103.
Bapa lajeng dhawuh
dhateng kula murih wangsul anenggani Biyung, awit Bapa kemutan menawi wonten
kuwajiban dhateng kawula ing Kepuh Agal ingkang kedah tumunten dipun tandangi. Jebul
Biyung inggih taksih kados wau, taksih sare. Nalika Paman Genter lan mBok Jayem
kula takeni, ugi criyos menawi Biyung wiwit wau ugi dereng wungu babar pisan.
Tiyang kalih, rewang dalem Kalurahan menika lajeng kula kengken murih kendel,
gentos kula ingkang badhe nggentosi nengga sarenipun Biyung.
Kalihan
linggih nenggani Biyung, angen-angen kula klambrangan dumugi pundi-pundi.
Wonten raos sakedhik kirang pitados kalihan ingkang dipun ngendikakaken Bapa,
mliginipun ing bab kanuragan lan kebatosan. Bapa taksih nyimpen raos boten
pitados dhateng Kyai Daka lan Ki Bebau Danara. Kamangka ing kanyatanipun Rama
Kyai Daka lan Bebau Danara menika kula tingali sakalangkung anggenipun bekti
dhateng Bapa sarta ugi anggenipun marsudi murih sansaya majengipun Kepuh Agal
mliginipun Dhusun Sidamulya ingkang dados tanggel jawabipun Ki Danara, ketingal
menawi estu-estu tulus lahir batin. Lan
malih sampun kaping kalih menika Bapa ngalang-alangi anggen kula mbudidaya
nambah kasekten ing bab ulah kanuragan. Ingkang kapisan Bapa sampun
ngalang-alangi anggen kula badhe nampi Aji Bledheg Saleksa saking Rama Kyai
Daka ingkang kaping kalih kula kapenggak nampi aji saking Raden Gunendra.
Pawadanipun sami, Bapa boten pitados dhateng Rama Kyai Daka lan Raden Gunendra.
Malah Bapa mastani menawi Rama Kyai Daka, Bebau Danara lan Raden Gunendra
menika kalangkunganipun namung ing babagan ngapusi tiyang. Menapa pandakwanipun
Bapa menika leres? Menapa malah boten kosok balen?, Sanaosa kula wau sampun
mbuktekaken piyambak, Raden Gunendra sampun ngaken kawon kalihan Bapa lan Raden
Gunendra boten saged ngecakaken aji jaya kawijayanipun ing ngarsanipun Bapa.
Nanging kula nggadhahi panginten sedaya menika kala wau boten awit saking
kasektenipun Bapa, nanging awit saking perbawanipun Kyai Pantek. Wiwit rumiyin
kula dereng nate sumerep Bapa nedahaken kasudiran lan kadibyanipun ing babagan
ulah kanuragan. Malah kula ugi asring mireng Bapa ngendika ing sangajengipun
para Bebau lan para sinoman bilih panjenenganipun menika dede prajurit lan
boten baud ulah kanuragan. Sarta malih menapa bathinipun tumrap Raden Gunendra
menawi estu badhe ngapusi Bapa kanthi badhe nurunaken Aji ingkang dipun gadhuh
dhumateng kula?.
“Pradapa…….”
Angen-angen kula sakala buyar, dumadakan Biyung nglilir saking anggenipun sare,
lajeng nimbali kula mawi suwanten alon ingkang nedahaken menawi saliranipun
taksih ringkih.
“Inggih
Biyung?” gurawalan anggen kula atur wangsulan sarwi sansaya nyaketaken anggen
kula linggih “kula wonten sandhingipun Biyung, Biyung ngersakaken menapa?”.
“Aku
mung butuh kaslametanmu Ngger” wangsulanipun Biyung panggah mawi suwanten
ingkang ringkih “kowe ana sajroning bebaya, mung Bapamu kang piniji dening
Gusti bisa ngayomi kowe. Kowe aja nganti adoh-adoh karo Bapamu, ing lahir ya
ing batinmu ya Ngger, sumurupa ing jagad iki ora ana sing katresnane marang
kowe ngluwihi Bapa lan Biyungmu, aja gampang kegiwang tembung manis saka wong
lamis sing pengin kowe kajengkang banjur api-api dadi rowang, aja kaya iwak lele
sing bodho gampang keblethuk marang pangan sing katon empuk sing wekasane mung
bisa ngalumpruk mlebu wuwu lan ora bisa metu, mung kuwi sing dadi pawelinge
Biyung marang kowe”.
“Inggih
Biyung” wangsulan kula kalihan salebeting manah wonten raos kaget, kados-kados
Biyung saged mangertos menapa ingkang nembe kemawon kula angen-angen.
Kula
badhe matur malih dhateng Biyung, nanging wurung. Biyung sampun wangsul sare
malih, napasipun nedahaken bilih panjenenganipun mila sampun sare saestu.
Inggih awit saking dhawuh saking Biyung ingkang makaten menika kula lajeng
mbudidaya nyupekaken sedaya dhawuh-dhawuh saking Rama Kyai Daka menapa dene
saking Raden Gunendra, ingkang magepokan kalihan anggenipun badhe maringaken
aji jaya kawijayan dhumateng kula ingkang sampun dipun alang-alangi dening
Bapa. Kula ugi kedah mupus angen-angen kula dados tiyang ingkang nggadhahi
kalangkungan ing ulah kanuragan kanthi nggadhuh aji jaya kawijayan ingkang
nggegirisi katiyasanipun.
Ing
wanci dalunipun, Bapa ingkang padatan anggenipun rawuh ing patunggonipun Biyung
nggentosi kula menawi sampun ngancik wanci tengah dalu, dalu niki rawuh radi gasik.
Wonten ingkang katingal benten anggenipun ngrasuk ageman. Dalu niki Bapa ngagem
surjanipun ingkang kalebet rasukan bedhemen, makaten ugi sinjangipun ugi
sinjang ingkang awis-awis dipun agem kajawi menawi nuju angrawuhi adicara
ingkang wigatos. Bapa ugi ngagem wangkingan ing lempeng kanan, kula boten
pangling bilih ingkang dipun agem Bapa menika Dhuwung Kyai Pantek.
“Aja
ngalih dhisik Pradapa” dhawuhipun Bapa kalihan mapan lenggah “aku arep kandha
marang kowe sethithik, nanging kalebu wigati”.
“Inggih
Bapa” wangsulan kula kalih nglirik papanipun Biyung sare.
“Aja
samar Biyungmu ora bakal kebribenan merga anane suwara sing arep tak kandhakne
marang kowe iki” sanaosa boten kula aturaken, Bapa sampun tanggap kalihan
pikajeng kula, lajeng paring dhawuh makaten.
“Inggih
Bapa”
“Aja
kowe nganggep aku ngundhat-undhat yen aku mengko mbaleni pituturku marang kowe
sing nyatane durung bisa mbok cakne nganti dina iki” Bapa miwiti ngendika “jalaran
iki banget wigati tumrapmu kanggo mecaki lakuning urip sing isih adoh lan dawa”.
“Inggih
Bapa” kula atur wangsulan kalihan tumungkul, kula nginten menawi Bapa badhe
paring dhawuh ingkang sakalangkung wigatos.
“mBok
menawa nganti saiki kowe durung bisa ngandel marang apa sing tak kandhakne
ngenani Bebau Danara, Kyai Daga lan sing lagi wae iki Raden Gunendra” Bapa
nutugaken anggenipun paring dhawuh “kang mangkono kuwi jalaran saka sasmita
sing mbok gadhuh durung lantip, isih kethul, temah kowe gampang kegeret dening
pepenginan kang ora tinemu ing nalar nanging tansah mbidhung ati jalaran
kapanjingan nafsu sing tenane mung bakal anjog ing rasa getun sawise kelakon.
Aku kandha menawa Danara, Daka lan Gunendra kae mung seneng apus-apus, seneng
ngapusi kancane, ngapusi mungsuhe uga ngapusi marang awake dhewe, wekasan woh-wohane
iya banjur kapusan dening wong-wong sing saiki masanggrah ing Alas Patalan sing
uga seneng apus-apus kanggo nggayuh angen-angene nggone arep mukti wibawa
mbaudhendha anyakrawati ngratoni Tanah Jawa tanpa ngliwati laku sing jumbuh
karo pranatan sing digarisake dening Gusti nut lakuning kapitayan sing jarene
dirasuk. Kowe kudu ngerti, yen satemene wong-wong sing sasuwene iki tansah
ngebang-ebang marang kowe arep diwenehi aji jaya kawijayan linuwih kuwi,
satemene wong-wong kae merga melik kepengin bisa nguwasani Keris sing saiki tak
enggo iki. Wong-wong kae padha kapusan karo ujar sing ora bener sing ngandhakne
sing sapa wonge kanggonan Kyai Pantek, bakal nduweni kekuwatan sing bisa kanggo
ngalahake Gusti Panembahan Senapati ing Mataram, jalaran Kyai Pantek iki biyene
tau diagem dening Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang nalika paring tuntunan
ulah kanuragan marang Raden Sutawijaya lan Pangeran Benawa. Kamangka Pusaka
Dalem Kanjeng Sultan Pajang kuwi ya pirang-pirang sing jinise luwih aji tinimbang
Keris sing tak enggo iki, sing pusaka-pusaka mau saiki wis dadi kagungan Dalem
Panembahan Senapati, kaya Tumbak Kyai Pleret sing biyen tau diagem nyuwargakne
Adipati Arya Penangsang ing Jipang, Keris Kyai Sengkelat, Keris Kyai Nagasasra
Sabukinten lan isih akeh maneh tunggale”.
Bapa
kendel sakedhap anggenipun ngendika, sanaosa kula estunipun dereng patos mudheng
kalihan dhawuhipun Bapa menika, nanging kula boten sumela atur babar pisan.
Ngrantos dhawuh salajengipun, mbok menawi mangke dangu-dangu saged nampi kanthi
sae dhawuhipun Bapa menika.
“mBok
menawa kowe durung pati ngerti marang apa sing tak kandhakne iki mau” kados
saged maos tulising manah kula, Bapa nglajengaken anggenipun paring pangandikan
“nanging muga-muga yen pituturku iki mengko wis rampung, kowe bakal ngerti dhewe”.
“Inggih
Bapa” wangsulan kula cekak.
“Yen
kowe lan luwih aku wis percaya marang Gunendra lan Kyai Daka, kowe lan aku
gampang diapusi maneh dituduhi sulapane
ngelmu semu sing yen katempuh ing pancabaya banjur mbalenjani, kaya dene Aji
palsune sing ora pasah nalika dicakne marang waluh olehmu ngundhuh lan tedhas
nalika mbok cocok karo erine sembaga. Merga aku lan kowe wis kadhung percaya,
ora bakal mikir golek cara kanggo ngerteni aji sing dikandhakne kuwi mau asli
utawa palsu. Anane mung ngandel lan percaya, apa pakone bakal dituruti. Wangune
wong-wong kae ya bisa maca, aku sing wis tuwa iki angel saupama diiming-imingi
apa wae mula banjur nggunakne kowe. Kowe sing dipameri arep diwenehi aji jaya
kawijayan sing dhasare banget mbok pengini. Sawuse kowe madhep manteb nggonmu
percaya marang wong-wong kae kowe bakal wani nekad saupama dikongkon apa wae
sanadyan kudu nyidrani aku, wong tuwamu dhewe iki. Upamane kowe dikongkon
nyolong Kyai Pantek, kuwi mesthi bakal mbok lakoni kanthi senenging ati, kowe
ora bakal nggagas tumindak kuwi dosa marang Gusti, dene kowe wani nerjang
wewalerE. Ora rumangsa luput marang wong tuwamu sing pituture mbok terjang, ya
iku pitutur aja dhemen njupuk sing dudu duweke. Uga ora rumangsa dosa marang
awakmu dhewe, kang mung merga kepengin marang barang sing katon melok kang
sejatine semu, kowe tega ngongkon tenagamu kanggo tumindak dosa. Kang mangkono
iku jalaran pancen panggraitaning sasmitamu isih kethul, kamangka wis wiwit
biyen aku prentah supaya kowe dhemen nggegulang kalbu, nglelinthing ati, kanthi
nggedhekne laku prihatin, nyuda nggonmu dhemen sesukan, nambahi melek ing wayah
bengi, nyegah turu ing wanci awan, mranata tutuk sipaya ora nguja panjaluke
wadhuk, nata lambe ora dhemen guneman sing sakepenake, nggladhi lathi murih
omong-saomong bisa nyenengne atine sing padha krungu”.
Kados
dinodhog raosing dhadha kula. Awit sadaya ingkang dipun dhawuhaken Bapa mila
saged kula tampi mawi manah ingkang suci.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar