73.
Sawise kalilan dening Kanjeng Rama, daya-daya aku
nggoleki Siwa Patih Tambaksegara saprelu arep ngandhakne apa sing dadi
pepenginanku, ngendharat Sunaratapa lan nyeret ragane wong murang tata kuwi
wiwit saka negarane ing Gunungireng nganti tekan ngarsane Kanjeng Rama ing
Setambul. Nanging aku wis kasep, Siwa
Patih wis budhal menyang Gunungireng kanthi nganthi wadyabala sing cukup akeh. Ora
sranta aku banjur daya-daya nggoleki Kanjeng Ibu. Wis dadi pakulinan tumrap
aku, yen arep lelungan menyang ngendi wae, mbuh apa kuwi sing dadi tujuwane,
aku mrelokne pamitan lan nyuwun pangestu marang Kanjeng Ibu. Klebu nggonku arep
nglurug menyang Gunungireng iki, mokal atiku tentrem yen aku ora pamitan lan
nyuwun pangestu luwih dhisik marang Kanjeng Ibu.
Sawise marak ing ngarsane Kanjeng Ibu, ora bisa tumuli
enggal-enggal lunga utawa mundur, Kanjeng Ibu isih paring pandangu lan mundhut
pirsa sing kudu tak wangsuli kanthi sacetha-cethane, yen ora Kanjeng Ibu langka
bakal maringi palilah luwih-luwih pangestu marang aku ninggalne kutharaja ing
Setambul.
“Sanadyan aku ya melu gela marang lekase Ratu ing Gunungireng
sing mirong kampuh jingga kuwi, nanging ana sethithik rasa panedha nrima-ku
marang Prabu Sunaratapa” dhawuh
pangandikane Kanjeng Ibu sawise tak aturake larah-larahe nggonku kepengin aku
dhewe sing mbanda utawa ngendharat Prabu Sunaratapa lan nyowanake ing ngarsane
Kanjeng Rama. Mula aku ya rada gumun karo apa sing didhawuhne Kanjeng Ibu sing
ngendikakne nek isih ana rasa panedha-trima marang Ratu Leletheging Bawana
kuwi.
“Raos Panedha-trima ingkang kados pundi Ibu?” ora
sranta aku banjur genti nyuwun pirsa karo apa sing dadi kersane Kanjeng Ibu .
“Jalaran kanthi tembunge sing murang tata kuwi, Prabu
Sunaratapa wis ngelingake marang aku lan kudune uga bisa ngemutake marang Ramakmu
sarta marang awakmu dhewe Kusali” dhawuh wangsulane Kanjeng Ibu.
“Ngemutaken bab menapa ibu? Menapa antawisipun Kanjeng
Ibu saha Kanjeng Rama kalihan Prabu Sunaratapa nate wonten prajanjen ingkang
dereng rampung?” bares wae aku dadi rada kuwatir krungu pangandikane Kanjeng
Ibu mangkono kuwi. Awit jaman semana kerep wae ana crita sing ngabarake ana
ratu sing njanjeni marang kawula sing dianggep nduweni lelabuhan sing gedhe
marang negara banjur dijanjeni nek arep dipundhut mantu, aja-aja Kanjeng Rama
nate kagungan janji marang Ratu Gunungireng kuwi nek arep mundhut mantu
dheweke. Nek ngono tenan, sida bilahi rasane awakku. Merga kajaba aku ora
seneng nek Kanjeng Rama nganti cidra ing janji, kosok baline yen aku nganti
dijodhokne karo Ratu sing kadigdayane durung karuwan yen ngungkuli kadigdayanku
lan rupa sarta lagak lagon lan lageyane sing kaya ngana kae, kuwi luwih dening
rekasane, ngungkuli rekasane wong sing dikunjara sing saben dina nampa
pasiksane raga. Merga yen klakon dadi sisihane Prabu Sunaratapa kae, mungguhku
kuwi pasiksan sing abot tumrap batinku.
“Aja keladuk nggonmu nampa pangandikane Ibu Nini”
Kanjeng Ibu banjur paring wangsulan marang aku karo mesem, bareng panjenengane
pirsa owah-owahaning praupanku sing ngemu rasa samar “Keng Rama ora kagungan
janji lan ora kaiket prajanjen apa-apa karo Prabu Sunaratapa apa dene karo sawargi
Prabu Saimanga. Dadi jeneng sira Nini aja kuwatir yen nganti kudu ngladeni Ratu
Gunungireng kae minangka garwamu”.
“Lajeng ingkang mesthinipun Kanjeng Rama menapa dene kula
kedah emut ing babagan menapa Ibu?” sanadyan sajroniung ati wis krasa “mak
blong” nanging panggah aku kepengin ngerti karo apa sing dikersakne Kanjeng Ibu
bab sing kudune diemut dening Kanjeng Rama.
“Nini Kusali” Kanjeng Ibu tumuli paring wangsulan “apa
keng slira ora tau ketemu kanca-kanca sapadolanan nalika sliramu isih cilik
biyen? Yen jeneng sira Nini sok kepethuk, mesthine weruh yen kanca-kancanira biyen
jaman isih seneng dolanan kae, saiki ora ana siji-sijia sing isih legan. Malah
racak-racak wis padha nggendhong anak, ana sing lagi siji lan ana sing wis loro,
bakune kabeh wis padha duwe anak. Lha bareng jeneng sira Nini, apa durung ana
rasa jroning atinira kepengin kawengku ing kakung kaya bocah wadon lumrahe kae
Nini?”.
Jroning atiku pancen durung ana rasa kepencut marang
wong lanang, nanging aku wedi nek nganti dening Kanjeng Ibu kadakwa nduweni
jiwa sing beda karo wong liya utawa kasarane nduweni jiwa sing ora saklumrahe
yen nganti umur sak mono kuwi teka durung duwe rasa sengsem marang priya. Mula
aku banjur golek pawadan kanthi ngluputne marang Kanjeng Rama.
“Nyuwun pangapunten Kanjeng Ibu” aturku marang Kanjeng
Ibu sabanjure “mesthinipun pandangu ingkang kados makaten menika boten kadangokaken
dhumateng keng putra kula, awit minangka admajaning Narendra Gung Binathara,
kula saged pala krama utawi saged kawengku priya minangka jatukrama kula
menika, gumantung kalihan kawicaksananipun Kanjeng Rama Dewaji. Mila saestu
kanjeng Ibu, saupami kula ngantos kasengsem dhateng priya saestu badhe kula puthes
raos sengsem kala wau, jalaran saru tumraping Kusali menawi ngantos kayungyun
ing priya angrumiyini kersaning Kanjeng Rama Prabu ingkang dereng kagungan
kersa badhe maringi jodho dhumateng putranipun menika”.
Tak wangsuli kaya ngono kuwi, Kanjeng Ibu katon
suntrut pasuryane. Katon yen ngempet rasa sungkawa sing gedhe ing penggalihe.
Jane aku ya mesakake, nanging tinimbang aku sing diamuk yen aku ora atur
wangsulan kaya ngono kuwi, mula ya arep kepiye maneh?. Aku ya ngerti yen
satemene Kanjeng Ibu kuwi wis kepengin banget kagungan putu kaya kanca-kancane. Mula banjur kanthi ngati-ati
aku nyoba matur dora sembada kanggo nglipur sungkawane :
“Makaten kemawon Ibu, mangke utawi benjang menawi
anuju Kanjeng Ibu caket kalihan Kanjeng Rama Dewaji, kula suwun kanjeng Ibu
keparenga munjuk dhateng Kanjeng Rama murih kula enggal kapadosaken jatukrama”.
“Bener Nini” wangsulane Kanjeng Ibu karo ngusap waspa
kang wis nelesi pangarasane “wis saiki yen sira arep budhal menyang
Gunungireng, pun Ibu wis nglilani lan Ibu mung bisa paring pangestu kairing
panyuwunan marang Hyang Kang Maha Murah,
muga-muga kasembadan apa kang dadi pepenginanmu Nini”.
Aku banjur nyembah maneh marang Kanjeng Ibu, lagi
banjur mundur arep budhal menyang Gunungireng, nusul Siwa Patih Tambaksegara.
Karo mlaku aku ngetung yen tenane budhalku iki wis suwe kasepe. Wektu iki
mesthine Siwa Patih sawadya balane pisan wis tekan ing Gunungireng. Ing kana
mesthi wis kedaden perang rame antarane wadya bala saka Setambul sing
dipandhegani Siwa Tambaksegara, sing duwe tekad arep munah leletheging bawana,
mungsuh wadya bala saka Gunungireng sing ora nglilani ratu sesembahane
dikendharat dadi pasakitan sing arep diadhepne ing trajuning kapradatan Negara
Setambul.
Aku ngerti yen minangka Pepatihe Kanjeng Rama, Siwa
Tambak Segara kuwi nggadhuh kasekten lan kasantikan sing pilih tandhing. Kajaba
saka kuwi tindake Siwa Patih mesthi didherekne para Wiraning prajurit sing pangkat
Tumenggung. Dadi kanggo ngrangket Prabu Sunaratapa mesthine ora bakal nemu
kangelan. Mikir sing kang mangkono kuwi, lakuku sing ngambah nggegana sansaya
tak kebatne. Aku ora nguwatirake Siwa Patih yen nganti kasoran yuda mungsuh
Prabu Sunaratapa, nanging aku wedi yen nganti tekaku menyang Gunungireng iki
mengko ora oleh mungsuh sing timbang lan ora bisa nyuntak rasa sengiting atiku
marang Ratu Gunungireng sing wis ngina marang aku. Nek nganti tekan Gunungireng
Sunaratapa wis dadi bandan ateges anggonku bakal nyeret ragane Ratu Gunungireng
kuwi menyang Setambul ora bakal kasembadan. Awit bakal saru dinulu yen aku mung
wani nyikara wong sing wis dadi bandan. Mula lakuku dadi sansaya tak rikatake,
mega-mega sing ngalangi lakuku tak lumpati ngono wae.
Nanging sepira gumuning atiku, bareng aku tekan
alun-alun praja Gunungireng. Ing kono katon para Prajurit saka Stambul padha
repot mbanda tangane para prajurit Gunungireng.
Nanging anehe, ora adoh saka papan kono uga akeh prajurit Setambul sing
padha repot, nambani para Wiraning Prajurit sing padha pating glethak tanpa
daya, katone padha nandhang tatu sing rada abot. Malah ana uga sing katone
wiwit mau durung eling saka anggone semaput. Mripatku banjur ngulati nggoleki ing
ngendi papane Siwa Patih Tambaksegara wektu iki.
Dumadakan mripatku weruh ana prajurit sing mlayu sajak
kesusu, nyedhaki papane kanca-kancane sing lagi repot nambani para wira
ndhuwurane. Sawise tekan kono, dening salah siji saka kancane ditakoni :
“Piye kahanan palagan Kiraka ? Muga-muga Gusti Patih bisa mrantasi karya
lan ngendharat Prabu Sunaratapa sing pranyata kasektene wis mundhak ora
karu-karuwan dhuwure nganti para Bendara Tumenggung nandhang kanin kaya
mangkene” .
“Abot Kiraka” wangsulane Prajurit sing lagi teka kuwi “aku
ora ngerti lan ora bisa ngira-ngira, nganti kapan rampunge perang tandhing
antarane Gusti Patih mungsuh Prabu Sunaratapa kae. Gusti Patih nyata satriya
sing sekti mandra guna, tau tate tandhing jitus paribasane. Nanging dina iki
sing diadhepi Prabu Sunaratapa sing wangune lagi wae meguru anyar, kasektene
wis tikel matikel karo kasekten sadurunge. Kaya sing wis ndika weruhi nDara
Tumenggung – nDara Tumenggung sing kasektene pilih tandhing wae, dina iki mau klakon
digawe kaya ngono dening Ratu Gunungireng”.
“Dadi kahanan ing kana saiki isih katon timbang ngono
apa piye Kiraka?” wong sing takon mau takon maneh, “banjur ya gene ndika malah
mundur ngedoh mrene?”.
“Bener Kiraka” wangsulane prajurit sing ditakoni kuwi “kahanan
palagan kena diarani timbang, kekarone padha dene sektine. Upama diibaratake
jago ngono, Gusti Patih kuwi kaya jago Wiring Kuning, Jalu bungalan, buntut
dawa ora ana subale nanging Prabu Sunaratapa kuwi ya dudu panunggalane jago
kate utawa jago wido klobot, sing godhohe putih, cenggere wilah ngana kae.
Nanging Jago Abang Srana utawa Abang Penatas, cara ules karo Wiring Kuning kuwi
ya wis padha mung bedane manggon ana sikile sing rupane putih. Satemene nek
nganggo petung ulese jago, Gusti Patih kuwi menang ing ules nanging kalah ing
umur, merga cetha nek Prabu Sunaratapa iki isih rosa-rosane napase ya isih
dawa-dawane, dadi ya kena diarani timbang. Padha dene anggone duwe kaluwihan
nanging uga padha olehe duwe kakurangan. Iki mau aku mundur ngedoh kuwi ora
merga aku wedi kena yen nganti ketiban serangan sing luput banjur ngenani aku
ngono ora, nanging pancen wangune Gusti Patih arep ngecakne ngelmu sing aku
durung ngerti jeneng lan katiyasane. Aku disasmitani supaya ngadoh supaya ora
ngganggu anggone Gusti Patih matak aji lan japa mantrane……”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar