104.
Anggen
kula linggih langkung tumungkul amarikelu, ingkang dipun dhawuhaken Bapa mila
kalebet ing nalar. Kaimbetan dhawuh saking Biyung nalika nglilir kala wau
siang, ingkang kula pitados bilih dhawuhipun Biyung menika dede dhawuh ingkang
limrah, nanging dhawuh gaib minangka sasmitaning jagad dhumateng kula. Kula
taksih ngajeng-ajeng malih dhawuh saking Bapa, awit sadangunipun menika kula
kathah nglirwakaken dhawuh pitutur saking Bapa.
“mBok
menawa jroning atimu ana pitakonan marang aku, ya gene aku dhisik ngidini malah
kepara anjurung kowe melu sinau ulah kanuragan marang Bebau Danara lan Kyai
Daka” Bapa saestu nglajengaken anggenipun paring dhawuh “sumurupa Pradapa,
sinau ulah kanuragan kuwi becik kanggo kasarasaning raga lan uga mbok menawa
ing tembene ana gunane. Lan kaya sing kerep diaturake Bebau Danara marang aku,
sinoman ing Kepuh Agal kene kuwi becike kabeh padha melu gladhen kanuragan,
jarene Danara kanggo njagani samangsa-mangsa ana parangmuka sing arep gawe
kisruhe Desa kene para sinoman bisa mrantasi gawe. Beda maneh karo panemuku,
yen sinoman kene padha sregep melu gladhen ulah kanuragan, kajaba awake dadi
padha waras uga bisa ngrakete srawunge para sinoman karo padha sinomane,
senadyan saka seje dhukuh yen kerep kepethuk bakal sansaya luwih raket, yen wis
padha raket mesthine ora gampang dadi salah tampa sing bisa nuwuhake tukaran
padha sinomane”.
“Inggih
Bapa”
“Aku
dhewe ya kerep kandha, ing babagan kanuragan aku iki pancen ora bisa apa-apa”
Bapa ngendika malih “kuwi aku ora goroh, aku uga ora ngluputake lan ora gething
marang wong sing dhemen nggegulang ulah kanuragan sing jarene kanggo njaga
dhiri. Lan kanggo njaga dhiri aku uga wis duwe cara dhewe, ya iku kanthi laku
becik, ora seneng gawe seriking liyan, dibarengi karo dhemen tetulung marang
sapa wae kanthi ora nyawang drajat, pangkat, sugih, miskin, wis tepung apa
durung lan sapiturute. Aku nduweni kapitayan, kanthi laku iki Gusti bakal
paring pangayoman marang aku, sanadyan aku ora baud ing reh kanuragan”.
“Nuwun
sewu Bapa” kula nyobi nyela atur sakedhik “lajeng sambetipun kalihan sipat
kandel agemanipun Bapa ingkang wujud Kyai Panyek menika kados pundi?”.
“Kowe
aja kleru tampa” Bapa paring wangsulan “mungguhku Kyai Pantek kuwi piranti sing
bisa digunakne ing samubarang kang jumbuh karo kahanan sing diadhepi. Kyai
Pantek kuwi Keris Pusaka, dudu duwekku nanging dhapur mung titipan. Kyai Pantek
iku sing yasa empu sing gentur tapane gedhe prihatine, olehe yasa Keris kuwi
dibarengi karo laku lan panuwunan marang Kang Maha Kawasa murih keris sing
digawe kuwi bisa migunani marang sing nggunakne. Dadi nalika biyen kowe weruh
Prajurit Mataram sagelar sepapan sing gawe mirise Kyai Daka lan Bebau Danara
sakancane, sawise aku ngliga Kyai Pantek lan sing anyar iki kowe nyipati Raden
Gunendra tiba nggeblag neng pendhapa dadi semapute, kuwi ora merga karepku, ya
ora merga katiyasane Kyai Pantek, nanging kuwi saka pitulungane Gusti sing
ngayomi aku saka tindak murang tatane wong-wong mau. Lan merga kabule pandonga
saka empu sing yasa Kyai Pantek biyen”.
“Dados
Bapa boten saged mrentah Kyai Pantek utawi nyuwun murih Kyai Pantek paring
pangayoman dhateng Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.
“Sepisan
maneh tak kandhakne, Kyai Pantek kuwi wujude piranti, ora bisa diprentah lan
ora bisa disuwuni pitulungan, bisane digunakne lan sabecik-becike panyuwunan
iku mung marang Gusti. Lha gandheng Kyai Pantek kuwi yasane Empu sing cedhak
karo Gusti, mula aja nganti Kyai Pantek kuwi digunakne dening wong sing dhemen
nerjang piwulange Gusti, yen kongsi Kyai Pantek kuwi dikuwasani dening wong
sing dhemen ndaga prentahe Gusti, banget mbebayani tumrap wong akeh. Mula ora
saben wong dening sing kagungan Kyai Pantek iki dikeparengake ngampil. Malah
aku uga nate didhawuhi dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta, lamun ana wong sing
meksa arep ngrebut Kyai Pantek saka pangawasanku lan aku ora bisa nggondheli,
aku kadhawuhan mlayu menyang Sendhang Ngiyom nglarung pusaka kuwi murih ora
dikuwasani dening wong liya. Mula sawayah-wayah aku wis katimbalan dening
Gusti, Kyai Pantek iki rawatana sing becik, reksanen aja nganti ucul saka kowe,
yen kapeksa-kapeksane tindakna dhawuhe Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta marang
aku sing keri dhewe mau, ya iku larungen Kyai Pantek ing telenge sendhang
Ngiyom”.
“Inggih
Bapa” kula namung saged atur wangsulan kanthi cekak.
“Matur
nuwun Kyaine…….” Dumadakan kapireng suwantenipun Biyung ingkang kala wau angler
anggenipun sare. Kula kalihan Bapa inggih lajeng sesarengan nyawang dhateng
Biyung.
“Sliramu
wis tangi ta Nyai?” Bapa paring wangsulan kalihan mundhut pirsa dhateng Biyung
“piye rasane sliramu? Wis rada entheng ?”.
“Sampun
Kyaine” Biyung matur kalihan mesem “sumerep busana ingkang ndika agem menika,
kula lajeng mangertos bilih ndika sampun tata-tata paring tuntunan dhateng
kula, kula sampun siyaga ing dhiri
sawega ing gati Kyaine, kantun nengga panuntun ndika. Boten langkung kula
nyuwun pangapunten namung dumugi mriki anggen kula ngladosi ndika Kyaine lan
sepisan malih kula ndherek titip anak kula pun Pradapa”.
“Sliramu
kuwi omong apa ta Nyai?” Bapa ketingal kejot lajeng sansaya nyaket dhateng
Biyung. Nanging Biyung sampun boten wangsulan, malah mripatipun dipun tutup,
astanipun dipun agem sedhakep tumumpang jajanipun. Bapa lajeng nyaketaken
tutukipun ing talinganipun Biyung.
“La
ilaha illallah Muhammadur Rasululullah” kula mireng Bapa ngucapaken tembung
menika alus lan ketingal Biyung nerokaken.
Namung
sakedhap netra Biyung ngedalaken napas ingkang pungkasan. Biyung pranyata
sampun seda. Kados lare alit, kula ngrungkebi Biyung kalihan nangis, babar
pisan kula dereng lila katilar seda dening Biyung. Bapa piyambak ketingal
sanget anggenipun nandhang dhuhkita. Nanging taksih kober paring pangandika
dhateng kula :
“Pradapa
mandhega nggonmu nangis, Biyungmu wis kakersakne Gusti ndhisiki aku lan kowe
mangayun ing ngarsaNe. Apa sing dumadi ora bakal kelakon kajaba awit saka
kersaNe, Gusti ora bakal kagungan kersa kajaba kanggo kabecikaning titah-E.
Saiki aku lan kowe mung wajib ndedonga muga-muga padhanga dalan sing diambah
Biyungmu, lepasana lakune anjog ing ngayunaning Gusti, tinampa sowane lan
kaparingana papan sing luwih becik tinimbang nalika uripe. Tangismu kuwi
sanadyan mbok menawa ora ngrerendheti lakune Biyungmu, nanging bisa
ngaling-alingi rumasuking nugraha marang jiwa ragamu. Saiki biraten rasa
susahmu, gedhekna sumarahmu marang Gusti, ngelingana kabeh titah kuwi kagungane
Gusti lan yen wis wancine bakal bali marang Gusti”.
“Inggih
Bapa” wangsulan kula kalihan ngusapi sisa-saning luh.
Bapa
lajeng mapanaken Biyung kanthi leres inggih menika kaujuraken mangaler kados
padatan menawi tiyang sampun seda. Lajeng dhawuh dhateng kula kapurih, nggigah
para rewang kalurahan lan nyukani sumerep bilih Biyung sampun seda.
Jebul
nalika kula medal sampun kepapag dening para rewang kalurahan ingkang ngrantos
sanjawining kori kalihan sami tetangisan. Pranyata nalika kala wau kula njerit
kalihan nangis ngrungkebi Biyung, wonten salah satunggaling rewang kalurahan
ingkang mireng lajeng mlajeng murugi papan patunggonipun Biyung temah ngertos
menawi Biyung sampun seda. Lan rewang kala wau lajeng nggrobyag
kanca-kancanipun nyukani sumerep bab sedanipun Biyung. Saweneh malih malah
sampun murugi para magersari lan tangga tepalih. Boten dangu sampun kapireng
thonthongan kalurahan dipun tabuh mawi irama dara muluk kajeng kasambet
kenthong kaping sanga, minangka tengara kangge para warga bilih wonten tiyang
pejah jalaran sakit limrah.
Dalu
menika dalem kalurahan sampun kebak tiyang ingkang sami nglayat, ngantos dumugi
plataran saha pekarangan kebak dening tiyang. Biyung nunten sinucenan lan
kaulesan nut tataning piwucal agami ingkang dipun rasuk dening Biyung, inggih
menika agami piwucaling Kanjeng Nabi ingkang jumeneng Rasululullah. Layonipun
Biyung kapapanaken ing tengahing pendhapa ing sanginggiling dhampar panjang,
lajeng dipun sembahyangi dening Ki Kaum lan sekabatipun, Bapa lan lan kula ugi
ndherek anyembahyangaken.
Siangipun
nembe layonipun Biyung dipun petak ing kuburan ingkang mapan ing wana
sacaketing Dhusun, kados padatan manawi wonten warga Kepuh Agal ingkang pejah
ugi kapetak wonten ing kuburan mriku. Ingkang ndherekaken layoning Biyung
ngantos dumugi kuburan kathah sanget, kalebet para Bebau lan para sesepuhing
dhusun ugi para sinoman meh sedaya ndherekaken, tiyang-tiyang menika gentosan
tumut nggotong bandhosanipun Biyung. Malah boten sakedhik para pawestri ingkang
boten ndherek dhateng kuburan, sami medal saking griyanipun sami ngadeg jejer
ing pinggiring margi ingkang kaliwatan dening layonipun Biyung, para pawestri
menika sami ngaturaken kurmat lan boten sakedhik ingkang tetangisan kados tinilar
pejah tiyang sepuhipun piyambak. Makaten menika nami limrah, jalaran nalika Biyung
taksih seger kuwarasan, asring tindak ngubengi dhusun, saprelu mbiyantu Bapa,
paring pitulungan dhateng kawula ingkang mbetahaken pitulungan.
Nuruti
paweling saking Biyung jaman taksih sugeng, Bapa boten nyukani tandha
menapa-menapa ing pasareyanipun Biyung. Rumiyin Biyung lan Bapa sami-sami
gadhah panyuwunan, menawi Bapa ingkang seda rumiyin Bapa meling dhateng Biyung
murih tiyang-tiyang boten damel tandha menapa-menapa ing papan kangge metak saliranipun Bapa jalaran
Bapa ngersakaken sasampunipun seda saged lepas purugipun wangsul dhateng asal
kamulanipun. Biyung ugi lajeng nyuwun dhateng Bapa, menawi Biyung ingkang seda
rumiyin murih kados pawelingipun makaten menika. Pramila sareng sampun rampung
anggenipun mangsulaken siti, sedaya sami nilar pasareyanipun Biyung tanpa suka
tandha menapa-menapa.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar