72.
Nalika samana aku lagi wae bali saka palagan nelukne
Prabu Sunaratapa saka negara Gunungireng sing wis duwe niyat mbalela marang
Rama Prabu. Prabu Sunaratapa kuwi maune iya wis dadi ratu telukan, wiwit
sadurunge madeg dadi ratu ing Gunungireng, jalaran wong tuwane Prabu Sunaratapa
kuwi wis ditelukne dening Rama Prabu luwih dhisik. Jalaran sawuse Prabu
Saimanga ditelukne dening Rama Prabu, banjur dadi ratu telukan sing setya, mula
Kanjeng Rama banget asihe marang Prabu Saimanga lan kulawargane kalebu marang
putrane sing jeneng Sunaratapa kuwi. Akeh perkara sing wigati dipasrahake
marang Prabu Saimanga supaya diayahi. Lan sawuse Prabu Saimanga lengser
keprabon lan digenteni dening anake lanang sing jeneng Sunaratapa, katresnan
lan kaparcayan sing diparingake dening Rama Prabu babar pisan ora suda. Malah saking
tresnane Rama Prabu marang Prabu Sunaratapa, banjur Ratu ing Gunungireng kuwi
rinengkuh kaya dene putrane Kanjeng Rama dhewe. Sunaratapa kaya diuja dening
Kanjeng Rama. Nanging eman, Prabu Sunaratapa kleru nggone nampani katresnan lan
kapercayan sing diparingne Rama Prabu, dianggep Kanjeng Rama sing mbutuhake
Prabu Sunaratapa, utawa kasarane Prabu Sunaratapa nganggep yen Kanjeng Rama
kuwi satemene ora ana apa-apane yen nganti ditinggal Prabu Sunaratapa. Anggone
Kanjeng Rama nguja kasenengane Sunaratapa dianggep merga Kanjeng Rama wedi, ora
merga saka sih katresnane.
Maune Kanjeng Rama ora pati migatosake sikepe Prabu
Sunaratapa sing kerep wae tumindak kaduk wani kurang deduga marang panjenengane
kuwi. Nanging bareng anggone degsura Prabu Sunaratapa kaanggep wis ngliwati
wates, Kanjeng Rama banjur dadi duka. Kadegsuran sing ditindakne Prabu
Sunaratapa marang Kanjeng Rama kuwi diwiwiti saka pirang-pirang pasowanan ora
gelem melu seba ing Setambul. Kanjeng Rama banjur ngutus Siwa Patih
Tambaksegara supaya tedhak menyang Gunungireng, nakyinake apa sing dadi sabab
dene Prabu Sunaratapa nganti pirang-pirang pasewakan ora teka ndherek seba.
Sepira kejoting penggalihe Kanjeng Rama sawise Siwa
Patih Tambaksegara bali saka Gunungireng lan ngaturake asil nggone wis lumawat
menyang Gunungireng minangka dhutaning nata.
“Lepat nyuwun sih pangapunten dalem Sinuhun” mangkono
ature Siwa Patih Tambaksegara sawuse kadangu dening Rama Prabu apa asile sawuse
dinuta menyang Gunungireng “meh kemawon saderengipun kula wangsul nilaraken
nagari Gunungireng kedadosan Prabu Sunaratapa kula larak lan kula jempalani
awit kula anggep sampun murang tata, nanging awit saking pangestu dalem kula
taksih kaparingan emut bilih jejer kula dumugi ing Gunungireng menika namung
minangka dhuta ingkang boten kasampiran purba tuwin wasesa, temah kula kalihan
ngampet kanepsoning manah tumunten wangsul saprelu ngaturaken wohing dinuta ing
ngarsa jengandika Kanjeng Sinuhun”.
“Mengko dhisik” Rama Prabu nyela rembug “apa sing wis
ditindakne dening Prabu Sunaratapa? Kok nganti Kakang Patih sajak ora kepranan
ing ati kuwi he?”.
“Inggih Sinuhun” wangsulane Siwa Patih nutugne ature “nyata
menawi Sunaratapa sampun kecalan nalar, ketingal menawi badhe ngemping lara
ngegenjah pati, awit sampun wani dhateng Kanjeng Sinuhun ingkang sampun paring
kekocah saha pakurmatan dhateng piyambakipun. Anggenipun pinten-pinten
panangkilan boten purun sowan menika mila sampun dipun sengaja lan dipun niyati
wani dhateng Paduka Kanjeng Sinuhun, awit piyambakipun rumaos sadangunipun
menika dening paduka Kanjeng Sinuhun namung kadamel kangge tambeling nagari
Setambul ngantos klendran anggenipun mikir dhateng nagarinipun piyambak. Nalika
kula emutaken bilih drajatipun nagari Gunungireng menika mila namung nagari
telukanipun Setambul, ewa samanten awit agenging sih kawlasan dalem, Nagari
Gunungireng taksih kathah kaparingan kekocah saha Sunaratapa boten kendhat
kaparingan ganjaran ingkang tansah kumucur pindha ilining toya narmada, mila
lekasipun Prabu Sunaratapa ingkang makaten menika yekti lekas ingkang murang
tata wuta ing reh panarimah. Piyambakipun malah lajeng gumujeng ngakak. Lajeng
kula dipun uman-uman kados dene tiyang papariman lan ingkang sakalangkung damel
sakiting manah kula inggih menika ing pungkasaning panguman-uman, piyambakipun
wicanten makaten : Raden Patih satemene aku iki ora babag yen kudu guneman karo
ndika, nanging gandheng aku isih duwe rasa kurmat marang Prabu Kusalatantra,
saiki ndika bali wae menyang Setambul lan matura marang Ratu-gusti ndika yen
aku Prabu Sunaratapa bakal gelem bali marak seba kaya padatan yen Prabu
Kusalatantra gelem nuruti apa sing dadi panjalukku, ya iku Prabu Kusalatantra
kudu masrahake Dewi Kusali dadia jatukramaku. Yen sarat iki wis ditetepi mangka
aku ora bakal kabotan saben wayah Siniwakan teka menyang Setambul melu seba
minangka tandha bektiku marang Maratuwa……..”.
“Dhus malaningrat, gegelahing jagad, leletheging
bawana, panuksmane dakjal laknat, Sunaratapa” durung nganti rampung anggone
matur Siwa Patih Tambaksegara, kedhisikan Kanjeng Rama ora kuwat ngampah
anggone duka, Prabu Sunaratapa disepatani, banjur paring dhawuh marang Siwa
Patih “bener apa sing ndika aturake Kakang, Sunaratapa nyata wis picak mripate,
wuta atine. Ora weruh ing kabecikan, tuna ing rasa panarima. Cilik tak gedhekne
jebul mung ndadekne gedhe endhase, bodho tak pinterne jebul mung arep minteri
sing minterne, ora pantes wong kaya Sunaratapa kuwi kesuwen urip luwih becik
yen enggal dikirimne menyang dhasare Yamani loka kana”.
“Kawula nuwun, mila leres menapa ingkang Paduka
dhawuhaken Sinuhun” Siwa Patih atur wangsulan “samangke kaparenga Paduka paring
dhawuh dhateng keng abdi, menapa ingkang prayogi kula lampahi magepokan kalihan
pambalelanipun Ratu ing Gunungireng menika?”.
“Ora prelu ngenteni wektu, ora sah ndadak
diendhe-endhe, dina iki uga parentah ingsun marang ndika, nganthia wadyabala
sacukupe, budhala menyang Gunungireng aku njaluk sowane Sunaratapa wis rupa bandan
ing ngarsaku kene, dene yen kapeksa ora bisa rupa bandan, wujud kunarpa iya ora
dadi apa lan aja malang tumoleh anggon ndika tandang, yen ana sing nedya
memalangi laku ndika, katutna dosane pisan. Diage ndika budhal, purba lan
wasesa tak paringne sacukupe” karo suwara sing nuduhake dukaning penggalihe
Kanjeng Rama tumuli paring dhawuh marang Siwa Patih Tambaksegara supaya ngrangket
Prabu Sunaratapa.
“Sewu ngaturaken genging panuwun dene Sinuhun sampun
kepareng paring kapitadosan dhateng kula kangge mbrastha satruning bawana,
boten langkung dhateng sendika, kaparenga abdi paduka bidhal dinten menika ugi,
pangestu dalem ingkang tansah kula suwun, mugi lampah kula sageda lebda ing
karya” Siwa Patih atur pamit arep nindakne dhawuhe Kanjeng Rama.
“Iya Kakang, ora ana liya pawelingku marang ndika
kajaba supaya tansah ngati-ati aja nganti keri, duga-duga aja lali tansaha
digawa, mbanyu mili pangestuku marang ndika Kakang Patih Tambaksegara”
wangsulane Rama Prabu.
Sapungkure Siwa Patih, aku banjur genti nyedhak
ndheprok ing ngarsane Kanjeng Rama karo nyembah.
“Ana apa Nini ? sajake ana sing arep mbok aturake
marang pun Bapa ya?” karo mesem kebak
rasa welas asih Kanjeng Rama paring pandangu marang aku.
“Leres Rama” aku ngaturake wangsulan.
“Arep matur apa?” panggah karo esem sing ora ucul saka
lathine Kanjeng Rama ndangu aku “apa sliramu duwe panyuwunan? Arep nyuwun apa,
tumuli matura kanthi trawaca Nini”.
“Lepat nyuwun sih pangapunten dalem Sinuhun” aku
munjuk atur “estunipun kula rumaos sampun nampi pangina ingkang tanpa upami
saking Ratu ing Gunungireng kados ingkang dipun aturaken Siwa Patih
Tambaksegara kala wau”.
“Iya Nini” Rama Prabu paring wangsulan banjur mundhut
pirsa “pancen si Sunaratapa temen wis ngliwati wates anggone murang tata. Mula
Ingsun banjur ndhawuhake marang Siwakanmu Patih Tambaksegara supaya ngendharat
Ratu ing Gunungireng kuwi mau. Apa Nini Kusali uga duwe panemu liya magepokan
karo murang tatane Prabu Sunaratapa iki ?”.
“Makaten Kanjeng Rama” aku munjuk atur “menapa ingkang
Paduka dhawuhaken dhateng Siwa Patih Tambaksegara kala wau, mila sampun trep
lan leres. Namung gandheng ing wicantenipun Ratu Gunungireng dhateng Siwa Patih
kala wau nyebat nami kula, inggih menika murih Kanjeng Rama masrahaken kula
dhateng piyambakipun, ingkang makaten
menika miturut pangraos kula, Ratu Gunungireng sampun cumanthaka badhe ngina
lan ngremehaken tuwin amemirang pun Kusali, mila kula rumaos dereng lega manawi
ta dereng saged males wirang dhateng Ratu Gunungireng menika kalihan tangan
kula piyambak”.
“Nini Dewi ngersakne sing kepiye?” Rama Prabu mundhut
pirsa meneh.
“Kula kepengin bidhal dhateng Gunungireng Rama” aku atur
wangsulan “kula kepengin sanget nyumpeli tutukipun Prabu Sunaratapa ingkang ngremehaken
kula menika mawi tungkak kula, minangka panyuntaking raos seriking manah kula
ingkang sampun dipun wewirang dening Prabu Sunaratapa”.
“Satemene pun Bapa bisa nampa lan bisa mangerteni
sepira laraning atinira Nini” Rama Prabu paring wangsulan “awit Sunaratapa wis
ngremehake jeneng sira Nini, dianggep mung barang sing kena kanggo tetukon
marang ratu Gunungireng kuwi mau, nanging gandheng iki mau pun Bapa wis paring
dhawuh kang disartani purba wasesa marang Siwakanmu Patih Tambaksegara, tak
kira ya wis cukup. Nini Dewi ora prelu ndadak kangelan budhal dhewe menyang
Gunungireng kanggo males wirang. Mengko wae yen Sunaratapa wis tekan kene wujud
bandan, sadurunge ingsun nibakake pidana marang dheweke, Nini Dewi tak
keparengake nyuntak pangigid-igid sing ana atinira marang Ratu Gunungireng sing
murang tata kuwi”.
“Boten Rama” aku matur marang Kanjeng Rama maneh “kula
kedah dhateng Gunungireng dinten menika ugi, kula kepengin sanget neter
sepinten kadigdayanipun Ratu Gunungireng ingkang sampun ngina dhateng Kusali
menika, kula ugi kepengin nyeret raganipun Prabu Sunaratapa wiwit Gunungireng
ngantos dumugi ing Setambul mriki saprelu kula aturaken ing ngarsaning Kanjeng
Rama minangka pasakitaning nagari ingkang pantes dipun brastha”.
Kanjeng Rama ora tumuli paring wangsulan marang
panyuwunanku sing mangkono kuwi mau. Bola-bali tak lirik Panjenengane
njengkerutne palarapan, wangune ewuh oya anggone arep paring wangsulan marang
panyuwunku kuwi mau. Nanging aku pancen wis duwe tekad kaya sing tak aturake,
Kanjeng Rama kudu paring palilah marang aku kanggo males laraning atiku marang Prabu
Sunaratapa sing murang tata. Paribasan dipalangana bakal tak lumpati
didhadhunga aku bakal medhot. Lan aku uga ngerti yen Kanjeng Rama uga wis apal
karo watak wantuku yen lagi duwe kekarepan kudu bisa kaleksanan.
“Yen pancen mangkono sing dadi karepmu Nini, pun Bapa ora
bisa menggak maneh” wekasan Kanjeng Rama banjur ngendika “Nanging tak jaluk aja
nganti sira gawe cuwaning atine Patih Tambaksegara sing wis tak pasrahi purba
wasesa, sadurunge jeneng sira nindakne apa sing dadi karepira marang
Sunaratapa, Nini Dewi kudu luwih dhisik nembung utawa taren marang Siwakanmu
Patih Tambaksegara, prelune ora nganti ana tembung selingsurup antarane Nini
Kusali karo Patih Tambaksegara, Nini kudu ngelingi tumraping satriya, laraning
atine merga mungsuhe direbut dening liyan, kuwi luwih lara tinimbang sing
direbut kuwi bedhangane”.
“Ngaturaken genging panuwun Rama” aku wangsulan karo
ati sing seneng “sampun kuwatos sedaya dhawuhipun Kanjeng rama badhe kula
estokaken, kula badhe manggihi Siwa Tambaksegara langkung rumiyin saderengipun
tumandang”.
Ana candhake
Nek neng crita Kethoprak, iki wis wayahe arep perang .......
BalasHapus