Total Tayangan Halaman

Senin, 14 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (76)

76.

            Kaya wong kena gendam, aku kamitenggengen ndomblong. Nganti lali apa sing kudu tak tindakne, sing cetha atiku krasa kelangan merga musnane Ki Cahyangumbara saka panduluku iki mau. Aji panyawangku wis tak cakne kanggo bisa nyawang barang sing ketutupan apa wae, nanging meksa Ki Cahyangumbara ora bisa katon. Aji pangrungu uga banjur tak cakne, kanggo ngrungokne swara obahe titah sing tak goleki, ewa samono panggah ora bisa krungu obahe Ki Cahyangumbara. Aku legeg, susah kaworan bingung. Wekasan aku mung bisa njegreg ora obah ora mosik, kaya reca sing ora bisa apa-apa. Kabeh-kabeh dadi lali. Aku lagi gragapan bareng Wa Patih Patih Tambak Segara marani papanku karo atur sembah :

            “Kula ingkang sowan Gusti…….”.

            “Inggih, inggih Wa Patih” wangsulanku karo nata lungguhku ngadhep Wa Patih sing nglesot neng lemah “kados pundi Wa?”.

            “Pun Uwa nyadhong dhawuh Gusti” wangsulane Wa Patih Tambak Segara “lan nyuwun pangapunten, Prabu Sunaratapa ingkang sampun tanpa daya menika paripaksa taksih kula banda mawi janget kinatelon, awit pun uwa samar menawi mangke sampun pulih kekiyatanipun saged mbebayani”.

            “Inggih Wa” wangsulanku “menika tuhu langkung prayogi, awakipun piyambak mila kedah tansah ngati-ati, sampun ngantos nilar prayitnaning batin”.

            Karo wangsulan ngono kuwi, batinku ngguyu marang awakku dhewe, jalaran lagi wae aku wis tumindak sembrana temah lali ing purwa duksina. Kanggo nutupi rasaning atiku sing isih krasa kaya wong kelangan, aku banjur aweh prentah marang Wa Patih murih nglebokne para prajurit Gunungireng sing padha dadi bandan menyang pakunjaran. Kajaba saka kuwi, Wa Patih uga tak dhawuhi supaya matah Tumenggung Pancalpanggung supaya kanggo sawantara wektu keri ana ing Gunungireng kene, nindakne lakuning tata parentah, nggenteni jejibahane Prabu Sunaratapa.

            “Salajengipun seprapating wadya saking Setambul prayogi katilar ing mriki Wa” kandhaku sabanjure marang Wa Patih Tambaksegara “kangge mikayati anggenipun Tumenggung Pancalpanggung nindakaken kuwajiban, dene sisanipun manga kadhawuhan ndherek wangsul dhateng Setambul. Prabu Sunaratapa kainggahna ing kreta lan sampoun ngantos dipun luwari bebandanipun ngantos dumugi ing ngarsane Kanjeng Rama ing Setambul”.

            “Kawula nuwun, sendika ngestokaken dhawuh Ngger” wangsulane Wa Patih sing tumuli budhal nindakne apa sing tak parentahake.

            Kaya ginelak lakune prajurit saka Setambul, jalaran aku selak kepengin ngaturake bandane Ratu Gunungireng sing mbalela kuwi marang kanjeng Rama. Lan sing luwih baku maneh, aku selak kepengin sowan ing ngarsane Kanjeng Ibu. Aku kepengin banget ngaturake nggonku wis kepethuk karo pria sing gawe brantaku lan aku kepengin nyuwun pirsa manawa menyang Tanah Jawa kuwi prayogane laku liwat ngendi?  Tekading atiku aku arep nusul Ki Cahyangumbara sing mau kandha yen arep bali menyang Tanah Jawa.

            “Piye?” Kanjeng Ibu katon yen kejot penggalihe sawuse aku klakon ngaturake apa sing dadi isen-isenane atiku  “kowe arep nggoleki wong lanang sing durung suwe mbok tepungi? Luwih-luwih kuwi bangsa manungsa pisan. Aja mbok terusne niyatmu sing kaya ngono kuwi ya ngger……….”.

            “Boten Ibu” aku ndengengek karo atur wangsulan “sanaosa anggen kula kepanggih kalihan Ki Cahyangumbara kirang sapanginang dangunipun lan mila inggih nembe sepisan menika kula kepanggih, osiking manah kula inggih namung Ki Cahyangumbara menika pria ingkang pantes kula suwitani wiwit ing donya ngantos ing delahan benjang. Antebing manah kula, kula badhe wadat salamining gesang kula, manawi kula boten saged dados sisihanipun Ki Cahyangumbara”.

            “Jabelen ucapmu sing sansaya ngawur kuwi Kusali” Ibu ngendika karo rada mencereng “ngertia,sing lagi wae mbok ucapne kuwi mau kalebu tembung sumpah, sumpah sing ora genah. Kuwi gedhe walate ya Ngger, yen kongsi Ramamu pirsa bab iki, tan wurunga kowe bakal didukani. Jalaran dina iki kowe wis kena diarani wani nantang kasusilan munggahe nerjang marang pranataning urip”.

            “Kula boten rumaos wantun nerjang paugeraning nagari Setambul mriki Ibu” kanthi tatag aku mangsuli ngendikane Kanjeng Ibu.

            “Pancen angger-anggering nagara lan paugeraning praja Setambul ora nyebutake, nanging kowe kudu ngerti aran nerjang susila yen ana wanita nekad nguber katresnane pria. Luwih-luwih pria sing mbok alab katresnane kuwi bangsane Manungsa. Ngertia wis mayuta-yuta tahun suwene wong tuwamu lan para leluhurmu ngugemi piwulang sing ngandhakne yen manungsa lan bangsane awake dhewe kuwi beda, drajate manungsa kuwi adoh manggon ing ngisor drajate bangsa Jim, jalaran asal mulane manungsa kuwi dumadi saka lebu, beda karo asal-usule bangsane dhewe kang cinipta saka sari pathining latu. Cekake Ibu ora marengake lamun kowe nedya ngupadi wong lanang sing jeneng Cahyangumbara kuwi”.

            Isih akeh maneh olehe ngendikan Kanjeng Ibu sing wosing rembug ora marengake aku kayungyun marang Ki Cahyangumbara. Suwe-suwe aku ora bisa ngempet rasa sabarku. Tanpa matur pamitan marang Kanjeng Rama apa dene Kanjeng Ibu, aku lolos ninggalne Setambul. Aku kepengin menyang Tanah Jawa, papane Ki Cahyangumbara sing wis gawe brantaning atiku.

            Rada sawantara suwene aku nguping pawarta ngendi ancer-ancere Tanah Jawa kuwi yen saka Negara Setambul. Jebul ing pasrawungane bangsa Jim wiwit Jim sing drajating kawula nganti drajate para ningrat lan para pandhita padha ora ana sing bisa nuduhne ancer-ancere Tanah Jawa. Mula aku banjur namur laku, manjing ing alaming manungsa. Jebul ing alaming para manungsa aku oleh pituduh ngenani bumi sing sinebut Tanah Jawa kuwi. Saka sawijining warung aku krungu ana wong rembugan karo kancane yen jaman biyen mbuh pirang atus tahun kepungkur tau kedadean Sultan Ngerum kene ngirimake wong-wong supaya gelem ngiseni Pulo Jawa sing isih suwung durung ana manungsane. Krungu crita mangkono mau aku banjur duwe pangira yen Ki Cahyangumbara kuwi kira-kira wae isih turune wong saka negara Ngerum kene. Mula anggonku ngrungokne anggone wong sing lagi jagongan kuwi sansaya tak tenani.

            “Lha nek saka Setambul Tanah Jawa kuwi ancer-ancere mengetan apa mangidul apa mengalor Kang?" wong sing diajak crita kancane kuwi takon. Lan pitakon kaya ngono kuwi sing tak enteni wangsulane.

            “Lha nek kuwi aku dhewe ya ora pati mudheng Dhi” wangsulane sing ditakoni “mung jarene mBah-mbah biyen, Tanah Jawa kuwi ancer-ancere saka kene mangidul semu mengetan,adohe prasasat tanpa wangenan. Ngliwati atusan segara uga ewon gunung, cekake adoh banget lan dalan mrana kuwi ngrekasa banget, mung unusaning wong sing wani lan bisa tekan tanah Jawa sing kondhang nggembol wewadining jagad kuwi”.

            Krasa seneng rasaning atiku krungu wangsulan kaya mangkono kuwi. Sanadyan ta mung ancer-ancer sing durung cetha, nanging isih bisa dikira-kira. Aku banjur nutugne laku ngambah alaming bangsaku dhewe, napak gegana amor ima-ima, nggeblas menyang arah kidul wetan. Embuh wis pirang negara sing tak liwati, saben-saben aku mudhun menyang lumahing bumi manjing jagading manungsa golek warta, ing ngendi dununge Tanah Jawa. Sajroning nindakne lelaku kuwi, aku wis ngambah lan leren sedhela ing Tanah Ngarab, Tanah Indhu, Tanah Cempa lan isih akeh maneh liyane. Nganti sawijining wektu, saka gegana aku weruh Pulo sing katon ijo royo-royo, saka pulo kuwi ngunggahne hawa sing aneh sing kaya-kaya bisa nambahi kekuwatan tumrap sing padha ngisep hawa kuwi. Aku banjur ngleyang mudhun, arep ngambah pulo cilik sing ngetokne hawa aneh sing becik kuwi. Aku kepengin ngerti, kono kuwi Pulo apa lan apa isih adoh yen karo papane Tanah Jawa.

            Nalika sikilku tumapak ing bumi lan manjing ing alaming manungsa, ya iku saupama ana manungsa sing ana sandhingku mesthi bisa weruh wewujudanku sing ora beda karo wujude manungsa, aku weruh ana wong sing nganggo sandhangan sarwa putih. Ora beda karo busana sing diagem dening Ki Cahyangumbara nalika kepethuk aku jaman semana. Atiku sakala nggragap, ngira lamun aku wis bisa kepethuk karo sing tak goleki sasuwene iki. Ora sranta wong sing nganggo sandhangan sarwa putih sing manggone rada adoh lan ngungkurake aku kuwi tak cedhaki. Nanging bareng wis cedhak, aku malih dadi cuwa. Sing maune tak kira yen kuwi Ki Cahyangumbara jebul dudu. Mung sandhangane wae sing rupane padha, nek menungsane adoh karo Ki Cahyangumbara. Kajaba rupane sing ora pakra, wonge ya wis tuwa, jenggot lan brengose sing katon awut-awutan wis putih kabeh. Wong kuwi lungguh timpuh madhep mangulon, lambene umak-umik kaya lagi omong dhewe nanging ora keprungu suwarane. Mripate manther nyawang drijine sing panudinge nuding mengarep sauntara driji jempolan lan driji panunggule gathuk padha pucuk kaya nggawe bunderan. Aku ngira wong iki cetha nek wong sing owah pikire, ketitik omong dhewe karo nuding barang sing ora cetha endi sing dituding.

            Nanging gandheng aku wis kadhung nyedhak, kalah cacak menang cacak aku arep nyoba takon marang wong kuwi.

 

 

Ana candhake 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...