Total Tayangan Halaman

Sabtu, 09 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (106)

106.

        Bapa piyambak ugi lajeng mirsani kula, nanging ugi boten ngendika menapa-menapa. Ketawis menawi Bapa ngrantos tutuging atur kula. Wasana kanthi nata linggih langkung rumiyin, kula lajeng matur mawi suwanten ingkang saged kapireng dening sedaya ingkang wonten ing pendhapa :

        “Sapisan kula ngaturaken genging panuwun dhateng Ki Lurah Danara ingkang matur dhateng Bapa murih kula kapiji anyulihi ngayahi jejibahan minangka Lurah sadangunipun nindakaken kuwajiban winados mangke. Kula ugi ngaturaken panedha nrima dhateng Ki Sambirobyong ingkang ugi nyengkuyung menawi kula kapiji anyulihi Bapa kados ingkang kinersakaken Ki Bebau Sidamulya. Nanging, mugi kauningan ingkang saged ngukur sapinten kasagedan kula menika inggih namung kula piyambak. Lan ing babagan reh parentahing Dhusun, kula ngrumaosi kanthi tulusing manah, saestu seserepan kula taksih lebet tapaking meri, malah kenging kawastanan kula taksih wuta ing babagan reh parentahing dhusun. Inggih awit saking menika, murih boten ndadosaken kisruhing Kepuh Agal, kula nyuwun dhateng Bapa, mugi kula boten kaparingan dhawuh kados ingkang dipun aturaken Ki Bebau Sidamulya miwah Ki Bebau Sambirobyong kala wau Bapa”.

        Midhanget atur kula ingkang makaten kala wau, ketingal menawi Bapa sanget anyarujuki ketitik saking polataning wadana ingkang katingal bingar.

        “Sokur ta Pradapa yen kowe wis bisa ngukur marang kabisanmu dhewe” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “panyuwunmu mesthi tak wujudi”.

        “Ngaturaken genging panuwun Bapa”

        “Sedulurku kabeh” Bapa lajeng ngendika dhateng sedaya ingkang sami linggih ing pendhapa “ndika kabeh wis padha krungu dhewe, Pradapa ora saguh saupama tak pilih supaya anyulihi sasuwene aku nindakne kuwajiban kang wigati iki. Mula panjalukku sing dhisik dhewe mau tak baleni maneh, ndika kabeh bisa nyarujuki ta?”.

        “Kepareng matur Ki Lurah” Ki Prawita salah setunggaling Sapukawat ingkang samangke sampun kalebet sesepuh, rumiyin duginipun ing Kepuh Agal menika sareng kalihan Rama Kyai Daka, ngangkat tanganipun nyuwun wekdal kangge ngaturaken pamanggih.

        “Mangga Ki Prawita, ndika kandhkane wae apa rerigen ndika!” Bapa wangsulan kalihan sareh.

        “Menawi nyatanipun Gus Pradapa mopo yen ta kadhawuhan ngemban jejibahan menika, inggih boten badhe wonten ingkang saged meksa, sanaosa estunipun kula pitados menawi Gus Pradapa saestu kuwawa nindakaken jejibahan menika” Ki Prawita nunten ngaturaken pamanggihipun “nanging kula gadhah pamanggih menawi sesulih kangge angesuhi Para Bebau sadangunipun Ki Lurah boten wonten, panggah kedah wonten”.

        “Kuwi panemu ndika Ki Prawita?” Bapa paring wangsulan “nyata kuwi panemu sing becik, nanging sapa sing pantes kapasrahan ngesuhi Para Bebau sasuwene tak tinggal mengko?”

        Ngendika makaten Bapa kalihan ngideraken pamirsanipun dhateng sedaya ingkang wonten ing pendhapa, dados dhawuh kala wau boten namung kangge Ki Prawita piyambak, nanging inggih kangge sedaya ingkang wonten. Tiyang-tiyang sami sawang-sawangan piyambak,  dereng wonten ingkang ngangkat tangan nyuwun wekdal kangge wicanten.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pahang, Bebau ing Grojoganngubal ingkang kondhang tiyang ingkang meneng, awis sanget purun wicanten menawi boten wigatos sanget dumadakan ngangkat tangan kalihan matur, ingkang makaten menika ndadosaken ngungunipun ingkang sami sumerep, Sedaya sami ningali papanipun Ki Pahang, ketingal sami kepengin mangertos Ki Bebau Grojoganngubal badhe wicanten menapa. Namung Ki Lurah Danara anggenipun nyawang Ki Pahang ketingal menawi manahipun boten remen.

        “Kadhingaren ndika Ki Pahang?” Bapa ngendika kalihan mesem “ndika nduwe rerigen sing kepriye? Padatan ki nek sing guneman wong arang gelem guneman kuwi sok malah sing bisa gawe pepadhange wong akeh”.

        “Leres menika Ki Lurah”

        “Nggih leres sanget Ki Lurah”

        Tiang-tiang sami saur manuk, ngleresaken pangandikanipun Bapa.

        “Iya saiki tak jaluk padha meneng kabeh” Bapa mangsuli ingkang sami saur manuk “kareben Ki Grojoganngubal, ngandhakne sing dadi rerigene”.

        “Nyuwun pangapunten saderengipun Ki Lurah” Ki Bebau Grojoganngubal lajeng matur “anyambet atur saking panjenenganipun Ki Prawita, kula nggadhahi pamanggih ingkang sami kalihan Ki Prawita, lan mbok bilih saged kaagem minangka panimbang dening Ki Lurah, kula badhe ngaturaken menapa ingkang sampun kula sumerepi lan kula raosaken sadangunipun menika. Ingkang kula sumerepi, mila para Bebau ing Kepuh Agal menika sami-sami kagungan watak ingkang sae sedaya. Boten wonten ingkang kagungan cacat babar pisan. Namung kemawon, ing antawisipun Para Bebau ingkang wonten, boten wonten ingkang saged ingkang amapaki kalangkunganipun Ki Bebau ing Jangglengan. Inggih ing kasabaranipun, inggih ing kawicaksananipun saha ing kawasisanipun mranata kawula. Ketitik, sami-sami warga Kepuh Agal gesangipun warga ing Jangglengan langkung ketingal makmur tinimbang warga Kepuh Agal ing Dhukuh sanesipun kalebet ing Dhukuh wewengkon kula piyambak. Ugi arang sanget malah mbok bilih boten nate kedadosan, warga ing Jangglengan tukar padu kalih tangga tepalihipun utawi kalihan warga saking dhukuh sanes. Inggih andhedhasar ingkang kula sumerepi lan ingkang kula raosaken menika, mbok bilih boten klintu menawi Ki Lurah miji Ki Pawana murih angesuhi Para Kadang Bebau ing Kepuh Agal, sadangunipun Ki Lurah tindak nindakaken jejibahan winados menika”.

        “Tak kira pangrasa lan pandulu ndika marang Ki Jangglengan kuwi mung merga kegawa rasa seneng lan kurmat ndika wae, Ki Grojoganngubal” Ki Jongke ingkang linggih caket kalihan Ki Lurah Danara wicanten dhateng Ki Bebau Grojoganngubal kalihan suwanten ingkang inggil. Ki Jongke menika satunggaling Sapukawat ingkang caket kalihan Ki Lurah Danara awit piyambakipun ugi siswa tataran inggil ing paguronipun Rama Kyai Daka.

        “Sing ndika kersakne kuwi malah aku ora ngerti Ki Jongke” Ki Pahang wangsulan mawi suwanten ingkang limrah kemawon “sing dak aturake marang Ki Lurah kuwi miturut panemuku, adhedhasar sing tak weruhi lan tak rasakne, mesthi wae bisa bener lan bisa luput, nek bener ya sokur dene nek luput banjur lupute ana ngendi lan benere kepiye rak ngono ta Ki Jongke?”.

        “Aku ora ngrembug bener utawa luput Ki Bau” Ki Jongke gentos semaur “nanging pambiji ndika kuwi cetha nek mung arep murih senenging atine Guru nDika Ki Pawit sing ora liya wong tuwane Ki Pawana”.

        “Mongsa borong anggon ndika ngarani Ki Jongke” Ki Bebau Grojoganngubal lajeng wangsulan entheng “merga aku uga ora butuh pambiji saka ndika, aturku iki mau kagem Ki Lurah sing wis paring wektu marang aku kanggo ngaturake panemuku lan sepisan maneh ora kanggo ndika, ora liwat aku nedha nrima banget dene ndika wis migatekne apa sing dak aturake marang Ki Lurah iki mau”.

        Ki Jongke boten wangsulan malih, ketingalipun boten saged ngunggahi wicantenipun Ki Bebau Grojoganngubal. Ki Pahang lajeng nglajengaken aturipun dhateng Bapa :

        “Makaten atur kula Ki Lurah, nyuwun pangapunten dene kapeksa kaselanan rembag sanes. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten”.

        “Iya Ki Pahang” Bapa paring wangsulan “mung mbesuk maneh yen lagi guneman karo wong kuwi aja dhemen ngladeni wong sing nyaru wuwus, merga ngono kuwi klebu laku sing degsura luwih-luwih yen sing mbok ajak rembugan kuwi wong pangkat utawa priyayi sing luwih tuwa umure ketimbang ndika”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Bebau Grojoganngubal ngrumaosi ing lepatipun “inggih labet cubluk sarta cupeting seserepan kula, temah kula boten kraos sampun dhawah ing lampah degsura. Mugi Ki Lurah kersa ngegungna sih samodra pangaksami dhateng kula”.

        “Iya, sabanjure sadurunge aku aweh wangsulan marang rerigen sing ndika wenehake marang aku” Bapa ngendika malih “aku kepengin krungu panemu saka Bebau lan Sapukawat sarta Sesepuh liyane. Mangga sedulurku kabeh, kepiye mungguh pamawas ndika marang rerigen saka Ki Pahang iki mau?”.

        “Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Bebau Sambirobyong ingkang angrumiyini atur pamanggih “pambiji kula ingkang boten murih menapa-menapa, kajawi murih saenipun Kepuh Agal, Ki Pawana inggih Adhi Bebau Jangglengan mila inggih kados ingkang dipun aturaken Ki Grojoganngubal kala wau. Awit saking menika kula ndherek anyengkuyung kalihan atur sarta panyuwunanipun Adhi Pahang kala wau”.

        “Matur nuwun Ki Sambi” Bapa paring wangsulan “sabanjure kepriye sedulur liyane?”

        “Makaten ugi kula Ki Lurah” Ki Bebau Sidadadi matur “miturut pamawas kula mila leres ingkang dipun aturaken Adhi Pahang menapa dene Kakang Sambi kala wau, kula ndherek nyuwun mugi panyuwunanipun Adhi Pahang saged kaparengaken”.

        “Iya, iya sedulurku kabeh” Bapa lajeng ngendika “satemene upama Ki Pahang ora kandha, aku ya wis ngerti mungguh kapribaden uga anggone nindakne kuwajiban Ki Pawana marang para kawula ing Jangglengan, pancen ya kaya sing padha ndika kandhakne mau. Kang mangkono iku pancen ya aran lumrah, jalaran upama ora ana Ki Pawit, wong tuwane Ki Pawana sing wiwit pisanan anyengkuyung kanthi ngudhokne jiwa lan ragane kanggo nyengkuyung lekas mbabad alas yasa desa Kepuh Agal, aku ora ngerti embuh bisa maujud desa sing kaya ngene iki apa ora”.

        Bapa lajeng ngendika dhateng Ki Pawana :

        “Ki Jangglengan, ndika wis krungu sing dadi panemune sedulur-sedulur Bebau sing padha kepengin ndika dadi suhe para Bebau kabeh, mligine sasuwene Kepuh Agal tak tinggal nganti sawantara wektu mengko, saiki ndika kepriye?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pawana lajeng matur “menawi menika sampun dados kersanipun Ki Lurah saha para kadang Bebau sanesipun, kula namung saged ngaturaken sendika lan nyuwun pangestu mugi kula saged nindakaken jejibahan menika kanthi saleres-leresipun. Nanging mugi kauningan Ki Lurah, kula boten saged mlampah piyambak, saged kula manawi para Kadang Bebau sanesipun ugi para Sapukawat lan para sesepuh kersa anyengkuyung kula, mliginipin sami kersa ngemutaken menawi kula lepat ing tumindak ing salebeting nindakaken jejibahan menika”.

 

 

Ana candhake.

       

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...