77.
Kanthi alon
lan sansaya nyaket aku nyawang wong kuwi karo guneman :
“Heh
Kisanak, aku arep takon marang ndika, tulung wangsulana sing sabenere”
Wong kuwi
babar pisan ora nggape marang tekaku lan ora mangsuli pitakonku, panggah wae
olehe umak-umik omong dhewe sing ora keprungu suwarane. Aku banjur nutugne
olehku guneman “papan kene iki jenenge apa? Lan menawa karo Tanah Jawa isih
adoh apa wis caket?”.
Kaya mau
wong kuwi panggah ora semaur. Kamangka olehku takon nganggo tembung sing alus,
dadi kudune ora gawe gelane wong sing tak takoni kuwi. Kajaba saka kuwi
anggonku takon uga tak rangkepi nganggo tenagane hawa murni sing bisa rumesep
marang jantunge wong mau, dadi saupama wong kuwi mesthi ngerti nek tak takoni.
Nanging sajake wong kuwi pancen nggregetake, tekaku ing sandhinge babar pisan
ora dianggep lan ora diuwongake. Pancen bener panganggepku ing wiwitan mau,
wong iki cetha nek ora waras nalare. Mula tinimbang aku muring marang wong sing
ora waras sing tanpa ana gunane, luwih becik tak tinggal wae. Aku arep mlaku
ngadohi wong kuwi, ngalih ing papan liya mbok menawa kepethuk manungsa sing
bisa tak takoni.
Aku milih
mlaku ndharat nasaki gegrumbulan, awit bares wae aku uga kepencut karo endahing
sesawangan ing papan kuwi sarta kasengsem karo hawa sing saka rumangsaku nggawa
ganda arum sing bisa muwuhi segering awakku. Dumadakan lamat-lamat aku keprungu
suwarane manungsa, iya suwarane manungsa sing lagi tetembangan, ura-ura.
Suwarane empuk, kepenak dirungokne. Aku mandheg nilingne suwara sing sajake
saka papan sing ora pati adoh karo papanku. Nanging aku dadi rada bingung, aku
ora weruh papane wong sing ura-ura kuwi ana sisih ngendi?. Kala-kala keprungu
saka sisih wetan, nanging ora suwe malih dadi saka sisih kulon, saka sisih lor
lan sisih kidul. Aku banjur mapan lungguh ing dhuwure watu sing gedhe, ngecakne
aji Sapta Pangrunguku kanggo ngaweruhi saka ngendi sumbere suwarane wong
ura-ura kuwi saka sisih ngendi. Nanging sepisan maneh aku rumangsa judheg,
suwara kuwi sansaya ora cetha saka sisih ngendi asale, aji Sapta Pangrunguku
babar pisan ora kuwawa ngaweruhi. Mung
suwara ura-ura kuwi sansaya cetha yen dirungokne :
Yen mung waton lelandhesan pikir,
Tangeh lamun yen bisa weruha,
Luwih-luwih yen ngendelne,
Dumeh wis bisa nggadhuh,
Kadigdayan kang mung sathithik,
Rumangsa yen wis bisa
Kuwasa sadarum
Ngengina padhaning titah
Temah yen kapengkok pancabaya dadi
Sengsara tanpa guna.
Uran-uran
Dhandhanggula iki kaya-kaya wis melehake marang aku. Awit pancen sasuwene urip
iki kabeh tetimbanganku mung nganggo lakuning pikir linandhesan kadibyan sing
wis tak duweni. Pancen aku ya kerep rumangsa ora ana titah sing bisa mapaki
kasektenku, mula kerep wae aku duwe panemu yen mung panemuku sing bener dhewe.
Kekarepanku kudu kaleksanan, awit nyatane wong-wong sakiwa tengenku padha bodho
kabeh, mula yen kepengin isih tak anggep ya kudu manut apa sing dadi karepku.
