Total Tayangan Halaman

Selasa, 12 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (109)

109.

        Sinambi nedha sesarengan kula lan para rewang sami saur manuk ngrembag kawontenan ing dalem kalurahan sasampunipun Biyung sinarekaken ing kuburan. mBok Jayem cariyos menawi wiwit kala wingi sampun yasa sesajen kapapanaken ing senthongipun sawargi Biyung. Awit mBok Jayem nginten menawi Bapa tuwin kula supe paring dhawuh dhumateng piyambakipun murih nyawisaken sesajen kados padatan menawi wonten kulawarga ingkang pejah, inggih labet saking susahipun.

        “Inggih nyuwun pangapunten Gus, kula boten matur Ki Lurah utawi Gus Dapa langkung rumiyin” wicantenipun mBok Jayem kalihan nedha “awit kula dipun tuturi jenatipun Simbok, alusipun tiyang ingkang boten wonten menika, salebeting sekawan dasa dinten taksih klipengan ing sakanan keringing griyanipun. Lha kangge dhaharipun alusing Nyai Lurah lajeng kula damelaken sesaji kala wau”.

        “Aku banget nedha nrima marang ndika mBok Jayem” wangsulan kula “sanadyan kapitayan kang rinasuk Bapa beda klawan kapitayan ndika, kapitayane Bapa sing uga banjur tak gugu, aluse wong sing wis tinimbalan Gusti kuwi wis ngalih ing alam liyam ora klipengan ing alam kang gumelar iki,  ya ing alam kang beda iku wong sing wis ora ana mlaku tumuju marang ngayunaning Gusti, lha sangune kabeh wujud lelabuhan kang ditindakne jaman isih manggon ing jagad padhang iki, yen gedhe lelabuhane marang sanak kadang lan pepadhaning titah, mangka ing kana ya sarwa kacukupan, kosok baline yen jaman uripe akeh tumindak sing gawe kapitunan lan kasangsarane liyan lan sapepadhaning urip, mangka dalan kang ditempuh kajaba rumpil ya peteng dhet-dhet, temah ing kana lakune dadi rekasa, bisa-bisa anjog ing papane para lelembut sing banget nggegirisi kahanane. Kajaba saka kuwi, kulawarga lan sanak kadange pancen kaparengake malah kepara kaprentahake  ndedonga lan nyenyuwun marang Allah, supaya sing wis seda bis kaparingan jembar kubure, padhang dalane, lepas parane tumuli katarima sowan ing nganyunaning Gusti lan kaparingan papan anyar sing luwih becik tinimbang papan sing tau dipanggoni nalika jaman uripe. Kuwi kapitayane Bapa, sing mbok menawa beda karo kapitayan liyane. Kang mangkono kuwi lumrah wae, ora perlu dadi udur rebut bener. Jalaran kajaba ora ana gunane, uga bisa ndadekne ora becik, ngrenggangake anggone sarawungan wong siji lan sijine, Kaya kang wis kedadeyan ing dina iki, aku lan ndika kabeh kuwi duwe rasa kang padha marang sawargi Biyung, lan kanggo mujudake rasa tresna lan bekti marang Biyung cara sing ndika tempuh beda karo laku sing tak tindakne. Dadi nek ndika kabeh padha nggugu marang dhawuhe Bapa, aja dhemen meksa liyan supaya nggilut kapitayan sing dirasuk, merga jenenge kapitayan kuwi ora bisa dipeksa. Tinimbang kanggo udur, padudon, tukaran sing sabab saka bedaning kapitayan, luwih becik, padha ditumemen nggone nindakne piwulanging kapitayane dhewe-dhewe kanthi sabecik-becike”.

        “Lha menawi kados kula niki lajeng pripun Gus?” Paman Genter nyelani rembag pitaken dhateng kula.

        “Ana apa karo ndika Paman Genter?” pitakenipun Paman Genter kula wangsulaken.

        “Wiwit jaman rumiyin, tiyang sepuh kula, kula lan lan sedherek-sedherek kula sami manut kapitayan ingkang dipun rasuk Ki Pawit, ingkang naminipun Agami Islam, agaminipun Gusti Kanjeng Nabi ingkang jumeneng Rasulullah. Nanging nggih niku, sareng sansaya ageng kula lan sedherek-sedherek kula lajeng kekathahen padamelan kangge nyekapi kabetahaning gesang, ngantos kula lirwa ing wajib, temah supe sedaya dhateng ingkang naminipun sembahyang, siam, ngaji lan sapiturutipun. Dados wekdal sak niki niku, kula niki sampun lali cara lan japane wulu lan sembahyang, japane siam, aksarane Kitab Koran. Lajeng kula niki klebet ngrasuk kapitayan menapa Gus?”.

        “Sing lagi dirembug iki mau babagan kapitayan Paman” wangsulan kula kalihan mesem, jalaran estunipun manah kula ugi asring nyuwanten kados ingkang dipun ucapaken dening Paman Genter menika “kapitayan kuwi manggone ana ing telenging ati, ana ing batin, ana ing jiwa. Lha sing ndika takokne kuwi mau, kabeh manggone ana ing lahir, ana ing kanyatan, sing nindakne raga. Nek tak jlentrehne nganti sedina sewengi ora bakal ana pedhote”.

        “Nanging sakedhik-sakedhik kula suwun Gus Dapa kersa paring wangsulan dhateng pitaken kula niki wau Gus” Paman Genter dereng marem kalihan wangsulan kula.

        “Ngene ya Paman” wekasan kalihan mesem radi wiyar kula suka wangsulan “tenane ngono antarane Paman karo aku kuwi ora pati akeh bedane, Paman Genter lan sing ana kene iki mesthine ya wis padha ngerteni aku saben dinane. Aku iki ora kaya Bapa lan uga ora kaya Biyung sing tuwajuh nggone nindakne panembah marang Allah. Lha nek aku, wiwitane ya dhang thek, sok gelem nindakne sembahyang sok aras-arasen, suwe-suwe ya banjur blas ora tau nindakne sembahyang babar pisan, ora beda karo Paman Genter. Lha ngenani kapitayan sing ditakokne Paman Genter mau, jlentrehe mangkene : Bapa tau paring weruh marang aku, yen agama Islam kuwi agama sing sipate lahir batin, lakune panembah mendhuwur lan mubeng. Sipat batin rupane kapitayan, sing manggone ana ing ati utawa ing batin, dene sing rupa lahir wujude tumindak becik sing linandhesan rasa percaya marang kapitayan mau, tumindak becik mendhuwur tegese kaunjukne marang Gusti diarani laku sarengat, dene tumindak becik sing mubeng tegese karyanak tyasing sasama, memayu hayuning bawana. Katelune kuwi ora kena dipisah-pisahake. Yen kongsi pisah teges rusak agamane. Mula ora luput yen ana sing ngarani agama Islam kuwi ora mung wujud salat-sembahyang wae, malah salat-sembahyang kuwi kena diarani perangan sethithik saka laku sarengat. Cekake ngene, wong ngaku iman marang piwucale Kanjeng Nabi bakal nguwohne gelem nindakne laku sarengat lan saka laku sarengat bakal nguwohake bebuden sing becik marang sapepadhane titah. Mula nadyan ngakune wis iman lan gelem nindakne laku sarengat sarana salat sembahyang nanging yen budine isih candhala dhemen gawe kapitunaning liyan, seneng gawe lara atine sapepadhaning titah, duwe ambeg gumendhung lan kumalungkung lan sapiturute, kuwi nyata nek isih wong lamis. Islame mung lelamisan, imane mung lelemeran. Lha awake dhewe iki, sabisa-bisa kudu mbudidaya murih bisa dadi pandhereke Agamane Gusti Rasul kang satuhu. Yen saiki isih lali, kaya aku lan ndika wektu iki, ayo tumuli padha eling maneh”.

        “Inggih Gus Matur nuwun” Paman Genter wangsulan kalihan manthuk-manthuk.

        Boten kraos sinambi rerembagan, anggenipun nedha sampun rampung. Kula lajeng wangsul malih dhateng Gothakan badhe nglajengaken anggen kula nyinaoni wewarah kina ingkang kaserat ing serat ingkang dipun singgahaken dhateng mriku. Boten supe kula ugi meling dhateng Paman Genter lan para rewang, murih menawi wonten menapa-menapa supados cariyos dhateng kula.

        Sansaya kathah anggen kula njingglengi piwucal kuna, sansaya kraos menawi kula menika sakalangkung bodho lan nistha. Langkung-langkung nalika kula nyemak lelampahanipun Bapa Adam lan Ibu Kawa jaman wiwitaning manungsa, inggih menika ing bab wewadining wit lan woh kuldi ingkang awit pambujuking Iblis, lajeng kadhahar dening Ibu Kawa temah ndadosaken papa cintrakanipun. Sansaya cetha menawi kula menika tuhu-tuhu bodho lan nistha, jalaran jebul kula boten kraos taksih asring nedha wujuding woh kuldi, ingkang wujud lan naminipun saged dados manekawarni.  Bodho jalaran sadangunipun menika kula sampun asring lumuh nindakaken prakawis-prakawis ingkang kula anggep sepele, pranyata prakawis menika sanget ageng pedah lan ginanipun tumrap kula lan ageng ganjaranipun saking Gusti Ingkang Maha Mirah menawi prakawis menika dipun lampahi kanthi leres, sinartan lekas kangge nyaket dhumateng Gusti. Nistha, jalaran kula ugi asring nindakaken prakawis ingkang rumaos kula remeh lan boten badhe nguwohaken awon, jebul menika prakawis ingkang saged damel bebenduning Gusti menawi dipun lampahi, jalaran sampun mbebayani tumrap ingkang nglampahi lan tumrap titah sakanan keringipun, ugi saged nuwuhaken kapitunaning tiyang kathah malah kepara saged damel kasangsaraning putra wayah ing jaman ingkang badhe dumugi salajengipun.

        Inggih awit kasengsem dhateng piwucal-piwucal kuna ingkang pranyata tumrap kula langkung sae menika, kula lajeng nggadhahi lekas badhe maos sedaya serat ingkang wonten gothakan menika. Sokur bage menawi sampun saged kula waos sedaya saderengipun Bapa rawuh saking anggenipun marak dhateng Mataram. Dene menawi dereng inggih badhe kula lajengaken manawi Bapa sampun wonten dalem malih. Awit kula ngertos, kangge nyumerepi wosing piwucal setunggal ukara terkadang mbetahaken wongsal-wangsul anggenipun maos, sinambi ngangen-angen menggah suraosing ukara. Kula ugi nggadhahi niyat, sedaya pangertosan ingkang sampun kula sumerepi menika benjingipun badhe kula suwunaken pirsa dhateng Bapa, leres lan lepatipun anggen kula nyuraos ungelipun piwucal.

        “Nyuwun pangapunten Gus” boten kula mangertosi duginipun, Paman Genter sampun ngadeg ing caket kula kalihan wicanten.

        “Iya Paman, ana apa?” kula pitaken dhateng Paman Genter.

        “Atur uninga, ing jawi wonten tamu ingkang badhe kepanggih kalihan Gus Dapa” Paman Genter suka wangsulan.

        “Tamu? Sapa?” kula pitaken malih.

        “Ki Pahang, Bebau ing Grojoganngubal kalihan Ki Pawana Bebau ing Jangglengan”

        “Ki Bau Jangglengan karo Ki Bau Grojoganngubal?” kula radi nratab, nginten menawi duginipun Bebau kalih dhateng Kalurahan menika tamtu awit badhe ngajak rembagan prakawis ingkang tuwuh sasampunipun Ki Pawana katetepaken minangka sesulihing Bapa ngesuhi para Bebau sanesipun ing Kepuh Agal menika.

        “Inggih Gus, samangke sampun kula aturi lenggah ing pendhapa”

        “Iya Paman, nedha nrima” wangsulan kula kalih ngadeg lajeng mangsulaken lontar-lontar ing papanipun sakawit “tak temonane Bebau loro kuwi, saiki”.

        Sareng kalihan medalipun Paman Genter saking Gothakan, kula ugi lajeng mlampah dhateng Pendhapa. Badhe manggihi Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal menika.

 

 

Ana candhake.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...