampa lan bisa mangerteni kang dadi karepe. Mung wae mbok menawa ana titah liya
sing ora awake dhewe ngerteni, mbuh apa wae wujude, mbok menawa melu ngrungokne
apa sing ndika kandhakne iki, yen nganti tumpeng suh anggone nampa bisa nuntun
marang kesasaring laku, jalaran apa kang ndika kandhakne iki mau mbutuhne katrangan
sing ora sethithik lan ora gampang anggone nyethakne sing dadi werdine”.
“mBok menawi mila makaten Nyai” atur
wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “nanging mugi kauningan, bilih atur kula
menika kala wau inggih namung katur jengandika ingkang sampun kula samekaken
kalihan guru tuwin tiyang sepuh kula piyambak, boten kagem sanesipun, dados
menawi ta ngantos wonten ingkang mirengaken, mangka ingkang tumut mirengaken
menika tuhu sampun ngincipi menapa ingkang yektosipun dede pasegahan kangge
piyambakipun lan menawi ta ngantos kapedhesen utawi kapaiten, kaselak utawi
slalapen, mangka boten prayogi menawi tiyang kala wau utawi tuyang sanes
ingkang sumerep lajeng nglepataken kula awit ngaturaken bab menika kala wau
dhateng jengandika Nyai”.
“Bener apa sing ndika kandhakne Ki
Lurah” Nyai Pandhanwangi wangsulan kalihan mesem ingkang nedahaken renaning penggalihipun.
“Ngaturaken genging panuwun Nyai” Ki
Lurah lajeng matur malih “samangke menawi Nyai badhe paring uninga dhateng
kula, prakawis sinten sayektosipun kula tuwin ing wanci menika kula mapan ing alam
menapa saha sinten sayektosipun Nyai menika sinten, mugi tumuli kadhawuhna”.
“Iya Ki Lurah, samengko ndika mirengne
sauntara, aku bakal miwiti crita” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan.
“Nuwun inggih Nyai, boten langkung
inggih namung sendika” Ki Lurah lajeng mapan nyekecakaken anggenipun linggih,
saprelu badhe mirengaken menapa ingkang badhe kacariyosaken dening Nyai
Pandhanwangi dhumateng piyambakipun.
“Kang Kawitan prelu ndika uningani”
Nyai Pandhanwangi amiwiti cariyos “aku iki satemene sepisanan tinitahake dening
Hyang Agung ora ana ing Tanah Jawa kene iki”.
“Lha dhateng pundi Nyai?” boten
kraos lan kados boten kasengaja Ki Lurah nyela rembag mawi pitakenan.
“Murih luwih cethane sadurunge aku
rampung crita, becike ndika ora nyelani rembug dhisik Ki Lurah” Nyai
Pandhanwangi ngendika kalihan mesem.
“Inggih Nyai, boten langkung kula
nyuwun pangapunten” wangsulanipun Ki Lurah ngrumaosi ing lepatipun “kala wau
namung ketrucut rembag kemawon, inggih awit saking sengseming manah kula mireng
cariyos saking jengandika Nyai”.
“Ki Lurah Iya” Nyai Pandhanwangi
nglajengaken anggenipun cariyos “nanging aku tinitahake sepisanan ana ing Negara
Stambul sing biyene kondhang kianthi sebutan negara Ngerum. Aku linahirake
dening wong tuwaku sing uga titahing Gusti kang ngratoni para bangsa Jim.
Kanjeng Rama kagungan jejuluk Prabu Kusalatantra dene Ibuku asmane Dewi Tantrimaleki.
Ing jagade bangsa Jim kasekten lan kadigdayane Kanjeng Rama apa dene Kanjeng
Ibu wis kondhang. Ora ana tinone Kanjeng Rama apa dene Kanjeng Ibu kuwi yen
maju perang bisa dikalahake dening mungsuhe saka bangsa apa wae. Jenengku dhewe sing diparingne dening Kanjeng Rama
marang aku ya iku Dewi Kusali. Wiwit cilik dening Kanjeng Ibu apa dene dening
Kanjeng Rama, aku tansah diweleg ngelmu kanuragan agal lan alus jangkep, mula
nalika aku ngancik wayahe remaja putri, aku kerep banget ndherekne Kanjeng Rama
budhal menyang Palagan, nglurugi Ratu-Ratu bangsa Jim sing ora gelem manungkul
tundhuk marang pangwasane Kanjeng Rama. Aku uga tansah melu nyemplung ing
madyaning rana, andon yuda karo para senapati sing ora gelem teluk ing
sahandhaping samparane Kanjeng Rama Prabu Kusalatantra. Lan jenengku uga dadi
melu kondhang yen aku Dewi Kusali Putra putrine Prabu Kusalatantra iki duwe
kasekten sing ngedab-edabi lan wis gawe mirise sapa wae sing nedya ora tundhuk
marang Kanjeng Rama Prabu.
Wis jamak lan lumrah ing ngendi wae
lan tumrap bangsa apa wae, wong kuwi yen dadi putrane Narendra gung binathara sugih
bandha bandhu lan bala, sing sekti mandraguna, uripe mesthi dadi kajen lan
kineringan dening sapepadhane. Apa sing dadi pepenginane kudu bisa diwujudne. Apa
wae sing dimeliki kudu bisa diduweni. Ing babagan apa wae, karo sapa wae, ajeg kudu
tansah bener lan menang. Cekake wong sing urip kaya aku nalika kuwi babar pisan
ora duwe luput lan ora bisa salah, kabeh tumindakku sanadyan gawe kapitunane
wong liya kudu dianggep bener lan sing wani ngluputake bakal nampa pidana sing
abot.
Sansaya suwe nggonku duwe watak mung
gelem dianggep bener lan ora bisa diluputake ngono kuwi sansaya ndadra lan
ngambra-ambra tekan ngendi-endi. Ora mung ing jagade bangsa Jim wae aku
ngecakne watak sing mangkono mau, sanadyan ing jagading titah liya, kalebu ing
jagade titah sing wujud manungsa watak ngono kuwi panggah ora bisa tak tinggalake.
Wis akeh titah bangsa manungsa sing tak patrapi paukuman sing abot, tak gawe
lara lan uga ana sing tak gawe nganti tumekaning pati, merga ora manut apa sing
dadi karepku. Ing dedongenane bangsa Jim, titah sing wujud manungsa kuwi titah
sing ringkih, bodho lan cendhak umure, merga pancen asal-usule titah sing
wujude manungsa kuwi mung saka lempung teles sing digaringake ana sangisore
sunaring srengenge. Beda karo bangsa Jim sing nduweni drajat luwih dhuwur merga
asal-usuling leluhure bangsa Jim kuwi saka geni sing murup kang tanpa ana
pegane. Nanging miturut panemuning
nalarku, jebul titah sing wujud manungsa kuwi ya ana sing luwih pinter yen di
tandhing karo bangsa Jim. Panemuku kang mangkono mau, merga kerep wae aku
nemoni lelakon, menungsa sing bubar tukaran karo aku, kamangka sing dadi sababe
tukaran kuwi merga aku sing nduweni watak kaya sing tak sebutne mau, sawuse tukaran lan klakon tak tibani pidana,
akeh kulawargane sing ora duwe petung apa-apa karo aku padha mbudidaya njalukne
pangapura marang aku lan anggone padha njalukne pangapura kuwi mesthi ora
lelahanan nanging mesthi karo dibarengi klawan caos dhahar marang aku. Lan aku
uga ora ngerti sapa sing nuduhi manungsa-manungsa sing tak arani pinter mau,
kok padha weruh panganan apa sing dadi karemanku. Lan kang luwih banget tak
prihatinake nanging ora bisa tak singkiri ya kuwi, kerep wae aku satemene wis dikalahake
dening manungsa-manungsa sing pinter mau, kanthi wujud nuruti apa sing dadi
prentahe merga aku kepencut marang dhedhaharan sing diarani sesajen sing
dipasrahake marang aku.
Lan wekasane aku klakon bisa
dikalahake sing sak kalah-kalahe dening titah sing sasuwene iki tak remehne
merga saka asal-usule, ya iku janma manungsa. Ya iku nalika ing atiku wiwit katuwuhan
rasa sengsem ndulu kaendahaning priya. Ing atiku wiwit ana rasa kapencut marang
apa-apa sing diduweni priya. Rasaku wiwit seneng sesandhingan karo priya. Sanadyan
kang mangkono kuwi satemene ya lumrah wae lan kabeh wong padha dene olehe ngalami.
Nanging ana sing ndadekne ora lumrah kanggoku, awit priya sing wis klakon
nelukne atiku kuwi dudu golongane bangsa Jim, nanging saka golongane bangsa
manungsa. Dene cethane mangkene : …………
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar