107.
Bapa
ketingal rena penggalihipun midhanget atur wangsulan saking Ki Bebau
Jangglengan ingkang makaten menika. Awit atur wangsulan kasebat nedahaken bilih
Ki Pawana boten kalebet tiyang ingkang namung dhemen anggugu karsa priyangga.
Sami kalihan wewatakaning Bapa sadangunipun dados Lurah ing Kepuh Agal, boten nate
boten mundhut tetimbangan saking para Bebau, Sapukawat tuwin para sesepuh saderengipun
mutusaken satunggaling prakawis ingkang magepokan kalihan kabetahanipun tiyang
kathah.
“Yen
pancen mangkono” Bapa lajeng ngendika kanthi suwanten ingkang cetha lan ngemu
perbawa “Dina iki aku, Sarkara Lurah ing Kepuh Agal, ambiwarakake marang kabeh
para Sedulur Bebau, Sapukawat lan para sesepuh kabeh, supaya digethok tularake
marang kabeh kawula ing Kepuh Agal, Ki Pawana tak piji supaya nindakane kabeh
jejibahane Lurah Kepuh Agal sasuwene tak tinggal lunga nindakne kuwajiban sing
winadi. Lan samangsa-mangsa aku wis bali ing tengahing ndika kabeh, ora ateges
jejibahan sing tak pasrahake Ki Pawana iki wis rampung, nanging panggah isih
kanggo, mung bedane kabeh anggone ngecakne jejibahan iki kudu kanthi ana
palilah saka aku luwih dhisik”.
“Dados
ngantos benjang salajengipun Ki Pawana panggah dados pangarsaning Para Bebau,
Ki Lurah?” Ki Lurah Danara nyuwun pirsa dhateng Bapa.
“Tak
kira wis cetha apa sing tak kandhakne iki mau Ki Bau Sidamulya” dhawuh
wangsulanipun Bapa “ora prelu katrangan maneh”.
“Lajeng
kalenggahanipun Gus Pradapa kados pundi Ki Lurah?” Ki Lurah Danara nyuwun pirsa
malih.
“Satemene
kalungguhane Pradapa kuwi durung ana owah-owahan, isih kaya padatan sing wis
lumaku sasuwene iki Ki Bau Sidamulya” Bapa paring wangsulan kanthi sareh “murih
luwih cethane, kareben Pradapa dhewe sing nyethakne marang ndika lan kabeh kang
ana kene Ki Danara”.
Bapa
lajeng paring sasmita dhateng kula murih kula suka wangsulan dhateng Ki Lurah
Danara magepokan kalihan kalenggahan kula.
“Inggih
Bapa” kula lajeng wiwit wicanten kalihan nginger linggih kula, menawi wau
madhep dhateng Bapa samangke gentos kula madhep dhateng sadaya ingkang sami
wonten ing pendhapa “Nuwun sewu para sesepuh, para sapukawat saha para Bebau
ing Kepuh Agal sedaya, estunipun paugeraning Dhusun Kepuh Agal sampun
nyebataken bilih tiyang diwasa ingkang boten kapiji dados, bebau, Sapukawat
utawi Sesepuhipun Dhusun Kepuh Agal, inggih winastan warga utawi kawula. Lha kula
sadangunipun menika, dereng nate kapiji dados ingkang kula aturaken ing
ngajeng, dados jejer kula ing Kepuh Agal menika inggih sami kalihan
kawula-kawula sanesipun, kedah nurut sedaya dhawuhipun Dhusun ingkang
kaparentahaken dening para pamonging Dhusun, lan wenang atur pemut menawi
wonten paraganing dhusun ingkang sakintenipun nerak paugeraning dhusun……….”
“Nuwun
sewu, kajeng kula menika makaten lho
Gus” Ki Danara nyelani rembag
“sambetipun jejibahan lan kawenangan ingkang sumampir ing Ki Pawana kalihan Gus
Dapa minangka putra kakung saking Ki Lurah inggih bebakalaning Lurah ing
tembenipun menawi Ki Lurah sampun lengser saking palenggahanipun”.
“Sampun
cetha ta Ki Lurah Danara” kula lajeng suka wangsulan “wewenang saha kuwajiban
kula wekdal menika sami kalihan kawula sanesipun, Ki Pawana tartamtu nggadhuh
wewenang amurba lan amasesa kula kanthi wewaton paugeraning Dhusun Kepuh Agal,
wenang paring ganjaran menawi kula gadhah lelabetan ingkang saged damel
kaluhuranipun Kepuh Agal lan wenang paring pidana menawi kula nerak pepacuhing
Dhusun. Dene menawi ndika paring dhawuh kula menika bebakalaning Lurah, menika
mila boten lepat, nanging naminipun bebakalan menika saged dados nanging ugi
saged kemawon wurung utawi boten dados, awit lampah kula murih dados Lurah
menika taksih tebih saha dangu. Liripun, menawi kula kepengin dados Lurah, sarat
kapisan kula kedah katilar seda dening Bapa langkung rumiyin, kamangka kula
ingkang nembe katilar seda Biyung kemawon sedhihipun kados makaten, mendah
sansaya sedhihipun manah kula menika, menawi ugi tinilar seda Bapa. Mila kula
kepengin Bapa sageda panjang yuswa boten badhe seda saderengipun kula sepuh.
Sarat ingkang kaping kalih, paugeran Dhusun nyebataken menawi Lurah Kepuh Agal
seda, putra kakungipun ingkang sepuh piyambak saged anggentosi kalenggahanipun
kanthi sarat wonten panyengkuyung saking para Bebau, Sapukawat, Sesepuh tuwin
kawula sa Kepuh Agal sedaya. Salajengipun umuripun titah menika sampun kaserat
ing Jitabsaraning titah ingkang namung saged dipun pirsani dening Gusti, inggih
menawi gesang kula pinesthi panjang temah saged nyumerepi sedanipun Bapa,
menawi kula pejah langkung rumiyin harak cetha menawi kula boten badhe saged
dados Lurah kangge salami-laminipun ta ?”.
Sedaya
tiyang ingkang wonten ing pendhapa boten wonten ingkang kumecap suka wangsulan
dhateng wicanten kula. Malah Ki Lurah Danara ugi lajeng mendel boten wangsulan
malih. Kula piyambak boten mangertos, dumadakan kemawon kula saged angsal ukara
ingkang kados kula ucapaken kala wau, ingkang cetha sasampunipun ngucapaken
tembung-tembung menika manah kula kraos entheng kados tiyang nyunggi barang
awrat lajeng dipun selehaken dhateng siti.
Sareng
sadaya sampun boten wonten ingkang wicanten malih, kula lajeng nginger anggen
kula linggih, wangsul madhep dhateng Bapa. Sakeplasan kula sumerep, Bapa
ketingal kekembeng waspa. Kula boten mangertos ingkang dados sabab dene Bapa
ngantos kekembeng waspa ingkang nedahaken trenyuhing penggalihipun.
“Makaten
Bapa, ingkang saged kula aturaken, samangke kula suwun kaparenga Bapa tumuli
paring dhawuh dhateng Ki Cariking Dhusun Kepuh Agal murih ngasta Serat
Kekancingan magepokan kalihan wewahan jejibahan dhateng Ki Pawana inggih Ki
Bebau ing Jangglengan” wekasan kanthi alon nanging cetha kula matur dhateng
Bapa.
“Iya
Pradapa” Bapa ngendika dhateng kula “meh wae luhku tumetes jalaran rumongsa
bombong rasaning atiku, dene jebul wewatakaning Biyungmu wis manjilma marang
kowe, wewatakan dhemen marang sesama, tresna marang desane, ora mung mikirake
marang senenging ati kang tinuntun dening hawa napsu kepengin kuwasa lan
nguwasani sapepadhaning titah. Ya muga-muga wae nganti tekan kukuding uripmu
mbesuk, wewatakan kang mangkono iku ora luntur. Jalaran ya mung wewatakakan
kang mangkono iku sing bisa kacondhokan rasa mulya, iya ing donya kang katon
iki iya ing besuk lamun wis tekan ing delahan”.
“Pangestu
tuwin pandonga saking Bapa kemawon ingkang tansah kula suwun, mugi kula saged
lestari nglampapahi menapa ingkang Bapa dhawuhaken menika” wangsulan kula
kanthi raos remen salebeting manah.
“Ki
Carik Surata” Bapa lajeng nimbali Ki Carik ingkang wiwit wau lenggah amarikelu sinambi
anyerat lampahing pepanggihan siang menika, Ki Carik Surata menika mila wiwit
Bapa jumeneng Lurah sampun kapasrahan jejibahan minangka Cariking Dhusun Kepuh
Agal, anggenipun dumugi ing Kepuh Agal inggih wiwit sepisanan babad,
piyambakipun menika rayinipun Ki Pawit ingkang wuragil.