Nanging nyatane, bareng aku mudhun ing Pulo sing wis mencutake atiku iki, aku
prasasat tanpa ana regane. Aku dadi bodho. Nggoleki asale suwara kuwi wae aku
ora bisa, aji Sapta Pangrungu, Sapta Pandulu, Sapta Pangganda kabeh tanpa ana
gunane.
“Heh…heh….heh……..aku
ana kene!” dumadakan aku krungu suwarane wong ngguyu banjur ngandhakne papane.
Cedhak banget. Aku ndhangak, jebul ing salah sijine pang wit gedhe, wong ora
waras sing mau tak takoni ora semaur,katon lunggih ngethengkrang neng dhuwur
pang.
“nDika………..?”
aku kaget kaworan gumun, arep guneman apa, malih dadi bingung dhewe.
“He he he…….”
Wong kuwi banjur kanthi gampang mencolot saka pang sing dilungguhi, nglayang
mudhun menyang lemah tanpa nganggo suwara apa-apa, kajaba guyune sing
nggregetake.
“Aneh……”
wong kuwi guneman maneh sawise mapan lungguh neng oyoting wit sing mau
dipeneki. Aku mung meneng, karo ora kedhep nggonku maspadakne wong kuwi. Aku
ngrumangsani yen wis luput, merga ndakwa yen wong kuwi wong ora waras. Kepengin
rasaning atiku arep njaluk pangapura nanging durung kawetu.
“Lumrahe nek
wong takon kuwi rak ya mbutuhne wangsulan” kandhane wong kuwi maneh kaya
ditujokne marang awake dhewe “nanging iki ora, malah ndakwa sing ditakoni sing ora-ora
karo ngalih, jebule malah genti kepengin nglaras dhandhanggulane wong sing
seneng nyemoni”.
Aku arep mangap
aweh wangsulan marang wong tuwa sing aneh kuwi, nanging sadurunge kawetu
tembungku, kedhisikan karo suwarane wong sing mangsuli olehe grenengan wong
aneh kuwi.
“Aku ora
nyemoni sapa-sapa Kyai” ora tak ngerteni pinangkane ing sisihe wong aneh kuwi
wis ana wong sing nganggo sandhangan sarwa ijo sing lungguh karo
plengah-plengeh eseme. Mesthi wae, aku dadi sansaya bingung lan gumun ngadhepi
kahanan ing Pulo sing aneh iki.
“Aku wis
mbadhe, wangsulan ndika mesthi ngono kuwi Kanjeng” wong aneh sing sandhangane
sarwa putih kuwi genti wangsulan “aku ya ora arep nutugne nggonku grenengan,
merga mesthi bakal ndika pancasi lan sing cetha aku wegah bantah karo wong sing
cetha ora bisa tak unggahi rembuge”.
“He he he…..”
wong sing nganggo sarwo ijo ngguyu banjur guneman maneh “lha nek ngono genti
aku sing arep guneman, ndika pancasi ya mangga ndika gugu ya ora apa-apa”.
Krungu olehe
padha rembugan wong loro kuwi, aku sansaya rumamngsa nek ora ngerti apa-apa.
Merga wong loro kuwi sing dirembug krasa yen aneh lan lucu, nanging cetha nek
dudu rembug geguyonan. Iki aweh tandha yen satemene wong loro kuwi wong-wong
sekti sing jembar banget kaweruh agal lan aluse. Aku pilih meneng karo nyemak
wae.
“Lha nek
mung butuh arep guneman wae lho, kok ndadak nembung barang?” wong sing jubahe
putih aweh wangsulan marang kancane “mbok ya ndang guneman, perkara aku gelem
ngrungokne utawa ora kuwi rak perkara seje, sing cetha aku ora arep mancasi
merga aku ngerti sanadyan mbok menawa olehku ngerti isih mbesuk utawa mengko,
apa sing ndika dhawuhne mesthi benere”.
Wong loro
banjur ngguyu bareng. Aku sing ora mudheng karo sing dirembug mung bisa melu
mesem, ora ngesemi tembuge nanging mesem merga weruh lucune wong loro kuwi.
“Ya ta yen
pancen mangkono” wong sing jubahe ijo kuwi banjur guneman alon “satemene ndika
kuwi duwe karep sing kepiye? Ngarep-arep tak elingne apa pancen lagi lali nek
ndika kuwi satemene ngono klebu wong sing angestu marang Gusti lan dina kang
pungkasan ?”.
“Oalah kuwi
ta?” wangsulane sing jubah putih karo mesem amba “kuwi mau jalaran aku isih
repot, mosok lagi rembugan karo Gusti arep tak tinggal mangsuli pitakone
padha-padha kawulane?. Iki mau jan-jane ya wis arepaweh wangsulan, kedadak
ndika rawuh mrene, ya mesisan gawe ndika wae ngandhakne, wong kuwajibanku karo
kuwajiban ndika kuwi ya padha, padha-padha dhapuk sing diampiri”.
“Wis ora ana
wong lecet sing ngungkuli ndika iki Kyai……” sing klambine ijo ngguyu nyekikik.
Aku blas ora
mudheng karo sing dirembug wong loro kuwi, merga saka rumangsaku babar pisan
ora nyambung siji lan sijine.
“Ya luwih
dhisik ditepungne ya Nini” dumadakan wong sing sandhangane sarwa ijo kuwi
ngajak guneman aku, ketitik olehe guneman karo nyawang aku “jenengku Ijo,
wong-wong bangsa manungsa yen ngarani aku Sang Hyang Wilis lan sing neng
sisihku iki sedulur sinarawediku, jenenge Ki Tanparupa. Aku wong loro iki
bangsa manungsa. Kaping pindhone aku njaluk ngapura awit rada randhat nggonku
mbagekne ndika sing jejer minangka tamu ing papan kene sarta ndika ya aja kaget
yen aku wong sakloron ora ngaturi ndika Kusuma Dewi, utawa Gusti Putri marang
ndika Dewi Kusali sing satemene isih sekar kedhaton negara Setambul”.
Krungu
jeneng Ki Tanparupa, aku banjur kelingan apa sing dikandhakne Ki Cahyangumbara
nalika samana, ya iku Ki Tanparupa kuwi Gurune Ki Cahyangumbara dhewe. Mula ora
sranta aku banjur mlorot saka watu sing tak lungguhi, laku dhodhok banjur
ndheprok ing ngarsane Ki Tanparupa lan Sang Hyang Ijo.
“Lepat nyuwun
gunging sih pangaksami Pukulun” karo nyembah aku atur wangsulan rupa nyuwun
pangaksama “inggih labet saking cubluking nalar kula saha cupeting seserepan
kula, temah kula boten nyana babar pisan bilih jengandika kekalih Sang Hyang
Wilis tuwin Ki Tanparupa. Mugi jengandika kekalih kaparenga nampi atur sembah
saha pangabekti saking kula pun Kusali Pukulun”.
“Aja kaduk
ati bela panampa Nini” genti Ki Tanparupa sing paring wangsulan marang aku “babar
pisan ndika ora luput, dadi ya ora prelu njaluk pangapura. Malah aku sing mbok
menawa kleru, ora tumuli aweh wangsulan nalikane Nini Dewi Kusali temah Nini
Kusali banjur ninggalne papanku mau, sumurupa Nini ora jalaran aku ngremehake
jejering wong sing ngajak guneman nalika aku mau ora semaur, nanging jalaran
aku lagi lungguh takhiyat jroning manembah marang Gusti, sing ngalang-alangi
aku aweh wangsulan marang ndika. Dene ndika ngaturake pangabekti marang aku,
uga wis tak tampa ora liwat tiba sapadha-padha”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar