Total Tayangan Halaman

Minggu, 13 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (75)

 

75.

Pedhang Kyai Naga Mripat Siji nuli tak puter sesert kaya kitiran, sakehing mantram sekti peparinge Rama Prabu Kusalatantra uga wis tak watak. Aku wis nekad tinimbang ora bisa ngrangket Prabu Sunaratapa sing mbalela iki luwih becik aku lebur dadi bebantening lelabuhan. Ratu ing Gunungireng kuwi katon uga wis siyaga ing dhiri arep ngadhepi kridhaku nganggo gegaman sekti sing rupa pedhang yasane Sang Hyang Nagabiru Dewa Panguwasa Segara Wetan. Petunganing nalarku, mbok menawa gegaman sing tak gunakne kalah daya karo gegamane Sunaratapa, nanging aku luwih unggul ing kekuwataning lahir lan batinku yen dibandhingne karo Ratu Gunungireng kuwi.Mula sabisa-bisa aku kudu ngendhani aja nganti pedhang Naga Mripatsiji nempuh marang pedhange Sunaratapa. Kosok baline aku kudu bisa nggunakne kebat cukatku supaya bisa nglumpuhne Ratu Gunungireng iki. Nanging jebul ngecakne petungku sing ngono kuwi mau ora gampang, pedhang neng tangane Sunaratapa kaya nduweni nyawa sing tansah bisa ngayomi bendarane saka panggitiking pedhangku. Sansaya suwe sansaya rame, Sunaratapa mung bisa ngendhani karo nangkis seranganku babar pisan ora bisa ganti males nyerang, dadi  manut petunganing nalarku iki mengko suwening suwe Sunaratapa bakal kentekan tenaga dhewe lan aku senadyan uga kudu nguras kekuwatan, nanging aku percaya yen simpenaning tenagaku isih luwih kandel tinimbang tenagane Sunaratapa.

            Petunganku bener, bareng wis watara limangatus jurus, katon tandange Sunaratapa wiwit katon sansaya kendho. Ewa samono aku ya ora enggal bisa nglumpuhake, jalaran pedhang sing digawe Sunaratapa nyata pedhang pusaka sing sembada aweh pangayoman marang bendarane. Suwe-suwe atiku dadi panas lan entek kesabaranku, aku nedya ngetog kabeh kekuwatanku tak punjerne marang Pedhang Naga Mripatsiji,pedhange Sunaratapa arep tak tempuh wani. Aku banjur mencolot mundur telung dhepa, miwiti ngetog lan nyawijekne tenaga lan hawa murniku.

            “Ha ha ha ha…..” Sunaratapa gumuyu ngakal ngerti aku mencolot mundur dikira aku arep tinggal glanggang colong playu “sampun kesesa Kusuma Dewi, menawi jengandika ngersakaken ngunduri yuda, kula boten badhe ambujung kok. Kula naming saged ndherekaken mawi pandonga mugi rahayuwa ingkang pinanggih ngantos dumugi ing Setambul”.

            Aku wis wegah mangsuli pangucape Sunaratapa sing wis rumangsa menang kuwi, tumuli tak rampungne nggonku nyawijekne kekuwatan. Banjur aku mencolot maju karo namakne pucuking Naga Mripatsiji ngarah marang jejantunge Ratu Gunung ireng kuwi. Sinurung kekuwatan sing kagila-gila, aku wis ora bisa nggambarake kaya ngapa dadine Sunaratapa yen jantunge wis katembus dening pedhang pusaka Kyai Naga Mripatsiji iki. Sunaratapa kaget, tumuli namengi dhadhane nganggo pedhang sing ana tangane. Kuwi wis tak petungne, mula mesthi bakal nuwuhake suwara jumlegur yen kongsi pucuking pedhangku natap pedhange Sunaratapa. Nanging sepira kagetku, sadurunge kedaden pedhangku nyenggol pedhange Sunaratapa, dumadakan ana cahya putih sing tumiyup saka langit ngadeg ing antarane aku karo Sunaratapa. Aku wis ora bisa ngendheg lakuning pedhangku, kapeksa bakal nimbus cahya putih sing tekane dadakan kuwi. Lan tenan, ana suwara jumlegur kaya suwarane bledheg tarung ing mangsa kasanga, aku kontal memburi watara pitung jangkah. Nganti rada sauntara panyawangku dadi peteng, ora bisa weruh apa-apa kajaba rerupan warna ireng. Nanging aku isih eling, aku ora rubuh panggah ngadeg sanadyan kuda-kudaku wis ora jejeg maneh. Nalika panyawangku mbaka sethithik pulih, katon watara sepuluhan dhepa saka papanku katon Sunaratapa ngathang-athang neng lemah sajake lagi semaput. Sauntara cahya putih mau, saiki katon wewujudan sejatine ya iku nom-noman bagus sing nganggo sandhangan sarwa putih. Katon pedhang sing mau dienggo gegaman dening Sunaratapa wis dicekel dening nom-noman bagus kuwi.

            “Nyuwun pangapunten Kusuma Dewi” nom-noman bagus kuwi mlangkah nyedhaki aku karo aweh kurmat, tak sawang katon ngemu wibawa, ndadekne ana rasa geter ing sajroning atiku, rasa geter sing rumangsaku kebak kaendahan sing angel dicritakne nganggo ukara.

            “Sepisan malih kula nyuwun pangapunten dene kula kumawantun angganggu kamardikaning penggalih jengandika Kusuma Dewi Kusali, ingkang nembe paring pidana dhateng siswa kula pun Sunaratapa ingkang sampun tumindak murang tata” aku dadi gragapan bareng nom-noman kuwi guneman maneh sawise tembunge sing sepisanan ora kober tak wangsuli, ketang saka anggonku ngrasakne rasa geter ing atiku.

            “Eee…ing…inggih Kisanak” wangsulanku rada kamisosolen “boten dados menapa, dados jengandika menika Gurunipun Sang Prabu Sunaratapa?” .

            “Kenging kawastanan makaten Kusuma Dewi” wangsulane nom-noman kuwi karo mesem, katon untune sing ricik-ricik amiji timun, anglar bremani rupane,ndadekne atiku sansaya kumesar ora karu-karuwan.

            “Sanaosa Sunaratapa menika sampun murtad sasampunipun nyidra sabet gadhuhan kula,inggih pedhang Cahya Mutiara yasanipun Bathara Nagabiru menika” nom-noman bagus kuwi nutugne nggone aweh wangsulan.

            “Nuwun sewu Kisanak” sawuse aku bisa nguwasani gumronjaling atiku,aku banjur takon “pindha teja lumaksana rawuh jengandika ing papan mriki, lajeng sinten menggah sinambating wewangi? Menawi ta jengandika narendra mijil saking Kadhaton pundi, yen ta Brahmana ing pundi jengandika mangarsama?”.

            “Waleh-waleh menapa Kusuma Dewi” nom-noman kuwi wangsulan nganggo suwarane sing endah ngungkuli suwara sulinge para gandarwa kaswargan “estunipun kula menika bangsa manungsa saking tlatah Tanah Jawi, ingkang sudi mastani kula, kula pun Cahya Ngumbara siswanipun Ki Tanparupa, dene anggen kula kedarang-darang dumugi mriki menika jalaran katimbalan dening Sanakanipun Guru kula inggih Pukulun Bathara Nagabiru ing Segara Wetan, saprelu kaparingan Pusaka Pedhang Kyai Cahya Mutiara. Nalika kula wangsul saking Segarawetan, liwat laladan mriki kepanggih Sunaratapa ingkang nembe nglampahi tapa brata ing tengahing benawi. Dupi sumerep kula, Sunaratapa njugaraken anggenipun tapa, lajeng mrepegi kula ngrerepa nyuwun katampi dadosa murid kula, awit criyosipun Sunaratapa nampi wisik bilih piyambakipun badhe manggih rahayu ing salami-laminipun menawi saged dados siswanipun tiyang ingkang nglangkungi margi caket papanipun tapa. Piyambakipun boten ngaken menawi Ratu ing Gunung Ireng mriki. Malah piyambakipun ugi sagah badhe ndherek kula wangsul dhateng Tanah Jawi mrika”.

            “Ooo,makaten cariyosipun Kisanak Cahyangumbara?” aku nyelani rembug “sasampunipun  Prabu Sunaratapa dados siswa jengandika lajeng kados pundi?”.

            “Jebul anggenipun Sunaratapa meguru dhateng kula menika namung ngapusi” wangsulane Ki Cahyangumbara sing banjur nyritakne lelakon sing dialami karo Sunaratapa “piyambakipun namung melik Sabet Kyai Cahya Mutiara menika. Inggih awit saking melik, kesusu selak muluk barang ingkang melok, wasana ing salah satunggaling dinten, tanpa kula sumerepi toya omben kula dening Sunaratapa dipun lebeti upas lan darubeksi temah ndadosaken kula boten emut menapa-menapa malih. Dening Sunaratapa kula lajeng dipun bucal dhateng benawi, rahayunipun jasad kula dipun panggih dening Bathara Nagabiru, dipun usadani lan dipun criyosi menapa ingkang sampun kalampahan. Sasampunipun sawatawis dinten kula lajeng bidhal malih madosi Sabet ingkang dening Bathara Nagabiru dipun gadhuhaken dhateng kula, temah kula dumugi papan mriki menika”.

            “Samanten culikanipun Prabu Sunaratapa dhateng jengandika Ki Cahyangumbara” sawise Ki Cahyangumbara rampung critane aku genti numpangi rembug “inggih kanthi gegaman pusaka anggenipun nyidra saking jengandika menika Prabu Sunaratapa lajeng gadhah niyat mbalela dhateng tiyang sepuh kula. Awit miturut cariyos ingkang nate kula tampi, sok sintena ingkang nggadhahi Pusaka Sabet Yasanipun Sang Hyang Nagabiru menika badhe kacondhokan kasekten lan kadigdayan ingkang punjulingapapak”.

            “Kula boten nglepataken warta utawi cariyos ingkang jengandika tampi menika Kusuma Dewi” wangsulane Ki Cahyangumbara karo mesem “nanging kula ugi sanget pitados dhateng dhawuh piwucaling Guru kula nenggih Ki Tanparupa ingkang mucalaken bilih sanaosa badhe sekti mandraguna kados menapa kemawon, bebasan kadang dewa akendhit mimang, suprandene boten badhe mimpang menawi tiyang menika kumawantun memengsahan kalihan titah ingkang tansah mlampah ing margi ingkang leres, sanaosa tiyang kala wau boten nggadhuh aji jaya kawijayan menapa-menapa. Guru kula ugi paring piwucal bilih sedaya titahing Gusti ingkang wujud menapa kemawon, boten badhe pisah kalihan supe lan apes. Tiyang pinter saged supe, wong digdaya ugi nggadhahi apes. Awit saking menika, dhawuhipun Ki Tanparupa tuhu klintu menawi wonten tiyang ingkang dhemen ngongasaken kasudiranipun utawi ngremehaken sesamining gesang awit kaanggep kajawi piyambakipun boten wonten tiyang pinter”.

            “Mila leres dhawuhipun Guru jengandika menika Ki Cahyangumbara” wangsulanku lan bares wae atiku sansaya kapincut marang nom-noman bagus bangsa manungsa sing jeneng Cahyabgumbara iki. Mendah kaya apa mulyane atiku yen bisa kawengku dening wong saka Tanah Jawa iki. Angen-angenku sansaya ngambra-ambra tekan ngendi-endi. Nanging……

            “Kusuma Dewi” dumadakan Cahyangumbara guneman maneh “gandheng Sabet Kyai Cahya Mutiara sampun kepanggih, borong anggen jengandika badhe amurba Ratu Gunungireng ingkang mbalela menika, kaparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul dhateng Tanah Jawi malih”.

            Ora ngenteni wangsulanku, dumadakan Ki Cahyangumbara wis ilang saka panduluku, lunga menyang ngendi parane aku ora ngerti.

 

Ana candhake

             

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...