“Inggih
wonten dhawuh Ki Lurah?” wangsulanipun Ki Carik kalihan ndengengekaken
sirahipun.
“Dina
iki uga yasakna layang kekancingan kanggo Ki Pawana magepokan karo wuwuhan
jejibahan kaya kang dadi putusan ing rembugan awan iki, yen wis tumuli tak
tapak astanane”.
“Nuwun
inggih sendika, ngestokaken dhawuh”.
Pepanggihan
tumuli dipun pungkasi. Kathah ingkang rumaos marem lan remen, ketingal sareng
kalihan anggenipun bibaran praupanipun sami ketingal bingar, Boten sakedhik
saderengipun nilaraken pendhapa ingkang sami nyaketi Ki Pawana, sami nelakaken
raos panyengkuyungipun. Nanging ugi wonten ingkang ketingal kagol manahipun,
tanpa ngucap menapa-menapa sami wangsul makaten kemawon. Inggih menika Ki Lurah
Danara lan para sapukawat ingkang dados siswanipun Rama Kyai Daka.
Sasampunipun
sedaya sami wangsul, Ki Pawana taksih manggihi kula saprelu wicanten sakedhik
magepokan kalihan anggenipun badhe ngayahi tambahan jejibahanipun.
“Kula
ngaturaken panuwun dhumateng ndika Gus Pradapa” tembungipun Ki Pawana dhateng
kula “awit kapitadosan ndika dhumateng kula temah kula pinitados dening Ki
Lurah angesuhi para kadang Bebau ing Kepuh Agal menika. Nanging Gus Pradapa
kula suwun inggih kersa tanggel jawab kalihan kapitadosan ingkang kaparingaken
kula menika, liripun sampun ngantos ndika negakaken kula. nDika kedah tansah
angulat-ulati anggen kula ngayahi wewahan jejibahan menika, sampun ngantos wonten
kedadosan nembe pupuran sasampunipun benjud. Sampun ngantos kula kebacut
tumindak lepat nembe ndika paring dhawuh nglepataken, nanging kula suwun wonten
rilaning penggalihipun Gus Dapa, menawi sawanci-wanci kula sowan mriki nyuwun
tetimbangan tuwin pitutur murih kula boten kesasar margi salebeting ngayahi
jejibahan”.
“Jumbuh
kalihan kuwajiban kula minangka kawula ing Kepuh Agal menika, sawanci-wanci
kabetahaken dening Dhusun kula kanthi rila lan legawa ngaturaken tenaga lan
nalar kula ing ngarsa ndika Kakang Pawana” wangsulan kula kalih mesem,
ndadosaken Ki Bebau Jangglengan ketingal lega manahipun. Ki Pawana ugi lajeng pamitan badhe wangsul
dhateng griyanipun, nanging saderengipun wangsul langkung rumiyin ngabekti
dhateng Bapa nyuwun tambahing pangestu saha pandonga, mugi ing tembenipun
anggenipun ngayahi jejibahan saged lumampah kathi sae lan boten damel lingsem
saha cuwaning penggalihipun Bapa.
Sasampunipun
ing pendhapa boten wonten tiyang malih kajawi kula kalihan Bapa, Bapa lajeng
paring dhawuh dhumateng kula.
“Sadurunge
aku budhal nindakake kuwajiban sing mung bisa tak lakoni dhewe lan ora
dingerteni sapa wae iki, kowe kudu ngerti, aku banget mongkog lan bombong merga
duwe anak kowe Pradapa” ngendikanipun Bapa kalihan mirsani kula, sunaring
netranipun Bapa nedahaken kebak raos welas asih dhumateng kula, welas asihing
sudarma dhateng suta “kanthi wangsulanmu marang Danara mau, aku duwe kapitayan
mbesuk kowe bakal kaparingan drajat kang luhur dening Gusti Kang Maha Agung,
sanadyan ujaring sasmita sing ditampa sawargi Biyungmu sadurunge sowan marang
ngayunaning Pangeran ngabarake kowe mbesuk embuh bisa embuh ora nggenteni
kalungguhanku dadi Lurah ing Kepuh Agal kene, Nanging aku luwih percaya bakal
lungguh dadi apa wae, yen watak kaya kang kagambar ing sajroning ukaramu aweh
wangsulan marang Danara mau panggah mbok ugemi, mangka kowe bakal antuk drajat
sing luhur”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar