102.
Kalihan
nyipta menawi sampun wancinipun kula pejah, kumlembar ing angen-angen kula
kalihan sasmita gaib ingkang dipun tampi dening Biyung bilih kula ing
salebeting bebaya ageng kados ingkang dipun andharaken Bapa ingkang jalaranipun
kula kapencut dhateng ingkang dipun sanepakaken Peksi Podhang Pita. Kajawi
menika ugi wonten sapletik raos kangge nglepataken Bapa ingkang sampun damel
wirangipun Raden Gunendra, kamangka sanaosa taksih trahing kusuma ewa dene
rawuhipun Raden Gunendra ing Kepuh Agal menika kanthi sedya sae dhateng kula
lan rawuhipun ugi kanthi boten tilar tata krama. Samangke kula ingkang badhe
dados korban awit saking dukanipun Raden Gunendra.
Dumadakan
kula kraos kados dipun jorogaken mangering jalaran mripat kula merem, kula
boten sumerep sinten ingkang njorogaken, kula kinten inggih Raden Gunendra
ingkang sampun kula mangertosi badhe damel cilaka kula.
“Dheg!
Braaaag” kula mireng suwanten gumuruh, kados wit gedhang rebah dhumawah dhateng
empyak. Sepisan malih kula kontal, dhawah kalenggak ing jogan pendhapa, radi
tebih geseripun saking papan kula wau, nanging boten ngraosaken sakit babar pisan.
Alon-alon kula tangi ngadeg kalihan mbikak mripat. Ingkang sepisanan ketingal
ing panyawang kula, Bapa nembe jumeneng kalihan astanipun sampun ngasta
Wangkingan Kyai Pantek ingkang ketingal mencorong semu ijem warninipun. Lan ing
ngarsanipun Bapa watawis gangsal jangkah, ketingal Raden Gunendra
ngathang-athang ing jogan, astanipun ugi taksih nyepengi ukiraning Dhuwungipun
ingkang sampun dipun liga. Nanging ketingal menawi Raden Gunendra nembe
kantaka, ketitik saking netranipun ingkang merem kados tiyang nembe sare lan
boten obah babar pisan.
“Kowe
ora apa-apa Pradapa?” kalih mundur sajangkah temah caket kalihan kula, Bapa
mundhut pirsa kawontenan kula.
“Kula
boten menapa-menapa Bapa” atur wangsulan kula lajeng nyuwun pirsa “menika wau
wonten kedadosan menapa Bapa?”.
“Aja
takon dhisik, saiki jupukna banyu genthong sasiwur gawanen mrene, tak enggone
mungu Raden Gunendra sing sajake rada angler olehe sare” Bapa malah dhawuh
dhateng kula.
Kula
inggih lajeng dhateng pengkeran, nyandhak siwur nyidhuk toyanipun genthong badhe
kula aturaken dhateng Bapa, ingkang ngendikanipun badhe kangge mungu Raden
Gunendra.
“Cipratana
sampeyane Raden Gunendra kuwi nganggo banyu sing mbok gawa banjur, balia neng
mburiku kene!” Bapa paring dhawuh malih.
Mawi
tangan, sukunipun Raden Gunendra kula ciprati toya, lajeng kula mundur ngadeg
ing sawingkingipun Bapa, mripat kula boten kedhep tansah ngulati Raden
Gunendra. Boten watawis dangu Raden Gunendra ngebahaken sukunipun, lajeng
wungu, mapan lenggah. Menawi nitik saking guwayaning wadana miwah sunaring
netranipun, ketingalan menawi Raden Gunendra nembe ngraosaken sayah ing
saliranipun. Dhuwung ingkang dipun asta lajeng dipun lebetaken dhateng
wrangkanipun malih. Lajeng kalihan nindakaken lampah sembah kalbu, Raden Gunendra
ngendika :
“Ngaturaken
sewu gunging panuwun awit paringipun kamirahan dhateng kula, temah kula dereng
kakintun dhateng Yamaniloka, Ki Lurah. Lan mugi wontena sih wilasa jengandika,
kaparenga paring gunging samodra pangaksami dhumateng kula ingkang sampun
kumawantun tumindak nrucak ing ngarsa jengandika Ki Kepuh Agal”.
“Sampun
paring dhawuh makaten menika Raden” Bapa paring wangsulan kalihan suwanten
sabar lan sareh “sadaya ingkang sampun kedadosan niki wau estunipun inggih awit
kula lan jengandika Raden nembe supe kemawon. Supe menawi manungsa menika kagadhuhan
nalar saha tutuk dening Gusti Ingkang Maha Kawasa, inggih mesthinipun sarana
nalar lan lathi sadaya prakawis saged dipun rampungaken kalihan rembagan
ingkang sekeca. Nanging inggih awit kadereng dening supe kala wau, temah
prakawis sepele kemawon nuwuhaken kedadosan ingkang kados makaten menika. Estu
Raden, kula boten maiben menawi jengandika runtik ing penggalih jalaran raos
cuwa ingkang Jengandika Raden ndakwakaken kacuwaning penggalih jengandika kala
wau awit saking pokal kula. Nanging kula ugi boten purun dipun lepataken, awit
menapa ingkang sampun kula lampahi kala wau sadremi suka pangayoman dhateng nyawanipun
anak kula pun Pradapa”
“Inggih
Ki Lurah” Raden Gunendra ngendika malih “kula sampun mangertos menapa ingkang
jengandika dhawuhaken menika, sepisan malih kula ngaturaken panuwun saha nyuwun
pangaksami. Samangke kaparengna kula nyuwun pamit badhe wangsul, lan mugi
sineksenan prasetya kula dhateng jengandika. Ing benjang menawi ngantos dumados
perang antawisipun Mataram kalihan Patalan, kula badhe nilar glanggang payudan
menawi ngantos sumerep Ki Lurah utawi Adhi Pradapa ngedali yuda mbebela Mataram”.
“Inggih
Raden, menawi jengandika ngersakaken kundur dhateng Patalan, kula namung saged
ndherekaken mawi panuwunan mugi raharja tindak jengandika. Lan jengandika
sampun kesupen kalihan janji jengandika dhateng kula kala wau saderengipun
wonten gojeg antawisipun kula lan jengandika” wangsulanipun Bapa kalihan mesem
semanak.
“Janji
ingkang pundi menika Ki Lurah?” Raden Gunendra ketingal radi mlengak.
“Janji
bilih jengandika badhe rawuh mriki malih ing dinten kaping pitung dasa kapetang
wiwit dinten menika”
“Oh,
mugi kasupekna janji ingkang menika Ki Lurah lan kula suwun jengandika kepareng
anganggep bilih kula boten nate matur babagan menika” Raden Gunendra lajeng
ngaturaken sembah kalbu, kasusul jumeneng lajeng tindak medal saking pendhapa,
mrepegi titihanipun, Kuda Teji ingkang cinancang ing plataraning kalurahan.
Boten dangu sampun boten ketingal malih, namung suwantenipun tracaking kuda
ingkang sansaya dangu kapireng sansaya alon nilar Dhusun Kepuh Agal.
Boten
kula sumerepi jebul Bapa sampun mrangkakaken malih Pusaka Kyai Pantek ingkang
kala wau dipun liga. Lan sareng suwanten tracaking kapalipun Raden Gunendra
sampun boten kapireng malih, Bapa lajeng ndangu kula :
“Pradapa
saiki tak jarwani apa sing wis kedadean lagi wae iki mau”.
“Inggih
Bapa”.
“Sawuse
ora bisa gawe pecahe woh waluh sing mbok selehne dhampar mau, kudune Gunendra
ngerti yen bakal kawiyak anggone ngapusi aku, nanging Gunendra ora gelem
ngrumangsani malah nekad nantang ngongkon nodhi ajine sing jarene jeneng Aji
Mahesasakecu mau, lha bareng kewirangan merga nyatane epek-epeke tedhas mbok
codhos karo eri sembaga, dheweke sansaya nesu. Kowe arep dipupuh nganggo
kepelane, nanging kowe tak jorogne temah luput, wonge banjur ngunus kerise arep
dienggo nyuduk dhadhaku, katujune Gusti isih ngayomi uripku, Gunendra tak
agar-agari Keris Kyai Pantek tiba klumah banjur semaput mau. Rahayune Gunendra
tumuli ngrumangsani marang tumindake yen kleru papan anggone ngecakne” Bapa
ngendika paring katrangan ngengingi kedadosan ingkang boten kula sumerepi
jalaran kula merem awit sampun nginten badhe dumugi pejah jalaran badhe kapupuh
dening Raden Gunendra.
“Nyuwun
pangapunten Bapa” kula nyuwun pirsa malih “Bapa dhawuh menawi Raden Gunendra
sampun klintu papan anggenipun ngecakaken, menika wedinipun kados pundi Bapa?”.
“Kuwi
ngene, wong bisa kapusan kuwi jalarane merga pancen wonge dhewe seneng diapusi”
Bapa paring wangsulan “sanadyan wong mau ora seneng ngapusi liyan. Dene wujude
wong sing seneng diapusi kuwi yaiku wong sing luwih percaya marang barang kang
ngayawara tinimbang percaya marang piwulange Gusti. Kaya aku dhewe iki sithik
akeh ya isih ngono kuwi, kajaba yen pas ora lali. Tenane ngono Raden Gunendra
anake Tumenggung Dibyaningrat patutan karo wong wadon sing biyen tau dipacangake
karo aku nanging wurung tak rabi kuwi, satemene ya duwe kaluwihan olah
kanuragan, nanging sing luwih akeh diduweni Raden Gunendra kuwi ya wujud aji-aji
pangapusan kuwi mau. Jaman biyen ing pasar-pasar sakupenge Kutha Pajang, saben
wayah dina pasaran, akeh bakul jamu nanging sing diedol ya mung banyu kali sing
ora ana gunane. Akeh wong sing tuku banjur padha kapusan, merga saking pintere
si bakul nggone ngapusi sing padha tuku. Bakule nuduhne pangeram-eram,
rupa-rupa, nanging satemene pangeran-eram kuwi ya mung barang sing semu. Kang
katon ana satemene dudu. Lha sing ditindakne Kyai Daka, Bebau Danara sarta
Raden Gunendra kuwi ya ora beda karo sing ditindakne bakul-bakul jamu sing
dodolan banyu kali mau. Gandheng aku iki sok ora seneng kapusan, mula aku
banjur ngerti yen satemene tekane Raden Gunendra mrene iki mau mung arep
ngapusi aku”.
“Manawi
makaten menapa Aji Paluwaja tuwin Aji Mahesasakecu ingkang badhe dipun
gadhuhaken dhateng kula menika kalebet Aji ingkang semu Bapa?” kula matur
nyuwun pirsa malih.
“Sumurupa
ya Ngger” Bapa paring wangsulan “aji-aji sing dikandhakne Gunendra apa dene
Kyai Daka lan Danara kuwi kae kabeh anane mung ana angen-angene wong telu kuwi.
Sing diarani Aji Bledheg Saleksa sing jarene arep diturunake marang kowe kae,
cetha yen ora ana nyatane. Kaya sing wis tak kandhakne biyen, Kyai Daka kuwi
tau krungu nek ana Aji sing jenenge Aji Sasrabirawa ya kuwi agemane Pangeran
Handayaningrat, banjur Kyai Daka ngentha-entha laku sing asile dijenengne Aji
Bledheg Saleksa. Upama laku sing ditempuh Kyai Daka rada bisa nyaketi laku sing
ditempuh dening Pangeran Handayaningrat jaman semana, kira-kira aji sing
dijenengne Bledheg Saleksa kuwi nadyan sithik ya nduwe kemanden, nanging katone
laku sing ditempuh Kyai Daka kadohan karo laku sing ditempuh Ki Gedhe Pengging
Sepuh, dadi upama duwe kemanden manggone ya mung neng angen-angen wae. Semono uga
karo Aji sing dijenengne Paluwaja mau, kanyatane ora kuwawa gawe benthete waluh
sing lagi wae mbok undhuh. Dene Aji sing jarene Aji Mahesasakecu, kuwi
kira-kira arep niru aji sing diagem Sawargi Kanjeng Sultan Pajang sing kabare
uga wis diturunake marang Raden Sutawijaya lan Pangeran Benawa, sing aran Aji
Lembusekilan. Saiki sing luwih baku kowe kudu weruh Pradapa, anane Aji apa wae
kuwi tuwuh sawise ngudi ngelmu. Lan Ngelmu iku kelakone kanthi laku, mula aja
mung nyawang nugraha sing ditampa dening wong sing kondhang duwe kasekten sing
nggegirisi, nanging sawangen apa laku kang ditempuh sadurunge wong mau dadi
sekti”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar