Total Tayangan Halaman

Selasa, 11 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (072)


 

72.

 

Nalika samana aku lagi wae bali saka palagan nelukne Prabu Sunaratapa saka negara Gunungireng sing wis duwe niyat mbalela marang Rama Prabu. Prabu Sunaratapa kuwi maune iya wis dadi ratu telukan, wiwit sadurunge madeg dadi ratu ing Gunungireng, jalaran wong tuwane Prabu Sunaratapa kuwi wis ditelukne dening Rama Prabu luwih dhisik. Jalaran sawuse Prabu Saimanga ditelukne dening Rama Prabu, banjur dadi ratu telukan sing setya, mula Kanjeng Rama banget asihe marang Prabu Saimanga lan kulawargane kalebu marang putrane sing jeneng Sunaratapa kuwi. Akeh perkara sing wigati dipasrahake marang Prabu Saimanga supaya diayahi. Lan sawuse Prabu Saimanga lengser keprabon lan digenteni dening anake lanang sing jeneng Sunaratapa, katresnan lan kaparcayan sing diparingake dening Rama Prabu babar pisan ora suda. Malah saking tresnane Rama Prabu marang Prabu Sunaratapa, banjur Ratu ing Gunungireng kuwi rinengkuh kaya dene putrane Kanjeng Rama dhewe. Sunaratapa kaya diuja dening Kanjeng Rama. Nanging eman, Prabu Sunaratapa kleru nggone nampani katresnan lan kapercayan sing diparingne Rama Prabu, dianggep Kanjeng Rama sing mbutuhake Prabu Sunaratapa, utawa kasarane Prabu Sunaratapa nganggep yen Kanjeng Rama kuwi satemene ora ana apa-apane yen nganti ditinggal Prabu Sunaratapa. Anggone Kanjeng Rama nguja kasenengane Sunaratapa dianggep merga Kanjeng Rama wedi, ora merga saka sih katresnane.

 

Maune Kanjeng Rama ora pati migatosake sikepe Prabu Sunaratapa sing kerep wae tumindak kaduk wani kurang deduga marang panjenengane kuwi. Nanging bareng anggone degsura Prabu Sunaratapa kaanggep wis ngliwati wates, Kanjeng Rama banjur dadi duka. Kadegsuran sing ditindakne Prabu Sunaratapa marang Kanjeng Rama kuwi diwiwiti saka pirang-pirang pasowanan ora gelem melu seba ing Setambul. Kanjeng Rama banjur ngutus Siwa Patih Tambaksegara supaya tedhak menyang Gunungireng, nakyinake apa sing dadi sabab dene Prabu Sunaratapa nganti pirang-pirang pasewakan ora teka ndherek seba.

 

Sepira kejoting penggalihe Kanjeng Rama sawise Siwa Patih Tambaksegara bali saka Gunungireng lan ngaturake asil nggone wis lumawat menyang Gunungireng minangka dhutaning nata.

 

“Lepat nyuwun sih pangapunten dalem Sinuhun” mangkono ature Siwa Patih Tambaksegara sawuse kadangu dening Rama Prabu apa asile sawuse dinuta menyang Gunungireng “meh kemawon saderengipun kula wangsul nilaraken nagari Gunungireng kedadosan Prabu Sunaratapa kula larak lan kula jempalani awit kula anggep sampun murang tata, nanging awit saking pangestu dalem kula taksih kaparingan emut bilih jejer kula dumugi ing Gunungireng menika namung minangka dhuta ingkang boten kasampiran purba tuwin wasesa, temah kula kalihan ngampet kanepsoning manah tumunten wangsul saprelu ngaturaken wohing dinuta ing ngarsa jengandika Kanjeng Sinuhun”.

 

“Mengko dhisik” Rama Prabu nyela rembug “apa sing wis ditindakne dening Prabu Sunaratapa? Kok nganti Kakang Patih sajak ora kepranan ing ati kuwi he?”.

 

“Inggih Sinuhun” wangsulane Siwa Patih nutugne ature “nyata menawi Sunaratapa sampun kecalan nalar, ketingal menawi badhe ngemping lara ngegenjah pati, awit sampun wani dhateng Kanjeng Sinuhun ingkang sampun paring kekocah saha pakurmatan dhateng piyambakipun. Anggenipun pinten-pinten panangkilan boten purun sowan menika mila sampun dipun sengaja lan dipun niyati wani dhateng Paduka Kanjeng Sinuhun, awit piyambakipun rumaos sadangunipun menika dening paduka Kanjeng Sinuhun namung kadamel kangge tambeling nagari Setambul ngantos klendran anggenipun mikir dhateng nagarinipun piyambak. Nalika kula emutaken bilih drajatipun nagari Gunungireng menika mila namung nagari telukanipun Setambul, ewa samanten awit agenging sih kawlasan dalem, Nagari Gunungireng taksih kathah kaparingan kekocah saha Sunaratapa boten kendhat kaparingan ganjaran ingkang tansah kumucur pindha ilining toya narmada, mila lekasipun Prabu Sunaratapa ingkang makaten menika yekti lekas ingkang murang tata wuta ing reh panarimah. Piyambakipun malah lajeng gumujeng ngakak. Lajeng kula dipun uman-uman kados dene tiyang papariman lan ingkang sakalangkung damel sakiting manah kula inggih menika ing pungkasaning panguman-uman, piyambakipun wicanten makaten : Raden Patih satemene aku iki ora babag yen kudu guneman karo ndika, nanging gandheng aku isih duwe rasa kurmat marang Prabu Kusalatantra, saiki ndika bali wae menyang Setambul lan matura marang Ratu-gusti ndika yen aku Prabu Sunaratapa bakal gelem bali marak seba kaya padatan yen Prabu Kusalatantra gelem nuruti apa sing dadi panjalukku, ya iku Prabu Kusalatantra kudu masrahake Dewi Kusali dadia jatukramaku. Yen sarat iki wis ditetepi mangka aku ora bakal kabotan saben wayah Siniwakan teka menyang Setambul melu seba minangka tandha bektiku marang Maratuwa……..”.

 

“Dhus malaningrat, gegelahing jagad, leletheging bawana, panuksmane dakjal laknat, Sunaratapa” durung nganti rampung anggone matur Siwa Patih Tambaksegara, kedhisikan Kanjeng Rama ora kuwat ngampah anggone duka, Prabu Sunaratapa disepatani, banjur paring dhawuh marang Siwa Patih “bener apa sing ndika aturake Kakang, Sunaratapa nyata wis picak mripate, wuta atine. Ora weruh ing kabecikan, tuna ing rasa panarima. Cilik tak gedhekne jebul mung ndadekne gedhe endhase, bodho tak pinterne jebul mung arep minteri sing minterne, ora pantes wong kaya Sunaratapa kuwi kesuwen urip luwih becik yen enggal dikirimne menyang dhasare Yamani loka kana”.

 

“Kawula nuwun, mila leres menapa ingkang Paduka dhawuhaken Sinuhun” Siwa Patih atur wangsulan “samangke kaparenga Paduka paring dhawuh dhateng keng abdi, menapa ingkang prayogi kula lampahi magepokan kalihan pambalelanipun Ratu ing Gunungireng menika?”.

 

“Ora prelu ngenteni wektu, ora sah ndadak diendhe-endhe, dina iki uga parentah ingsun marang ndika, nganthia wadyabala sacukupe, budhala menyang Gunungireng aku njaluk sowane Sunaratapa wis rupa bandan ing ngarsaku kene, dene yen kapeksa ora bisa rupa bandan, wujud kunarpa iya ora dadi apa lan aja malang tumoleh anggon ndika tandang, yen ana sing nedya memalangi laku ndika, katutna dosane pisan. Diage ndika budhal, purba lan wasesa tak paringne sacukupe” karo suwara sing nuduhake dukaning penggalihe Kanjeng Rama tumuli paring dhawuh marang Siwa Patih Tambaksegara supaya ngrangket Prabu Sunaratapa.

 

“Sewu ngaturaken genging panuwun dene Sinuhun sampun kepareng paring kapitadosan dhateng kula kangge mbrastha satruning bawana, boten langkung dhateng sendika, kaparenga abdi paduka bidhal dinten menika ugi, pangestu dalem ingkang tansah kula suwun, mugi lampah kula sageda lebda ing karya” Siwa Patih atur pamit arep nindakne dhawuhe Kanjeng Rama.

 

“Iya Kakang, ora ana liya pawelingku marang ndika kajaba supaya tansah ngati-ati aja nganti keri, duga-duga aja lali tansaha digawa, mbanyu mili pangestuku marang ndika Kakang Patih Tambaksegara” wangsulane Rama Prabu.

 

Sapungkure Siwa Patih, aku banjur genti nyedhak ndheprok ing ngarsane Kanjeng Rama karo nyembah.

 

“Ana apa Nini ? sajake ana sing arep mbok aturake marang pun Bapa ya?”  karo mesem kebak rasa welas asih Kanjeng Rama paring pandangu marang aku.

 

“Leres Rama” aku ngaturake wangsulan.

 

“Arep matur apa?” panggah karo esem sing ora ucul saka lathine Kanjeng Rama ndangu aku “apa sliramu duwe panyuwunan? Arep nyuwun apa, tumuli matura kanthi trawaca Nini”.

 

“Lepat nyuwun sih pangapunten dalem Sinuhun” aku munjuk atur “estunipun kula rumaos sampun nampi pangina ingkang tanpa upami saking Ratu ing Gunungireng kados ingkang dipun aturaken Siwa Patih Tambaksegara kala wau”.

 

“Iya Nini” Rama Prabu paring wangsulan banjur mundhut pirsa “pancen si Sunaratapa temen wis ngliwati wates anggone murang tata. Mula Ingsun banjur ndhawuhake marang Siwakanmu Patih Tambaksegara supaya ngendharat Ratu ing Gunungireng kuwi mau. Apa Nini Kusali uga duwe panemu liya magepokan karo murang tatane Prabu Sunaratapa iki ?”.

 

“Makaten Kanjeng Rama” aku munjuk atur “menapa ingkang Paduka dhawuhaken dhateng Siwa Patih Tambaksegara kala wau, mila sampun trep lan leres. Namung gandheng ing wicantenipun Ratu Gunungireng dhateng Siwa Patih kala wau nyebat nami kula, inggih menika murih Kanjeng Rama masrahaken kula dhateng piyambakipun,  ingkang makaten menika miturut pangraos kula, Ratu Gunungireng sampun cumanthaka badhe ngina lan ngremehaken tuwin amemirang pun Kusali, mila kula rumaos dereng lega manawi ta dereng saged males wirang dhateng Ratu Gunungireng menika kalihan tangan kula piyambak”.

 

“Nini Dewi ngersakne sing kepiye?” Rama Prabu mundhut pirsa meneh.

 

“Kula kepengin bidhal dhateng Gunungireng Rama” aku atur wangsulan “kula kepengin sanget nyumpeli tutukipun Prabu Sunaratapa ingkang ngremehaken kula menika mawi tungkak kula, minangka panyuntaking raos seriking manah kula ingkang sampun dipun wewirang dening Prabu Sunaratapa”.

 

“Satemene pun Bapa bisa nampa lan bisa mangerteni sepira laraning atinira Nini” Rama Prabu paring wangsulan “awit Sunaratapa wis ngremehake jeneng sira Nini, dianggep mung barang sing kena kanggo tetukon marang ratu Gunungireng kuwi mau, nanging gandheng iki mau pun Bapa wis paring dhawuh kang disartani purba wasesa marang Siwakanmu Patih Tambaksegara, tak kira ya wis cukup. Nini Dewi ora prelu ndadak kangelan budhal dhewe menyang Gunungireng kanggo males wirang. Mengko wae yen Sunaratapa wis tekan kene wujud bandan, sadurunge ingsun nibakake pidana marang dheweke, Nini Dewi tak keparengake nyuntak pangigid-igid sing ana atinira marang Ratu Gunungireng sing murang tata kuwi”.

 

“Boten Rama” aku matur marang Kanjeng Rama maneh “kula kedah dhateng Gunungireng dinten menika ugi, kula kepengin sanget neter sepinten kadigdayanipun Ratu Gunungireng ingkang sampun ngina dhateng Kusali menika, kula ugi kepengin nyeret raganipun Prabu Sunaratapa wiwit Gunungireng ngantos dumugi ing Setambul mriki saprelu kula aturaken ing ngarsaning Kanjeng Rama minangka pasakitaning nagari ingkang pantes dipun brastha”.

 

Kanjeng Rama ora tumuli paring wangsulan marang panyuwunanku sing mangkono kuwi mau. Bola-bali tak lirik Panjenengane njengkerutne palarapan, wangune ewuh oya anggone arep paring wangsulan marang panyuwunku kuwi mau. Nanging aku pancen wis duwe tekad kaya sing tak aturake, Kanjeng Rama kudu paring palilah marang aku kanggo males laraning atiku marang Prabu Sunaratapa sing murang tata. Paribasan dipalangana bakal tak lumpati didhadhunga aku bakal medhot. Lan aku uga ngerti yen Kanjeng Rama uga wis apal karo watak wantuku yen lagi duwe kekarepan kudu bisa kaleksanan.

 

“Yen pancen  mangkono sing dadi karepmu Nini, pun Bapa ora bisa menggak maneh” wekasan Kanjeng Rama banjur ngendika “Nanging tak jaluk aja nganti sira gawe cuwaning atine Patih Tambaksegara sing wis tak pasrahi purba wasesa, sadurunge jeneng sira nindakne apa sing dadi karepira marang Sunaratapa, Nini Dewi kudu luwih dhisik nembung utawa taren marang Siwakanmu Patih Tambaksegara, prelune ora nganti ana tembung selingsurup antarane Nini Kusali karo Patih Tambaksegara, Nini kudu ngelingi tumraping satriya, laraning atine merga mungsuhe direbut dening liyan, kuwi luwih lara tinimbang sing direbut kuwi bedhangane”.

 

“Ngaturaken genging panuwun Rama” aku wangsulan karo ati sing seneng “sampun kuwatos sedaya dhawuhipun Kanjeng rama badhe kula estokaken, kula badhe manggihi Siwa Tambaksegara langkung rumiyin saderengipun tumandang”.

 

 

Ana candhake

 

 

1 komentar:

  1. Nek neng crita Kethoprak, iki wis wayahe arep perang .......

    BalasHapus

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...