108.
Kula
namung mendel kemawon, kalihan nyobi mangertosi dhawuhipun Bapa ingkang makaten
menika mawi manah ingkang suci linambaran raos pitados bilih sedaya dhawuhipun
Bapa menika sae tumrap kula. Bares kemawon kula ngrumaosi bilih kula nate
langkung pitados dhateng wicantenipun tiyang sanes, inggih menika dhateng Rama
Kyai Daka, Lurah Danara miwah Raden Gunendra. Nanging sareng kula raosaken
kanthi weninging manah, pranyata mila menapa ingkang kadhawuhaken Bapa dhateng
kula sedaya leres. Kula ugi emut kalihan welingipun Biyung bilih ing jagad
ingkang gimelar menika boten wonten ingkang katresnan lan katulusanipun
nglangkungi katresnanipun Bapa lan Biyung. Malah kula sampun sumerep piyambak,
kados pundi lekasipun Raden Gunendra ingkang nalika kacuwan manahipun , sampun
tega badhe mrawasa kula, tujunipun nalika samanten Bapa langkung prayitna lan
kober angayomi kula.
“Merga
satemene Pradapa” Bapa paring dhawuh malih “sing diarani drajat kang luhur
kuwi, ora manggon ana dhuwuring pangkat utawa kalungguhan, uga ora mapan merga
akehing brana picis lan kasugihan. Mula saklebatan, akeh wong sing padha
ngajeni marang wong sing pangkate dhuwur utawa wong sing bandhane akeh, utawa
wong sing nduweni kasekten lan kadigdayan. Nanging satemene wong ngajeni sabab
kang kasebut, iku kena diarani pangaji semu, lamun kang kasebutake kuwi mau
mbalik, lire sing maune duwe pangkat dhuwur dumadakan ilang pangkate, sing
sugih bandha banjur dadi kere lan sing sekti sarta digdaya dadi lumpuh
kekuwatane, mangka wong sing maune padha ngaji-aji banjur padha ngadoh, malah
ora arang sing banjur api-api ora tepung sadurunge”.
“Inggih
Bapa” kula nyela rembag “mugi Bapa kepareng paring pangertosan dhumateng kula
ingkang wujudipun pangaji ingkang boten semu”.
“Wong
sing mbudidaya supaya diajeni dening liyan, utawa wong sing seneng ngarep-arep
pangalembana saka wong liya, kuwi cetha nek dudu wong sing aji uga kena diarani
wong sing asor drajate” Bapa paring piwucal malih “jalaran ajining manungsa
kuwi dumunung ana ing laku lan tumindake. Yen pakarti, laku lan tumindake
becik, ora sah ndadak ngarep-arep wong-wong sing ngrasakne wohing laku lan
tumindake wong mau bakal ngajeni dhewe, tur maneh olehe ngajeni iya tulus teka
dhasaring ati, ora geleme ngajeni nek wong mau pamrih marang sing diajeni. Mula
eling-elingen uran-uran kang sinawung ing dhandhanggula kaya iki : Utamane
wong tinitah urip, den bisaa angenaki manah, marang sapadha-padhane, pepadhaning
tumuwuh, angakehna penggawe becik, luwes manising basa, basukining tembung,
bungaha kang amiyarsa, gegulangen ing siyang pantara ratri, ciptanen ing
wardaya”.
“Inggih
Bapa” wangsulan kula “sansaya padhang raosing manah kula, kados padhanging
jagad sasampunipun wanci saput lemah, kedadak kasusul jumudhuling surya ing
wanci enjing. Sadaya piwucalipun Bapa badhe kula emut-emut dadosa paugeraning
gesang kula”.
“Saiki
aku arep kandha” Bapa ngendika malih “babagan nggonku arep ngayahi jejibahan
sing mung bisa tak lakoni dhewe iki”.
“Inggih
Bapa” kula nyuwun pirsa “manawi boten adamel bebayaning jagad Kepuh Agal, kula
kepengin mangertos Bapa badhe ngayahi jejibahan menapa”.
“Aku
arep budhal menyang Kutha Gedhe Mataram” Bapa paring wangsulan “sowan marang
Gusti Patih Mandaraka, jalaran jaman Gusti Tumenggung Raden Tesengkusuma rawuh
menyang Kepuh Agal biyen, sawuse panjenengane pirsa kowe kuwi anakku, Raden
Tesengkusuma banjur ngendika blaka yen uga ana dhawuh saka Gusti Patih, anakku
ya anake Lurah Kepuh Agal sing nduweni tandha-tandha tinamtu ing ragane sing
mung bisa kapirsanan dening Gusti Patih lan Raden Tesengkusuma, kakersakake
dening Gusti Patih bakal digulawenthah dadia satriya ing Kutha Gedhe Mataram.
Mula Gusti Tumenggung banjur dhawuh marang aku, yen anggonku aweh wulangan
marang kowe wis cukup, supaya aku sowan menyang Mataram, marak ing ngarsane
Gusti Patih lumantar Gusti Tumenggung Tesengkusuma, nyuwun dhawuh apa kang kudu
tak tindakne magepokan karo kahananmu wektu iki. Dhawuh iki banget winadi mung
Gusti Tumenggung Teseng Kusuma lan aku sing ngaweruhi lan ora kena keprungu
dening sapa wae. Mula sajrone tak tinggal menyang Mataram iki, kowe sing
ngati-ati lan gedhekna nggonmu prihatin, tambahana nggonmu nyaket marang Allah,
raketana nggonmu srawung karo Ki Pawana lan rada sudanen nggonmu cedhak karo
Danara apa dene Daka”.
“Sedaya
dhawuhipun Bapa badhe kula tindakaken kanthi sasae-saenipun” wangsulan kula,
kalihan raos trenyuh sinurung atur panuwun dhateng Bapa, ingkang badhe tindak
dhateng Mataram, inggih awit kasurung rasa tresnanipun dhateng kula “mugi-mugi
Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring pangayoman dhateng Bapa, temah saged
manggih rahayu wiwit jengkar saking Kepuh Agal ngantos kundur malih dhateng
Kepuh Agal”.
Bapa
lajeng jumeneng, tindak mlebet dhateng dalem wingking, badhe tata-tata
anggenipun badhe tindakan radi tebih benjing enjing.
Enjingipun
ing wanci saput siti, kanthi nitih Si Gombak, kapal titihanipun Bapa, Bapa
jengkar saking dalem Kalurahan. Katilar Bapa tindakan ingkang dereng cetha
kapan kunduripun, raosing manah kula boten kanten-kantenan, susah, sedhih,
keranta-ranta worsuh dados setunggal. Langkung-langkung sareng kula kemutan
bilih ing griyanipun Bapa menika sampun boten wonten malih ingkang saged kula
waduli menawi manah kula nuju boten sekeca. Raosing manah kula sampun kados
lare ingkang lola, Bapa tindakan tebih ingkang dereng kantenan benjang menapa
kunduripun, Biyung sampun seda. Ngantos radi dangu kula namung linggih kalihan
ngumbar gagasan ingkang boten cetha menapa ingkang kula gagas.
Kula
lajeng emut, menawi tindakipun Bapa menika magepokan kalihan gesang kula ing
tembe ngajeng. Menawi estu kula kakersakaken nyuwita ing Dalem Kepatihan, badhe
kawucal dados caloning satriya, kula kedah mranata dhiri murih benjing sampun
ngantos kesangeten anggenipun kidhung. Kula lajeng mlebet gothakan papan kangge
nyinggahaken layang-layang kagunganipun Bapa, inggih layang-layang kina ingkang
ngewrat maneka warni piwucalipun para kina. Kanthi mangsuli maos piwucal
ingkang kamot ing serat-serat menika, ndadosaken manah ayem malih. Kaleresan
serat ingkang kula waos serat ingkang isinipun piwucal tata caranipun srawung
kalihan sesamining titahipun Gusti, srawung kalihan sesamining manungsa,
kalihan kewan lan kalihan tetuwuhan ingkang wonten sakanan keringing manungsa.
Pranyata kathah cak-cakan gesang ingkang kula lampahi sadangunipun menika betah
dipun dandosi murih saenipun. Sampun kathah lan kulina kula tumindak degsiya
dhateng kewan lan tetuwuhan, ingkang miturut serat tinggaling para kina menika
menawi boten tumuli dipun tobati saged ndugekaken bilahi. Jalaran sedaya
titahing Gusti menika menawi dipun pisakit, dipun aniaya lan dipun kuya-kuya ingkang
nglangkungi watesing kalimrahan sanyata ageng walatipun. Sanaosa manungsa
menika kawenangaken nedha kewan lan tetuwuhan nanging wewenang ingkang
kaparingaken dhateng titah ingkang nami manungsa menika, anggenipun ngecakaken
boten kenging sawenang-wenang. Lan taksih kathah malih piwucal-piwucal sanes
ingkang sadangunipun menika kula anggep sepele nanging jebul sanget ambebayani
dhateng kaslametaning manungsa.
“Nyuwun
pangapunten Gus” nuju sengsem-sengsemipun kula mbikaki serat kina, dumadakan
Paman Genter nusul mlebet dhateng salebeting Gothakan kalihan wicanten “kula
wau sampun dheg-dhegan, kula padosi dhateng pundi-pundi Gus Dapa boten wonten,
jebul malah nembe sinau wonten mriki”.
“Lha
aku wiwit mau neng kene lho Paman” wangsulan kula kalih mesem “kok ndadak
nganggo dheg-dhegan barang ki apa aku isih kaya bocah cilik, kuwatir nek olehe
dolan kadohan bajur lali dalane mulih ta Paman?”.
“Boten
ngaten Gus” Paman Genter ketingalan radi kacipuhan “kula kalih mBok Jayem niku
rak diparingi dhawuh dening Ki Lurah, kala dalu Ki Lurah meling dhateng kula
kalih mBok Jayem, sadangunipun Ki Lurah tindak, kajawi kadhawuhan rumeksa dalem
sapekaranganipun menika ugi kadhawuhan ngulat-ulati Gus Dapa, kalebet
kadhawuhan atur pemut menawi wancinipun dhahar Gus Dapa dereng dhahar. Niki wau
mBok Jayem criyos menawi, Gus Dapa wiwit enjing boten ketingal, ugo dereng
dhahar sarapan malah wedang jahe ingkang dipun cawisaken dening mBok Jayem
wiwit enjing inggih dereng ndika unjuk. mBok Jayem lajeng ngatag kula murih
madosi Gus Dapa”.
“O
ngono?” kula mesem wiyar semu gumujeng alus “saiki wae tak sarapan karo ngombe
wedange pisan, lha Paman Genter apa ya wis sarapan? Nek durung, saiki ayo
sarapan bareng karo aku pisan”.
“Nyuwun
pangapunten Gus” Paman Genter ketingal sedhih polatanipun “sedaya kanca rewang
dalem kalurahan sami, sami anggenipun dereng kolu klebetan tetedhan. Dados
inggih sami kalihan Ki Lurah lan Gus Dapa ingkang wiwit kala wingi inggih
dereng dhahar ta?”.
“Bener
Paman, dina wingi aku karo Bapa padha dene anggone ora kober mangan” wangsulan
kula kalihan mesem, nanging salebeting manah kepengin nangis awit rumaos
trenyuh ngantos samanten raos sih katresnanipun para rewang dhateng Biyung “lan
ya goroh sing nganggo banget nek aku apa dene Bapa ora rumangsa sedhih ditinggal
seda Biyung wingi kuwi. Lan pancen sapa wae ora luput yen banjur rumangsa
sedhih merga ditinggal kanggo selawase dening wong sing ditresnani, diasihi lan
dibekteni. Sing luput kuwi yen nganti awake dhewe kebacut nggone nelakake rasa
sedhihe, lire nganti gawe kapitunane awake dhewe, kang mangkono mau padha karo
wani karo sing nata jagad lan sing gawe urip. Wong urip kuwi mesthi bakal nemoni
pati, nek wegah mati ya aja gelem diparingi urip. Saiki aku putrane Biyung
ngajak ndika Paman Genter lan kabeh rewang ing dalem kalurahan iki supaya
mbenerne cara ngabekti marang Biyung, sing diarani bekti kuwi ora karo sedhih
sing kebacut nganti ora doyan mangan, nanging sing diarani bekti kuwi nindakne
apa kang dadi piwulange Biyung sadurunge Biyung seda. Saiki tulung Paman Genter
parentahna marang kabeh para rewang supaya mlumpuk, gelarna klasa neng jogan omah
pawon. Aku kepengin sarapan bareng karo kabeh sing dadi rewang ana dalem
kalurahan iki, saiki!”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar