74.
Krungu wangsulane Prajurit marang
kancane sing keri dhewe ngono kuwi aku dadi ora sranta. Daya-daya aku mlayu
nurut arah asale prajurit sing mundur mau. Kira-kira oleh telung pembalang, aku
weruh Siwa Tambaksegara wiwit ngetokne aji jaya kawijayan simpenane kanggo
ngadhepi mungsuhe. Kanggo sauntara aku ora arep melu cawe-cawe dhisik aku
kepengin weruh kaya apa kadibyane Ratu Gunungireng sing jarene prajurit mau
kadigdayane wis mundhak matikel-tikel karo kadigdayan sadurunge.
Jebul apa sing dikandhakne prajurit
mau pancen dhasar kepara nyata, ngadhepi jurus-jurus mbebayani sing dicakne
Siwa Tambaksegara, katon yen Sunaratapa ora gigrig babar pisan. Malah semu
nyepelekne. Merga kabeh serangane Siwa Tambaksegara bisa diendhani kanthi gampang,
malah nek kapinujon kudu ditangkis, tempuking kekuwatane wong loro kuwi katon
isih adoh luwih unggul kekuwatane Ratu Gunungireng katimbang kekuwatane Siwa
Patih.
Sansaya suwe tandange Siwa Patih
katon sansaya kendho, kegawa saka umur sing wis wiwit tuwa. Kang mangkono kuwi
mau beda banget karo kahanane Prabu Sunaratata sing sansaya suwe katon sansaya
mundhak seger. Nganti ana kedadeyan kaya-kaya Siwa Patih mung dienggo dolanan
dening Ratu ing Gunungireng kuwi. Wasana pungkasane Prabu Sunaratapa ketok wis
ora sabar maneh, wangune kepengin enggal mungkasi anggone perang tandhing.
“Heh Patih Tambaksegara” Prabu
Sunaratapa guneman sawise katon rampung nggone ngetrepne aji jaya kawijayane “wiwit
mau kowe wis tak kandhani yen mung kowe wae nglengkara bisa madhani
kadigdayanku. Nanging kowe wong tuwa sing ora kena dikandhani nganggo ukara
sing becik, tak kon bali lan ngajak ratu gustimu kowe malah ngeyel. Saiki
rasakna aji piyandelku, sing arep ngobong ragamu dadi awu lan ngirimne sukmamu
menyang dhasaring neraka!”.
Rampung muni ngono katon saka
epek-epek tangane Prabu Sunaratapa metu geni sing rupane biru. Sansaya suwe
genine katon sansaya gedhe, banjur kanthi mripat sing mencereng Sunaratapa
nyedhaki papane Siwa Patih sing wis ngadege ora pati bisa jejeg, nanging bawane
prajurit sing setya marang bangsa lan negarane, Siwa Patih katon ora arep mlayu
ngedohi mungsuhe. Aji jaya kawijayane Prabu Sunaratapa arep ditampani kanthi
dhadha kang mungal.
Mesthi wae, aku ora bakal ngumbar
Siwa Patih dadi bebantening perang gugur ing madyaning rana ketiban ajine
Sunaratapa. Kanthi ngecakne aji Panyirep Agni, aku kebat mlumpat ngadhang
lakune Prabu Sunaratapa. Lan kanthi ati kang teteg, aji Panyirep Agni tak
sawatne marang geni sing warnane biru, sing mulat-mulat disurung tangane Sunaratapa
kuwi. Sunaratapa sing ora ngira yen aku arep melu nrambul perang, dadi kaget.
Luwih kaget maneh bareng ngerti yen geni sing disurung arep kanggo ngobong
mungsuhe kuwi mau dumadakan malik arah, ora sida maju ngobong ragane Siwa Patih
Tambaksegara, nanging malah mbalik tumuju marang Prabu Sunaratapa dhewe.Karo
gedandaban ngendhani, Ratu Gunungireng kuwi daya-daya ngrucat ngelmune.
“Boten nyana lan boten nginten
menawi jebul jengandika ingkang rawuh mriki Sang Kusuma Dewi” kandhane Prabu Sunaratapa
karo mesem marang aku, babar pisan ora ngatonake kagete maneh “nyuwun
pangapunten menawi anggen kula badhe radi ngasari Gusti Patih menika kala wau
boten dados sarjuning penggalih jengandika”.
“Boten dados menapa Sang Prabu”
wangsulanku uga karo mesem sanadyan atiku panase ngungkuli genine mawa sambi “namung
kula rumaos ngeman menawi wonten tiyang ingkang mentas meguru enggal anggenipun
badhe nyobi ngelmunipun namung badhe katamakaken dhateng tiyang sepuh ingkang
sampun katelasan tenaga. mBok inggih menawi nyata perwira dipun padosaken
tandhing ingkang satimbang”.
“Sepisan malih kula nyuwun
pangapunten Sang Kusuma Dewi” tak wangsuli karo ukara kang mangkono kuwi mau,
ketara yen praupane Prabu Sunaratapa mbrabak, nuduhne yen rumangsa isin, mula
banjur guneman “saupami Patih Tambaksegara menika boten murang tata malah
kumawantun badhe ngendharat kula kasowanaken dhateng Setambul minangka
pasakitan, kula kinten kula boten badhe wantun kalihan Patih Tambaksegara
menika”.
“Dados Sang Prabu boten narimahaken
awit badhe dipun kendharat dening Siwa Patih?” aku takon karo mesem ngece “menapa
ndika boten ngrumaosi anggenipun Wa Tambaksegara gadhah lekas ingkang makaten
inggih awit saking trekah ndika ingkang sampun nindakaken lampah degsura
dhateng Kanjeng Rama Prabu lan nagari Setambul?”.
“Nuwun sewu Kusuma Dewi” Sunaratapa
wangsulan karo nggeget untu mratandhani yen lagi ngempet kanepson “menawi kula
kaanggep sampun tumindak degsura dhateng Prabu Kusalatantra menika nami kirang
pas, malah boten leres babar pisan. Jalaran kula boten nate wantun nantang
perang nagari Setambul, dene menawi anggen kula sampun pinten-pinten pasewakan
boten ndugeni menika kula kinten sampun pas. Jalaran kula menika drajatipun
sami kalihan Sang Prabu Kusalatantra, inggih menika sami-sami anggenipun
kapitados ngesuhi lan ngayomi kawula ing nagarinipun. Sang Prabu Kusalatantra
ngayomi lan ngesuhi kawula ing Setambul dene kula ngayomi lan ngesuhi kawula
ing Gunungireng mriki. Kula mila ngakeni bilih sawargi Kanjeng Rama Prabu
Saimanga mila dados telukanipun ingkang Rama, nanging menika rak Kanjeng Rama? Dede
Sunaratapa! Awit Sunaratapa ngrumaosi bilih mbudidaya murih wewah raharjaning
kawula ing Gunungireng menika langkung baken katimbang saben sewulan mbucal
wekdal saha tenaga namung badhe ndherek seba ngadhep dhateng Raja ingkang
dereng kantenan kasektenipun estu saged ngayomi kula miwah kawula ing
Gunungireng mriki”.
“Dados Sang Prabu sampun kagungan
lekas badhe wani kalih Kanjeng Rama Prabu Kusalatantra?” aku takon suwaraku
wiwit keprungu sereng.
“Borong anggenipun badhe mastani
Kusuma Dewi” wangsulane Prabu Sunaratapa uga kanthi suwara sing atos “kula
boten nate gadhah lekas badhe wantun dhateng Sang Prabu Kusalatantra, nanging
kula ugi boten purun malih kabawah dening sok sintena kemawon kalebet kabawah
dening Raja ing Setambul. Sok sintena ingkang nedya ngganggu kamardikan kula,
badhe kula adhepi ngantos tumetesing rah ingkang pungkasan”.
“Manawi makaten ndika kedah kula
rodhapeksa murih saged kula sowanaken ing ngarsaning Kanjeng Rama, Sang Prabu”
kandhaku karo tata-tata pasang kuda-kuda.
“Suwawi mangga kula ladosi Sang
Kusuma Dewi” wangsulane Sunaratapa uga banjur nata adage siyaga ngadhepi aku.
Ora suwe ing papan kono wis dadi
rame. Ramene anggonku perang tandhing karo Prabu Sunaratapa sing tak anggep wis
mrang tata kuwi. Saiki aku bisa mbuktekne yen kandhane prajurit mau pancen
bener tenan. Tandange Prabu Sunaratapa nyata ngedab-edabi, jurus-juruse sarwa
mbebayani. Aji jaya kawijayane kabeh katon nggegirisi. Nanging aku durung
rumangsa kabotan ngadhepi Ratu sing lagi wae meguru anyaran kuwi. Kabeh jurus
lan aji jaya kawijayan sing dipamerne bisa tak adhepi kanthi becik, sanadyan ya
kala-kala kudu ngetokne tenaga sing luwih gedhe.
Sansaya katon yen Prabu Sunaratapa
sansaya kethetheran nggone ngadhepi tandangku. Wis wola-wali anggone tiba glangsaran,
awak lan sandhangane wis reged ketemplekan lebuning lemah sing campur karo
kringete. Ing praupane wis ketok neng pating brenjol kena kepelan tanganku,
malah lambene sing kandel semu nggandhul kuwi ya wis pecah, mbuh mau keliwatan
tungkaku embuh merga kena kamplengane tanganku. Nanging Ratu Gunungireng kuwi
durung ana tandha-tandha gelem ngakoni yen wis kasoran yuda mungsuh aku. Isih
panggah ngeyel, arep mbales laraning ragane. Dumadakan Sunaratapa mencolot memburi
rada ngedohi nalika aku ndheseg aweh serangan.
“nDika kenging gembira Kusuma Dewi, awit
sampun saged wongsal-wangsul nyakiti raga kula” karo nggereng nuduhne nesune
Sunaratapa guneman “nanging kula boten badhe purun kawon kalihan jengandika Kusuma
Dewi, jalaran kula mapan ngukuhi bebener”.
“nDika ngendika boten purun kawon
menika inggih mangga kemawon Sang Prabu” wangsulanku karo ngece “ingkang baken
menawi ndika boten tumuli pasrah bongkokan dhateng kula, mangka badhe siyos
kelampahan wonten Ratu ingkang badhe kula larak lan kula seret saking
Gunungireng mriki ngantos dumugi ing Setambul ngadhep Kanjeng Rama, sawatawis
para prajurit badhe ngiringi sangking wingking kalihan surak-surak awit sumerep
polah lan mireng sambat ndika lan ing sadawaning margi ndika badhe dados
tontonanipun tiyang-tiyang ing padhukuhan ingkang dipun langkungi”.
“Sampun kesesa rumaos mimpang Kusuma
Dewi” Prabu Sunaratapa wangsulan kanthi santak, banjur katon tangane ndudut
pedhang saka wrangkane sing cumanthel ing sabuk lempenge. Pedhang kuwi katon
yen dudu sabaene pedhang, nalika wis ucul saka wrangkane katon yen pedhang kuwi
mencorot ngetokne cahya sing rupane biru mbalerengi. Bares wae sajroning atiku
ana rasa nratab, nanging ya ora suwe, merga sanadyan pedhang kuwi pedhang
pusaka duwe perbawa lan kekuwatan gaib, nanging aku uga wis dudu bocah cilik
maneh. Kira-kira telung prapate ngelmu lan aji jaya kawijayane Kanjeng Rama
Prabu wis ditularake marang aku. Kajaba saka iku aku uga wis diparingi ngampil
pusaka piyandele Kanjeng Ibu sing uga wujud pedhang sing wilahe telung nyari
nanging tipis landhepe kagila-gila, gagange pedhang digawe saka gadhinge gajah
sing mati ngurag, winangun kaya sirahe naga, kang digawe kanggo mripate naga wujud
Mutiara nanging wis ilang siji, mula pedhang pusaka ampilan saka Kanjeng Ibu iku diarani Pedhang Naga Mripat Siji. Weruh
yen Sunaratapa wis nggegem gagang pedhange, aku ya banjur nglolos Kyai Naga
Mripat Siji saka wrangkane.
“Ha ha ha……” weruh aku uga nglolos
pedhang pusaka Sunaratapa gumuyu ngakak, banjur kandhane “jengandika ugi badhe
mandi Sabet Kyai Naga Mripat Siji, Kusuma Dewi? Kula ngertos menawi Sabet
menika mila Sabet Pusaka agemanipun Kanjeng Ratu Tantrimaleki, nanging
jengandika kedah pirsa menawi sabet ingkang kula cepeng menika dede sabet
damelan pandhe utawi empu limrah, nanging sabet menika cinipta mawi sabda
dening Dewaning Naga saking Seganten Wetan, nenggih Pukulun Bathara Nagabiru,
dados menawi namung pusaka agemanipun Kanjeng Ratu Tantrimaleki ingkang
jengandika asta menika boten badhe unggul manawi katempukaken kalihan sabet
ingkang kula beta menika. Awit saking menika, menawi jengandika Kusuma Dewi
kenging kula emutaken, prayogi jengandika kundur kemawon dhateng Setambul,
kawurungna anggen jengandika badhe ngendharat kula”.
Aku pancen tau krungu dedongengan
saka kanjeng Ibu yen Dewa sing mangwasani Samodra Wetan sing jejuluk Sang Hyang
Nagabiru kuwi nate yasa gegaman kaya sing dikandhakne Sunaratapa ngono kuwi
mau. Nanging, gandheng aku iki eling yen putrane Kanjeng Rama Prabu
Kusalatantra, mula tembunge Sunaratapa sing tata gelar ngeman marang
kaslametanku kuwi, tak tampa kaya dene pangina marang aku. Aku wis dianggep gampang
wedi krungu sesumbare mungsuh. Mula tekadku, embuh bakal apa sing bakal dumadi,
Sunaratapa arep tak adhepi. Sokur-sokur yen aku bisa gawe cilakane Ratu
Gunungireng sing mbalela iki lan bisa nduweni Pedhang sing saiki digegem neng
tangane kuwi, mesthi aku bakal klakon dadi wong sing ora ana sing ngalahake.
“Cekap sampun kekathan ginem ingkang
tanpa gina Sang Prabu, badhea kados menapa kedadosanipun kula kedah saged
ngendharat jengandika lan nyowanaken ing Setambul minangka Pasakitan” wasana
aku wangsulan karo tata-tata arep nibakne pusaka Kyai Naga Mripat Siji marang
Prabu Sunaratapa.
Ana candhake
aku masih menunggu kelanjutanya SMW 7 ( 074 ) , kiapan ya muncul lagi satu bulan lebih koq nggak muncul.........?
BalasHapusMaturnuwun sanget 🙏
BalasHapusMatur sembah nuwun kelanjutanipun SMW sampun sakwetawis wedal kawula mawantu antu , nuwun
BalasHapus